utawa krama andhap. Panulisane panambang iku mesthi kagabung karo
tembung linggane. Ana ing pacelathon padinan, panganggone panambang {-
ipun} lan {-aken} kang sinambung ing leksikon krama, kalebu panambang
kang kerep digunakake.
Panambang {-ipun} lan {-aken} kang biasane sinambung ana ing bentuk
krama, bisa uga sinambung ana ing leksikon utawa tembung netral.
Panambang {-ipun} lan {-aken} kang sinambung ana ing tembung netral
bakal ngowahi bentuk tingkat tuture dadi wujud krama. Tuladhane kaya
kang kacetha ing ngisor iki.
1) Sepedhanipun Mas Manto badhe dipunsade. (bentuk krama lugu).
2) Artha ingkang kalawingi sampeyan titipaken kula, sampun kula
bayaraken. (bentuk krama lugu).
Saka dhata nomer (3) lan (4) bisa dikandhakake menawa panambang {-
ipun} lan {-aken} bisa rumaket ana ing tembung netral. Manawa
tembung ‘sepedha’, ‘titip’, lan ‘bayar’ kalebu tembung netral, ananging
menawa kapanjingan panambang {-ipun} lan {-aken} bakal malih dadi
bentuk krama.
Panambang liyane kang uga bisa dadi panandhaning bentuk tingkat tutur,
yaiku panambang {-a}. Panambang iki lumrahe kanggo ndhapuk tembung
kriya kang ngemu teges pakon (akon supaya wong liya nindakake pakaryan
kaya kang dikarepake). Panambang iku menawa sinambung ing tembung
ngoko utawa netral, dadi bentuk ngoko. Dene menawa arep didadekake
bentuk krama, panambang iku bakal owah/malih dadi tembung sesulih kang
manggone ana sangarepe tembung kriya mau. Owah-owahan panambang
iku bisa kawaspadakake ing tuladha ngisor iki.
1) a. Tulung mangkata saiki supaya ora telat! (bentuk ngoko)
b. Tulung sampeyan bidhal sakmenika supados boten telat! (bentuk
krama lugu).
Saka tuladha (5a) iku bisa diandharake menawa ‘mangkata’ kang asale saka
tembung {mangkat + -a}, panambang {-a} bakal malih dadi tembung
sesulih purusa yaiku madyama purusa “sampeyan utawa panjenengan”, lan
manggone ana sangareping tembung kriyane. Panambang iku ora bisa
sinambung ana ing tembung krama. Upamane tembung {bidhal + -a} dadi
bidhala. Bentuk kang mangkono iku mau kalebu ora lazim.
49
4. Titikane Tembung Krama Dudu Morfologis (Non Morfologis)
Panandhaning wujud tembung ing sajroning undha usuk basa Jawa,
saliyane sacara morfologis, uga ana kang kalebu panandha dudu morfologis
(non morfologis). Bab iki bisa dimangerteni amarga ora duwe paugeran kang
gumathok utawa ora kabeh tembung bisa ngetrepake paugeran iku.
Panandhaning tembung krama kang dudu tengara morfologis iku bisa
awujud owah-owahaning swara vokal lan owah-owahaning wanda (suku kata)
(Sasangka, 2007: 84). Dene tuladha-tuladhane bakal kaandharake ing ngisor
iki.
1) Tembung kang pungkasane vokal [ͻ] malih dadi [ten] ing tembung krama
Tuladha:
semana semanten
wicara wicanten
2) Tembung kang wanda pungkasane [ti] utawa [tin] malih dadi [tͻs] ing wujud
krama. Tuladha:
ganti gantos
ati-ati atos-atos
3) Tembung kang wanda pungkasane [ri] malih dadi [ntun] ing bentuk krama
Tuladha:
pari pantun
lemari lemantun
4) Vokal [ri] malih dadi [ntun]
Tuladha:
mari mantun
keri kentun
Titikane tembung krama kang ‘dudu morfologis’ (non morfologis) kaya
tuladha iku pancen bisa kabedhek (diramalkan), ananging sejatine paugeran
iku mau amung bisa katrepake ana ing tembung kang gunggunge kawates.
Tegese umpane arep ngowahi tembung dadi tembung krama ora mesthi kabeh
bisa nganggo paugeran kaya mengkono iku. Panandhaning tembung krama
nganggo paugeran ‘dudu morfologis’ iku amung bisa kapatrapake ing
tetembungan tartamtu, utawa amung kawates tumrap tetembungan tartamtu lan
ora bisa digebyah uyah cak-cakane. Supaya luwih gamblang cak-cakane titikan-
titikan tetembungan krama lugu ing ndhuwur, bisa dituweni ing
https://youtu.be/PU2QhVRQCDE lan https://youtu.be/XmnORVBgzdE.
50
5. Pandhapuke Krama Lugu
Pandhapuke basa krama lugu bisa kaowahi saka tembung, ater-ater,
panambang, lan rimbag camboran. Tuladhane kaya mangkene:
a. Ngramakake Tembung
1) Tembung-tembung ngoko kang ana kramane diganti tembung krama,
dene kang ora ana kramane tetep migunakake tembung ngoko. Tuladha:
Ngoko
Aku arep tuku piranti sekolah kayata buku, bolpen, garisan, karo potelot.
Krama Lugu
Kula badhe tumbas piranti sekolah kadosta buku, bolpen, garisan, kaliyan
potelot.
2) Tembung-tembung kang magepokan karo awake dhewe ana kramane
tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Bocah kuwi wis rong taun manggon ing omahku.
Krama lugu
Lare menika sampun kalih taun manggen wonten griya kula.
3) Tembung-tembung kang magepokan karo kewan, wit-witan utawa
samubarang kang ana kramane tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Manuk sing menclok ing wit jeruk mau mabur saka cagak ireng.
Krama lugu
Peksi ingkang menclok wonten ing wit jeram kalawau mabur saking
cagak cemeng.
b. Ngramakake Ater-ater
1) Ater-ater di- dikramakake dadi dipun-
Ngoko
Kumbahane wis dijupuk Sari.
Krama lugu
Girahanipun sampun dipunpendhet Sari.
2) Ater-ater kok- dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Kumbahane wis kokjupuk.
Krama lugu
Girahanipun sampun sampeyan pendhet.
51
3) Ater-ater dak- dikramakake dadi kula-
Ngoko
Kumbahane wis dakjupuk.
Krama lugu
Girahanipun sampun kula pendhet.
c. Ngramakake Panambang
1) Panambang -e dikramakake dadi -ipun
Ngoko
Pitike jago daktuku ya?
Krama lugu
Ayamipun jago kula tumbas nggih?
2) Panambang -en dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Pitike tukunen wae.
Krama lugu
Ayamipun sampeyan tumbas mawon.
3) Panambang -ana dikramakake dadi sampeyan-
Ngoko
Pitike jago tukonana wae.
Krama lugu
Ayamipun jago sampeyan tumbasi mawon.
4) Panambang -na dikramakake dadi sampeyan-aken
Ngoko
Njaluk tulung tukokna pitik jago siji.
Krama lugu
Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken ayam jago setunggal.
5) Panambang -mu dikramakake dadi -sampeyan
Ngoko
Pitikmu dituku pira?
Krama lugu
Ayam sampeyan ditumbas pinten?
6) Panambang -ku dikramakake dadi kula
Ngoko
Pitikku dituku satus ewu.
Krama lugu
Ayam kula ditumbas setunggalatus ewu.
52
d. Ngramakake Rimbag Camboran
1) Camboran N-a dikramakake dadi sampeyan-N
Ngoko
Nggawaa jeruk legi kae!
Krama lugu
Sampeyan-mbekta jeram manis menika!
2) Camboran N-ana dikramakake dadi sampeyan-N-i
Ngoko
Nggawanana jeruk-jeruk keprok kae!
Krama lugu
Sampeyan-mbektani jeram-jeram keprok menika!
3) Camboran N-na dikramakake dadi sampeyan-N-aken
Ngoko
Nggawakna jeruk adhimu, kareben kanggo sangu piknik.
Krama lugu
Sampeyan mbektakaken jeram rayi panjenengan, kajengipun kangge
sangu piknik.
4) Camboran di-ake dikramakake dadi dipun-aken
Ngoko
Pitik jago kuwi digawakake saka desa.
Krama lugu
Ayam jago menika dipunbektakaken saking dhusun.
5) Camboran kok-ake dikramakake dadi sampeyan-aken
Ngoko
Pitik babon kuwi kokgawakake kanggo sapa?
Krama lugu
Ayam babon menika sampeyan bektakaken kangge sinten?
6) Camboran dak-ake dikramakake dadi kula-aken
Ngoko
Pitik babon kuwi dakgawakake kanggo kowe.
Krama lugu
Ayam babon menika kula bektakaken kangge panjenengan.
7) Camboran dak-e dikramakake dadi kula-ipun
Ngoko
Pitik jago kuwi dakgawane ya.
Krama lugu
Ayam jago menika kula bektanipun nggih.
53
8) Camboran dak-ane dikramakake dadi kula-anipun
Ngoko
Pitik-pitike dakgawanane ya.
Krama lugu
Ayam-ayamipun kula bektananipun nggih.
9) Camboran dak-ne dikramakake dadi kula-aken
Ngoko
Pitike dakgawakne ya.
Krama lugu
Ayamipun kula bektaaken nggih.
6. Pigunane Basa Krama
Basa krama lugu uga disebut basa krama (tanpa tembung lugu). Miturut
Harjawiyana lan Supriya (2013:85) panganggone basa krama iku tumrap:
a. Wong loro utawa luwih sing jejer kalenggahan kurang luwih padha,
kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget. Pacelathon ing ngisor iki
tuladhane basa kramantara kang diowahi dadi basa krama (kapethik saka
Karti Basa dening Harjawijana lan Supriya, 2009: 78-79).
