The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Geguritan
Tembang Dolanan
Gancaran
Tembang Macapat

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Erikha, 2022-11-08 20:14:06

Modul 4 SASTRA KLASIK DAN MODERN-Lelagon

Geguritan
Tembang Dolanan
Gancaran
Tembang Macapat

adhepan maneh.
5. Ing pungkasane lelagon “ nosoh gabah nata lumpang” tempo nembang

direndhetake banjur padha nuduhkake apa sing di jupuk lan padha golek
pasangan dhewe-dhewe sarate krikil kudu karo kayu ora kena krikil karo krikil
utawa kayu karo kayu.
6. Sing ora oleh pasangan banjur kena ukuman nembang lelagon kaya ta gajah-
gajah, menthok-menthok, jaranan, kupu kuwi, kuwi apa kuwi lan sanese.

Lelagon dolanan “lumbung desa” nggambarake yen lelakon apa wae
mbutuhake upaya sing ora gampang. Tuladha saka lelagon iku yaiku digambarake
saka kegiyatane para tani nalika nggawe pari dadi sega, yaiku wiwit saka nandur,
manen, mepe, nutu, adang, banjur bisa dadi sega. Kabeh iku bisa dadi tuladha yen
lelakon apa wae mbutuhake proses utawa upayasing ora gampang. Lelagon
dolanan “lumbung desa” iku kalebu lelagon sing nduweni pitutur luhur.

C. Dolanan Jamuran
Dolanan Jamuran iku dolanan sing ora butuh alat, yen dolanan ing latar

amba utawa lapangan. Sing dolanan bisa papat nganti sepuluh bocah. Carane
dolanan kaya ing ngisor iki.

1. Kapisan menawa sing dolanan akeh bisa hompimpah, dibacutke pingsut
kanggo milih sapa sing “dadi”. Bocah liyane padha gandhengan ngupeng
bocah sing dadi. Banjur nembang kaya ing ngisor iki.

Jamuran ya ge ge thok
Jamur apa ya gege thok
Jamur gajih mberjijih sak ara ara sira bage jamur apa
Jamur apa

2. Sakwise ukara “jamur apa?” sing dadi nyebutke jinising jamur. Tuladhane
jamur kuping, bocah-bocah padha nyekel kupinge kancane. Mengko ana
siji bocah sing ora oleh kanca. Bocah iku nyulihi sing dadi. Beda maneh

46


menawa jamur parut, bocah-bocah sing ora dadi kudu ngadeg nganggo
sikil siji ora kena nyuwara utawa ngguyu. Sing dadi banjur ngithik-ithik
sikile kancane, yen ana sing ngguyu, bocah iku sing Dadi.

D. Dolanan Lesung Jumengglung
1. Dolanan lesung jumengglung sing dolanan bisa papat nganti sepuluh
bocah
2. Carane dolanan bocah sepuluh iku dipantha dadi loro, banjur padha
baris saben kelompok ana 5 bocah
3. Bocah sing manggon ngarep dhewe tanganne digujengi dene kelompok
sijine
4. Bocah sing manggon ing mburi dhewe kelompok siji nggawa tenggok
dene kelompok liyane nggawa pari sawuli/kayu cilik ukurane watara 20
cm. kayu utawa pari kuwi kudu bisa dilebokake menyang tenggok.
Nanging sing gawa tenggok kudu endha.
5. Carane nembangake lelagon lesung jumengglung teka ukara “thok thok
thek thok thok gung…” padha oyak-oyakan nanging ora kena pisah
barisan, nganti bisa nglebokake pari sawuli/kayu menyang tenggok.
6. Menawa wis bisa klebu kelompok sing gawa tenggok kena ukuman
yaiku nggendhong kelompok sing menang.

Lesung Jumengglung
Laras Slendro pathet sanga

./ ..5j /.j6 2 3 5 ./ . 1 6 / . 5 3 1 2 /

Le sung ju meng glung sru im bal- im bal an

/...j2 ./ 3j 6 1 2 ./ . 5 3 / 2 3 5 6 /

47


Le sung ju meng glung ma neng ker ma ngung kung
/. 2 6 6 / . 2 6 6 ! / .. 6 ! /. ! . . 5 /

Ngu man dhang nge be gi sa jro ning pa de san

/2.21/2.2.5/2.21/2615/

Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung
/ 2 . 2 1 / 2 . 2 . 5 / 2. 2 1 / 2 6 1 5/

Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung
Rasa seneng masarakat padesan Jawa nalika manen kasil bumi asring kasebut
palawija, ingkang tegese bumbu-bumbu, ananging lelagon iki digambarake nalika
kegiyatan nutu pari tinimbang kegiyatan ing kebon. Ana pitutur luhur sajroning
lelagon dolanan iki, yaiku kasil panen ing jaman biyen bedho karo ing jaman saiki.
Nalika biyen ditumbuk nganggo tenaga, ananging ing jaman saiki wis diolah nganggo
mesin kang luwih modern utawa nganggo gilingan pari. Wong jaman biyen uga kuat-
kuat, ananging yen jaman saiki wis gumantung karo teknologi. Saka lelagon iku, kita
bisa mangerteni luhure budaya kang ana ing masarakat padesan Jawa, mula perlu
diuri-uri supaya budhaya kasebut ora ilang

E. Dolanan Sepuran

Sepuran
Laras Slendro Pathet Sanga

. .5 5 5 5 6 ! 5.5 6 1 2 ^ !

Sin -ten num -pak se -pur ba -yar e se - ta -li

48


.. @ 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1

Wong ni ki se pur dhur te - rus teng ke - dhi - ri

..5 5 5 5 6 !5.5 6 ! @ 6 !

Sin ten tri ma mbon ceng ko na ngan kon dhek tur
..@ 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1

Sam pe yan di den dha na pa mbo ten ko jur

1. Dolanan iki bisa dilakokake sepuluh bocah utawa luwih.
2. Bakune ana bocah loro sing dadi trowongan. Bocah-bocah padha baris

cekelan pundhake kancane renteng-renteng kaya sepur banjur nglagokake
sepuran lan mlebu siji mbaka siji ngliwati trowongan.
3. Nalika lelagon sepuran wis rampung bocah sing ning ngisor trowongan banjur
diwenehi pitakonan. Tuladhane anak sapi jenenge apa? Wangsulane kudu
bener, wangsulan iku dadi password supaya sepure bisa mlaku meneh.

Dolanan Sepuran bisa mbangun watak jujur kagambar sajroning lelagon
dolanan “sepuran”. Sapa wae kang arep numpak kreta ing Kediri kudu bayar
setali utawa 25 sen, saengga uwong sing arep numpak kreta kuwi kudu tuku tiket.
Ora entuk dadi penumpang liar kang ora gelem bayar karcis, amarga yen diweruhi
kondektur mesthi didenda. Kajaba sipat kang jujur, lelagon “sepuran” uga ngajari
kita supaya ora nduweni sipat sombong, angkuh, lan arogan. Sapa wae kang
pengin uripe makmur kudu nduweni rasa andhap asor
D. Forum Diskusi

Lelagon dolanan Kupu Kuwi ing ngisor iki, andharna isine nganggo basa
prosa (gancaran) lan andharna nilai-nilai pendhidhikan ing lelagon iku.

