C. Uraian Materi
1. NASKAH LAN TEKS AKSARA JAWA CITHAK
Naskah lan teks kalebu objek kajiane ilmu filologi. Akeh naskah-naskah ing
Indonesia kang tinulis nganggo aksara Jawa. Naskah lan teks sejatine beda nanging
akeh sing esih kleru ngerteni naskah lan teks. Naskah yaiku salah sijine wujud karya
tulis kang ngamot ide utawa gagasan kang wujude bahan, arupa kertas, kulit kayu,
lontar, dluwang, buku, lan sapanunggalane (Sulistyorini, 2015: 18). Naskah wujude
konkret, bisa disawang lan dicekel. Naskah-naskah kuwi mau ditulis nganggo mangsi
sing asale saka debog gedhang. Neng tlatah pesantren kulina anggone nulis neng sabak.
Dene teks yaiku perangan saka naskah kang wujude tulisan. Teks minangka isi utawa
substansine naskah lan naskah minangka wadhahe teks. Supaya lewih cetha bisa
mirsani gambar ing ngisor iki.
47
Gambar 1. Wujude naskah
48
Gambar 2. Wujude Teks
49
Akeh piwulang luhur ing kamot ing jroning naskah kayadene pitutur luhur, nilai-
nilai moral, lan kearifan local kang kanggo gawe tumrape uripe masyarakat Jawa. Piwulang
kuwi asiling karya para winasis lan pujangga Jawa kang diugemi ing urip bebrayan agung.
Mula kuwi, keterampilan maca naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa kalebu
ketrampilan kang wigati.
Naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa ana loro, yaiku naskah utawa tinulis
tangan lan naskah cithak. Aksara Jawa carik utawa tulisan tangan umume tinulis miring
nengen watara 60 derajat, dene aksara Jawa cithak umume tinulis kursif utawa jejeg.
Wiwitane naksah-naskah Jawa ditulis nganggo tangan (handscript utawi
manuscript). Nanging wiwit abad 18 lan 19 amarga daya saka tlatah Eropa panulise naskah
wiwit ana kertas. Johannes Guttenberg kang kasil gawe mesin cetak kang kapisan nalika
tahun 1450an lan iki minangka pondasi owah-owahan ing babagan budaya tulis. Buku-
buku wiwit diproduksi nganggo mesin cithak mula bisa diproduksi kanthi cepet, murah,
lan panyebarane lewih jembar.
Panganggone mesin cetak wiwit ngrembaka nganti tekan tlatah Jawa lan akeh karya
sastra kang tinulis kanthi cithak. Piyayi sing pisanan gawe cithakan aksara Jawa yaiku
Thomas Stamford Raffles ing bukune sing misuwur yaiku History of Java (1817). Nanging
aksara Jawa cithak wiwitan iki mung kanggo ilustrasi ing bukune wae, ora kanggo nyithak
teks akeh. Sawise taun 1820, kepala Algemeene Secretarie ing Batavia,
J.C. Baud mutusake supaya ana mesin cithak mawa aksara Jawa. Sing dadi prekara yaiku
babagan modhel aksara Jawa sing bakal kanggo amarga wujude seje-seje. Baud banjur
prentah marang sawijining pakar basa Jawa Walanda sing nalika iku manggon ing
Surakarta, P. van Vlissingen supaya bisa ngrancang sawijining aksara Jawa cithak sing
praktis tur apik. Van Vlissingen sarujuk lan nggawe sawijining modhel aksarane. Nangiing
ing taun 1821 dheweke mulih ing Walanda. Rancangan aksarane Vlissingen dikirim ing
Batavia nalika taun 1825. Wong-wong padha seneng amarga bisa nyithak aksara tenanan.
Senajan mengkono esih ana sing kudu didandani amarga cithakan ora dijangkepi karo
sandhangan lan ukurane cilik. Mula cithakan kuwi mung kanggo nyithak teks biasa ing
koran, udu naskah kasusastraan. Sakbanjure ana juru dakwah Protestan saka Jerman kang
jenenge Gottlob Brückner kang duwe pepingan nerjemahake Alkitab nganggo aksara
Jawa. Brückner wis manggon suwe ing Semarang lan wis rampung
50
anggone nerjemahake Alkitab nagnggo basa Jawa. Amarga ora oleh pitulungan saka
pamarentah, ing taun 1831 Brückner kasil ngripta aksara Jawa cithakane dhewe. Brückner
banjur nyithak pratelane Alkitab lan pamflet Kristen sing didum ing Semarang taun 1831.
Pribumi seneng banget marang asil karyane Brückner nanging ora kanggone pamarentah
colonial. Brückner banjur oleh pengetan menawa naskahe tetep diddum bakal dibeslah.
Karyane Brückner banjur ditliti dening pakar sastra Walanda kayadene C.F Winter
lan J.F.C Gericke. Para pakar iki kurang cocog marang modhel aksarane Brückner amarga
udu cangkokan saka aksara Jawa gaya Keraton Surakarta ing kala iku kaanggep apik
dhewe. Roorda van Eysinga, pakar sastra Jawa ing Walanda, banjur ngrancang sawijining
aksara Jawa direwangi raden Saleh lan rampung taun 1835. Nanging asile tetep dikritik
merga wujude esih alan lan ora memper gaya Surakarta.
Banjure taun 1838, Taco Roorda, pakar basa Timur Tengah kang dadi professor
basal an sastra Jawa ing Delftsche Academie, gawe modhel aksara Jawa cithak lan bisa
ditampa nganti luwih 100 taun. Modhel aksara Jawane Roorda manut gaya Kraton
Surakarta lan dianggep sing apik dhewe.
Ing ngisor iki katuduhake tuladhane naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa
cithak.
