The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan Ajar Tembang Dhandhanggula XII New

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by anisafifah37, 2022-10-03 21:51:44

Bahan Ajar Tembang Dhandhanggula XII New

Bahan Ajar Tembang Dhandhanggula XII New

1|Bahan Ajar

2|Bahan Ajar

Kompetensi Dasar dan
Indikator Pencapaian

Kompetensi Dasar Indikator

3.1 Menelaah teks Serat 3.1.1 Menganalisis struktur tembang Dhandhanggula
Tripama Pupuh 3.1.2 pådå 1. (C4)
Dhandhanggula. 3.1.3 Memparafrasekan tembang Dhandhanggula
pada 1. (C4)
Menyimpulkan nilai piwulang yang terkandung
dalam tembang Dhandhanggula pådå 1. (C5)

3|Bahan Ajar

Fase 1 : Identifikasi Masalah

Materi Faktual
Pårå siswå sumangga dipunwaos cakepan teks sêkar Dhandhanggulå
ing ngandhap menika kangge damel pitakenan babagan struktur sekar
Dhandhanggula. Para siswa ugi saged ningali video sekar
Dhandhanggula wonten link ingkang sampun kasamektakaken.

Yogyanira kang para prajurit…
Lamun bisa samya anuladha…
Duk ing nguni caritane…
Andelira sang Prabu…
Sasrabau ing Maespati…
Aran Patih Suwanda…
Lelabuhanipun…
Kang ginelung tri prakara…
Guna kaya purun ingkang den
antepi…
Nuhoni trah utama…

Link video tuladha sekar Dhandhanggula

https://www.youtube.com/watch?v=RjQuY7ZQF4E

4|Bahan Ajar

Fase 2 : Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi
ing ngandhap menika!

5|Bahan Ajar

A. Serat Tripama

Miturut kamus Bausastra sekar menika tegesipun tembang. Wondene
ing basa Indonesia tegesipun lagu, puisi utawi syair. Tembang
Dhandhanggula ingkang dipunsinau menika kapethik saking Serat Tripama
anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV ingkang wosipun 7 pupuh sekar
Dhandhanggula.

Serat Tripama menika saking tembung tri (tegesipun tiga) saha tembung
umpama tegesipun perumpamaan. Serat menika ngrujuk dhateng tiga paraga
ringgit inggih menika Patih Suwanda saking Maespati, Kumbakarna saking
Ngalengka Adipati Karna saking awangga. Tiga paraga menika kagungan
watak loyalitas dhateng negaranipun. Langkung nengenaken kepentingan
negara ing sanginggilipun kepentingan kulawarga. Kagungan raos saha
watak ingkang kados mekaten menika jumbuh kaliyan etika masarakat
Jawa. Nilai piwulang menika kedah dipuntuladhani saha dipuncakaken ing
masarakat jaman samenika.

Salah satunggalipun inggih menika sekar Dhandanggula. Sekar
menika kadadosan saking kalih tembung inggih menika “gegedhangan”
ingkang tegesipun pepinginan utawi harapan wondene “gula” menika
tegesipun manis utawi endah. Pramila saged dipuntegesi bilih sekar
Dhandhanggula menika nyariosaken gesangipun tiyang ingkang kagungan
cita-cita ingkang sae.

B. Paugeran Sêkar Dhandhanggulå

Paugeran sekar Dhandhanggula menika tegesipun pathokan ingkang
sampun gumathok ing salebetipun sekar, dipunperang dados tiga inggih
menika :

6|Bahan Ajar

➢ Guru gatrå (cacahing larik saben setunggal pada)
➢ Guru wilangan (cacahing wandå saben setunggal gatrå
➢ Guru lagu (tibaning swanten ing pukasing gatrå)