49


Kupu Kuwi
Laras Pelog Pathet Nem

. 5.3 . 5.6 . ! .6 .!.@

Ku - pu ku - pu tak en - cup - e

. # . @ . ! .6 .@ . !.6.5

Mung a - bur - e nge - wuh a -ke

. # .# .@ .@ . !.!.6.5 .3 . 6

Nga - lor ngi - dul nge - tan ba - li ngu - lon
. @.@ .!.!.6 .5.5.6.6.5

Mra - na mre - ne mung - sa pa - ran pa - ran
. 2.3 .5.6 . 5 .3.6.5

Mbok - ya men - cok tak - en - cup - e
5 5 2 3 5 5 6 6 @ ! 6 5 .3 .2

Men - tas men - cok ce grok ban - jur ma - bu kle -per

50


PENUTUP
A. Rangkuman

Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah cilik-
cilik mligine ing karang padesan, sinambi padha dolanan lan
gegojekan sarta seneng-seneng bebarengan ana ing plataran. Lelagon
dolanan iku mujudake sawijining lan jinising reriptan tembang kang
ora kaiket sarta ora nganggo paugeran guru: “gatra, wilangan/wanda,
lan guru watak”. Lelagon dolanan iku cacahing wandane antarane siji
lan sijine kajupuk saka cocok utawa jumbuhing lagune utawa guru
lagune (purwakanthi guru swara); jalaran lelagon dolanan iku
kawengku ing lagu utawa runtuting suwara saben pungkasaning gatra.
Wondene cacahing lelagon dolanan iku akeh banget, lan jenenge
lelagon dolanan iku lumrahe kajupuk saka isine lelagon utawa manut
tembunge kang wiwitan; tuladhane lelagon: “Cublak-cublak Suweng,
Jamuran,”, lan liya-liyane. Mula saka iku, lumantar lan sajroning
tetembangan dolanan mau bocah-bocah dikenalake babagan
kautaman, budi pekerti kang becik. Adhedhasar isine, jinise lelagon
dolanan iku adhedasar irah-irahane ngemot lan ngrembug babagan:
(a) sato kewan, (b) tetuwuhan/ tanduran, (c) budi pekerti kang utama,
(d) bebrayan, (e) seni tradhisi, (f) pariwisata, (g) tetanen/petani, (h)
kendharaan/ tumpakan, (i) lan alam saisine.

Tetenger, irah-irahan utawa judhule lelagon dolanan iku sumebar
lan ngrembaka kanthi gethok tular (lisan), mula judhule kerep owah;
malah uga ana sing titilaras utawa nada/notasine lagune uga owah.
Lelagon dolanan iku wiwit sumrambah, sumebar lan ngrembaka
aneng bebrayan Jawa rikalane wiwitane abad kaping 20 (rongpuluh).
Rikala semana ora bisa nyebutake sapa sejatine kang ngripta lan yasa
lelagon dolanan mau sarta wiwit sumebar lan ngrembaka ana
masyarakat. Upamane tembang: “Gundhul Pacul”, Laras Pelog Pathet

51


Barang; “Tembang Jaran Teji”, Pelog Lima (sing owah dadi
“Jaranan”); “Sluku-sluku Bathok”, Slendro Sanga”; uga ora
dimangerteni lan kawruhan sapa pangriptane.

B. Tes Formatif
Wangsulana pitakonan ing ngisor ini kanthi milih wangsulan/jawaban

kang dianggep bener utawa trep dhewe!
1. Miturut Padmosoekotjo (1966) ing bukune Ngengrengan Kasusastran

Jawa II, diandharake menawa lelagon dolanan iku kawengku ing guru
….
a. wilangan
b. gatra
c. wanda
d. lagu
e. swara
2. Lelagon dolanan iku lumrahe awewaton purwakanthi guru ….
a. sastra
b. swara
c. basa
d. lumaksita
e. gatra
3. Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah-bocah ana
ing ….
a. plataran
b. omah
c. sekolah
d. kali
e. dalan

52


4. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku kerep
owah, amarga ….
a. Anggone ngrembakake sarana lisan (gethok tular)
b. Pangriptane anonim
c. Paugerane ora gumathok
d. Anggone ngripta tembang nggugu sakarepe dhewe
e. Bisa diowahi dening sapa wae

5. Lelagon dolanan cublak-cublak suweng, bocah-bocah nggawa krikil sing
diembakake apa … .
a. suweng
b. kalung
c. gelang
d. ali-ali
e. kalpika

6. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku
lumrahe kajupuk saka perangan … .
a. isi/amanate lagu
b. katrangan kang ngripta lelagon
c. tetembungan ing wiwitane lelagon dolanan
d. tetembungan ing pungkasane lelagon dolanan
e. jenenge sing ngripta

7. Syaire lelagon cublak-cublak suweng iku sejatine wujud … .
a. wangsalan
b. parikan
c. Bebasan
d. Saloka
e. sanepa

8. Lelagon Lumbung Desa ngemu piwulang … .
a. Gotong royong

53


b. Sing sregep anggone sekolah
c. Kudu padha guyup rukun
d. Kesed iku watak sing kudu disingkiri
e. tandhang gawe sing sregep
9. Lelagon padhang mbulan duwe pangajak supaya … .
a. sregep sinau
b. ngerti owah gingsire kahanan
c. aja turu sore
d. sregep nyambut gawe
e. guyup rukun marang sapadhane
10. Pitutur luhur sajroning lelagon lumbung desa yaiku … .
a. urip sing prasaja
b. samubarang apa wae butuh proses sing ora gampang
c. rukun agawe sentosa
d. tulung tinulung
e. manungsa kuwi kudu ngerti owahe jaman

54


KEGIATAN BELAJAR 3
GANCARAN

PENDAHULUAN

A. DESKRIPSI SINGKAT

Salah sawijining jinis sastra Jawa kang isih akeh ditemoni ana ing urip

padinan yaiku karya sastra gancaran. Gancaran yaiku karangan bebas kang ora

kaiket dening paugeran tartamtu. Gancaran kang tinulis iku minangka media

nglantarake panemu kanggo wong liya. Kanthi nulis lan maca gancaran masarakat

dadi luwih kreatif, nambah wawasane, nambah tembunge, uga luwih alus budine.

Gancaran uga minangka salah sawijining cara kanggo nguri-uri budaya lan basa

Jawa mula kudu diwulangake ana ing kelas lan dibiasakake ana ing urip padinan.

Materi kang kasusun ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswa

amarga pasinaon iki ngemot bab-bab kang ana gayutane karo gancaran. Gancaran

kang digawe iku ana teorine, ana bab-bab kang ora oleh ditinggalake. Bab-bab

kang baku ana ing gancaran dirembug ana ing modul iki supaya mahasiswa besuk

ora amung bisa nulis gancaran kanthi bener, ananging uga bisa ngandharake

gancaran nganggo ilmu kang trep.

Materi ana ing buku iki karonce kanthi ngetrepake antarane bab kang

pingin digayuh ana ing pasinaon PPG basa Jawa lan kompetensi dasar ing

pasinaon SMP lan SMA. Bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG yaiku.

Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran

1. Menganalisis prinsip 1.1 Para siswa kaajab bisa njentrehaken tegese

materi sastra Jawa klasik gancaran.

dan modern dan 1.2 Para siswa kaajab bisa nyebutake jinis-jinise

aplikasinya dalam gancaran.

pembelajaran bahasa 1.3 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese

Jawa. carita rakyat.

1.4 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese

cerkak.

1.5 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese

novel.

55


B. PETUNJUK BELAJAR
Modul kang digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau

sastra Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki
diwenehi tuladha supaya anggone sinau luwih cetha. Saben pasinaon uga
dikompliti tugas lan soal ujian ana ing saben pasinaon. Soal ujian saben pasinaon
wujude pilihan. Tugas lan soal kasebut digawe kanthi ancas kanggo ngukur tekan
ngendi materi pasinaon uwis ditampa dening mahasiswa. Dosen minangka
fasilitator maringi materi, tugas, lan soal ujian kanggo mahasiswa supaya ilmu
kang ditampa dening mahasiswa ora ana sing kecer.

Sanajan saben pasinaon wus ana tugas lan soal ujian, modul iki uga
nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi ing modul. Tugas lan soal
ujian kasebut wujude bisa digunakake kanggo ujian kang nemtokake lulus orane
mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake yaiku :

Rentang biji:

90% - 100% = apik banget
80% - 89% = apik
70% - 79% = cukup
0 - 69% = kurang
Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang
saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.

56


INTI

A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Mampu menganalisis prinsip materi sastra Jawa klasik dan modern dan aplikasinya dalam
pembelajaran bahasa Jawa.