Gambar 3. Teks Bêbuka Bancak Dhoyok Ambarang Jantur
51
Gambar 4. Serat Wulangreh
52
Ing pungkasane taun 1980-an lan purwane taun 1990-an aksara Jawa wiwit digarap
nganggo computer. Sing wiwitane nggawe aksara Jawa kanggo font computer yaiku
Willem van der Mollen yaiku dosen filologi lan sastra Jawa Kuna ing Universitas Leiden.
Jeroen Hellingman banjur ndaftarake aksara Jawa ing Unicode supaya saben aksara duwe
kode kang mligi kang diakoni dening masyarakat donya. Wong Indonesia kang melu urun
gawe modhel aksara Jawa yaiku Ermawan Pratomo (2001), Teguh Budi Sayoga (2004),
lan Bayu Kusuma Purwanto (2006).
Nalika tahun 2006, katindakake Kongres bahasa Jawa IV neng Semarang kang kasil
mbentuk tim khusus kanggo ngurusi Unicode aksara Jawa kuwi mau. Tim kasebut kasusun
kayata saka Hadiwiratma (Bandung), Ki Sudarto HS/Ki Demang Sokowetan (Jakarta), Ki
Bagiono Sumbogo / Djokosumbogo (Jakarta). Aksara Jawa sing kanggo jinising huruf
yaiku saka sampel naskah aksara Jawa cithak kang ngrembaka lan digunakake ing media
watara taun 1928-1934. Nalika tanggal 9 Oktober 2009 aksara Jawa resmi diaku lan kalebu
ing system UNICODE aksara-aksara daerah sak dunia.
Antarane naskah aksara Jawa cithak lan tulis tangan padha-padha ngugemi pandom
panulise aksara Jawa, kayadene asipat scriptio continuo kang tegese anggone nulis antarane
tetembungan ora nganggo spasi utawi let. Ing kawruh Jawa bab iki sinebut sastra lampah.
Masyarakat umum bisa kangelan anggone maca amarga ora negrti pedhotane. Mula iku
supaya gampang dingerteni isine, naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa kudu
dialihaksara nagnggo huruf latin. Anjarmatana (1991: 5) nyebut alihaksara nganggo istilah
transliterasi.
Miturut Istanti (26) transliterasi yaiku kegiatan mengalihurufkan tulisan dengan
secermat-cermatnya ‘kagiyatan ngalihaksarakake tulisan kanthi cermat’. Luwih cetha
maneh, Mulyani (2010: 70) ngandharake menawa alih aksara utawa transliterasi iku alih
tulis serataning teks nganggo aksara sing beda karo aksara ing teks. Dene ancase kegiyatan
alih aksara yakuwi supaya masyarakat umum luwih gampang maca tulisan teks.
2. MACA NASKAH AKSARA JAWA CITHAK
Ketrampilan maca aksara Jawa tumrape wong Jawa minangka ketrampilan kang
wigati, mligine kanggo kadang dwija. Sapa sing arep mulangake marang generasi nom yen
udu para dwija mau lumantar pasinaon basa Jawa ing sekolah. Aja nganti generasi
53
nom ora ngerti yen wong Jawa duwe aksara dhewe kamangka para winasis wis ngasilake
atusan naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa kang ngamot nilai adiluhung Jawa. Ing
subbab iki para mahasiswa kasuwun nuduhake kaprigelane maca aksara Jawa cithak.
Subbab iki minangka bacute KB 1 lan KB 2. Seserapan ing Kegiatan Belajar 1 lan
Kegiatan Belajar 2 minangka dhasar kanggo ngayahi Kegiatan Belajar 3 kang isine maca
teks mawa aksara Jawa, mligine aksara Jawa cithak. Ing ngisor iki ana teks-teks mawa
aksara Jawa kang dijupuk saka naskah Jampi Jawi lan Teks Sêrat GancaranWarni-Warni ing
Jaman Sapunika. Wacanen teks-teks kang tinulis nganggo aksara Jawa cithak ngisor iki.
Teks 1
54
Teks 2 Teks Sêrat Gancaran Warni-Warni ing Jaman Sapunika
55
Teks 3
12 3
4
1 2 3 45 6
7 8 9 10 11 12
13 14 15 16 17 18
19 20
21
1 2 34
5 67
1
2 34 56
7 89 10 11
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
56
Teks 4
Kapêthik saka: Sêrat Riyanta
57
Teks 5
241.
242.
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
58
D. Forum Diskusi
Sakwise sinau babagan materi aksara Jawa, goleka sakpada carita kang tinulis mawa aksara latin
banjur salinen nganggo aksara Jawa cithak bareng karo kanca-kancamu!
59
PENUTUP
A. RANGKUMAN
1. Naskah beda karo teks. Naskah benda konkret kang wujude bahan dene teks minangka
perangan utawa isining naskah.
2. Naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa ana loro, yaiku naskah manuscript utawa tulis
tangan lan naskah kang nganggo aksara Jawa cithak.
3. Nalika tanggal 9 Oktober 2009 aksara Jawa resmi kalebu ing system UNICODE aksara
daerah sak dunia. Sing dingo sampel yaiku aksara Jawa kang dinggo watarane taun 1928an.
4. Aksara Jawa tulis tangan umume tinulis miring nengen 60 derajat dene aksara Jawa cithak
tinulis kursif utawa jejeg.
5. Supaya gampang dingerteni isine naskah kang tinulis nganggo aksara Jawa kudu
ditransliterasi, yaiku alihaksara saka aksara siji marang aksara liyane.