Mas Bei Ranukarya : “Lo, sampeyan, mangga ingkang radi celak
ngriki; menapa saking griya kemawon?”
Mas Bei Handakasura : “Nuwun inggih!”
Mas Bei Ranukarya : “Wonten kaperluan menapa, kadingaren
enjing-enjing?”
Mas Bei Handakasura : “Menawi kepareng sarta boten wonten
pakewedipun, kula badha ngampil
kagunganipun lapak, badhe kangge nyobi
kapal.”
Mas Bei Ranukarya : “Inggih manga. Menapa sampeyan tumbas
kapal?”
Mas Bei Handakasura : “Saweg ngawis kemawon, reginipun dereng
kedadosan. Mangke badhe kula cobi
tumpakanipun.”
Mas Bei Ranukarya : “Ulesipun menapa?”
Mas Bei Handakasura : “Bopong.”
Mas Bei Ranukarya : “Lah mathinipun?”
Mas Bei Handakasura : “Baya-kapethuk. Namung surinipun kok
rebah … menengen.”
Mas Bei Ranukarya : “Boten dados menapa. Lah menggah nem
sepuhipun?”
Mas Bei Handakasura : “Saweg mempeng.”
Mas Bei Ranukarya : “Lapak kula kalih, ageng kaliyan alit; ingkang
badhe sampeyan angge ingkang pundi?”
Mas Bei Handakasura : “Ingkang ageng kemawon, tiyang kapalipun
weweg.”
Mas Bei Ranukarya : “Cah, coba lapak sing gedhe ing emper kae
(tumrap kancane Sarju jupuken, gawanen mrene!”
54
nganggo basa ngoko) : “Inggih.”
Sarju : “Lah, manga, menika lapakipun…sampun
Mas Bei Ranukarya
Mas Bei Handakasura kajengipun, lare kula pun Sarju kemawon
Mas Bei Ranukarya ingkang kapurih mbekta!”
: “Matur kesuwun! Sampun kelilan.”
: “Inggih, manga.”
Katrangan tembung-tembung:
Mas : sebutan tumrap tiyang kang duwe pangkat tataran tengahan
Bei : cekakan saka ngabei (nama pangkat tengahan tumrap priyayi)
Lapak : abah-abahan, kang kanggo lungguh wong numpak kapal
Bopong : ulesing kapal kang warna kuning, sikile ireng
Mathi : unyeng-unyeng kapal, kang dadi tenger wewatakane kapal
Baya-kapethuk : cakrik wujude unyeng-unyeng kapal
Suri : rambute kapal
Rencang : batur, rewang, wong sing melu ngabdi marang wong liya
Kelilan : oleh, antuk idin
Weweg : lema
Katangan ing basa krama lugu
Manawa didadekake krama lugu, sing perlu diowahi yaiku:
Ukara larik 4 : tembung ngampil -- nyambut
tembung kagunganipun -- gadhahanipun
Ukara larik 18 : tembung kesuwun -- nuwun
Tembung kelilan -- kepareng
b. Wong sing jejer kalenggahane luwih andhap, nanging ora kulina ketemu,
utawa sing wis kulina ketemu nanging duwe karep kanggo ngajeni.
Roni lan Ratna : “Assalamualaikum.”
Pak Lurah : “Waalaikumsalam. Mangga-mangga mlebet.”
Roni : “Inggih Pak. Mekaten Pak, tepangaken nama kula
Ratna
Pak Lurah Roni, menika kanca kula.”
Ratna : “Nama kula Ratna.”
: “Njih Mas Mbak, kepripun? Apa sing bisa dak
Pak Lurah
Roni bantu?”
Pak Lurah : “Mekaten Pak, kula saking RW 2. Kula kekalih badhe
Ratna
ngampil sinjang kangge lomba Kartini. Kados pundi
Pak?”
: “Oh iya. Nanging saiki jarike ora nang ngomah.”
: “Inggih Pak, boten menapa. Lha saged kula pendhet
kapan?”
: “Dina Jumat ya.”
: “Inggih Pak, maturnuwun.”
55
c. Sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh marang
golongan tartamtu.
Para pamiyarsa ingkang minulya!
Raos seneng dhateng kaendahan menika asipat kodrat, sampun
tumetes ing salebeting manah wiwit alit. Mila kenging dipuntiteni,
tuladhanipun manawi bayi dipunemban kaliyan dipunrengeng-
rengengaken, lajeng boten rewel lan dangu-dangu lajeng tilem. Manawi
sampun mindhak ageng, dados lare inggih seneng mengangge ingkang
sarwa sae. Yen lare jaler seneng ngangge kathok abrit, ngangge topi, lsp.
Dene manawi lare estri seneng pupuran, bengesan, ngangge gelang,
kalung, sengkang, lsp.
Kanthi makaten raos kaendahan perlu dipunipuk-ipuk wiwit alit.
Wonten ing jagating pandhidhikan seni, wonten pambudidaya ingkang
dipunwastani nanem apresiasi, inggih menika marsudi murih lare saged
mangertosi, lajeng saged ngraosaken, ing satemah purun ngaosi sagung
kaendahan ingkang sumunar damel asrining buwana. Lare ingkang sampun
saged necep raosing kaendahan, utawi sampun apresiatif, adatipun lantip
ing sasmita, lembat ing panggraita, ingkang mahanani dhumateng alusing
raos saha luhuring budi.
Sagung pamiyarsa ingkang tuhu luhur ing budi!
Kaendahan menika kenging dipunperang dados kalih, inggih menika
kaendahan ingkang asipat alam utawi asipat kodrat, kaliyan kaendahan
ingkang asipat garapan. Kaendahan alam upaminipun sesawangan asri ing
pesisir Parangtritis wanci enjing, endah adining sesekaran, ocehing peksi
ingkang nengsemaken manah, para mudha ingkang arupi bagus utawi ayu,
lsp.
Dene kaendahan garapan menika mila ingkang dipundamel, utawi
dipungarap dening karyaning manungsa, kadosta gambar sekar, tembang,
busana temanten, musik, beksa, ringgit purwa, buku crita, lsp., ingkang
limrahipun dipunwastani kesenian utawi kagunan.
Para pamiyarsa ingkang dahat kinurmatan!
Wonten ing kagunan Jawi, kaendahan menika dipungarap kanthi
remit, ngantos dados adiluhung, lan kenging kangge mbangun watak saha
kapribaden. Dene caranipun, kaendahan wau dipunisi mawi kautamen-
kautamen utawi nilai-nilai, nanging kadamel luluh, boten ngatawisi.
Ingkang wigatos kaendahan wau kaudi supados saged nggepok telenging
manah, utawi menyentuh hati. Kanthi mekaten boten kanthi karaosaken,
56
ngertos-ngertos kautamen wau rumesep lebet (dihayati), ing wasana dados
pambekan luhur ing satemah dados jatidhirining pribadi, ingkang
sawekdal-wekdal kalairaken (diamalkan) awujud tumindak-tumindak
ingkang utami. Tuladhanipun, tiyang ingkang seneng ningali ringgit purwa,
boten kraos mesthi nggadhahi watak ingkang utami, upaminipun kados
Raden Arya Gatutkaca, Patih Suwanda, Yudhistira, lsp. Raosipun lingsem
manawi badhe tumindak angkara kados dene para danawa. Para pamiyarsa
ingkang minulya, inggih namung menika andharan kula ingkang kanthi
irah-irahan “Sunaring Kaendahan”. Bokbilih wonten kalepatan lan
kekirangan samia suka paring agunging sih pangaksami. Mugi rahayu
ingkang pinanggih.
Nuwun!
(Kabesut saking buku Marsudi Basa 3 Wulangan 4 lumantar Harjawijana
lan Supriya, 2009: 87-88).
d. Kanggo ngripta basa sinerat kang asipat umum, ora migunakake unggah-
ungguh tumrap uwong utawa golongan tartamtu.
GRIYA SAHA PAKAWISIPUN
Wangsakarya anggeniun gegriya dados pangaleman sarta dados
tuladhanipun tiyang kathah. Griyanipun wetah aresik, pranataning prabot
griya sarta panyelehing pirantos tetanen boten pating slengkrah. Kaangkah
supados dados griya ingkang ngresepaken tiningalan.
Pemahanipun tansah resik angilak-ilak, paceren pawon lan pakiwan
kadamelaken ilen-ilen sampun ngantos ngembong, saben kalih utawi tigang
dinten dipunresiki. Barang-barang ing salebeting tansah resik. Ing griya, ing
pawon sarta ing longanipun boten nate wonten sawang kemlawer.
Pakebonanipun boten nate rungkud, dalah papringanipun inggih
katingal resik. Wit-witan ing pakaranganipun boten nate wonten
kemladheyanipun, awit piyambakipun ngertos yen kemladheyan menika
saged nyuda raos utawi kathahing wohipun.
Witipun klapa saben mangsa labuh mesthi dipunresiki, njalari
kathahing uwohipun. Pangundhuhipun inggih mawi kinten-kinten, sampun
ngantos katrak uwohipun. Dhapuranipun pisang boten nate wonten
klarasipun, pamendheting ronipun boten nate ngepok, mesthi kekantunaken
kitiripun, supados uwitipun saged lestantun ageng-ageng. Yen mangsa labuh
dhapuran ingkang kathah anakipun dipun-elongi, kaelar ing papan ingkang
sela, awit yen kekathahen, uwohipun dados alit-alit.
57
Pager karas saha pageripun dhadhah tansah katingal wetah, awit angger
wonten ingkang risak lajeng kemawon dipundandosi, boten mawi ngentosi
prentahipun kebayan, sarta pager dhadhah wau sadaya turus ingkang medal
kasilipun (Harjawijana lan Supriya, 2009: 88-89).
Katrangan:
1) Pamor : rerenggan ing wilahan dhuwung, kadamel saking
waja pethak; ingkang dipunmaksud “pamoring
dhusun” inggih menika warga dhusun ingkang
kenging dipun-angge patuladhan.