B. POKOK-POKOK MATERI

GANCARAN Materi 1:
Hakikat Gancaran

Materi 2:
Jinis-Jinis
Gancaran

Materi 3:
Crita Rakyat

Materi 4:
Crita Cekak

Materi 5:
Novel

Gambar 1: Pokok-pokok materi gancaran

C. URAIAN MATERI
1. Hakikat Gancaran

Salah sawijining materi kang ana ing pasinaon basa Jawa SMP lan SMA yaiku materi
sastra. Tembung sastra iku dijupuk saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegese
pituduh utawa instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti. Saka andharan kang kaya mangkana
tembung sastra bisa ditegesi minangka piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya.
Kanthi luwih cetha Fananie (2001:6) ngandharake “bahwa sastra adalah karya fiksi yang
merupakan hasil kreasi berdasarkan luapan emosi yang spontan yang mampu
mengungkapkan kemampuan aspek keindahan yang baik yang didasarkan aspek kebahasaan

57


maupun aspek makna”.
Kanthi sastra panulis bisa nglantarake ide lan rasa marang sing maca. Sastra sejatine

duwe daya kanggo ngajak wong liya amrih sarujuk marang apa kang dikarepake panulis, mula
sastra bisa digunakake kanggo weneh pituduh kang becik kanggo wong liya. Carita-carita
kang ana ing sastra kang dirasakake dening sing maca minangka salah sawijining cara
kanggo ngalusake rasa. Saka sastra pamaca bisa mbayangke bab-bab kang mungkin ana ing
masarakat banjur bisa jupuk pasinaon saka bab iku.

Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing
antarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa. Sastra Jawa kang ana ing masarakat
wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara. Modul iki arep ngrembug
babagan gancaran. Sanajan gancaran iku bisa kaperang dadi maneka warna, ananging fokus
pasinaon ana ing modul iki yaiku crita rakyat, crita cekak, lan novel. Manut kurikulum kang
ana, telung cakrik iku mau wajib diwulangake ana ing sekolah. Modul iki bisa didadekake
sangu panjenengan sesuk anggone mulang ana ing kelas.

Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket
dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Tembung gancaran
menawa ing bahasa Indonesia adate sinebut prosa. Gancaran bisa digunakake minangka srana
sinau marang wong liya, mula materi iki disinau ana ing sekolah. Crita ana ing gancaran
ngajak pamaca supaya kaya-kaya nglakoni tenan kadadean kang ana ing crita kasebut. Kanthi
media tulis iki pamaca diajak sinau babagan becik lan ala. Guru kudu pinter anggone milih
gancaran kang arep digunakake kanggo mulang supaya siswa bisa methik paedahe gancaran
kathi pener. Saben gancaran wis tamtu duwe paraga apik lan ala. Guru kudu ngandhani endi
sipat kang patut dituladani lan endi sipat kang kudu disingkiri.

Sanajan gancaran iku sipate bebas, ananging anggone nulis ora kena sakarepe dhewe.
Bab isi, komposisi, lan endahe (estetika) panulisan kudu tetep digatekake. Gancaran
minangka salah sawijining media kang bisa digunakake kanggo nglantarake gagasan marang
wong liya, mula anggone nulis kudu digawe sing apik saengga bisa narik kawigatene wong
liya. Gancaran kang tinulis nganggo basa kang ora tumata sarta carita sing ora cetha alur lan
amanate tamtu wae ora bakal ana sing nglirik. Nalika nulis gancaran, kudu dironce apa kang
dadi ancas panulisan gancaran iku saengga bisa ditrepake anggone nganggo basa, watesaning
nulis, amanat, lan sapiturute kang dijumbuhake karo kahanan pamaca.

58


2. Unsur Gancaran
Saben gancaran wis tamtu karakit saka maneka warna unsur. Unsur-unsur gancaran

ana ing kene bisa dipadhakke karo pirani-piranti kang digunakake kanggo bangun omah.
Supaya gancaran kang tinulis bisa apik, mesthine kabeh iku digawe kanthi bakoh wiwit saka
pondasi lan sapiturute. Unsur kang mbangun gancaran iku ana loro, yaiku unsur intrinsik lan
unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang sinawang saka gancaran iku, menawa
unsur ekstrinsik yaiku unsur kang kasawang saka njaba gancaran. Lestari, Rakhmawati &
Rohmadi (2016: 187) ngandharake menawa “unsur intrinsik meliputi plot, penokohan, latar,
tema, amanat, sudut pandang, dan gaya bahasa”.

Unsur ekstrinsik ana ing gancaran bisa sinawang saka telung kahanan yaiku saka
panganggit, kahanan pamaca, lan papan panggonan nalika ngarang. Unsur-unsur ekstrinsik
iku ameh padha karo andharane Kosasih (2012: 72) menawa unsur ekstrinsik karya sastra
yaiku “(1) latar belakang pengarang (2) kondisi social budaya (3) tempat novel dikarang”.
Sanajan unsur ekstrinsik iku ora mapan minangka awake gancaran, ananging unsur iku duwe
daya kang gedhe marang gancaran sing tinulis. Supaya luwih cetha unsur-unsur gancaran iku
bisa kaandharake kanthi mangkene:

a. Unsur-Unsur Intrinsik Gancaran

1) Tema

Tema ana ing gancaran iku minangka unsur kang ora oleh ditinggalake. Tema

minangka panemu kang arep dibabar kanthi wujud crita. Tema uga bisa ditegesi panemu

pokok ana ing gancaran. Menawa dipadakke karo bangunan, tema iku bisa diibarateke

pondasi. Tema iku kang dadi dhasar anggone nulis. Gancaran kang apik anggone nulis crita

kudu manut ana ing temane. Ananging, wis tamtu uga tema iku ora bisa madeg dhewe. Tema

iku bakalane kaiket karo unsur-unsur liya kang kudu mlaku bareng. Unsur kang ora trep karo

tema kang dijupuk bakalane gawe crita ora stabil, dadi ora fokus, lan kurang apik. Mulyana

(2014: 53 – 54) ngrumusake tema karo masarakat kang maca kaya ing tabel 2 kang wis

dicepakake.

Tabel 2: Kahanan masarakat kang jumbuh karo tema

Tema Jenis Gancaran Khalayak Pembaca
Percintaan Roman dewasa, remaja Umum, dominasi remaja,
dewasa
Perkawinan Roman dewasa
Politik Politis, sosial Umum, dominasi dewasa

Umum, dominasi dewasa, dan
tua

59


Tema Jenis Gancaran Khalayak Pembaca
Religi-mistik Religious, spiritual, mistis Umum, dominasi tua
Pendidikan Wacan bocah, dongeng Umum, dominasi usia pelajar
Sosial lainnya umum Umum lainnya

2) Plot/Alur
Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan

tekan pungkasan. Kanthi luwih cetha Pujiharto (2012: 32) ngandharake menawa “plot
adalah jalan cerita yang dibuat oleh pengarang yang berupa deretan peristiwa secara
kronologis, saling berkaitan dan bersifat kausalitas sesuai dengan apa yang dialami oleh
pelaku cerita.” Prastawa ing gancaran iku nuduhake menawa apa kang dilakoni bakal ana
walesane (sebab- akibat).

Gancaran iku adate nggambarake kahanan wong kang tumindak culika bakal oleh
bebayan, ananging wong kang tumindak becik bakal oleh kabecikan uga. Waluyo (2011: 9)
uga ngandharake menawa “plot atau alur cerita yaitu jalinan cerita yang disusun
berdasarkan urutan waktu yang menunjukkan hubungan sebab akibat dan memungkinkan
pembacanya menebak peristiwa yang akan terjadi selanjutnya”. Prastawa kang ana ing
gancaran iku kadadean ana ing urutan wektu tertamtu. Crita ana ing gancaran iku ana
urutane. Adate gancaran kalakon kanthi urutan orientasi, komplikasi, klimaks, anti klimaks,
lan pungkasan.

Alur kang ana ing gancaran dinggo titikan anggone ngronce crita. Alur kang
digunakake ana ing gancaran ana telu, yaiku alur maju, mundur, lan campuran. Alur maju
sering uga sinebut alur garis lurus utawa progresif yaiku carita kang karonce saka wiwitan
awujud orientasi nganti tekan solusi minangka pungkasan. Panganggone wektu ana ing alur
iki ora diacak-acak. Alur mundur uga bisa diarani alur flashback, sorot balik, utawa regresif
yaiku alur kang critane kasetting ora urut. Crita ing alur mundur diwiwiti saka prakara kang
ana ing gancaran banjur lagi mlebu ana ing bagian orientasi. Alur campuran yaiku alur kang
nggabungake saka alur maju lan mundur.