B. TES FORMATIF
1. Kang diarani naskah yaiku … .
a. Perangane teks kang ngamot ide pokok.
b. Wujude karya tulis kang ngamot ide utawa gagasan kang wujude bahan.
c. Perangan saka naskah kang wujude tulisan.
d. Perangane teks kang arupa lambang-lambang swara utawa unine basa.
e. Perangane teks kang tinulis kang awujud gancaran.
2. Kang diarani teks yaiku … .
a. Karya tulis kang awujud buku.
b. Karya tulis kang tinulis ing lontar.
c. Perangan saka naskah kang wujude tulisan.
d. Perangane teks kang awujud tetembungan.
e. Perangane teks kang ngamot ide pokok
60
3. Bedane naskah lan teks kang wigati yaitu ….
a. Naskah minangka wadhahe dene teks minangka isine.
b. Teks minangka perangan saka naskah.
c. Teks asipat konkret dene nnaskah asipat abstrak.
d. Teks bisa dicekel dene naskah ora.
e. Naskah ngamot gagasan dene teks ora.
4. Titikane manuscript aksara Jawa yaiku tinulis kanthi … .
a. Kursif utawa jejeg
b. Miring nengen 60 derajat
c. Miring ngiwa 60 derajat
d. Diwiwiti aksara kapital
e. Nagnggo spasi
5. Tinulis kanthi kursif minangka titikane naskah aksara Jawa … .
a. Cithak
b. Manuscript
c. Tulis tangan
d. Kuno
e. tengahan
6. Aksara Jawa asipat scriptio continuo, tegese … .
a. Anggone nulis diwiwiti aksara kapital
b. Anggone nulis diwenehi spasi
c. Tinulis jumbuh karo pangucapane
d. Anggone nulis ora diwenenhi spasi
e. Tinulis kanthi nggandhul baris
7. Budaya naskah cithak wiwit ngrembaka amarga anane mesin cetak kang ditemokake dening
….
a. Abraham Lincoln
b. Thomas Alfa Edison
c. Alexander Graham Bell
d. Alexander Guttenberg
e. Johanes Guttenberg
61
8. Aksara Jawa kang pisanan kapacak ing buku … .
a. Serat Wulangreh
b. Serat Tripama
c. Serat Wedhatama
d. Buku History of Java
e. Naskah Jampi Jawi
9. Paedahe naskah ditulis nganggo mesin cetak yaiku … .
a. Awet
b. Gampang diwaca
c. Murah
d. Bisa diproduksi akeh
e. Ora gampang ilang
10. Kang pisanan didhawuhi gawe aksara Jawa cithak yaiku … .
a. P. van Vlissingen
b. J.C. Baud
c. Thomas Stamford Raffles
d. Raden Saleh
e. MAngkunegara IV
11. Kang duwe pepenginan nulis alkitab nganggo aksara Jawa yaiku … .
a. Taco Roorda
b. P. Van Vlissingen
c. J.C. Baud
d. Gottlob Brückner
e. Willem van der Mollen
12. Kang ngrevisi aksara Jawa gaweane Taco Roorda yaiku …
a. J.C Baud
b. Willem van der Mollen
c. Roorda van Eysinga
d. P.Van Vlissingen
e. Gottlob Brückner
62
13. Modhel aksara Jawa kang kaanggep paling apik yaiku … .
a. Gaya Surakartan
b. Gaya Yogyakartan
c. Gaya Pakualaman
d. Gaya Mangkunegaran
e. Gaya Sriwedari
14. Aksara Jawa wiwit digawe font computer nalika taun … .
a. Taun 1930
b. Taun 1980
c. Taun 2000
d. Taun 2006
e. Taun 2009
15. Aksara Jawa kang resmi didaftarke neng Unicode dipilih saka… .
a. Naskah cithak taun 2000an
b. Naskah cithak taun 1945an
c. Naskah cithak taun 1928an
d. Naskah cithak saka kraton Mataram
e. Naskah cithak saka kraton Surakarta
16. Aksara Jawa resmi diakoni lan didaftarke ing Unicode nalika ….
a. 9 Oktober 2009
b. 6 Oktober 2006
c. 9 Oktober 2006
d. 6 Oktober 2009
e. 5 Oktober 2005
17. Rembugan babagan aksara Jawa kang didaftarake ing Unicode minangka asiling Kongres …
a. Basa Jawa III
b. Basa Jawa IV
c. Basa Jawa V
d. Basa Jawa VI
e. Basa Jawa VII
63
18. Sing wiwitane nggawe aksara Jawa nganggo font computer yaiku … 4
a. Taco roorda
b. J.C. Baud
c. P.Van Vlissingen
d. Gottlob Brückner
e. Willem van der Mollen
19. Wong Indonesia kang melu urun gawe font computer kanggo aksara Jawa … .
a. Djokosumbogo
b. Raden Saleh
c. Ranggawarsita
d. Mangkunegara IV
e. Pakualam
20. Tegese transliterasi yaiku … .
a. Alihaksara saka huruf siji marang huruf liyane
b. Alihaksara saka ejaan siji marang ejaan liyane
c. Alihaksara saka basa siji marang basa liyane
d. Alihaksara saka kode siji marang kode liyane
e. Alihaksara saka teks siji marang teks liyane
21. 1 2 3
5
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Ing pethilan naskah ing dhuwur nuduhake jampi kanggo … .
a. Lara cacar
b. Lara ngelu
c. Lara panas
d. Lara abuh
e. Lara watuk
64
22. 1 2
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa salah sijine jampi kanggo wong tua kang
nandang lara panas yaiku … .
a. Brambang
b. Jahe
c. Wiji sawi
d. Kencur
e. Adas
23. 1 2
3
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake jampi sakit padharan kanggo tiyang sepuh antarane
lempuyang cacahe … iris.
a. Telung
b. Patang
c. Limang
d. Wolung
e. pitung
24. 1 23 4
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa ana bocah lara murus dikei jampi antarane …
a. Brambang
b. Bawang
65
c. Kunir 12
d. Kencur
e. jahe
25.