2) Kitir : Ron pisang ingkang Kantun ing papah, manawi
anggenipun mendhet ron pisang boten ngepok.
3) Mangsa labuh : Wanci ngajengaken wanci rendheng (antawis
wulan September dumugi Oktober).
4) Karas : Pemahan, pekarangan.
5) Dhadhah : Pager ingkang kadamel saking tetuwuhan.
6) Turus : Kethokan wit utawi pang, ingkang dipun-angge
pager.
7) Kebayan : Prabot dhusun jaman rumiyin ingkang dipun-angge
kengkenan.
8) Paceren : Jugangan kangge pambucalan toya reged saking
pawon, kolah, lsp.
9) Klaras : Ron pisang ingkang sampun sami garing ing wit.
Kanggo nyinau basa krama lugu sacara online awujud aplikasi android kamus basa
Jawa kang jumbuh TPACK (Technological Knowledge Pedagogy and Content
Knowledge) bisa dituweni ing laman http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-
gratis-android/. Kaya mangkene tuladhane aplikasi android kamus basa Jawa:
58
1) Pepak Belajar Bahasa Jawa
2) Translator Jawa
D. FORUM DISKUSI
Coba gawea klompok banjur rembuken wujud pacelathon kanthi tema
pendhidhikan nggunakake unggah-ungguh krama lugu!
59
PENUTUP
A. RANGKUMAN
Krama lugu yaiku jinising ragam tingkat tutur basa Jawa kang tembung-
tembunge kabeh krama, ater-ater lan panambange uga krama. Krama lugu uga
diarani kramantara, iku racake kanggo gunemane wong lumrah padha wong lumrah,
utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu sadulure dhewe).
Tembung krama iku dhewe duwe titikane tembung, yaiku bisa sacara morfologis
sarta dudu morfologis. Sacara morfologis yaiku bisa katitik saka panganggone
wuwuhan, tuladha wuwuhan kang dadi titikane tembung krama yaiku {dipun-}, {-
ipun} lan {-aken}. Dene panandha dudu morfologis tuladhane ana bentuk tembung
kang pungkasane dadi [en] kang bisa nandhani bentuk kramane. Tuladha: semana
dadi semanten, sedaya dadi sedanten, lan sapanunggalane.
Pandhapuke krama lugu bisa kanthi ngramakake tembung, ngramakake ater-
ater, ngramakake panambang, lan ngramakake rimbag camboran. Pigunane basa
krama lugu yaiku kanggo wong loro utawa luwih sing statuse kurang luwih padha,
kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget; wong sing statuse luwih andhap,
nanging ora kulina ketemu, utawa sing wis kulina ketemu nanging duwe karep
kanggo ngajeni; sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh marang
golongan tartamtu; kanggo ngripta basa sinerat kang asipat umum, ora migunakake
unggah-ungguh tumrap uwong utawa golongan tartamtu.
B. TES FORMATIF
Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, lan E kang dadi wangsulane
pitakon!
1. Titikane krama lugu yaiku….
A. ngasorake awake dhewe
B. ngasorake wong liya
C. ngasorake wong sing dirasani
D. ngasorake sapadha-padha
E. ngasorake awake dhewe lan wong liya
60
2. Mangke panjenengan kemawon ingkang nyare wonten griya kula. Tembung ing
ukara kasebut, sing kagolong krama lugu yaiku….
A. mangke
B. panjenengan
C. kemawon
D. nyare
E. griya
3. Tembung sing ndhapuk krama lugu yaiku….
A. ngoko alus, krama inggil
B. ngoko lugu, krama andhap
C. krama, madya, netral
D. krama, krama madya, krama lugu
E. krama alus, krama, inggil, krama
4. Krama lugu ngemot rasa alus sing….
A. asor
B. madya
C. inggil
D. sedhengan
E. dhuwur banget
5. Krama lugu yaiku….
A. basa sing tembung-tembunge kabeh krama, klebu ater-ater lan panambange.
B. basa sing tetembungane ngoko karo krama
C. basa sing tetembungane ngoko kabeh
D. basa sing tembunge ora ana campurane
E. basa sing tembunge dicampur krama
6. Peksinipun bapak sampun pejah wingi sonten. Tembung sing nuduhake krama
lugu yaiku….
A. peksinipun
B. bapak
C. sampun
D. pejah
E. sonten
61
7. Semah kula nyambut damel dados Notaris. Tembung sing nuduhake krama lugu
yaiku….
A. semah
B. kula
C. nyambut
D. damel
E. dados
8. Rayi kula nembe kemawon wangsul. Tembung sing nuduhake krama lugu
yaiku.…
A. rayi
B. kula
C. nembe
D. kemawon
E. wangsul
9. Krama lugu bisa uga diarani….
A. krama inggil
B. krama madya
C. krama alus
D. krama asor
E. krama kasar
10. Basa krama lugu nggambarake sesrawungan olehe kekancan….
A. raket
B. adoh
C. sedhengan
D. adoh banget
E. kenal ning durung raket
11. Kula badhe dhahar tela cilembu. Tembung sing kacithak kandhel kuwi supaya
trep diowahi dadi….
A. maem
B. mangan
C. nedha
D. mimik
E. ngunjuk
62
12. Ater-ater sing nyartani krama lugu kudune nganggo….
A. basa krama
B. basa krama inggil
C. basa ngoko
D. basa ngoko inggil
E. basa krama andhap
13. Krama lugu lumrahe kanggo….
A. wong enom marang wong tuwa
B. wong enom marang wong enom
C. wong sing luwih tuwa nanging durung raket
D. wong sing luwi enom marang sing durung raket
E. wong sing raket banget
14. Tembung kowe manawa ana ing krama lugu dadi….
A. kowe
B. samang
C. sampeyan
D. njenengan
E. panjenengan
15. Uwong sing lagi kenal padatan nganggo basa….
A. krama inggil
B. krama lugu
C. ngoko lugu
D. ngoko alus
E. ngoko madya
16. Ing ngisor iki sing dudu titikane unggah-ungguh basa ragam krama lugu
yaiku.…
A. uwong enom ngurmati sing awune luwih tuwa
B. uwong tuwa ngurmati uwong sing luwih enom
C. uwong wanuh sapadha-padha nanging ngajeni
D. uwong ora wanuh sapadha-padha
E. uwong sing lagi wae ditemoni
63
17. Simbah : “Sampeyan menapa badhe …. ringgit, Nak?”
Pak Narya : “Inggih, Mbah.”
Cecek-cecek kuwi lumrahe diisi tembung….
A. mirsani
B. nonton
C. ningali
D. midhangetaken
E. nyemak
18. Bapak (menehi ngerti) Simbah. Tembung njero kurung supaya trep unggah-
ungguhe diganti…
A. ngendikani
B. sanjang
C. matur
D. ngandhani
E. ngaturi pirsa
19. Kula (dicaosi) wajik kaliyan gedhang. Tembung njero kurung supaya trep
unggah-ungguhe diganti….
A. diparingi
B. diwenehi
C. diaturi
D. diawehi
E. dicepaki
20. Iya, katrangane Bapak pepak sanget. Ukara kasebut gawenen nganggo basa
krama lugu!
A. “Inggih, katranganipun Bapak jangkep sanget.”
B. “Nggih, katrangane Bapak jangkep banget.”
C. “Iya, katrangane Bapak jangkep banget.”
D. “Iya, katrangane Bapak pepak banget.”
E. “Iya, katrangan Bapak pepak sanget.”
64
KEGIATAN BELAJAR 4
KRAMA ALUS
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Modhul iki ngrembug babagan Krama Alus kang kaperang dadi patang materi
pokok, yaiku: 1) Tegese krama Alus, 2) Paugeran pandhapuking krama alus, lan 3)
Paugeran pamilihing krama alus, 4) Pigunane basa krama alus. Kanthi urut-urutan
mengkono kaajab mahasiswa luwih gampang anggone nampa informasi babagan
krama alus lan dipungkasi kanthi kawasisan micara nggunakake ragam krama alus
kanthi bener lan pener.
Adhedhasar andharan sing wis kababar ing pambuka ing dhuwur iku mau, para
dwija wis samesthine kudu bisa nindakake pakaryane dwija basa Jawa jumbuh karo
kode etik profesi guru. Dwija kudu tanggap ing budaya, ngajeni marang etnik kang
maneka warna, agama, sarta faktor-faktor liyane sing ana gegayutane karo para siswa
(peserta didik), yaiku guru bisa wawan pangandikan sarta nglairake gagasan
nggunakake basa Jawa kanthi trampil, nganggo basa lesan apadene basa tulis kanthi
nggunakake kasugihaning tembung (kosakata) lan paramasastra sing trep lan jumbuh
karo unggah-ungguhing basa Jawa.
Modhul PPG iki uga kajumbuhake karo capaian pembelajaran PPG dalam
jabatan Pendidikan Bahasa Jawa. Capaian Pembelajaran kasebut yaiku:
Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan aplikasinya
dalam pembelajaran.
Tabel 1. Capaian Pembelajaran lan Ringkesan Sub Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Sub Capaian Pembelajaran
Menganalisis prinsip materi 1. Ngandharake tegese krama alus.
keterampilan berbahasa lisan dan 2. Ngandharake titikane tembung krama
tulis dan aplikasinya dalam alus.
pembelajaran. 3. Ngandharake pandhapuke
tetembungan krama alus.
4. Ngandharake pigunane basa krama
alus.
5. Ngowahi wujud krama alus.
6. Nggawe tuladhapacelathon
nggunakake basa krama alus.
65
B. PETUNJUK BELAJAR
1. Wacanen isining buku, pambuka, uga materi-materi ana ing modhul iki kanthi
tliti!
2. Waspadakna prentah lan trap-trapane anggone nyinau modhul kasebut supaya
luwih gampang mangerteni isine!