3) Watake Paraga
Watake ana ing gancaran minangka unsur sing penting. Paraga kang arep digunakake

ana ing gancaran kudu dipikirake tenanan watake supaya crita sing digawe bisa katon urip
lan ora uwal saka tema lan amanat ana ing gancaran. Aminuddin (2002: 79) ngandharake
menawa “tokoh adalah pelaku yang mengemban peristiwa dalam cerita fiksi sehingga

60


peristiwa itu mampu menjalin suatu cerita”. Panemu sing arep ditulis ora bakal bisa tekan
ing pamaca menawa ora ana paraga ing crita. Crita kang dibangun butuh paraga sing bisa
nggambarake kahanan nyata ananging karaktere tetep kudu ketok kuat.

Paraga ana ing gancaran bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lan
tritagonis. Protagonis yaiku paraga utama ana ing gancaran. Adate paraga iku duwe sipat
kang becik. Karakter paraga iki kudu digawe ketok supaya pamaca bisa mlebu ana ing crita
iku. Antagonis ana ing gancaran digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist.
Sing dadi protagonist wis tamtu duwe sipat kang ora becik. Tritagonis yaiku paraga kang ana
ing tengah-tengahe protagonis lan antagonis. Paraga iki ora pati ketok ana ing crita,
ananging kudu tetep ana. Tuladha watak paraga ing novel kaya ta:

a) Jirih
“Hah?! Sapa kowe?! Yagene wani-wani mlebu ruwangku tanpa dakidini?” panyaruwene
Joni kanthi swara groyok. Blaka wae, kajaba kaget Joni Kismanto uga kedher. Luwih-
luwih tamune kuwi nuduhake sikap memungsuhan. (Tiwi, 2016: 1)

“Mas, jebul panjenengan klebu priya jirih. Priya sing ora duwe tanggung jawab.
Nyatane ora wani ndhadhani. Malah njaluk ngapura. Wong lanang cap apa
kuwi?”panyengese Wirastri. (Tiwi, 2016: 164)

b) Duraka
Tresna? Genah ora ta. Apa mungkin Joni bisa nresnani kenya liya? Tarah tresnane
kadhung dirampas Rara Sumi. Olehe ngrabi Wirastri babarpisan ora dilambari rasa
tresna. Mung butuh mlayokake ati cuwa lan butuh kanca urip. Awit yen kudu ngenteni
randhane Sumi, huu..sida gerang kaplak ora klakon! Sumi kang wis dadi bojone Sigid
Harjito genah mulya uripe. Apa hiya njur arep jaluk pegat? Dadi cetha ora ana gunane
ngarep-arep Suminingrum. (Tiwi, 2016: 20 – 21).

c) Kumalungkung
“Bener. Ning bojoku kuwi mung wong wadon sak-sake. Mung sakecele. Tarah mung
kanggo tamba ati cuwa. Pendhidhikane wae mung SMKK. Utege mung pas-pasan.
Untung anak sing dilairake nuruni aku, dadi rada moncer,”guneme Joni entheng wae.
Sajak kepenak nacat sisihane sing wis nyisihi kanthi setya begti nganti anak loro. (Tiwi,
2016: 27)

61


4) Latar/Setting
Latar/setting yaiku gambaran babagan kahanan kang ana ing gancaran. Crita kang

ditulis bisa kadaden ing endi wae. Setting ana ing gancaran kudu digatekake. Setting sing
digambarake ana ing gancaran kudu jumbuh karo isine crita. Stanton (1965: 18) ngandharake
menawa “the setting of a story is the environment of its event. Part of the setting is the visible
background, such as cafe, mountain, a dead-end street, etc. It may also be the time, such as
day, year, the climate, or the historical period”. Saka andharan iku, bisa dingerteni menawa
setting iku kapara dadi loro yaiku papan lan wektu. Tuladha setting ana ing novel kaya
mangkene.
a) Omahe Joni ing ratan Daha

Isih ing dina iku. Mung wektune rada awan sithik. Ana becak mandheg neng sangarepe
omah mewah mawa pager wesi, ing jalan Daha … . (Tiwi, 2016: 4)
b) Kamare Wirastri
Wirastri ora tahan. Banjur mlayu mlebu kamar. Awake dibanting ing kasur … .(Tiwi,
2016: 33)
c) Terminal Gadhang, Malang
Wirastri pepes atine. Kanthi nglenterih banjur mbecak, bali menyang terminal Gadhang
… .(Tiwi, 2016: 84)

Kahanan kang ana ing gancaran pancen bisa sinawang saka papan lan wektu iku. Aa
ing tuladha iku mau setting wektu uga digambarake dening panganggit kaya ta esuk, sore,
awan. Setting-setting kasebut ora bisa madeg dhewe-dhewe, loro karone kudu nyambung lan
bisa nguatake siji lan sijine. Setting panggonan iku tuladhane pesisir, sawah utawa kutha.
Kahanan pesisir karo kutha wis mesthi beda. Setting/latar ana ing gancaran ora mung bisa
ngandharake panggonan, ananging uga bisa ngandharake wektu. Gancaran kang digawe
kanthi setting jaman biyen lan jaman saiki tamtu wae beda anggone nggambarake.

5) Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang ana ing gancaran yaiku carane panulis mapanake awake dhewe ana ing

crita manut panemune. Panulis mardika anggone netepake sudut pandang paraga utama.
Rampan (1995:39) milah sudut pandang dadi papat yaiku “(1) sudut pandangan orang
pertama; (2) sudut pandangan orang ketiga; (3) sudut pandangan campuran; dan (4) sudut
pandangan yang berkuasa”. Sudut pandang kasebut pancen ana ing gancaran, ananging
adate sudut pandang kang ketok ana ing gancaran iku bisa dipadhetake dadi telu, yaiku

62


panulis minangka paraga utama, panulis minangka wong katelu, lan panulis minangka wong
kang ngerti kabeh.

Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake
nalika panulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo
sudut pandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing gancaran. Sudut pandang panulis
minangka wong katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana ing jaba crita, ora
dadi paraga. Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku panulis anggone nggambarake
paraga utama nganggo tembung dheweke, deknen, utawa nyebutake jenenge paraga iku mau.
Sudut pandang kang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika panulis
mapanake awake dhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita. Sudut pandang iki
gawe gancaran dadi luwih informatif. Paraga kang ana ing crita adate digawe minangka
wong kang iso kabeh lan aktif ana ing maneka kagiyatan. Ana ing sudut pandang iki panulis
bebas arep ngomong apa wae lan dalan critane arep digawe apa wae.

6) Panganggone Basa
Ing sastra, gaya yaiku kapriye pengarang manganggo basa. Senajan ta ana pengarang

loro nganggo alur, karakter, lan latar kang padha, asiling tulisan mesthi ana bedane. Bedane
ana ing basa lan sumebar ing sadhengah aspek kaya ta ritme, dawa utawa cendhaking ukara,
detail, humor, konkrit lan orane tembung, akehing imaji lan metafora. Tone yaiku sikap
emosional pengarang kang diandharake ing sajroning cerita. Tone bisa katon ing sadhengah
wujud, kaya ta wujud kang romantis, ironis, misterius, sepi, kaya ngimpi, utawa ngemu rasa
kang angel ditegesi. Gaya bahasa kang digunakake ana ing novel kaya ta:

Priyayi kang adate nuduhake ulat bingar ati jembar netra sumunar kuwi sajak goreh
lan rongeh… .(Tiwi, 2016: 29).

Wadon pacakan ireng-ireng kuwi mlipir-mlipir ing pipi lawang … . (Tiwi, 2016: 5)

Joni Kismanto, pimpinan cabang Bank Dana Arta kuwi kahanane melas banget.
Sawise eling saka anggone semaput, malah saiki polah lan sambate ngaruara. Polahe
kaya cacing kepanasen. Molat-molet ngosek neng jobin karo nekem lakange…
.(Tiwi, 2016: 4)
Pengarang nganggo purwakanthi swara [a, i] rikala anggambarake Joni Kismanto bali
menyang Sala.
Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairake sarana basa, iku ana sing carane nglairake

63


amung sarana basa lumrah wae, watone mung sok wong sing krungu utawa sing maca bisa
ngreti marang karep kang diwedharake. Ana sing carane nglairake nganggo basa kang ditata
apik, runtut, nganti dadi basa sing endah. Mangkono uga wong nulis novel, wong ngarang,
ana sing mung nengenake isine wae: manawa isine wis bisa dingreteni dening wong sing
maca, ya wis cukup; ana sing nggatekake basane, ngudi kanthi temen-temen supaya
dhapukaning basane bisa nglungguhi kasusastran, yaiku bisa mujudake basa kang isi
kaendahan.