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Ing pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa ana bocah kenang sawan obate yaiku …
a. Ron enom lan santen
b. Ron wungu lan santen
c. Ron enom lan jinten
d. Ron wungu lan jinten
e. Ron enom lan lenga klentik
26. 12 34 5
67
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa jampine wong sakit telak diborehake ing …
a. Perangan gulu
b. Perangan weteng
c. Perangan sirah
d. Sakojur badan
e. Sakojur tangan
27. 1 2
3
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa jampi kanggo mripat abuh kudu …
66
a. Dimamah lembut 1
b. Dipupuhake ing mripat
c. Kapipisake ing mripat
d. Kaborehake ing mripat
e. Katutupake ing mripat
28.
2
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur nuduhake menawa jampi kanggo wong ngelu nganti semaput
diwenehi kerikan kayu … .
a. Cendhana
b. Waringin
c. Lontar
d. Jeram wangi
e. lempuyang
29.
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur ngandharake cara kanggo ngusadani … .
a. Mripat abuh
b. Sawanen
c. Talingan kalebon lintah
d. Untu kapangan uler
e. Padharan melilit
67
30. 1 2
Kapêthik saka: Sêrat Jampi Warna-Warni
Pethilan naskah ing dhuwur ngandharake menawa talingan kalebon ceremendhe diwenehi
jampi kang asale saka … .
a. Ron wungu dibebek alus
b. Isi jeruk diparud alus
c. Brambang diparud alus
d. Kamijara dibebek alus
e. Lempuyang dibebek alu
68
KEGIATAN BELAJAR 4
AKSARA JAWA TULIS TANGAN
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Basa Jawa wiwit tahun 2006 dadi pasinaon (mata pelajaran) wajib kanggo siswa sekolah
tataran SMA/MA/SMK. Keputusan pamarentah nalika iku dadi keputusan kang wicaksana
ngengeti kahanan ing masyarakat kang merlokake pasinaon Basa Jawa kanggo nuwuhake budi
pekerti para taruna lan uga minangka salah sawijining cara kanggo nguri-uri adat budayane
dhewe. Mula saka iku, Basa Jawa diundhakake nganti tataran SMA/MA/SMK dadi pasinaon
wajib, amarga anggone sinau ora mung sinau basa, ananging uga sinau tindak-tanduk,
sesrawungan, micara, lan nulis kang wigati banget ing wektu saiki.
Pasinaon Basa Jawa ing pawiyatan madya kanthi wektu 1 x (25-45 menit) utawa 2 x
(25-45 menit) gumantung pawiyatan kang merlokake. Dene kompetensi kang kudu disinau para
siswa sekolah yakuwi nyemak, micara, maca, lan nulis. Keputusan pamarentah iku mahanani
perlune nyedhiyakake guru lan materi-materi kanggo sinau. Kabutuhan guru bisa diisi saka
program studi sing madeg ing pirang-pirang universitas ing Jawa. Dene materi- materi pasinaon
bisa disedhiyakake dening MGMP Basa Jawa, guru, pakar utawa ahli Basa dan Kabudayan
Jawa, program-program tartamtu. Kaya dene program PPG iki dadi salah sawijining sumber
kanggo nyedhiyakake kabutuhan babagan materi-materi pasinaon Basa Jawa.
Salah sawijining materi pasinaon kang wigati banget diandharake yakuwi materi Aksara
Jawa: maca teks Aksara Jawa Tulis Tangan. Mulane, modhul iki kasusun kanthi pangajab bisa
dadi sumber sinau kanggo guru sing ing tembe mulang Basa Jawa ing pawiyatan tataran SMP
utawa SMA. Modhul sing digawe iki khusus materi pasinaon Aksara Jawa kang kabage dadi
telung perangan yaiku babagan naskah Jawa, deskripsi fisik lan teks, sarta materi teks prosa lan
puisi. Dene urut-urutaning pasinaon ing modhul iki yakuwi sinau babagan naskah Jawa tulis
tangan, andharan deskripsi fisik lan teks, lan andharan teks naskah Jawa tulis tangan. Pasinaon
ing modhul iki ana tuladhane awujud gambar. Dadi, para mahasiswa bisa langsung gladhi maca
teks naskah Jawa tulis tangan. Sawise materi, ing modhul iki diterusake babagan ringkesan,
tugas, lan tes formatif.
B. Petunjuk Belajar
Modhul sing digawe iki kaajab bisa njangkepi kabutuhan pasinaon babagan Aksara
Jawa kaya sing dikarepake ana ing Capaian Pembelajaran kang ana ing kegiyatan PPG
69
(Program Profesi Guru). Dene CP kang ana ing kurikulum kegiyatan PPG yaiku:
Tabel 1. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Sub Capaian Pembelajaran
Menganalisis prinsip materi 1. Mahasiswa bisa niteni wujude naskah Jawa tulis
Aksara Jawa dan aplikasinya tangan.
dalam pembelajaran bahasa Jawa 2. Mahasiswa bisa gawe deskripsi fisik naskah Jawa
tulis tangan.
3. Mahasiswa bisa gawe deskripsi teks naskah Jawa
tulis tangan.
4. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa tulis tangan
5. Mahasiswa bisa transkripsi/alih aksara Jawa-Latin.
6. Mahasiswa bisa niteni lan mbedakake naskah Jawa
tulis tangan lan naskah Jawa cithak.
7. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa prosa.
8. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa puisi.