3. Ngertenana saben materi teori dasar sing bakal nyengkuyung kawasisan,
banjur garapen pitakonan-pitakonan ana ing tes formatif kanggo ngukur
nganti tekan ngendi kawasisan materi sing wis koksinau!
4. Kanggo mangsuli tes formatif wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C,
D, lan E kang dadi wangsulane pitakonan!
5. KKM paling sethithik 80%.
6. Manawa ana tugas garapen kanthi tememen, lan manawa prelu bisa nyuwun
pirsa marang para pembimbing/instruktur!
7. Catheten manawa nemokake materi sing durung dimangerteni prelu nyuwun
pirsa marang para pembimbing/instruktur!
8. Wacanen kapustakan liyane sing gayut karo materi modhul kasebut kanggo
tambahing ngelmu!
PETA KONSEP
Bagan 1. Peta Konsep Modhul
66
INTI
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Menganalisis prinsip materi keterampilan berbahasa lisan dan tulis dan
aplikasinya dalam pembelajaran.
B. POKOK-POKOK MATERI
1. Tegese Krama Alus
2. Titikane Tembung Krama Alus
3. Pandhapuke Krama Alus
a. Ngramakake tembung
b. Ngramakake ater-ater
c. Ngramakake panambang
d. Ngramakake rimbag camboran
4. Pigunane Basa Krama Alus
C. URAIAN MATERI
1. Tegese Krama Alus
Krama alus yaiku wujud undha usuk basa Jawa kang kabeh
tetembungane kawangun saka tembung krama lan ditambahi tetembungan
krama alus utawa bisa uga kawuwuhan krama andhap. Krama alus bisa uga
kasebut tembung krama kang urmat banget. Sing dadi tembung baku ing krama
alus yaiku tetembungan krama. Tembung-tembung madya lan ngoko ora
digunakake ing krama alus. Tetembungan krama alus lan krama andhap
kagunakake sacara ajeg kanggo paweh pakurmatan tumrap mitra wicara.
Sacara semantis ragam krama alus ngemot teges alusing basa.
Kanggo nambah kawruh, awake dhewe prelu mangerteni bab
kasugihaning tembung basa Jawa. Sing kapindho, perangane unggah-ungguh
basa Jawa miturut para winasis lan perangan sing endi sing bakale kanggo
dhasar pamulangan. Andharane kaya mangkene.
a. Kasugihaning tembung basa Jawa
Bab kasugihaning tembung (basa Indonesiane kosakata utawa
perbendaharaan kata, lan basa Inggrise vocabulary) iki merang (mantha-
mantha, nglasifikasekake) tembung-tembung basa Jawa adhedhasar ragame.
Ana sing diarani tembung basa Jawa ragam ngoko, madya, krama, lan
sapanunggalane. Gegayutan karo bab pamanthane kasugihaning tembung
basa Jawa iki ana sawetara panemu sing beda-beda. Malah ana (lumrahe
67
bocah-bocah enom, lan saperangan uga piyayi sepuh sing durung paham)
sing nyebutake kasugihaning tembung basa Jawa iku mung ana telu;
tembung ngoko, tembung madya, lan tembung krama. Lha bab-bab sing
kaya ngono iku mau sing banjur ndadekake dredah, beda panemu, lan
gesehing pamanggih.
Lumrahe sing njalari beda panemu-gesehing pamanggih iku amarga
nyampuradhukake antarane bab kasugihaning tembung basa Jawa sing
kudune dibedakake karo unggah-ungguhing basa Jawa utawa undha-
usuking basa Jawa. Kasugihaning tembung basa Jawa iku mung winates ing
tembung-tembung iku kalebu tembung basa Jawa ragam apa. Apa ragam
ngoko, ragam madya, utawa ragam krama, apa ragam liyane. Ing kene sing
dikarepake tembung ngoko iku komplite yaiku tembung basa Jawa ragam
ngoko, tembung madya tegese tembung basa Jawa ragam madya, tembung
krama tegese tembung basa Jawa ragam krama, lan sateruse. Kanggo ngirit
tembung lan supaya luwih praktis banjur diringkes wae dadi tembung
ngoko, tembung madya, tembung krama, lan sateruse.
b. Perangane unggah-ungguh basa Jawa
Gegayutan karo babagan unggah-ungguh basa Jawa sajroing bab iki arep
kaandharake peranganing unggah-ungguh basa Jawa miturut para sarjana
winasis.
c. Peranganing Unggah-ungguh Basa Jawa ing Buku Karti Basa
Ana ing buku Karti Basa babaran Kementrian PP dan K (1946: 64 – 84)
disebutake manawa unggah-ungguh basa Jawa (ana ing buku mau diarani
undha-usuk) kaperang dadi pitu. Unggah-ungguh basa Jawa miturut Karti
Basa kaperang dadi 13, yaiku ngoko lugu, basa antya, antya basa, madya
krama, madyantara, madya ngoko, mudha krama, kramantara, wredha
krama, krama inggil, basa kedhaton, krama desa, lan basa kasar.
d. Peranganing Unggah-ungguh Basa Jawa Miturut Soepomo Poedjosudarma,
lkk. (1979)
Sajroning buku Tingkat Tutur Bahasa Jawa asil panalitene Soepomo
Poedjosudarma, lkk. (1979) sing kababar dening Pusat Bahasa Jakarta
disebutake manawa unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi telu, yaiku
ngoko, madya, lan krama. Telung tingkat tutur kuwi mau isih diperang-
perang maneh dadi sangang perangan. Ngoko kaperang maneh dadi telu:
ngoko lugu, basa antya, lan antya basa; madya kaperang maneh dadi telu:
madya krama, madyantara, lan madya ngoko; krama uga kaperang maneh
dadi telu: mudha krama, kramantara, lan wredha krama.
68
e. Unggah-ungguh Basa Jawa Miturut Sudaryanto (1989) lan Karno
Ekowardono, lkk. (1993)
Sudaryanto (1989) merang tingkat tutur utawa unggah-ungguh basa Jawa
dadi papat, yaiku ngoko, ngoko alus, krama, lan krama alus. Dene Karno
Ekowardono, lkk. (1993) mbedakake unggah-ungguh basa Jawa dadi loro,
yaiku ngoko lan krama. Menawa unggah-ungguh basa Jawa ngoko
katambah tembung krama inggil, unggah-ungguh basa Jawa kasebat bakal
owah dadi ngoko alus. Dene menawa unggah-ungguh basa Jawa krama
ditambah krama inggil, unggah-ungguh basa Jawa kuwi mau bakal owah
dadi krama alus. Supaya luwih gamblang, peranganing unggah-ungguh basa
Jawa miturut Sudaryanto lan Karno Ekowardono, lkk. bisa dipirsani bagan
ngisor iki.
Unggah-ungguh Basa Jawa
Ngoko Krama
Ngoko Ngoko Alus Krama (lugu) Krama Alus
Bagan 2. Unggah-ungguh Basa Jawa Miturut Sudaryanto (1989) lan
Karno Ekowardono, lkk. (1993)
2. Titikane Tembung Krama Alus
Basa Jawa krama alus iku basa Jawa sing kawangun saka tembung krama
kabeh banjur ditambah tembung krama andhap lan/utawa tembung krama
inggil. Upamane: saka tembung ngoko mulih diganti tembung krama mantuk
(yen kanggo awake dhewe), utawa diganti tembung krama inggil kondur (yen
kanggo wong liya sing perlu dikurmati). Saka tembung ngoko mangan diganti
tembung krama nedha (kanggo awake dhewe), utawa diganti tembung krama
69
inggil dhahar (kanggo wong liya sing perlu dikurmati). Coba ayo digatekake
bareng-bareng tuladha ing ngisor iki.
a. 1) adhiku wis mulih.
2) kula sampun mantuk.
3) bapak sampun kondur.
b. 1) adhiku durung mangan.
2) kula dereng nedha.
3) ibu dereng dhahar.
Kajaba saka iku, uga ana titikane basa Jawa krama alus kaya sing
diandharake ing ngisor iki.
a. Kabeh tembung ngoko diganti nganggo tembung krama, tembung krama
andhap, utawa tembung krama inggil, gumantung sapa sing micara lan mitra
wicarane.
b. Imbuhan ngoko {di-}, {-ake}, lan {-e} diganti nganggo imbuhan krama
{dipun-}, {-aken}, lan {–ipun}, wondene imbuhan liyane tetep.
c. Klitik {dak-} lan {–ku} diganti dadi kula, dene klitik {kok-} lan {–mu}
diganti dadi panjenengan.
d. Tembung netral ora owah.
Tuladhane mangkene:
a. 1) Aku arep nukokake adhiku dhuren montong.
2) Kula badhe numbasaken adhi kula dhuren montong.
b. 1) Toni didhawuhi Ibu njupukake tase.
2) Toni dipundhawuhi Ibu mendhetaken tasipun.
3. Pandhapuke Krama Alus
Pandhapuke basa krama alus bisa kaowahi saka tembung, ater-ater,
panambang, lan rimbag camboran. Tuladhane kaya mangkene:
a. Ngramakake Tembung
1) Tembung-tembung ngoko kang ana kramane diganti tembung krama
alus, dene kang ora ana kramane tetep migunakake tembung ngoko.
Tuladha:
Ngoko
Aku arep tuku piranti sekolah kayata buku, bolpen, garisan, karo potelot.
Krama Lugu
70
Kula badhe mundhut piranti sekolah kadosta buku, bolpen, garisan,
kaliyan potelot.
2) Tembung-tembung kang magepokan karo awake dhewe ana krama aluse
tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Bocah kuwi wis rong taun manggon ing omahku.
Krama lugu
Lare menika sampun kalih taun manggen wonten griya kula.
3) Tembung-tembung kang magepokan karo kewan, wit-witan utawa
samubarang kang ana kramane tetep dikramakake. Tuladha:
Ngoko
Manuk sing menclok ing wit jeruk mau mabur saka cagak ireng.
