The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Busana Adat Jawa identik Kaliyan batik, kebaya, kemben kagem wanita, sarta jubah cemeng kanti bahan bludru. Batik diakui salah satunggaling identitas utama kabudayan Indonesia

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by timitskada, 2022-10-17 01:48:32

Busana Adat Jawa

Busana Adat Jawa identik Kaliyan batik, kebaya, kemben kagem wanita, sarta jubah cemeng kanti bahan bludru. Batik diakui salah satunggaling identitas utama kabudayan Indonesia

Keywords: Busana_Jawa

Teks Deskripsi
Busana Adat Jawa

Dening : Adeng Fatah Bintoro, S.Pd,. M.Pd

Kompetensi Dasar

3.3. MEMAHAMI ISI TEKS DESKRIPSI TENTANG PAKAIAN ADAT JAWA
4.3. MENANGGAPI ISI DAN MENCERITAKAN KEMBALI TEKS DESKRIPSI
TENTANG PAKAIAN ADAT JAWA

Tujuan Pembelajaran

Melalui kegiatan pembelajaran berbasis Discovery Learning, peserta didik dapat
memahami Teks Deskripsi Busana Adat dengan :
1.Menjabarkan ragam teks deskriptif
2.Menguraikan rincian penulisan
3.Menggali nilai-nilai filosofi yang terkandung
4. Mengungkapkan relevansi dalam pakaian adat di masa kini dengan tepat dan
penuh percaya diri.

Pengertene

Teks Deskripsi

• Deskripsi asale saka tembung Description (Bahasa Inggris) sing
maknane nggambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yaiku /
obyek kanthi jelas marang pamaca

• Deskripsi Yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-
tembung sawijining barang, papan pangonan, swasana, lan
kadadean.

CIRI-CIRI / TITIKANE TEKS DESKRIPSI

1. Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana
2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra
3. Nduweni ancas (tujuan) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna
apa sing dideskripsikake dening panulis
4. menehi panjelasan ngenani sawijing obyek kang dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran
sipat lan sanes sanese.

JINIS-JINIS TEKS DESKRIPSI

1. Deskripsi Subjektif
Yaiku jinis teks deskripsi kang ngandharake opini, kesan, utawa pamawase panulis dewe
2. Deskripsi Spatial
yaiku obyek kang digambarake arupa wujud barang, panggonan, dhaerah lan saliyane kang
duweni wujud fisik
4. Deskripsi Objektif
yaiku deskripsi kang murni gegambaran saka obyek ora ana unsur pamawas utawa opini
saka panulise

Trap-trapane Nulis Deskripsi
Teks Deskripsi Busana Adat

1

5 GAWE UKARA OBYEK WATES

Ukara disusun Netapake Nemtokake
manut tata tulis obyek kang wates-wates apa
kang trep manut bakal katulis
saka cengkorongan kang arep
diandharake 2

Gawe reng-rengan utawa Obyek kang wis
cengkorongan banjur dipilih
dikembangake
diobservasi
CENGKORONGAN kanthi tuntas

4 OBSERVASI

3

PERANGANE BUSANA
JAWA

GAGRAK SURAKARTA

1. UDHENG
2. KLAMBI / RASUKAN
3. JARIK / DODOT
4. SETAGEN
5. SABUK
6. EPEK TIMANG LAN LEREP
7. SAMIR
8. DHUWUNG
9. CENELA UTAWI SELOP

UDHENG

Udheng basa ngokone yaiku iket, dene
basa kramane yaiku dhestar.

Wujude udheng iku lembaran kain.
Carane nganggo saben daerah yaiku
beda-beda. Udheng kang wes dadi
(instan) jenenge blangkon.

Filosofine yaiku : supaya uwong ndhuwe
pikiran kang kenceng ora gampang
goyah (dhuweni pendirian) uga udheng
nuduhake asal-usul dhaerahe kang
nganggo

Maneka warni udheng, saha blangkon
Surakarta saha blangkon ngayogjakarta

UDHENG Blangkon Surakarta Balngkon Yogyakarta
Carane nganggo diiketake manut Minangka Udheng kang instan Gaya Udheng instan kang digunakake ing tlatah
Ngayogyakarta, ing burine ana mondolane
gaya utawa daerahe Surakarta / Mangkunegaran kang
ora nganggo mondholan

KLAMBI / RASUKAN

Klambi utawa rasukan tegese busana,
dene kramane yaiku rasukan.