Kaya apa sing wis kapacak ing CP yakuwi ngajak para mahasiswa calon guru bisa maca
teks naskah Jawa tulis tangan kanthi trampil jumbuh karo paugeran tata tulise. Dene paugeran
tata tulis sing didadekake punjering pasinaon yakuwi saka Pedoman Penulisan Aksara Jawa
(Darusuprapta, dkk., 2003) sing wis disarujuki dening pamarentah telung propinsi (Jawa
Tengah, DIY, lan Jawa Timur).
Kanggo nyinau modhul iki para mahasiswa PPG kudu mangerteni luwih dhisik urut-
urutaning pasinaon. Dene urut-urutane diwiwiti dedonga kanthi bareng-bareng, banjur manut
apa kang dituduhake dening instruktur, maca lan nggatekna pituduh saben kegiyatan pasinaon,
maca lan nggladhi saben materi manut pituduhe instruktur, bisa gawe cathetan kanthi mandhiri,
takona marang instruktur menawa ana pitakonan, wacanen ringkesan, garapen forum diskusi lan
tes formatif, tes terstruktur, lan dipungkasi kanthi garapan tes sumatif. Para mahasiswa PPG ing
pasinaon iki kudu bisa ngancik biji minimal KKM yaiku 80 ing saben tugas, tes formatif, lan tes
sumatif. Upamane ana mahasiswa kang bijine ora nyandhak biji KKM kudu mbaleni utawa
nggarap remidi utawa tugas-tugas saka instruktur.
70
INTI
AKSARA JAWA TULIS TANGAN
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran iki yakuwi: “Menganalisis prinsip materi Aksara Jawa dan
aplikasinya dalam pembelajaran bahasa Jawa”. Kompetensi Dasar saka kegiyatan iki, yaiku
Mahasiswa bisa maca teks aksara Jawa sing ditulis tangan. Dene indikatore kaandharake ing
ngisor iki:
1. Mahasiswa bisa niteni wujude naskah Jawa tulis tangan.
2. Mahasiswa bisa gawe deskripsi fisik naskah Jawa tulis tangan.
3. Mahasiswa bisa gawe deskripsi teks naskah Jawa tulis tangan.
4. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa tulis tangan.
5. Mahasiswa bisa transkripsi/alih aksara Jawa-Latin
6. Mahasiswa bisa niteni lan mbedakake naskah Jawa tulis tangan lan naskah Jawa cithak.
7. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa prosa.
8. Mahasiswa bisa maca teks naskah Jawa puisi.
B. Pokok-pokok Materi
Materi sing bisa disinau ing modhul iki, diandharake kaya peta ing ngisor iki.
Aksara Jawa Tulis Tangan
Deskripsi Transkripsi
Fisik Teks Gancaran Tembang
Gambar 1. Pokok-pokok Materi
71
C. Uraian Materi
Materi sing kaandharake ing modhul iki ana telu, yakuwi babagan naskah Jawa tulis
tangan, deskripsi fisik lan teks naskah Jawa, sarta transkripsi utawa alih aksara teks awujud
prosa lan puisi. Saben materi dijangkepi karo tuladha. Dene andharane kaya ing ngisor iki.
1. Naskah Jawa
Naskah Jawa yakuwi asil kabudayan Jawa awujud buku sing ing jerone ditulis nganggo
aksara (lan basa) Jawa tulis tangan. Bakune naskah Jawa iku wujud fisik, dene isine sing ditulis
nganggo aksara Jawa iku disebut teks. Ing ilmu filologi naskah Jawa iku sifate konkrit, dene
teks sing ana ing sajrone naskah itu sifate abstrak (Fathurahman, 2015:22). Tegese konkrit
yakuwi naskah bisa langsung dicekel, didemok, lan ditonton wujude, dene abstrak tegese wujud
tulisan iku bisa supayane bisa dimangerteni kudu diwaca luwih dhisik lan dimangerteni,
dilimbang-limbang apa isine sing katulis iku. Tuladhane naskah Jawa kaya ing ngisor iki.
72
Gambar 2. Naskah “”Babad Blarutan” koleksi Perpustakaan Pura Pakualaman
Naskah Jawa ing mau iku nuduhake teks sing ditulis tangan nganggo Aksara Jawa.
Naskah Jawa tulis tangan katon cetha saka tinta sing dinggo lan tekstur duktus tulisan tangan
sing ora rata. Dene titikane ditulis tangan bisa kadeleng saka tulisane lan bisa dibedakake karo
naskah cithak sing ditulis kanthi medhia mesin cithak sing isa rata. Tuladhane ing ngisor iki.
Gambar 3. Naskah Cithak “Serat Citrakawaca”
73
2. Deskripsi Fisik
Tegese deskripsi fisik yakuwi cara maca naskah Jawa saka wujude sing bisa dicekel
tangan, lan bisa diukur. Fisik naskah iku sampul naskah, kertas, lan jilidan. Dene deskripsi fisik
naskah Jawa iku kayata ukuran dawa lan ambane sampul naskah lan kertas sarta kandele jilidan
naskah.
Gambar 4. Sampul Naskah “Serat Bayan Budiman” Koleksi Perpustakaan Pura Pakualaman
3. Deskripsi Teks
Deskripsi teks yakuwi cara maca naskah Jawa saka isine utawa wose. Kanggo mangerteni
deskripsi teks, para mahasiswa bisa maca deskripsi sing wis ana ing buku-buku katalog naskah.
Upamane ora ana ing katalog naskah, para mahasiswa bisa maca dhewe. Dene carane yakuwi
maca sakhalaman ngarep, sa-halaman ing bageyan tengah naskah, lan ing pungkur teks naskah
utawa tulisan sing ana ing mburi dhewe. Tuladhane deskripsi naskah kaya sing ana ing katalog
kaandharake gambar ngisor iki.