7) Piwulang
Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra mesthine ngemu piwulang.

Gancaran kang tinulis duwe daya kanggo ngajak masarakat nglakoni bab-bab tartamtu.
Gancaran ngajak pamaca supaya bisa ngrasakake apa kang ana ing crita. Bab iki sing njalari
piwulang ganggo gancaran iku itungane efektif. Piwulang ana ing gancaran bisa katulis
kanthi cetha lan ana kang ora ditulis kanthi cetha. Piwulang kang tinulis kanthi cetha ana ing
pungkasane gancaran diarani koda. Ana ing koda panulis njlentrehake apa kang oleh lan ora
oleh dilakoni dening masarakat. Piwulang kang tinulis iku dijupuk saka pengalaman ing
crita.

b. Unsur-Unsur Ekstrinsik Gancaran
Unsur ekstrinsik minangka unsur kang kudu digatekake nalika nulis gancaran. Sanajan

unsur iki mapan ana ing jaba gancaran, unsur iki duwe daya kang gedhe marang apik orane
gancaran. Menawa dipadhakake karo bangunan, unsur ektrinsik padha karo tukang lan
kahanan ana ing sakiwa tengene omah. Gancaran kang digawe kudu nggatekake unsur-unsur
ana ing jaba supaya bisa kabangun kanthi bakoh. Unsur ekstrinsik gancaran kapara dadi telu
yaiku kahanan panulis, sosial lan budaya ing gancaran, sosial budaya nalika nulis gancaran.

Kahanan panulis nalika nulis gancaran iku duwe daya kang gedhe marang isi lan
wujude gancaran amarga gancaran iku ngandharake panemu saka panulis manut karo apa
sing dingerteni lan kahanan atine panulis. Saben panulis wis tamtu duwe karakteristike
dhewe-dhewe nalika nulis. Gancaran sing digawe saben panulis wis mesthi duwe titikane
dhewe. Unsur ekstrinsik sing kaloro yaiku sosial lan budaya. Crita kang digawe iku wis
mesthi dijumbuhake karo kahanan kang kudune ana ing gancaran. Kahanan ana ing gancaran
mlebu ana ing unsur ekstrinsik amarga kahanan kasebut kudu dijumbuhake karo kahanan
kang nyata supaya crita kang digawe bisa katon urip. Unsur ekstrinsik kaping telu yaiku

64


kahanan sosial lan budaya nalika nulis. Sanajan gancaran iku digawe kanthi njumbuhake
kahanan kang nyata, kahanan kang kagambarake uga bisa kena pengaruh saka kahanan sosial
lan budaya papan panggonan nulis gancaran iku.

3. Jinis-Jinising Gancaran
Gancaran sing ana ing masarakat Jawa bisa kaperang dadi loro, yaiku klasik lan

modern. Gancaran klasik iku minangka jinis sastra kang ditulis ana ing periode Jawa kuna,
tengahan, lan anyar. Sastra jinis iki diwiwiti nalika abad IX. Ana ing periode iku akeh
gancaran kang ditemokake kayata Uttarakanda (Jawa kuna), Calon Arang (tengahan), lan
Kitab Sunan Bonang (anyar). Kang kalebu gancaran klasik yaiku legendari, mite, sage, fabel,
lan sapiturute.

Sabubare periode Jawa anyar, sastra Jawa ngalami periode sastra Jawa modern. Ana
ing periode iki jinis gancaran modern uga wiwit njedul, yaiku kira-kira abad XIX. Periode
iki metu nalika bangsa Landa lagi njajah Jawa saengga karya sastra ana ing jaman iku uga
oleh pengaruh gaya tulisan Landa utawa Eropa. Kang kalebu gancaran modern yaiku roman,
novel, cerkak, esai, lan sapiturute. Kang kalebu gancaran klasik lan modern pancen akeh
banget, ananging ana ing modul iki sing arep dirembug amung babagan crita rakyat, cerkak,
lan novel wae amarga njumbuhake materi ana ing SMP lan SMA.

a. Crita Rakyat
Cerita rakyat minangka kabudayan kang sumebar lan diwarisake kanthi turun-

tumurun marang generasi-generasi sabanjure. Cerita rakyat minangka fragmen crita kang
bisa awujud crita tiyang alelana lan gambaran uripe manungsa kang paling nengsemake
utawa duwe kapinteran, duwe labuh labet kang gedhe lan dipuja-puja dening masarakat kang
duwe carita rakyat mau.

Crita rakyat minangka peranganing sastra dhaerah kang migunakake basa dhaerah
kanggo njlentrehake caritane, ngrembaka ing jaman kuna rikala basa tulis durung ana.
Amarga crita rakyat adate diceritakake kanthi cara lisan, mula nuwuhake versi kang beda-
beda gumantung pinter lan orane wong kang nyaritakake. Sanajan mengkono inti crita rakyat
kang dicritakake tetep padha. Orientasi cerita rakyat diwarisake lan disebarake amung
winates ing dhaerahe dhewe bisa katitik saka krakteristik awujud basa lan budayane. Cerita
rakyat kaanggep salah sawijining kasugihan kang thukul saka pepenginan bisa srawung karo
wong liyane.

65


Cerita rakyat iku perangan saka folklore, kang ngemu teges kang luwih wiyar.
Folklore yaiku istilah kang digunakake kanggo nyebut uga istilah cerita rakyat. Folklore
minangka istilah saka abad 19 kanggo nuduhake ciri khase yaiku lisan lan tradisioanal kuwi
mau, banjur angliputi sakabehing tradhisi lisan kang ana ing masyarakat (Haviland, 1993 ;
229). Cerita rakyat uga ditegesi minangka ekspresi budayaning sagolongan masyarakat
lumantar basa tutur sing isih ana sesambungane karo aspek budaya, kaya ta agama lan
kapercayaan, undhang-undhang, padagangan, lan nilai sosial masyarakat ing kana.

Bascom lumantar Danandjaja (1984: 50) merang cerita rakyat dadi 3 yaiku mite,
legendha, lan dongeng. Mite (Myth) yaiku crita Bascom (lumantar Danandjaja 1984: 50)
ngandharake manawa mite yaiku cerita prosa rakyat kang dianggep ana sarta dianggep suci
dening masyarakat kang duwe cerita mau. Mite kanthi paraga awujud para dewa utawa
makhluk setengah dewa. Kadadeyan bisa ing donya utawa donya kang beda kaya donya ing
jaman saiki utawa kadadeyan ing donya jaman kuna. Mite ing Indonesia diperang dadi 2
jinis miturut asal usule panggonan, yaiku asli saka tanah Indonesia lan asli saka mancanagara
kaya ta saka India, Arab, lan negara sacedhake ing Laut Tengah.

Legendha yaiku cerita kang miturut pengarange nyaritakake kadadeyan kang nyata lan
ana Danandjaja (1984: 66). Legendha yaiku cerita rakyat kanthi paraga manungsa kang
duwe sifat pinunjul. Samana uga kerep dibiyantu dening para makhluk ajaib. Titikaning
legendha kaya ta saperangan dongeng utawa cerita, ora ngemu sejarah kang akeh perangan
gaibe, perangan gaib amung sesambungan karo kedadeyan ing alam, lan sesambungan karo
sawijining dhaerah.

b. Cerkak
Tembung cerkak sejatine karakit saka tembung ceriyos lan cekak. Tembung cerkak

uga ana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung crita/criyos lan cekak.
Menawa manut saka tembung asal iku mau cerkak bisa ditegesi salah sawijining wujud
gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.
Kanthi luwih cetha Sudheer (2012: 244) ngandharake menawa “The short story however, is a
story that is short. A short involves narration of series of event or simple incidents involving
individuals in mental or physical activity one after the other”. Sayuti (2000: 10) uga
ngandharake menawa “cerpen menunjukkan kualitas yang bersifat compression atau
pemadatan, contration atau pemusatan, dan intensity atau pendalaman, yang semuanya
berkaitan dengan panjang cerita dan kualitas struktural yang disyaratkan oleh panjang

66


cerita.
Cerkak minangka salah sawijining wujud sastra Jawa kang paling sering ditulis.

