The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Erikha, 2022-08-17 21:07:17

X AJISAKA

X AJISAKA

Keywords: Aksara Jawa

AKSARA JAWA

Cariyos

Ajisaka

AJISAKA

Adhedhasar konsepsi tradisional laire aksara Jawa
digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun
awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan
perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris
pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa
bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembadamati
sampyuh ngeres-eresi.

Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine
sing jenenge Dora, Sembada,Duga, lan Prayoga lerem ing pulo
Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa,
Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada
kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan
diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo
Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku
dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana
pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar
manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora
ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka
marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak
awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora
banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris.

Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo
Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak
menyang Medhangkamulan kanthi nggawa
keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran
panggah ora percaya marang kandhane si
Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran
nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya
manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut
pusakane tanpa utusan. Lelorone padha
padudon rebut bener, banjur pancakara perang
tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan
Sembada padha mati sampyuh ketaman keris
sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh
ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji
Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul
menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti
saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan
Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih
tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara
layone Dora lan Sembada kanthi samesthine,
Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak
ratu gustine ngaturakepusaka lan pawartabab
patine Dora lan Sembada.

Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala
ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji
mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan
Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka
banjur ngripta aksara Jawa legena cacah rong
puluh wiwit saka HA nganti NGA.

ꦲꦤꦕꦫꦏ

Ana caraka (utusan)

ꦢꦠꦱꦮꦭ

Padha suwala (padudon, pancakara)

ꦥꦣꦗꦪꦚ

Padha dene digdayane

ꦩꦒꦧꦛꦔ

Wasana padha dadi bathang

I

ABIMANYU
DKK.

Iku mau konsepsi secara tradisional bab
kelairan lan penyusunane aksara Jawa
anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20
cacahe lan disusun dadi patang larik iku,
mujudake guritan sing gampang diapalake
lan dieling-eling (memoteknik), mligine
tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis
aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan
digathukake karo legenda Aji Saka mau
saya narik kawigaten bareng dikantheni
gambar padudon, perang tanding lan mati
sampyuhe Dora lan Sembada.

Kapethik saking(https://jayabaya.wordpress.com/2006/05/28/sejarahe-aksara-
jawa/)


Click to View FlipBook Version