74
Gambar 5. Deskripsi Teks Naskah saka Katalog Naskah-Naskah Kraton Yogyakarta
75
Gambar 6. Deskripsi Teks Naskah saka Katalog Naskah-Naskah Museum Sanabudaya
76
4. Transkripsi/Alih Aksara
Transkripsi yakuwi alih aksara saka aksara siji dadi aksara liyane. Anjarmartana
(1991:5) ngandharake yen alih aksara iku mindhahake sistem tulisan saka aksara siji neng
aksara liyane. Ing pasinaon iki sing ditegesi alih aksara yakuwi saka aksara Jawa dadi aksara
Latin. Tuladha alih aksara kaya ing ngisor iki.
Gambar 7. Teks “Sêrat Gancaran Warni-Warni ing Jaman Sapunika”
77
Transkripsi saka teks gancaran iku bisa diandharake kaya ing ngisor iki.
Basa tuwin Kasusastran Jawi
Anggitanipun
Sastrawirya
Ingkang wajib damel tatanan utawi teturutan bab panyinaunipun basa
tuwin kasusastran Jawi, punika inggih kedah bangsa Jawi.
Ewadene nngantos dumugi sapriki dereng wonten wewaton ingkang
dipuntetepaken kangge gegaran tuwin teturutan marsudi basa.... (bisa dibanjurake
dhewe)
(Sawise transkripsi bisa dibanjurake kanthi alih basa. Dene kamus online sing bisa dibukak,
yakuwi https://sastra.org)
5. Teks Prosa
Tegese teks prosa yakuwi, teks naskah sing ditulis kanthi gancaran. Dadi, ora ana
paugeran baku sing nuduhake kapan teks iku kudu mandheg. Dene kang dadi paugeran
mandhege ukara yakuwi tandha pada lungsi, pangkon, sarta pangkon lan pada lingsa. Tuladha
teks prosa aksara Jawa kaya ing ngisor iki.
Gambar 8. Teks “Kidung Pahargyan” Koleksi Perpustakaan Pura Pakualaman
6. Teks Tembang
Teks aksara Jawa ana uga sing ditulis awujud tembang. Ing karya sastra Jawa Anyar
ana sing kagolong tembang lan non-tembang (Saputra, Karsono H, 2017:9). Kang kagolong
tembang iku ditulis nganggo tembang macapat. Dene non-tembang kayata geguritan. Mula saka
iku, supaya bisa maca teks aksara Jawa sing awujud tembang macapat, para maos kudu ngerti
78
babagan paugeran tembang macapat. Dene paugerane tembang macapat kuwi ana telu, yaiku
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yakuwi cacahing larik saben sapada. Guru
wilangan yakuwi cacahing wanda saben salarik. Dene, guru lagu yaiku tibaning swara vokal (a,
i, u, e, o) ing pungkasaning larik (Arps, 1992: 4). Seserepan babagan paugeran tembang
macapat iku wigati banget, amarga kanggo nitiki saben-saben pedhotan. Tuladhane teks aksara
Jawa awujud tembang macapat kaya ing ngisor iki.
Gambar 8. Teks “Serat Bayan Budiman” Koleksi Perpustakaan Pura Pakualaman
D. Forum Diskusi
Tulisan aksara Jawa kaperang dadi loro. Sepisan, yakuwi tulisan asil saka nulis
nanggo tangan. Kapindho, tulisan asil saka mesin cithak. Miturut para dwija, antarane aksara
Jawa tulisan tangan karo tulisan cithak angel diwaca sing endi? Apa sebabe?
79
PENUTUP
A. Rangkuman
Naskah Jawa iku wujude ana 2 (loro). Sing sepisan yakuwi naskah Jawa sing ditulis
tangan, dene sing kapindho yaiku naskah edisi cithak. Wujude naskah sing bisa dicekel lan bisa
diukur iku disebut wujud fisik. Dene isi wacan saka naskah iku disebut teks. Teks naskah itu
mawujud ing pikirane sapa wae sing maca.
Urutane sinau aksara Jawa tulisan tangan, yakuwi wiwit saka deskripsi fisik lan teks
sarta transliterasi. Deskripsi fisik iku tugase ngukur amba, dawa, lan kandele naskah. deskripsi
teks iku gunane kanggo menehi informasi tumrape para maca supayane ngerti apa isine tulisan
kuwi mau. Dene bageyan transiterasi tulisan tangan aksara Jawa bisa tumrap karya sastra
gancaran utawa tembang. Transliterasi yaiku alih aksara kanthi ancas utamane yakuwi ngganti
sistem tulisan siji neng sistem tulisan liyane, kaya dene ing pasinaon iki alih aksarane saka
aksara Jawa tumuju aksara Latin supaya luwih nggampangake anggone maca teks naskah.
B. Tes Formatif
Pilihen salah siji wangsulan sing bener saka pilihan wangsulan a, b, c, d utawa e ing ngisor iki!