Paugeran Sêkar Dhandhanggulå inggih menika

Guru gatra Guru Wilangan Guru Lagu
10
10 i
10 a
8 e
7 u
9 i
7 a
6 u
8 a
12 i
7 a

C. Watakipun Sekar Dhandhanggula

Sekar dhandhunggula menika watakipun universal utawi menyeluruh.
Sekar dhandhanggula menika wosipun paring nasehat utawi piwulang
dhumateng tiyang ingkang saweg nandang perkawis. Sekar dhandhanggula
menika paring piwulang mliginipun babagan perjuwangan kangge nggayuh
satunggaling panjangka. Pramila watakipun sekar dhandhanggula inggih
menika luwes jumbuh kaliyan wosing sekar. Sekar dhandanggula menika
limrahipun dipunginakaken kangge paring pitutur (nasehat) wonten ing
perkawis ingkang sae.

7|Bahan Ajar

Fase 3: Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural
Pårå siswa sasampunipun mangertosi pangertosan sekar dhandhanggula
saha paugeranipun. Sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok
materi babagan caranipun mangertosi wosing sekar Dhandhanggula ing
ngandhap menika.

D. Mangertosi Wosing Sekar Dhandhanggula

Sekar Dhandhanggula menika salah satunggaling karya sastra ingkang
ngandhut piwulang luhur kangge generasi samenika. Pramila kangge
mangertosi piwulang temtunipun kedah dipunmagertosi wosing sekar
rumiyin. Anggenipun mangertosi wosipun sekar dhandhanggula
mbetahaken langkah-langkah ing ngandhap menika:

8|Bahan Ajar

Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan hasil

Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun mangertosi tata cara anggenipun madosi wosing
sekar Dhandhanggila. Sumangga samenika dipuncakaken langkah-
langkahipun kangge madosi wosing sekar Dhandhanggula.

✓ Negesi Tetembungan
Para siswa saged ngginakaken kamus Bausastra anggitanipun
Poerwadarminta kangge negesi tetembungan ingkang angel. Dene ingkang
online saged mbika aplikasi kamus bausastra Jawa utawi sastra.org.leksikon

Tuladha madosi tembung ing web https://sastra.org./leksikon

Gatra Cakepan sekar Dhandanggula Teges

1 Yogyanira kang para prajurit Yogya tegesipun pantes
2 Lamun bisa samya anuladha
3 Duk ing nguni caritane Anuladha tegesipun tuladha

4 Andelira sang Prabu Duk ing nguni tegesipun nalika
biyen

9|Bahan Ajar

5 Sasrabahu ing Maespati

6 Aran Patih Suwanda

7 Lelabuhanipun

8 Kang ginelung tri prakara

9 Guna kaya purun ingkang den
antepi

10 Nuhoni trah utama

✓ Damel Parafrase
Parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur gancaran.

Anggenipun parafrase menika kanthi nambahi tetembungan satemah saged
dipunmangertosi wosipun. Kanthi cara ngewahi struktur puisi dados struktur
ukara (jejer-wasesa-lisan-katrangan).

Parafrase sekar Dhandhanggula

Cakepan Sekar Dhandhanggula Parafrase

Yogyanira kang para prajurit Ingkang dipuntegesi, langkung prayogi
menawi para prajurit menika …

Lamun bisa samya anuladha Menawi saged samya anuladha
Duk ing nguni caritane (tuladha)…

Kaya crita ing jaman rumiyin

Andelira sang Prabu Piyayi kang dipercaya Prabu

Sasrabahu ing Maespati Prabu Sasrabahu ing negara Maespati
Aran Patih Suwanda Kang asma Patih Suwanda
Lelabuhanipun Awit jasa-jasanipun
Kang ginelung tri prakara Dipunringkes wonten tiga perkawis
Guna kaya purun ingkang den antepi Inggih menika guna, kaya, purun

10 | B a h a n A j a r

Nuhoni trah utama Kangge nuhoni manungsa kang utama

✓ Manggihaken wosing Sekar Dhandhanggula
Sasampunipun nindakaken parafrase samangke saged dipunmangertosi

wosing teks sekar Dhandhanggula. Sekar dhandhanggula pada setunggal
menika nyariosaken babagan bela negara, wonten tiga paraga ringgit
ingkang dipundadosaken teladhan inggih menika Patih Suwanda,
Kumbakarna saha Adipati karna.