Kabeh kalawarti basa Jawa mesthi dikompliti karo cerkak. Cerkak wis kaangep minangka
kabutuhan ana ing seban kalawarti. Ora mung ana ing kalawarti, cerkak uga ana kang
disiarake mawa radio. Cerkak minangka asil sastra sing paling disenengi, mula nganti ana
kang gawe buku kumpulan cerkak. Sinau cerkak ora mung ndadekake luwih kreatif, nambah
wawasan, nambah tembung, uga ngalusake budi, ananging uga duwe nilai ekonomis. Akeh
media kang ngolehake wong liya menawa arep ngirim cerkak ana ing redaksine. Cerkak iku
disenengi marang wong akeh marga sipate sing cendhak. Cerkak ora mbutuhake wektu kang
suwe kanggo maca.

Minangka salah sawijining wujud sastra wis tamtu cerkak duwe titikan kanggo
mbedakake karo wujud sastra sing liyane. Nurgiyantoro (2013: 12 – 13) ngandharake tengere
cerkak yaiku:

“(1) cerpen memiliki panjang cerita yang lebih pendek daripada novel; (2) cerpen
menyuguhkan penceritaan yang ringkas; (3) tidak memerlukan detil-detil khusus
untuk memperpanjang cerita; (4) cerpen memiliki karakteristik pemadatan dan
pemusatan terhadap sesuatu yang dikisahkan atau permasalahan; dan (5) habis
dibaca dalam sekali duduk, kira-kira setengah sampai dua jam.”
Menawa sinawang saka andharan ing dhuwur iku, sing jenenge cerkak iku wis mesthi
cendhak. Cacahe tembung ana ing cerkak iku winates. Bab iki padha karo andharane Helda
(2015: 124) yaiku “panjang cerpen rata-rata 1½ – 2 halaman atau 1.500 kata, yang juga
dipengaruhi oleh kebijakan Redaktur dalam menyediakan ruang”. Sing jenenge cerkak iku
kudu bisa diwaca kanthi cepet. Bisa dirampungake nalika leren-leren utawa sinambi maneka
gawean antarane setengah nganti rong jam wae.
Crita ana ing cerkak digawe supaya padhet amarga cerkak ora kena ditulis dawa-
dawa. Prakara kang ketok ana ing cerkak amung ana siji, ora kaya ana ing novel kang bisa
digawe luwih njlimet. Supaya watak ana ing cerkak bisa ketok lan krasa adate ana pacelathon
kang kaamot ana ing cerkak iku, nanging ora oleh akeh-akeh. Crita kang diangkat ana ing
cerkak adate crita kahanan kang ana ing masarakat. Kosasih (2012: 34) uga ngandharake
titikane cerkak yaiku “(1) alur lebih sederhana; (2) tokoh yang dimunculkan hanya beberapa
orang; (3) latar yang dilukiskan hanya sesaat dan dalam lingkup yang relatif terbatas.”
Sanajan caritane sithik, cerkak tetep kudu isa nggawa pamaca mlebu ana ing critane mula
dalane crita, pamain, lan kadadean kudu tetep digatekake.

67


c. Novel
Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembung

asale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘cerita
pendek’ ing sajrone gancaran. Ing wektu saiki, tembung novella lan novella duwe teges
Indonesa kang padha (novellete), yaiku sawijining karya prosa fiksi kang dawa caritane
(Nurgiyantoro, 2013: 9-10). Mangkono iku, novel minangka karya sastra fiksi kang
kadhaupuk awujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-urutaning cerita kang dawa. Novel
ngandharake kadadeyan kanthi bebas, njlentrehake maneka warna kadadeyan kanthi luwih
akeh lan rada njlimet, luwih komplit, detail, luwih nengenake kadadeyan kang luwih
kompleks (Nurgiyantoro, 2013: 11). Novel ngandharake anane konflik, bisa konflik ing
tataran interpersonal, intrapersonal, utawa antarpersonal.

Novel minangka gegambaraning ngaurip lan tumindaking para paraga kang kayadene
nyata rikala novel iku katulis (Pujiharto, 2012: 8). Novel minangka karya fiksional kang
ngandharake sesambungane para paraga siji marang sijine kang bisa dadi pangilon marang
sapa wae kang kapengin maca (Shipley lumantar Pujiharto, 2012: 8). Novel bisa ditegesi
salah sawijining karya sastra kang aweh tuladha lan bisa dadi pangilon tumindaking
manungsa kang kadhapuk kanthi wujud basa. Novel dadi gegambaraning zaman rikala novel
iku katulis. Novel anggambarake paraga-paraga minangka wujud representasi karaktere
manungsa ing ngalam kang nyata.

Novel bisa ngandharake sawijining karakter, situasi sosial kang mbulet, sesambungan
marang paraga liya kang nduwen maneka warna karakter, lan maneka warna kedadeyan kang
ruwet ing sawijining jaman (Stanton, 2012: 90). Novel ngandharake konflik utawa perkarane
para paraga. Titikane liya yaiku perangan ing sajrone cerita, minangka gegambaran jaman
rikala novel iku katulis. Novel minangka gegambaran kadadeyan sujarah senajan ta sipate
fiksi. Novel uga ana sesambungane kalawan kadadeyan sosial, budaya, agama, ideologi,
politik, lan ekonomi. Karya sastra novel duwe titikan dhewe yaiku nuduhake kapriye
pepenginane pengarang. Sesambungan lan rumaketing saben alur kang tinulis dening
pengarang minangka perangan kang pancen ana lan dominan ing sajroning karya sastra novel
(Pujiharto, 2012: 20).

Ana andharan liya manawa novel minangka sawijining struktur organisme kang
kompleks, unik, lan ngandharake sawijining kadadeyan nanging asifat ora langsung. Dadi
novel yaiku sawijining cerita kanthi alur kang dawa bisa awujud buku siji kanthi cariyos kang

68


tamat utawa luwih kang ngandharake panguripaning manungsa ananging kanthi asifat
imajinatif, njlentrehake panguripaning manungsa tumeka anane kadadeyan konflik kang bisa
ndadekake owah nasibe para paraga. Asil cipta awujud karya sastra novel ngemu kaendahan
kang bisa aweh rasa seneng, nikmat, getun, gambira, nelangsa, narik kawigaten, uga
anggugah rasaning para kang maos. Wujuding kasusastran iki akeh dicetak dening Penerbit
lan paling akeh sumebar ing masyarakat. Novel uga salah sawijining wujud karya sastra kang
ngemot nilai-nilai budaya sosial, moral lan pendidikan.

Novel minangka wujud sastra kang ngemu nilai intrinsik lan ekstrinsik. Uga
ngandharake kadadeyan-kadadeyan kaya kang ana ing alam nyata lan ngemu nilai-nilai moral
kang bisa kapethik ing sajrone cerita mau. Novel minangka karya sastra duwe perangan-
perangan, unsur-unsur kang sambung-sumambung kanthi rumaket siji lan sijine. Ewasamono,
novel beda kalawan cerkak. Miturut Sayuti (2000: 10) novel kerep katandhingake karo
cerkak. Bedane mung dumunung manawa cerkak luwih cekak utawa carane nyritakake
kadadeyan luwih intensif, ananging novel luwih expands, rada ngambra-ambra lan dawa.
Novel luwih nuduhake ing babagan complexity, yaiku kapriye pengarang bisa agawe
kadadeyan- kadadeyan kanthi wujud kang luwih kompleks lan njlimet. Beda karo cerkak
kang mung duweni sipat implisit yaiku kadadeyan amung diandharake kanthi cekak.

4. Apresiasi Gancaran
Apresiasi sastra iku sejatine minangka tandha menawa sastra iku ditampa ana dening

pamaca. Sunahrowi (2016: 183) ngandharake menawa “istilah apresiasi sastra (appréciation
littéraire) berasal dari bahasa latin aprecoatio yang berarti ‘mengindahkan’ atau
‘menghargai’”. Kasnadi lan Sutejo (2010: 1) uga ngandharake menawa “apresiasi sastra
merujuk pada sebuah kegiatan mengenali, memahami, mengerti tentang karya sastra yang
digauli secara intens”.