1. Apa tegese teks aksara Jawa iku?
A. Teks kang ditulis nganggo basa Jawa
B. Teks kang ditulis nganggo aksara Jawa
C. Teks kang ditulis nganggo basa lan aksara Jawa
D. Teks kang ditulis nganggo tulisan latin
E. Teks kang ditulis nganggo tulisan latin lan nganggo basa Jawa
2. Ing ilmu filologi naskah iku sifate konkrit. Apa tegese konkrit iku?
A. Bisa dicekel, bisa didumuk
B. Bisa dicekel, bisa ditonton
C. Dipikir-pikir
D. Ora bisa dicekel, ora bisa didumuk
E. Bisa dicekel, bisa didumuk, bisa ditonton
3. Apa tegese abstrak kang ditegesake tumrap teks?
A. Mung bisa dibayangake, dipikir, lan dilimbang-limbang
B. Bisa dicekel, bisa didemok
80
C. Ora ana wujude
D. Ora bisa dipikir
E. Bisa dicekel, bisa didemok, bisa ditonton
4. Apa sing bisa diukur saka naskah Jawa?
A. Sampul naskah, kertas, jilidan
B. Sampul naskah, kertas, teks
C. Sampul naskah, teks, aksara Jawa
D. Teks, aksara Jawa, kertas
E. Teks, kertas, sampul naskah
5. Kepriye carane gawe deskripsi teks?
A. Maca sa-halaman ngarep
B. Maca halaman ngarep, tengah, lan pungkasan
C. Maca halaman ngarep lan pungkasan
D. Maca halaman tengah lan pungkasan
E. Maca halaman pungkasan
6. Apa titikane tandha mandheg ing teks aksara Jawa awujud gancaran?
A. Pada lingsa
B. Pada adeg-adeg
C. Pada pangkat
D. Pada lungsi
E. Pada guru
7. Tandha kang gunane kanggo misah gatra utawa minangka tandha koma disebut?
A. Pada adeg-adeg
B. Pada lungsi
C. Pada pangkon
D. Pada pangkat
E. Pada lingsa
8. Titikane teks aksara Jawa awujud tembang macapat yakuwi anane paugeran-paugeran
kang nuduhake jinising tembang macapat. Apa wae paugerane tembang macapat iku?
A. Guru gatra, guru wilangan
81
B. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
C. Guru gatra, guru lagu
D. Guru wilangan, guru lagu
E. Guru wilangan, guru gatra
9. Apa wacane teks naskah Jawa ing ngisor iki?
A. Pentu ratri denira manitra
B. Wektu natri denira sanitra
C. Wektu ratri denira manitra
D. Wektu natri denira manitra
E. Pektu ratri senira manira
10. Apa tembang macapat saka teks naskah Jawa ing ngisor iki?
A. Pocung
B. Durma
C. Dhandhanggula
D. Kinanthi
E. Megatruh
11. Isih saka gambar pitakonan nomer 10, gatra katelu saka tembang iku unine apa?
A. ing kina sajuga dongeng
82
B. ing kina sajuga dongong
C. peksi menco cinatur
D. peksi menco sinatur
E. bayan budiman kanang wangi
12. Tontonen kanthi patitis teks tulis tangan ing ngisor iki!
Tembang macapat ing teks iku apa?
A. Kinanthi
B. Megatruh
C. Mijil
D. Sinom
E. Dhandhanggula
13. Pira cacahe guru gatra tembang macapat ing teks nomer pitakonan 12 iku?
A. 10
B. 9
C. 8
D. 7
E. 6
14. Pira cacahe guru wilangan lan apa guru lagu gatra kapindho saka tembang macapat ing
teks nomer pitakonan 12 iku?
A. 7i
B. 8i
C. 9i
D. 8a
E. 8u
83
15. Isih saka gambar pitakonan nomer 12, gatra kapitu saka tembang iku unine apa?
A. Danurja patih guprenam
B. Danurja patih gupremin
C. Danurja patih gupreman
D. Danurja papatih gupreman
E. Danuja patih gupreman
Wacanen teks gancaran ing ngisor iki kanthi patitis, banjur jangkepa titik-titik nganggo
tembung-tembung sing cocog karo teks gancaran iki!
Nuwun awiyosipun, labet sampun ............ kathah serat-serat japi yasanipun para.............
ing kina ingkang kula ............ . Dumugi pantoking ................. kula, kula lajeng saged
amastani manawi serat-serat yasanipun para linangkung ing kina-kina wau. Maratah
manawi suraosipu sarwa edi peni lan ................... sayektos.
16. A. sapata wis
B. sawatapis
C. sawatawis
D. pawata wis
E. pawarta wis
17. A. linangkung
B. langkung
C. lanangkung
D. linang kang
E. kidang kung
18. A. samerap
B. sumerap
C. sumerapi
D. samarepi
E. sumerepi
84
19. A. susurepan
B. seserepan
C. semerepan
D. sumerepan
E. sumeripan
20. A. mirasa
B. mirana
C. miraosa
D. maraos
E. mirasa
C. Tes Sumatif
Pilihen salah siji wangsulan sing bener saka pilihan wangsulan a, b, c, d utawa e ing ngisor iki!
1. Aksara Jawa duwe jeneng utawa sesebutan. Apa sebutan liya kanggo Aksara Jawa?
A. pasangan
B. sandhangan
C. carakan
D. wyanjana
E. panyigeging wanda
2. Apa wacane Aksara Jawa sing ditulis nganggo pasangan ing ngisor iki!
A. Manuk parkutut mébur.
B. Manuk pêrkutut mabur.
C. Manuk dhêruk mabur
D. Manuk dhêrkuku mébur.
E. Manuk dhêruk méncok.
3. Panulisan pasangan ing ngisor iki sing bener yakuwi....
85
4. Sandhangan kêrêt kalebu sandhangan apa?
A. wyanjana
B. swara
C. panyigeging wanda
D. pangku
E. pangkon
5. Tembung iki ditulis nganggo sandhangan swara apa?
A. suku lan pêpêt
B. suku lan taling tarung
C. wulu lan taling
D. wulu lan pêpêt
E. suku lan wulu
6. Bapakku mundhut pitik 143 iji.
Angka 143 iji menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
86
7. Angka 5750 menawa ditulis nganggo angka Jawa yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
8. Angka sewu rupiah menawa ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
9.