Busanane wong kakung Jawa mligine
ana 2, yaiku

1. Beskap : Yaiku jas kang gulone nutup
lan kancinge ana ing tengah

2. Atellah : Jas kang tutupe saka gulon
nganti mengisor

1 2

JINIS KLAMBI LIYANE

SURJAN

Surjan yaiku busana adat jawa kang
mligine saka tlatah Ngayogyakarta kang
lumrahe digawe kaya dene model Jas
(beskap) ananging motif kang dianggo
lurik utawa Kembangan (ontrokusuma)

JARIK/ SINJANG/ NYAMPING

Jarik utawa Kramane Nyamping
yaiku : kain bathik kanggo ageman
ngandhap/ ngisor. Uga ing jaman
saiki kondhang diarani kain bathik.

Jinis-jinis bathik nuduhake strata .
Kelas sosial ing masyarakat. Saben
motif bathik nduweni makna lan
filosofi kang beda-beda.

Jinise Corak Bathik

BATHIK PARANG BATHIK SEMEN Bathik Ceplok
Motif parang wujude lereng, Nggambarake gegodongan semi, Bathik motif ceplok biasane bentuke
digunakake dening Raja lan Kerabat urip kang Makmur (semen rama, simestris kaya dene gambar geometris
Keraton. (parang barung, parang nduweni sudut 4 ( (Kawung, Sriwedari, lsp)
sido asih lsp)
rusak, lsp)

STAGEN

Stagen : Piranti kanggo ngencengake
jarik, kang nganggone diubetake

Sabuk : Piranthi kanggo ngencengake
jarik uga kanggo nutupi setagen ben
katon apik / endah.

Epek Timang : yaiku setut beludru
kanggo ngencengake sabuk, dene
timang yaiku gesper saka kungingan
kanggo Nguni sabuk.

JANGKEPE

1. BESKAP
2. STAGEN
3. SABUK
4. EPEK TIMANG
5. KERIS / DUWUNG
6. JARIK

PIRANTI JANGKEPE BUSANA

KERIS / DWUWUNG SAMIR SELOP
Gaman kang digunakake ing busana Piranti kalung kain kanggo sowan ing Sandhal kang wujud ngarepane kaya dene
keraton, utawa kang biasa dienggo sepatu pantovel, ananging bolong burine
adat jawa
abdi dalem keraton

BUSANA KEJAWEN

Busana jawi utawa Busana Kejawen mujudake busana identitas priyayi Jawa kang wis anawiwit turun temurun.
Kawiwitan wiwit jaman adage Kraton Surakarta, busana Jawa wis ana kanggo kabutuhaning ageman raja (kebesaran
raja), ageman putra putri raja, lan para sentana dalem utawa “pejabat kerajaan” nalika nindakake pisowanan marang
kraton (raja). Miturut sawenehing sumber, busana adat Jawa wis ngrembaka wiwit jaman Perjanjian Giyanti taun
1755, nalika kraton Mataram dipisahake dadi loro, yaiku Surakarta (Pakubuwana III) lan Yogyakarta (Mangkubumi
utawa Hamengku Buwana I).
Kanggo nguwatake identitase wong Jawa lan nguri-uri kabudayan, tumeka saiki busana Jawa isih dadi busana
idhentitas lan “kebanggaane” mayarakat Jawa. Ana ing adicara resmi busana Jawa isih tetep digunakake, kayata ing
pengetan Hari Jadi Kabupaten, Kirab lan pengetan resmi, pahargyan penganten utawa mantu, las sanes-sanesipun.
Busana Jawa bisa kaperang dados kaleh, yaiku busana kang kagem Priya lan Wanita. Menawa busana Wanita mesthine
luwih ringkes utawa prasaja, yaiku ageman sinjang utawa jarik, stagen, lan kebaya utawa duwuran. Dene perangan
rambut nganggo gulungan, Nanging kang bakal disinauni ing kene, busana Jawa Priya kang wujude luwih jlimet
nanging endah

LANJUTAN DESKRIPSI BUSANA KEJAWEN

Wiwit adage Kraton Surakarta busana Kejawen panggonane ana aturane. Busana Jawi Jangkep warna ireng digunakake
nalika pisowanan raja (dina0dina istimewa / khusus ing keraton) lan Busana Jawi Jangkep Padintenan (dudu werna
ireng) digunakake ing dina saliyane pisowanan ratu.

Matur Nuwun

Materi teks Deskripsi Busana Adat Jawa


Click to View FlipBook Version