Krama lugu
Peksi ingkang menclok wonten ing wit jeram kalawau miber saking
cagak cemeng.
b. Ngramakake Ater-ater
1) Ater-ater {di-} dikramakake dadi dipun-
Ngoko
Jarite wis dijupuk Sari.
Krama lugu
Nyampingipun sampun dipunpendhet Sari.
2) Ater-ater {kok-} dikramakake dadi panjenengan-
Ngoko
Jarite wis kokjupuk.
Krama lugu
Nyampingipun sampun panjengan pendhet.
3) Ater-ater {dak-} dikramakake dadi {adalem-}
Ngoko
Jarite wis dakjupuk.
Krama lugu
Nyampingipun sampun adalem pendhet.
c. Ngramakake Panambang
1) Panambang {-e} dikramakake dadi {-ipun}
Ngoko
Jarite daktuku ya?
Krama lugu
Nyampingipun kula pundhut nggih?
71
2) Panambang {-en} dikramakake dadi {panjenengan-} menika
Ngoko
Jarike tukunen wae.
Krama lugu
Nyampingipun panjenengan pundhut mawon.
3) Panambang {-ana} dikramakake dadi {panjenengan-}
Ngoko
Jarike tukonana wae.
Krama lugu
Nyampingipun panjenengan pundhut mawon.
4) Panambang {-na} dikramakake dadi {panjenengan-aken}
Ngoko
Njaluk tulung tukokna jarik siji.
Krama lugu
Nyuwun tulung panjenengan pundhutaken nyamping setunggal.
5) Panambang {-mu} dikramakake dadi {-panjenengan}
Ngoko
Jarikmu dituku pira?
Krama lugu
Nyamping panjenengan dipunpundhut pinten?
6) Panambang {-ku} dikramakake dadi {-adalem}
Ngoko
Jarikku dituku satus ewu.
Krama lugu
Nyamping adalem dipunpundhut setunggalatus ewu.
d. Ngramakake Rimbag Camboran
1) Camboran {N-a} dikramakake dadi {panjenengan-N}
Ngoko
Nyiliha jarike Bu Wardoyo!
Krama lugu
Panjenengan-ngampila nyampingipun Bu Wardoyo!
2) Camboran {N-ana} dikramakake dadi {panjenengan-N-i}
Ngoko
Nyilihana jarik-jarik sing anyar kae wae!
Krama lugu
Panjenengan-ngampili nyamping-nyamping ingkang enggal
mawon!
72
3) Camboran {N-na} dikramakake dadi {panjenengan-N-aken}
Ngoko
Nyilihna jarik Bulik Tini, kareben kanggo among tamu.
Krama lugu
Panjenengan ngampilaken nyamping Bulik Tini, kajengipun kangge
among tamu.
4) Camboran {di-ake} dikramakake dadi {dipun-aken}
Ngoko
Jarik kuwi digawakake saka desa.
Krama lugu
Nyamping menika dipunbektakaken saking dhusun.
5) Camboran {kok-ake} dikramakake dadi {panjenengan-aken}
Ngoko
Jarik truntum kuwi kokgawakake kanggo sapa?
Krama lugu
Nyamping truntum menika panjenengan bektakaken kagem sinten?
6) Camboran {dak-ake} dikramakake dadi {adalem-aken}
Ngoko
Jarik truntum kuwi dakgawakake kanggo kowe.
Krama lugu
Nyamping truntum menika adalem bektakaken kagem panjenengan.
7) Camboran {dak-e} dikramakake dadi {adalem-ipun}
Ngoko
Jarik truntum kuwi dakgawane ya.
Krama lugu
Nyamping truntum menika adalem bektanipun nggih.
8) Camboran {dak-ane} dikramakake dadi {adalem-anipun}
Ngoko
Jarik truntum kuwi dakgawanane ya.
Krama lugu
Nyamping truntum menika adalem bektananipun nggih.
9) Camboran {dak-ne} dikramakake dadi {adalem-aken}
Ngoko
Jarike dakgawakne ya.
Krama lugu
Nyampingipun adalem bektakaken nggih.
73
4. Pigunane Basa Krama Alus
Kaya sing disebutake ing pokok-pokok materi ing dhuwur iku, menawa
basa Jawa krama alus iku digunakake dening (a) anak marang wong tuwa, (b)
murid marang gurune, (c)kenalan anyar, (d) wong liya kang luwih tuwa utawa
dihurmati, lan (e) kanggo micara (pidhato) ing pahargyan utawa ing
pasamuwan-pasamuwan, (f) pangarsa (pimpinan) marang andhahan, lan (g)
donga. Dene andharane kanthi ringkes sarta tuladhane mangkene.
a. Anak marang wong tuwane
Wis samesthine anak/putra iku nalika matur marang wong tuwane becike
nggunakake basa Jawa krama alus kanggo ngurmati bapak utawa ibune.
Satemene mono panganggone basa Jawa krama alus ora mung kanggo anak
marang wong tuwane, nanging bisa uga kanggo putu marang eyange,
ponakan marang pakdhe/budhene utawa paklik/bulike. Tuladha
panganggone basa Jawa krama alus sing digunakake dening anak marang
wong tuwane.
Dana : “Bapak, kalawau dalu sare tabuh pinten, ta? Kok kadingaren
ngantos tabuh gangsal nembe wungu.”
Bapak : “Jam 02.00. Lha wong ngrungokake wayang neng RRI,
lakone kok apik temen. Lha kowe turu jam pira?”
Dana : “Menawi kula tilem tabuh 11.00 dalu, bakda ningali bal-
balan ana RCTI. Ngendikanipun Ibu, Bapak badhe tindak
dhateng Surabaya, menapa saestu?”
Bapak : “Ya, bener. Apa arep ndherek?”
Dana : “Boten. Kula badhe kesah piyambak dhateng Rawa Pening
kaliyan kanca-kanca.”
Bapak : “Lha wis nyuwun sangu ibumu durung?”
Dana : “Sampun, malah diparingi sangu Eyang iki.”
b. Murid marang gurune
Murid nalika matur marang gurune uga kudu nggunakake basa Jawa krama
alus. Aja nganti kleru pamilihe tembung-tembunge. Ing basa Jawa krama
alus, tembung-tembung krama lan krama andhap kanggo awake dhewe (si
murid), dene tembung-tembung krama inggil kagem Bapak guru utawa Ibu
guru. Tuladhane mangkene.
Susi : “Sugeng enjing Bu.”
Bu Guru : “Sugeng enjing. Ee, Susi, ana apa Sus?”
Susi : “Inggih Bu Guru, kula badhe matur, bilih dinten iki. Siti
Bu Guru : boten mlebet sekolah. Iki serat idinipun Bu.”
Susi : “Lho, lha keneng apa Siti kok ora mlebu sekolah? Apa
Bu Guru : lara?”
Susi : “Inggih, leres Bu. Siti boten mlebet sekolah amargi
sakit.”
“Lara apa?”
“Sanjangipun flu lan watuk-watuk, malah wetengipun
ugi sakit sampun loro dinten iki.”
74
Bu Guru : “O, yaw is, takparingi idin, muga-muga ndang mari,
Susi : sesuk wis bali sehat lan bisa mlebu sekolah maneh.”
“Inggih Bu Guru. Matur nuwun sanget awit paringipun
donga kangge Siti.”
c. Kenalan anyar
Basa Jawa krama alus uga kerep digunakake dening wong sing lagi kenal
utawa kenalan anyar, luwih-luwih yen umure kurang luwih padha, kaya
katon ing tuladha pacelathon ngisor iki.
Pak Badri : “Nuwun sewu Pak, badhe nyuwun priksa.”
Pak Sukri : “O inggih.”
Pak Badri : “Dalemipun Bu Rintis iki sing pundi nggih?”
Pak Sukri : “Bu Rintis? Bu Rintis iki ana loro. Sing setunggal
Pak Badri
Pak Sukri anggota DPRD, sing setunggal perias manten.”
: “O anu, Bu Rintis sing anggota DPRD Sala.”
Pak Badri : “O…, iki Panjenengan teras kemawon mangke wonten
Pak Sukri
prapapat katuran nengen. Kirang langsung selangkung
meter wonten pratelon mangke menggok ngiwa kirang
langkung seket meter. Dalem wonten tengen margi
majeng ngilen.”
: “O inggih, matur nuwun Pak.”
: “Inggih Pak, sami-
sami.”
d. Wong liya kang luwih tuwa utawa sapadha-padha sing dikurmati
Guneman (wawan pangandikan) antarane wong loro, panutur lan mitra tutur
wong liya sing luwih tuwa utawa sapadha-padha (sapantaran) sing
dikurmati, lumrahe loro-lorone banjur padha-padha nggunakake basa Jawa
krama alus, kaya ing tuladha ngisor iki. (Sasangka, 2010: 157 – 158).
Jarwanto : Badhe tindak pundi, Pak?
Darsono : Anu, badhe dhateng peken.
Jarwanto : Kok piyambakan?
Darsono : Inggih namung badhe dolan-dolan kemawon.
Menapa ingkang rama wonten dalem?
Jarwanto : Wah, nembe kemawon tindak kaliyan ibu.
Darsono : Adhuh…menawi mekaten kula kepancal sepur. Angkah
kula badhe sowan rumiyin saderengipun dhateng
peken, e…malah sampun tindakan.
Jarwanto : Anu kok, bapak tindakan namung sakedhap, namung
ngeteraken ibu dhateng Dhokter Gunawan ing
Karangjati, mangke rak enggal kondur.
Darsono : O…, inggih menawi mekaten, kula sowan mangke
sonten kemawon. Pareng rumiyin.
Jarwanto : Mboten pinarak rumiyin?
Darsono : Mangke kemawon kula sowan malih. Sampun pareng.
Jarwanto : O…, inggih manga ndherekaken.