Saka tegese apresiasi kang tinulis ing dhuwur iku bisa disimpulake menawa kagiyatan
apresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi gancaran iku bisa
kalakon menawa sabubare maca gancaran, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryan
tartamtu amarga oleh pengaruh saka gancaran kang diwaca iku. Kagiyatan apresiasi sing
paling gampang iku nalika pamaca wis bisa mangerti isi saka gancaran kang diwaca, ngerti
piwulang ana ing gancaran lan bisa njupuk paedahe. Piwulang ana ing gancaran bisa kadudut
ora kanthi cara ngawur, ananging ngandelake pamikiran lan rasa kang lantip saka pamaca.

Kagiyatan apresiasi gancaran minangka cara kang digunakake kanggo ngakoni

69


eksistensi gancaran ana ing tengah-tengahing masarakat. Gancaran minangka salah sawijining
wujud sastra kang adate ngemu pitutur kanggo pamaca. Masarakat Jawa kudu bisa ngregani
asil budayane dhewe awujud sastra, mligine gancaran. Kagiyatan apresiasi iku basa
gampange yaiku kagiyatan ngenal, mudheng, ngrasakake, ngregani, lan menehi pamrayogi
panyaruwe marang gancaran kang diwaca.

Saryono (2009: 28) ngandharake menawa “apresiasi sastra sebagai peristiwa sosial
dan momentan lebih banyak bersangkutan dengan jiwa, nurani, budi, rasa, emosi, dan afeksi”.
Kagiyatan apresiasi kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif lan psikomotorik.
Kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif yaiku nalika pamaca ngerti apa kang
dikarepake ana ing gancaran lan bisa jupuk pitutur luhur gancaran iku. Kagiyatan apresiasi
kang mbutuhake kaprigelan psikomotorik bisa disawang nalika pamaca nglakoni kagiyatan
kang jumbuh karo gancaran sing diwaca. Urut-urutane apresiasi sastra diandharake dening
Endraswara (2002: 11 – 12) yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, lan (4)
ngasilake. Urutane apresiasi sastra sing pungkasan uga bisa ditambah “implikasi”. Apresiasi
marang sastra Jawa, mligine gancaran bisa kalaksanan kanthi sampurna menawa pamaca bisa
tumindak manut kaya pitutur sing diwulangake ana ing gancaran kasebut.

Kagiyatan apresiasi ganacaran iku wis mesthi diwiwiti kanthi maca lan kenal karo
gancaran kang arep diapresiasi. Rasa seneng utawa ora marang gancaran iku mesthine teka
nalika gancaran diwaca. Menawa gancaran sing diwaca kuwi apik, rasa seneng iku bisa gawe
pamaca “menikmati” gancaran sing diwaca. “Menikmati” ana ing kene ana gandheng
cenenge karo rasa seneng sing teka saka jroning ati. Kagiyatan nanggepi gancaran iku bisa
kalakon menawa pamaca wis bisa ngerti pesen kang ana ing sajroning gancaran. Pamaca ana
ing bagian iki wis bisa nganalisis pitutur luhur ana ing gancaran sarta bisa narik paedah saka
kadadean-kadadean ana ing gancaran.

Sawise pamaca mangerti pitutur luhur ana ing gancaran, pitutur kang ana iku dipikir
nganggo rasane dhewe. Pitutur becik kang wis piker nganggo rasa iku banjur ditrepake ana
ing urip padinan. Bab iki minangka wujud implikasi saka kagiyatan apresiasi gancaran.
Pitutur kang ana ing gancaran ora mung dianggep doalanan, nanging uga bisa nggeterake ati
supaya tumindak becik kaya kang diwulangake. Sanajan mangkono, implikasi ana ing
kagiyatan apresiasi uga bisa kalaksanan nalika pamaca dadi luwih kreatif amarga oleh ilham
saka maca gancaran.

70


5. Sinopsis Gancaran
Sinopsis gancaran yaiku ringkesan saka gancaran sing diwaca. Sanajan ringkes,

sinopsis bisa makili crita kang ana ing gancaran. Pamaca tetep bisa ngerti sapa wae kang dadi
paraga, kepiye urut-urutan kadadean ana ing gancaran, lan amanat apa kang bisa kadudut
saka gancaran iku. Bab iki amarga sinopsis kang kagawe kudu tetep ngemot unsur intrinsik
gancaran sing disinopsis. Kagiyatan gawe sinopsis gancaran iki bisa klebu ana kagiyatan
apresiasi. Sadurunnge nulis sinopsis, panulis wis tamtu nglakoni kagiyatan maca, mikir
nganggo rasa, mbedhah pitutur ana ing gancaran, banjur gawe sinopsis minangka implikasi
saka maca gancaran iku.

Nulis sinopsis iku bisa menehi gambaran kang ringkes lan cepet babagan isi naskah.
Nalika arep crita babagan gancaran kang diwaca, sinopsis bisa dadi alternatif kango
njlentrehake isi gancaran. Sanajan mangkono, sinopsis uga bisa mbantu wong liya nalika
milih- milih gancaran kang arep digunakake kanggo kagiyatan tertamtu saengga pamaca bisa
luwih cepet anggone nemtokake gancaran kang arep digunakake.

Gawe sinopsis gancaran iku diwiwiti kanthi maca gancaran kang arep digarap.
Menawa panulis ora maca gancaran sik, wis tamtu ora iso nulis sinopsis amarga ora ngerti
kepiye caritane, sapa paragane, piye setting, sudut pandangi, alur, amanat, lan sapiturute.
Nalika wis maca panulis kudu nulis bab-bab kang penting ana ing gancaran, kayata tema lan
sapiturute. Luwih becik meneh menawa panulis gawe rangkane sinopsis kang padha karo
gancaran, supaya anggone nulis ora morak-marik. Nulis sinopsis iku, sanajan mung saithik
tetep kudu nggatekake pamilihing tembung. Kalimat kang karonce nganggo tembung kang
endah wis tamtu luwih nyenengake menawa arep diwaca. Supaya bisa katulis kanthi ringkes,
pacelathon ana ing gancaran ora usah ditulis kaya asline. Pacelathon iku bisa wae mung
dijupuk sari patine wae sing penting bisa nggambarake kahanan kang ana ing gancaran.

D. FORUM DISKUSI
1. Gawea kelompok banjur golekana cerita rakyat ing Jawa banjur tulisen nganggo basa

Jawa kang apik!
2. Golekana bedane crita rakyat, cerkak, lan novel!

71


PENUTUP

A. RANGKUMAN
1. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket

dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang.
2. Unsur intrinsik gancaran yaiku tema, plot, watake paraga, latar/setting, sudut pandang,

pamilihing basa, lan piwulang”.
3. Unsur ekstrinsik ana ing gancaran iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka

pengarang, kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang.
4. Jinise gancaran ana loro, yaiku klasik lan modern.
5. Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ana ing masarakat tartamtu.
6. Cerkak yaiku salah sawijining wujud gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung

winates, lan mung ngemot saperkara.
7. Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembung asale

yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘cerita
pendek’ ing sajrone prosa/ gancaran.