✓ Manggihaken nilai moral/piwulang

Sasampunipun manggihaken nilai moral ing salebetipun sekar
dhandhanggula menika, saged dipunpendhet dudutanipun bilih nilai
piwulangipun inggih menika para generasi mudha kedah kagungan raos bela
negara/loyalitas dhateng nagri. Jumbuh kaliyan tiga paraga ringgit ingkang
dipundadosaken tuladha ing salebetipun sekar Dhandhanggula.
Andharanipun saged dipunwaos ing ngandhap menika.

a. Bambang Sumantri utawi Patih Suwanda
Bambang Sumantri menika putranipun Resi Wisanggeni saking
Padepokan Jatisarana. Wiwit alit piyambakipun kagungan krenteg badhe
ngabdi dhumateng Prabu Harjuna Sasrabahu ing Maespati. Bambang
umantri kasil mboyong Dewi Citrawati putri Manggada dipunaturaken
dhumaten Prabu Harjuana Sasrabahu. Bambang Sumantri bergelar nama
dados Patih Suwanda. Piyambakipun saged ngemban tugas saha
nindakaken tugas saking Prabu Harjuna kanthi tanggeljawab. Pramila
watakipun Patih Suwanda saged dipuntuladhani, inggih menika Guna :
pinter utawi wasis, kawruh, mumpuni; kaya menika tegesipun sugih,
kecukupan (kekayaan); purun tegesipun wani, kendel, saguh, gelem
(berani).

b. Kumbakarna
Paraga Kumbakarna menika pejuwang tanpa pamrih, kangge

kepentingan derajat, pangkat, jabatan saha kedudukan. Piyambakipun
berjuwang dhateng negranipun dipunlandhesi mawi raos tresna dhateng
nagri. Kumbakarna berjuwang mboten kangge rajanipun, awit mboten
sarujuk kaliyan tumindak awon rajanipun. Ananging berjuwang kangge
neraganipun. Pramila piyambakipun gugur ing medan perang kangge
negaranipun.

11 | B a h a n A j a r

c. Adipati Karna
Adipati Karna Basusena menika putra Dewi Kunthi kaliyan dewa

Suryasangsat menika prigel anggenipun nyipeng senjata perang. Nitik saking
sejarahipun Adipati karna menika dipunangkat rayi kaliyan Duryudana saha
dipunangkat dados senapati “panglima perang” Hastinapura. Adipati karna
menika rumaos dipunparingi tahta kemulyaan negara. Pramila piyambakipun
minangka prajurit sejati perag tandhing ing peperangan tandhing kaliyan para
pandhawa (rayinipun). Nanging sejatosipun Adipati Karna saestu nindakaken
darma saha karmanipun.

Relevansi Nilai Piwulang Sekar Dhandhanggula

Relevansi nilai piwulang ing salebeting sekar Dhandhanggula inggih menika:
a. Konsep bela negara.

Generasi muda ing jaman samenika kedah nggadhahi raos tresna saha
hormat dhumateng negara. Kedah saged njagi raos persatuan lan
kesatuan negara Indonesia.
b. Berjuwang tanpa pamrih
Berjuwang kangge nagri menika kedah ikhlas.

12 | B a h a n A j a r

a. Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 3. Jakarta: Erlangga
b. Kamus Bausastra Jawa Online, Link : https://www.sastra.org
c. Video tuladha sekar Dhandhanggula

Link: https://www.youtube.com/watch?v=RjQuY7ZQF4E
d. Flipbook
e. Artikel online

▪ http://nyinaubasajawi.blogspot.com/2016/09/tembang-dhandhanggula-serat-
tripama.html

▪ http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/11/serat-tripama.html

13 | B a h a n A j a r


Click to View FlipBook Version