75
e. Kanggo micara (pidhato) ing pahargyan/pasamuwan
Basa Jawa krama alus, kajaba dienggo guneman antarane anak marang
wong tuwane, murid marang gurune, kenalan anyar, wong liya kang luwih
tuwa utawa dihurmati, uga lumrah kanggo micara (pidhato) ing pawiwahan,
pahargyan, utawa ing pasamuwan-pasamuwan. Upamane, digunakake
dening pambiwara, pasrah-panampi manten, atur pambagyaharja, lan liya-
liyane. Tuladhane kaya mangkene.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillaahi nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfiruhu.
Wana’udzubillaahi minsyuruuri anfusinaa wamin sayyi aati a’maalinaa.
Mayyahdihillaahu falaa mudhillalah, wamayyudhlil falaa hadiyalah.
Asyhadu allaa ilaaha illallaahu ……….. Allaahumma shalli wasallim ‘alaa
………….
Para sesepuh, pinisepuh sing satuhu kula bekteni, para tamu kakung saha
putri ingkang tansah winantu ing suka-basuki, para sinedhahan sing pantes
sinuyudan, dalah para kadang sumitra ingkang dhahat sinudarsana.
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan kula dherekaken sesarengan
angonjukaken puji syukur alhamdulillah wonten ngarsanipun Allah swt.
Mugi rahayu saha sih wilasaning Gusti Sing Maha Agung, punapa dene
winantu sagunging karaharjan, kayuwanan, kabegjan, lan kawilujengan,
mugi tansah kasariraa ing para tamu sadaya dalah kula.
Para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi. Keparengna kula sumela
matur wonten ngarsa panjenengan sadaya. Kula ingkang kapiji minangka
sulih sarira ingkang hamengku gati, panjenenganipun Bapa H. Mustamir,
S.Ag. sekaliyan Ibu:
Ingkang sepisan, Bapa H. Mustamir, S.Ag. sakulawarga, ngambali
ngaturaken sugeng menggah karawuhan panjenengan, sinartan gunging
panuwun ingkang datan pepindhan dhumateng para tamu, awit sampun kersa
rawuh hangestreni punapa dene paring puji pandonga pangestu dhumateng
panganten sekaliyan sumrambah sadayanipun, wonten ing pahargyan siyang
punika.
Kaping kalihipun, ngambali atur uninga dhumateng para tamu, bilih awit
saka ridhanipun Allah swt., saha pangestu panjenengan sadaya, panganten
sekaliyan, i.p. pun Rr. Anis Septiyani Solichah, S.TP. putra putrinipun
Bapa H. Mustamir, S.Ag. saha Ibu Hj. Nurul Hidayati, S.Pd.I. ingkang
pidalem ing Jln. Sibela Tengah 7 No. 4 Perumnas Mojosongo, Kecamatan
Jebres, Surakarta, sampun kaleksanan dhaup kaliyan Bg. Muhibudin Hanif
Jundullah, A.Md. putranipun Bp H. Dr. Amin Wahyudi, M.M. kaliyan Ibu
Wiwik Rumanti, S.Pd. ingkang pidalem ing Kalioso RT 04 No. 1 Jetis
Karangpung, Kalijambe Sragen. Wondene akad nikah (ijab qobul) sampun
kalampahan kanthi rancag wilujeng sepen ing rubeda kala dinten Setu, surya
kaping 14 April 2018, wanci tabuh 19.30 (setengah wolu dalu), mapan
wonten ing Jln. Sibela Tengah 7 No. 4 Perumnas Mojosongo, Surakarta.
Kanthi menika, kula suwunaken tambahing panjurung pandonga pangestu,
mugi panganten sekaliyan tansah winantua ing karahayon, bisaa lestari
widada, runtut-atut rerentengan, guyup rukun, ayem tentrem, cinelakna ing
kabegjan, sempulur rejekinipun, sarta tinebihna ing godha rencana nir ing
sambekala, temah pinareng hambabar wiji dadi, pinaringan momongan
ingkang hambeg utami, mituhu dhateng wucalan agami, migunani
menggahing nusa bangsa lan negari, dadia putra-putri ingkang sholeh-
76
sholihah, saha saged mangun kulawarga ingkang sakinah, mawadah,
warohmah. Allahumma Amin.
Kaping tiganipun, dhumateng ingkang sampun sami kepareng paring
pambiyantu awujud menapa kemawon, saha tandha-sih, ingkang dados
paseksen agenging katresnan miwah luhuring budi panjenengan dhumateng
panganten sekaliyan minggahipun dhumateng tiyang sepuhipun, Bapa H.
Mustamir, S.Ag. saha Ibu Hj. Nurul Hidayati, S.Pd.I saestu boten saged
ngaturi piwales menapa-menapa kajawi namung saged ngaturaken agenging
panuwun ingkang tanpa pepindhan, sinartan hangaturaken sesanti puja-puji
padyastuti: Jazakallaahu khoiron katsiiron. Mugi-mugi lubering sih
katresnan saha donga pangestu panjenengan wau pikantuka piwales sih
kanugrahaning Gusti ingkang barokah sakalangkung kathah atirah-tirah.
Dene ingkang kaping sekawan, Bapa/Ibu H. Mustamir, S.Ag. ingkang
ambawani damel ing siyang punika, sanadyan sampun kabiyantu para
pamong mitra dalah panitya kridha darma ingkang kapiji, sarta karancang
mrih raras runtut lan rancaging pahargyan ing siyang menika, ewasamanten
dumugining gati taksih kathah kekiranganipun. Kirang pantesing bojakrama
lan subasita, kula suwun para tamu kanthi rila legawa ing panggalih, mugi
kersa angluberaken agunging samodra pangaksama.
Wasana, mawantu-wantu panyuwunipun Bapa/Ibu H. Mustamir, S.Ag.
sabrayat sakulawarga, mugi panjenengan sadaya taksih kepareng
anglajengaken lelenggahan kanthi lega legawaning panggalih ngantos
dumugi paripurnaning pahargyan ing siyang punika, amrih saya tambah
raket-supeket anggenipun sami memitran, kekadangan, lan bebesanan.
Minangka puput pepet pepuntoning atur, kula nglenggana anggen kula
ngaturaken tanggap wacana pambagyaharja punika kathah cicir cewet
kuciwanipun, pramila “Parang Tritis wetan Samas, asin banyune segara.
Kathah atur ingkang kirang titis lan kirang pas, kula nyuwun agunging
pangapura. Dhumateng para tamu, mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Matur nuwun, wekdal saha papan kula aturaken wangsul dhumateng kadang
pambiwara. Akhirul kalam. Billahittaufiq wal hidayah waridha wal-inayah.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Atur pambagyaharja ing dhuwur iku mau minangka salah sijine tuladha
panganggone basa Jawa krama alus ing sesorah (pidhato) ing pawiwahan
utawa pahargyan. Panganggone basa Jawa krama alus iku mau wis jumbuh
karo unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku kawangun dening kasugihaning
tembung (kosakata) sing dumadi saka tembung krama kabeh banjur
ditambahi tembung-tembung krama andhap kanggo awake dhewe (ing kene
sing atur pambagyaharja makili sing duwe gawe) lan tembung-tembung
krama inggil kanggo ngurmati para tamu sing padha rawuh ing pahargyan.
Kajaba saka iku, supaya katon/kapireng tambah nges, ing atur
pambagyaharja bisa dibumboni nganggo basa utawa tembung-tembung liya,
kayata basa Arab, tembung-tembung Kawi, utawa uga tembung-tembung
basa Sanskerta.
77
f.Pangarsa (pimpinan) marang andhahan
Guneman (wawan pangandikan) antarane pangarsa marang andhahane uga
bisa migunakake basa krama alus. Supaya luwih gamblang bisa kokwaca
tuladha kaya ing ngisor iki.
Drajat : “Sugeng enjing Bapak Ibu para staf marketing.”
Sulimin : “Sugeng enjing, Bapa Direktur.”
Tutik : “Sugeng enjing, Pak.”
Drajat : “Dinten menika kula badhe ngrembag asil audit
Sulimin
Drajat saking supervisor.”
Tutik : “Inggih Pak.”
Sulimin : “Ing laporan pangginaning anggaran kedah
Drajat
dipunewahi, amargi wonten geseh arta radi kathah.”
: “Inggih Pak, samangke kula tuweni malih laporanipun.”
: “O…, inggih menawi mekaten laporan enggal kula
ewahi.”
: “Inggih.”
g. Donga
Sakliyane kaya kang wis kasebutake ing ndhuwur, basa krama alus uga
kagunakake kanggo dedonga. Kaya mangkene tuladhane.
Ya Allah ya Rahman, sedaya puja dhumateng paduka, ingkang ngripta dan
njagi saindenging bawana. Boten wonten Gusti ingkang pantes kula sembah
kajawi paduka, Ingkang Maha Tunggal, Maha Agung, lan maha Kuwaos.
Gusti anggen kula sadaya nyuwun pangayoman, anggen kula sadaya
gumantung, lan nyuwun pitulungan.
Ing ndalu menika, civitas akademika Universitas Sebelas Maret lan
masyarakat ing saindenging pawiyatan saged manunggal ing ngajeng grha
dr. Prakosa UNS kangge ningali pasugatan ringgit purwa kanthi lampahan
“Pandhu Jumeneng Nata” (ingkang badhe kababar dening Ki Mantep
Soedarsono) lan kangge mangayubagya lung-tinampi UNS Award
dhumateng swargi SISKS Paku Buwono XII. Kekalih adicara menika
minangka pérangan saking reroncenipun adicara mèngeti tanggap
warsanipun UNS ingkang kaping 43, lan ing warsa 2019 menika mendhet
tema “Pengembangan sumber daya manusia berbasis inovasi menuju
otonomi perguruan tinggi”. Mugiya paduka kersa paring idin, ridho lan
berkah adicara menika satemah kekalih adicara menika saged paring
mupangat kangge kula lan sadaya ingkang wonten ing ngriki.