Tembung sing ditulis nganggo Aksara Murda ing dhuwur iku wacane apa?
A. Kabupaten Gampang
B. Kabupaten Sampang
C. Kabupaten Gamping
D. Kabupaten Gumpang
E. Kabupaten Samping
10.
Apa wacane tembung sing tulis nganggo Aksara Murda ing dhuwur iku?
A. Kali Pasak
B. Kali Parak
C. Kali Kranak
D. Kali Krasak
E. Kali Nrasak
87
11. Budaya naskah cithak wiwit ngrembaka amarga anane mesin cetak kang ditemokake
dening … .
A. Abraham Lincoln
B. Thomas Alfa Edison
C. Alexander Graham Bell
D. Alexander Guttenberg
E. Johanes Guttenberg
12. Aksara Jawa kang pisanan kapacak ing buku … .
A. Serat Wulangreh
B. Serat Tripama
C. Serat Wedhatama
D. Buku History of Java
E. Naskah Jampi Jawi
13. Paedahe naskah ditulis nganggo mesin cetak yaiku … .
A. Awet
B. Gampang diwaca
C. Murah
D. Bisa diproduksi akeh
E. Ora gampang ilang
14. Kang pisanan didhawuhi gawe aksara Jawa cithak yaiku … .
A. P. van Vlissingen
B. J.C. Baud
C. Thomas Stamford Raffles
D. Raden Saleh
E. Mangkunegara IV
15. Rembugan babagan aksara Jawa kang didaftarake ing Unicode minangka asiling
Kongres …
A. Basa Jawa III
B. Basa Jawa IV
C. Basa Jawa V
D. Basa Jawa VI
E. Basa Jawa VII
88
16. Apa titikane tandha mandheg ing teks aksara Jawa awujud gancaran?
A. Pada lingsa
B. Pada adeg-adeg
C. Pada pangkat
D. Pada lungsi
E. Pada guru
17. Kepriye carane gawe deskripsi teks?
A. Maca sakhalaman ngarep
B. Maca halaman ngarep, tengah, lan pungkasan
C. Maca halaman ngarep lan pungkasan
D. Maca halaman tengah lan pungkasan
E. Maca halaman pungkasan
18. Apa tegese abstrak kang ditegesake tumrap teks?
A. Mung bisa dibayangake, dipikir, lan dilimbang-limbang
B. Bisa dicekel, bisa didemok
C. Ora ana wujude
D. Ora bisa dipikir
E. Bisa dicekel, bisa didemok, bisa ditonton
19. Apa wacane teks naskah Jawa ing ngisor iki?
A. Pentu ratri denira manitra
B. Wektu natri denira sanitra
C. Wektu natri denira manitra
D. Wektu ratri denira manitra
E. Pektu ratri senira manira
89
20. Apa tembang macapat saka teks naskah Jawa ing ngisor iki?
A. Durma
B. Dhandhanggula
C. Kinanthi
D. Megatruh
E. Pocung
E. Tugas Terstruktur
Goleka teks aksara Jawa tulisan tangan (naskah Jawa) lan cithak banjur alih aksarakna!
90
DAFTAR PUSTAKA
Anjarmartana, A.S. 1991. “Transliterasi Jawa-Latin” dalam Proseding Konggres Bahasa
Jawa Buku III. Surakarta: Harapan Masa.
Arps, Ben. 1992. Tembang in Two Tradition. London: School of Oriental and African Studies.
Behrend, T.E. 1990. Katalog Induk Naskah-naskah Nusantara Jilid 1: Museum Sanabudaya.
Jakarta: Djambatan.
Darusuprapta dkk. 2003. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusatama.
Fathurahman, Oman. 2015. Filologi Indonesia: Teori dan Metode. Jakarta: Prenadamedia
Group.
Hadiprijono, J.S. 2013. Trampil Maca lan Nulis Aksara Jawa. Yogyakarta: PT. Kanisius.
Hadiprijono, J.S. 2017. Trampil Maca lan Nulis Aksara Jawa. Yogyakarta: Kanisius.
Hardjawijana, Harjana (Ketua). 2003. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Cetakan ketiga.
Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.
Istanti, Kun Zachrun. (2013). Metode Penelitian Filologi dan Penerapannya. Yogyakarta:
Elmatera.
Lindsay, Jennifer, R.M. Soetanto, dan Alan Feinstein. 1994. Katalog Induk Naskah-Naskah
Nusantara Jilid 2: Kraton Yogyakarta. Jakarta: Yayasan Obor Indonesia.
Mulyani, Hesti. (2010). Komprehensi Tulis Jawa. Yogyakarta: Pendidikan Bahasa Daerah,
FKIP, UNY.
Padmosoekotjo, S. 1989. Wewaton Panulise Basa Jawa nganggo Aksara Jawa. Surabaya: PT.
Citra Jaya Murti.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia. J.B.Wolters Uitgevers
Maatschppij Groningen.
Poerwadarminta, W.J.S., C.S. Hardjasoedarma, J. CHR. Poedjasoedira. 1939. Baoesastra
Djawa. Batavia: J.B. Wolters’Uitgevers Maatschappij.
Raffles, Thomas Stanford. 2008. The History of Java. Diterjemahkan oleh Eko
Prasetyaningrum, Nuryati Agustin, Idda Qoryati Mahbubah. Cetakan 1.
Yogyakarta: NARASI.
Saputra, Karsono H. 2017. Puisi Jawa. Jakarta: Bukupop.
Sulistyorini, Dwi. (2015). Filologi Teori dan Penerapannya. Malang: Madani.
91
Sutardjo. 2008. Kawruh Basa saha Kasusastraan Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah
FSSR UNS.
92