78
Ya Allah, kula sedaya muji syukur sedaya nikmat ingkang paduka
paringaken. Kanthi idin lan kersa saking paduka, Universitas Sebelas Maret
ingkang sakmenika sampun umur 43 warsa, saged dados universitas
ingkang langkung majeng, ngrembaka, lan meng-global nanging tansah
adhedhasar tatanan-tatanan luhur budaya nasional ingkang kasarira saking
pengelolaan lembaga ingkang adhedhasar persatuan lan kesatuan, keadilan,
kedamaian, dan persaudaraan.
Sinaosa mekaten ya Allah, kula sadaya émut menawi taksih kedah makarya
kanthi langkung prasaja kangge mapag mapinten-pinten jejibahan ingkang
boten ènthèng, ingkang badhe dugi, mliginipun ing purwaning warsa 2019.
Ing salebeting pawiyatan, kula sadaya tasih nglampahi suksesi pangarsa
sekawan-taunan, wiwit saking pangarsa universitas, fakultas, dumugi
program studi. Ing saknjawining pawiyatan kula sadaya badhe manggihi
suksesi gangsal-taunan, inggih menika pamilihan pangarsa nagari lan para
wakil rakyat. Kekalih bab kasebut saged ndadosaken kula sadaya nggadhahi
pamiji ingkang beda. Pramila saking makaten ya Allah, kersaa paduka njagi
kula sadaya supados tetep salebeting kahanan ingkang tetep nyawiji, tetep
pasedhrekanipun, lan tetep guyub-rukun.
Ya Allah, kersaa paduka nuntun lampah kula sadaya kapurih wonten margi
ingkang padhang, inggih menika margi piyantun-piyantun ingkang paduka
paringi nikmat, sanes margi piyantun-piyantun ingkang paduka paringi duka
lan piyantun-piyantun ingkang kadya kinjeng tanpa soca.
Ya Allah Ingkang Maha Maghfirah, mugi paduka kersaa paring
pangapunten tumrap sadaya lepat lan dosa kula sadaya, lepat ingkang
kajarag lan boten kajarag, ingkang dipuntingalaken lan boten
dipuntingalaken. Mugi-mugi paduka ugi kersa paring pangapunten tumrap
kalepatan piyantun-piyantun ingkang ndamel adeging nagari saha institusi
menika, para pangarsa lan para sanak kadang mitra rowang, ingkang taksih
sugeng saha ingkang sampun kondur ing kasédan jati. Manawi boten
wonten pangapunten lan sih saking Paduka ya Allah…temtu kula sadaya
kalebet tiyang-tiyang ingkang dzalim
Ya Allah, Ingkang Maha Wicaksana, mugi kersaa paduka boten midana
kula sadaya manawi kesupen saha lepat, boten paring tanggelan ingkang
awrat ingkang kados paduka paringaken dhumateng piyantun-piyantun
79
sakderengipun kula sadaya, saha boten paring tanggelan dhumateng kula
sadaya menapa kemawon ingkang kula sadaya boten sagah anggenipun
nglampahi.
Robbanaa aatinaa fiddunyaa khasanah … Subkhaana robbika robbil ‘zzati
‘amma yasifuun …
Tuladha liyane bisa dituweni ing https://youtu.be/fumYBLZQVFw;
https://youtu.be/ND6BMEK-now; lan https://youtu.be/sPwdtjRmLig.
Kanggo nyinau basa krama alus sacara online awujud aplikasi android kamus
basa Jawa kang jumbuh TPACK (Technological Knowledge Pedagogy and Content
Knowledge) bisa dituweni ing laman http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-
gratis-android/. Kaya mangkene tuladhane aplikasi android kamus basa Jawa:
1. Pepak Belajar Bahasa Jawa
2. Translator Jawa
80
D. FORUM DISKUSI
Coba gawea klompok kang saben klompokan ana telung dwija, banjur sebutna
apa wae wujud tembung netral kang ora owah ing krama alus!
PENUTUP
A. RANGKUMAN
Saka andharan materi ing ndhuwur, bisa kajupuk dudutan kaya mangkene.
1. Tegese Krama Alus
Krama alus yaiku wujud undha usuk basa Jawa kang kabeh
tetembungane kawangun saka tembung krama lan ditambahi tetembungan
krama alus utawa bisa uga kawuwuhan krama andhap. Krama alus bisa uga
kasebut tembung krama kang urmat banget. Sing dadi tembung baku ing krama
alus yaiku tetembungan krama. Tembung-tembung madya lan ngoko ora
digunakake ing krama alus. Tetembungan krama alus lan krama andhap
kagunakake sacara ajeg kanggo paweh pakurmatan tumrap mitra wicara.
Sacara semantis ragam krama alus ngemot teges alusing basa.
2. Titikane Tembung Krama Alus
a. Kabeh tembung ngoko diganti nganggo tembung krama, tembung krama
andhap, utawa tembung krama inggil, gumantung sapa sing micara lan mitra
wicarane.
b. Imbuhan ngoko {di-}, {-ake}, lan {-e} diganti nganggo imbuhan krama
{dipun-}, {-aken}, lan {–ipun}, wondene imbuhan liyane tetep.
c. Klitik {dak-} lan {–ku} diganti dadi kula, dene klitik {kok-} lan {–mu}
diganti dadi panjenengan.
d. Tembung netral ora owah.
3. Pandhapuke Krama Alus
Pandhapuke basa krama alus bisa kaowahi saka tembung, ater-ater,
panambang, lan rimbag camboran.
4. Pigunane Basa Krama Alus
Kaya sing disebutake ing pokok-pokok materi ing dhuwur iku, menawa
basa Jawa krama alus iku digunakake dening (a) anak marang wong tuwa, (b)
murid marang gurune, (c)kenalan anyar, (d) wong liya kang luwih tuwa utawa
dihurmati, lan (e) kanggo micara (pidhato) ing pahargyan utawa ing
pasamuwan-pasamuwan, (f) pangarsa (pimpinan) marang andhahan, lan (g)
donga.
81
B. TES FORMATIF
Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, lan E kang dadi wangsulane
pitakon!
1. Unggah-ungguh Basa Jawa ing buku Karti Basa (1946) kaperang dadi ….
A. 11
B. 12
C. 13
D. 14
E. 15
2. Unggah-ungguh basa Jawa miturut Soepomo Poedjosoedarmo, lkk. (1979)
kaperang dadi ….
A. 7
B. 8
C. 9
D. 10
E. 11
3. Miturut Sudaryanto (1989) lan Karno Ekowardono, lkk. (1993) unggah-ungguh
basa Jawa wose ana rong perangan baku, yaiku….
A. ngoko lan krama
B. ngoko lan madya
C. krama lan madya
D. krama lan krama inggil
E. madya lan krama inggil
4. Ana ing buku Karti Basa, unggah-ungguh basa Jawa sinebut kanthi
tetembungan….
A. undha-usuk
B. unggah-ungguh
C. tingkat tutur
D. tata basa
E. speech level
82
5. Basa ngoko mujudake basa kang lugu. Tembung lugu duwe teges kaya ing ngisor
iki, kajaba ….
A. sedherhana
B. wajar
C. alami
D. prasaja
E. mugen
6. Basa ngoko andhap sing dumadi saka tembung ngoko lan krama inggil diarani….
A. ngoko lugu
B. antyabasa
C. basaantya
D. krama alus
E. krama inggil
7. Basa sing ana tengah-tengah antarane basa ngoko lan krama diarani ….
A. basaantya
B. antyabasa
C. basa madya
D. madya krama
E. madya ngoko
8. “Eyang, manawi kepareng mangke sonten kula badhe sowan dhateng dalemipun
Eyang.” Ing ukara iki ana tembung krama andhape, yaiku ….
A. eyang
B. kepareng
C. sowan
D. dalem
E. kula
9. Ukara ing dhuwur (no. 8) kalebu basa….
A. wredha krama
B. krama alus
C. krama lugu
D. ngoko alus
E. ngoko andhap
83
10.“Bubar siram ibu arep tindak pasar.” Ukara iki kalebu ukara sing nggunakake
basa ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. kramantara
11.Ing ukara krama alus sing ora owah yaiku tembung ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. madya
D. krama
E. netral
12.Miturut paugeran pandhapuke krama alus, tetembungan kang magepokan karo
kewan lan tuwuhan prayogane kepriye ….
A. ora diowahi amarga dudu manungsa
B. diowahi manawa ana tembung krama alus
C. diowahi dadi tembung krama lugu
D. diowahi dadi tembung ngoko alus
E. ora diowahi amarga ora perlu diurmati
13.Manawa ing krama alus, ater-ater kok- diowahi dadi….
A. kowe
B. sampeyan
C. njenengan
D. panjenengan
E. panjenengan sedaya
14.Camboran dak-ne manawa dikramakake dadi ….
A. dak-aken
B. dak-ipun
C. adalem-aken
D. adalem-ipun
E. adalem-anipun
84
15.Basa krama alus lumrahe digunakake kanggo pacelathon dening….
A. anak marang wong tuwa
B. anak marang wong enom
C. anak marang sapadha-padha
D. wong tuwa marang anak
E. wong tuwa marang wong enom
16.Eyang, kalawau tilem tabuh pinten? Tembung krama alus kang durung trep ing
ukara kasebut yaiku ….
A. eyang
B. kalawau
C. tilem
D. tabuh
E. pinten
17.Basa krama alus bisa uga kagunakake dening ….
A. atasan marang andhahane
B. ibu marang bulik
C. pakdhe marang bapak
D. wong kang akrab
E. wong kang lagi dikenal
18.“Rasukanipun ingkang pethak sampun kula asta.” Ing ukara iki ana tembung kang
durung trep, yaiku ….
A. pethak
B. asta
C. kula
D. ingkang
E. rasukanipun
19.Ing adicara pasrah panampi manten lumrahe nggunakake basa….
A. wredha krama
B. krama alus
C. krama lugu
D. ngoko alus
E. ngoko andhap
85
20.Ing ngisor iki kang kagolong tembung netral yaiku….
A. ijo
B. kuning
C. kates
D. jeruk
E. mlaku
C. TES SUMATIF
Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, C, D, lan E kang dadi wangsulane
pitakon!
1. Unggah-ungguh basa Jawa miturut Sudaryanto (1989) iku ana ....
A. loro
B. telu
C. papat
D. wolu
E. sanga
2. Unggah-ungguh basa Jawa sing kabeh leksikone awujud ngoko lan netral
diarani….
A. ngoko alus
B. ngoko lugu
C. krama alus
D. krama lugu
E. kramantara
3. Pak Agus sampun nedha menapa dereng? Tuturan kuwi mau nggunakake
unggah-ungguh basa Jawa ragam ….
A. ngoko alus
B. ngoko lugu
C. krama alus
D. krama lugu
E. kramantara
86
4. Unggah-ungguh basa Jawa sing dumadi saka leksikon ngoko lan netral sarta
katambahan leksikon krama inggil lan/utawa krama andhap diarani unggah-
ungguh basa Jawa ragam ….
A. ngoko alus
B. ngoko lugu
C. krama alus
D. krama lugu
E. kramantara
5. Panjenengan sida arep tindak apa ora, Mas? Tuturan kuwi nggunakake unggah-
ungguh basa Jawa ragam ….
A. ngoko alus
B. ngoko lugu
C. krama alus
D. krama lugu
E. kramantara
6. Unggah-ungguh basa Jawa sing leksikone dumadi saka leksikon krama kabeh lan
bisa ditambah leksikon krama inggil lan/utawa krama andhap diarani unggah-
ungguh basa Jawa ragam ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. kramantara
7. “Sampeyan wis nggarap tugase sing wingi?” Ukara kasebut kagolong ragam….
A. krama alus
B. krama andhap
C. krama
D. ngoko lugu
E. ngoko alus
87
8. Tetembungan krama sing kadhar aluse andhap yaiku ….
A. ngoko
B. madya
C. krama andhap
D. krama alus
E. antyabasa
9. “Kula ajeng teng Semarang, sampeyan ajeng teng pundi?” Ing ukara iku tembung
ajeng lan teng kalebu tembung….
A. ngoko
B. madya
C. krama lugu
D. krama alus
E. kasar
10.“Mangke siyang menawi siyos, bapak kula ajeng tumbas montor.” Ukara iki
nggunakake unggah-ungguh basa Jawa ragam ….
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. kramantara
11.Undha usuk yaiku….
A. piranti kanggo micara
B. piranti kanggo rembukan
C. ngoko, ngoko lugu, krama, lan krama inggil
D. unggah-ungguh basa sing ngemu surasa pakurmatan
E. undhakane basa sing jinise ngoko lan krama
12.“Pak Bima mau (ngomong) manawa garapane bisa diklumpukake ana ing kantor
guru.”. Tembung kang dikurung supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam
ngoko alus diowahi dadi.…
A. ngomong
B. sanjang
C. matur
D. ngandhani
E. ngendika
88
13.Panjenengan sampun purna anggenipun dhahar? Ukara kasebut manawa
didadekake ngoko alus sing bener yaiku….
A. Njenengan sampun rampung anggone dhahar?
B. Sampeyan sampun rambung anggone mangan?
C. Panjenengan wis rampung anggone dhahar?
D. Kowe wis rampung anggone mangan?
E. Samang mpun rampung anggone mangan?
14.Basa ngoko alus nggambarake sesambungan olehe kekancan wis…
A. raket
B. adoh
C. sedhengan
D. adoh banget
E. ora kenal
15.Aku (dicaosi) wajik karo gedhang. Tembung kang dikurung supaya trep unggah-
ungguhe miturut ragam ngoko alus diowahi dadi….
A. diparingi
B. diwenehi
C. diaturi
D. dicawisi
E. dicepaki
16.“Mangga katuran pinarak ing griya kula.” Tembung griya kagolong ragam ….
A. ngoko
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. kramantara
17.Ater-ater kok- supaya trep unggah-ungguhe miturut ragam krama alus diowahi
dadi.…
A. sampeyan
B. panjenengan
C. njenengan
D. mbok
E. adalem
89
18.Sapine dak tuku ya? Ukara kasebut manawa didadekake krama alus sing bener
yaiku….
A. Lembunipun adalem pundhut nggih?
B. Lembunipun adalem pendhet nggih?
C. Lembunipun kula pundhut nggih?
D. Lembunipun kula pendhet nggih?
E. Lembune kula pendhet nggih?
19.Basa krama alus nggambarake sesambungan kang…
A. raket
B. raket banget
C. urmat banget
D. ora ngajeni
E. ora urmat
20.Sinjang menika dipunbektakaken saking karaton. Tembung kang durung trep
unggah-ungguhe miturut ragam krama alus yaiku….
A. sinjang
B. menika
C. dipunbektakaken
D. saking
E. karaton
D. TUGAS TERSTRUKTUR
1. Coba andharna kanthi cetha apa sejatine bedane kasugihaning tembung basa Jawa
karo unggah-ungguh basa Jawa, lan perangan-perangane!
2. Terangna bedane:
a. basa Jawa ngoko lugu karo basa Jawa ngoko alus
b. basa Jawa krama lugu karo basa Jawa krama alus
c. basa Jawa ngoko lugu karo basa Jawa krama lugu
d. basa Jawa ngoko alus karo basa Jawa krama alus
3. Kepriye paugerane nggunakake basa Jawa ngoko alus lan basa Jawa krama alus
iku?
4. Coba gaweya tuladha pacelathon sing nggunakake basa Jawa ngoko alus lan basa
Jawa krama alus kanthi tema kabudayan!
5. Gaweya tuladha pacelathon antarane wong loro sing padhadene ngurmati
ngunakake basa Jawa krama lugu lan basa Jawa krama alus!
90
6. Gawea tuladha pacelathon antarane anak marang wong tuwa (ibune) kanthi
nggunakake basa Jawa krama alus sing isine pamit arep budhal sekolah!
91
DAFTAR PUSTAKA
Bupati Karanganyar. 2013. PERDA Kabupaten Karanganyar Nomor 2 Tahun 2013,
tentang Pelindungan, Pembinaan, dan Pengembangan Bahasa, Sastra, dan
Aksara Jawa.
Ekowardono, B. Karno, dkk. 1993. Kaidah Penggunaan Ragam Krama Bahasa
Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen
Pendidikan dan Kebudayaan.
Harjawiyana dan Supriya. 2009. Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:
Kanisius .
Harjawiyana, Haryana dan Supriya. 2009. Kamus Unggah Ungguh Basa Jawa.
Yogyakarta: Kanisius
____________________. 2009b. Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta:
Kanisius .
Kementerian Pengajaran Pendidikan dan Kebudayaan. 1946. Karti Basa. Jakarta:
Kementerian PP dan K.
Kridalaksana, Harimurti. 2011. Kamus Linguistik Edisi ke Empat. Jakarta: PT.
Gramedia Pustaka Utama.
Marmanto, Sri. 2012. Pelestarian Bahasa Jawa Krama di Kota Surakarta. Surakarta:
UNS Press.
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa dan Budaya. Surakarta: Jurusan Sastra
Daerah FSSR UNS.
Pemerintah Provinsi Jawa Tengah. 2012. PERDA Provinsi Jawa Tengah Nomor 9
Tahun 2012, tentang Bahasa, Sastra, dan Aksara Jawa.
Poedjasoedarma, Soepama. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan.
Priyantono dan Sawukir. 2015. Marsudi Basal an Sastra Jawa: Piwulang Basa Jawa
Muatan Lokal Wajib Jawa Tengah. Jakarta: Erlangga.
Priyantono dan Sawukir. 2015. Marsudi Basal an Sastra Jawa: Piwulang Basa Jawa
Muatan Lokal Wajib Jawa Tengah. Jakarta: Erlangga.
92
Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-ungguh Basa Jawa. Jakarta:
Yayasan Paramalingua.
Sasangka, Sry Satriya Wisnu. 2010. Unggah-ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan
Paramalingua.
Setiawan, Heri. 2015. Mumpuni Basa Jawi. Surakarta: PT. Tiga Serangkai.
Soedirjo, Wignyo. 2002. Tuladha Tanggap Wacana Basa Jawi. Grafika Mulia.
Sudaryanto. 1989. Pemanfaatan Potensi Bahasa. Yogyakarta: Kanisius. Sumarlam.
2009.
Sulaksono, Djoko, dkk. 2017. Basa Jawa: Ngoko Lugu, Ngoko Alus, Krama Lugu,
lan Krama Alus. Surakarta: CV. Djiwa Amarta.
Sulaksono, Djoko. 2016. Serbaneka Bahasa Jawa. Surakarta: Cakra Books.
Sumarlam. 2011. Potret Pemakaian Bahasa Jawa Dewasa Ini serta Pembinaan dan
Pengembangannya: Sebuah Pergeseran Struktur Gramatika dan Tingkat
Tutur. Surakarta: Sebelas Maret University Press.
Sumarlam. 2013. “Temu Dalang Bocah dan Pembinaan, Pengembangan, dan
Pelestarian Bahasa, Sastra, dan Budaya Jawa”. Kementerian Pendidikan dan
Kebudayaan.
Sumarlam. 2017. “Unggah-ungguh Basa Jawa (Paugerane Ngoko Alus lan Krama
Alus)”. Dibentangkan pada Kuliah Perdana Prodi PGSD FKIP Universitas
Muria Kudus. Selasa Pon, 19 Desember 2017.
Wedhawati, 2001. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Jakarta: Pusat Bahasa.
Yatmana, Sudi. 2012. Kabeh Bisa Basa Jawa. Semarang: Yudhistira.
93