B. TES FORMATIF
1. Salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru

wilangan, lan guru gatra yaiku...
A. gancaran
B. tembang
C. kakawin
D. geguritan
E. macapat
2. Panemu kang dibabar ana ing gancaran diarani ...
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
3. Urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan tekan pungkasan diarani …
A. alur

72


B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
4. Pitungkas/pitutur luhur kang ana ing gancaran diarani … .
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
5. Gambaran babagan kahanan ana ing gancaran diarani… .
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
6. Carane panulis mapanake awake dhewe ing carita manut panemune diarani...
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
7. Watake paraga ana ing gancaran kapara dadi telu, yaiku … .
A. protagonis, antagonis, tritagonis
B. protagonis, antagonis, dwitagonis
C. protagonis, dwitagonis, tritagonis
D. dwitagonis, antagonis, tritagonis
E. monogonis, dwitagonis, tritagonis
8. Perangane gancaran kang ngemot prakara saka sing sadurunge biasa-biasa wae suwe-
suwe dadi saya ruwet diarani … .
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks

73


D. klimaks
E. pungkasan
9. Perangane gancaran nalika prakara kang ana wus parah banget. Prakara ing gancaran wus
ana ing bagian puncak-puncake diarani … .
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks
D. klimaks
E. pungkasan
10. Wiwitane gancaran kang wujude panjlentrehan babagan paraga lan setting diarani … .
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks
D. klimaks
E. pungkasan
11. Ukara panutup ing cerita rakyat yaiku… .
F. Sawijing dina
G. Eliding cariyos
H. Miturut ki dalang
I. Duk samana
J. Si kancil banjur lunga
12. Sastra lisan asifat komunal, tegese yaiku… .
A. Asifat individual
B. Lugu/polos
C. Tiyang kang nyipta kasumurupan
D. Duwene wong akeh
E. Duwe logika dhewe
13. Cerita rakyat dhaerah Jawa iku migunakake … .
A. Basa Walandi
B. Basa Cina
C. Basa Indonesia
D. Basa Jawa
E. Basa Bali

74


14. Amanat ing cerita rakyat asifat … .
A. Lugu
B. Lelucon
C. Subjektif
D. Objektif
E. Polos

15. Kang kalebu jinising cerita rakyat Legendha yaiku … .
A. Legenda Ki Ageng Sela
B. Kodhok karo Bango Tthonthong
C. Kancil Nyolong Timun
D. Macan lan Wedhus
E. Nyai Lara Kidul

16. Dongeng kang ngemu watak lucu lan nyenengake, yaiku… .
A. Mite
B. Legendha
C. Anekdot
D. Legendha religi
E. Legendha setempat

17. Cerkak yaiku … .
A. Salah sawijining wujud anggitan kang ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra.
B. Sawijining wujud anggitan kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan
mung ngemot saperkara
C. Bentuk sastra kang wujude bebas, ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra kaya ing tembang.
D. Wewarah kang diajarake kanti cara sesidheman; pasinaon kang ngemu pasemon.
E. Salah sawijining wujud anggitan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra.

18. Titikane cerkak yaiku … .
A. Paraga utama ana ing cerkak bisa luwih saka siji.
B. Setting sing digunakake setting tunggal.
C. Prakara ana ing cerkak mung ana siji.
D. Cacahe tembung luwih saka 15000.

75


E. Luwih prayoga menawa ora nganggo pacelathon.
19. Karya fiksi Jawa modern kang kerep kamot ing majalah lan diandharake sithik mbaka

sithik yaiku… .
A. Cerkak
B. Geguritan
C. Roman
D. Novel
E. Cerbung
20. Karya sastra Jawa kang kalebu karya fiksi modern yaiku … .
A. Serat Riyanto
B. Mahabarata
C. Kalatidha
D. Serat Centhini
E. Kidung Sundha

76


KEGIATAN BELAJAR 4
TEMBANG MACAPAT

PENDAHULUAN

A. DESKRIPSI SINGKAT

Salah sawijine tujuwan utawa ancasing piwulang basa Jawa yaiku
ngrembakakake kawasisan, kaprigelan ing basa lisan lan tulis. Ing piwulang ya pasinaon
kawasisan tembang macapat, bisa kaperang dadi 4 (papat); yaiku ngerti teori lan
mumpuni praktek nembang, kanthi sangu: (a) ngerti lan paham laras (Slendro apa
Pelog), (b) wasis lan paham titilaras (nada) kanthi bener ora blero; (c) bisa nglagokake
kanthi bener, becik, lan nyenengake; (4) prigel lan trampil nganggit tembang macapat
kanthi tema kang maneka warna, ditulis lan dicakake kanthi bener, becik, lan
nyenengake kang padha ngrungokake. Tembang macapat kalebu kawasisan/kaprigelan
ing babagan “kagunan seni” kang rinamu basa lan sastra; kalebu kawasisan wicara
(praktek nembang) lan nulis (gawe teks utawa naskah tembang macapat).

Tembang macapat mujudake salah sawijine kawasisan olahing swara (seni)
kanthi piranti basa kang kapacak ing kurikulum lan kudu diwulangake ana ing SMP,
MTs lan SMA/SMK. Kawasisan tembang macapat mujudake salah sawiijine indikator
kasil/sukses lan orane para putra siswa anggone sinau; amarga siswa kang wasis, trampil
praktek nembangake/nglagokake tembang macapat lan pinter sarta prigel nulis gawe
teks/naskah tembang macapat, lumrahe nduweni wawasan lan ide kang akeh lan
kawasisan milah lan milih tembung-tembung, ngrakit/ngronce ukara, lan bisa
nglagokake/mraktekake tembang macapat kanthi bener, becik, lan nyenengake kang
padha ngrungokake. Modul tembang macapat iki karakit kanggo para dwija basa Jawa
kang bakal mulangake materi tembang macapat kanggo para putra siswa.

Modul tembang macapat kaperang dadi 2 (loro) yaiku materi teori lan praktek
utawa gladhen. Babagan materi teori ngrembug perkara: pangertening tembang macapat,
tuwuh lan kang angripta tembang macapat, cacah/gunggunging tembang macapat;

77


paugerane, watak, sasmita tembang macapat; makna filosofis lan gunane tembang
macapat. Wondene kawasisan praktek/gladhen diwujudake kanthi tuladha-tuladha
tembang macapat kang ana titilarase lan supaya dipraktekake. Mula para dwija kudu
tansah gladhen nembang macapat kang wusanane para siswa dadi tresna sarta gandrung,
lan wasis nembang macapat.

B. PETUNJUK BELAJAR

1. Modul iki isine ngemot materi teori lan materi praktek/gladhen.
2. Wacanen materi kang ana ing modul kanthi teliti lan premati!
3. Gawea cathetan/ringkesan bab-bab kang kok-anggep wigati/penting!
4. Golekana sesambungan antarane materi kang ana ing modul karo pengalamanmu

ing kelas utawa ing bebrayan agung utawa masyarakat!
5. Wangsulana gladhen/latihan soal-soal kang ana ing modul kanthi temen!
6. Kunci jawaban kang ana modul iki semak lan wacanen kanggo nyocokake

wangsulan kang ana tuladha ing gladhen.
7. Para dwija maringana biji kanthi rumus JB/JS X 100 !
8. Menawa bijimu 80, banjur lagi bisa nerusake maca kegiatan belajar 2; ananging

menawa bijimu kurang saka 80, kudu maca materi modul maneh kanthi premati
lan teliti!
9. Rembugen karo kanca dwija lan sesama menawa ana materi kang kok-anggep
angel/ora ngerti.
10. Pada dwija basa Jawa wajib tansah gladhen tembang macapat kang wis kapacak
ing modul iki, pamrihe supaya tambah wasis lan mumpuni menawa praktek
nglagokake tembang macapat; lan uga trampil nganggit tembang macapat kanthi
basa tulis/teori.

78


INTI

A. Capaian Pembelajaran:
Mampu membuat, menganalisis, mengevaluasi, dan memraktekkan secara tepat

dan kritis “teks tembang macapat” sesuai dengan nada/titilaras dalam beragam
informasi dalam teks bahasa Jawa lisan dan tulis dalam konteks keseharian/umum,
akademik dan pekerjaan.

B. Pokok-Pokok Materi
1. Tegese tembang macapat
2 Tuwuh lan pangriptane tembang macapat
3. Cacah lan gunggunging tembang macapat
4. Gunane Tembang Macapat
5. Paugerane Tembang Macapat
6. Sipat utawa Wataking tembang macapat
7. Sasmita Tembang Macapat
8. Cara Nglagokake Tembang Macapat
9. Makna Filsofise Tembang Macapat

C. Uraian Materi

1. Tegese Tembang Macapat

Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”;
lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha:
Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten
peken. Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan
sumebar ing tanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing
edi lan endah , sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-
pranatan kang gumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding
karangan kang didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget,

79


kayata: tembang Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar
Macapat’, tembang Dolanan, Gerongan, Suluk.

Ing buku Mardawalagu (tt, 2) anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita,
diandharake apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot
“Sekar Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c)
wacan kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “Tembang
Alit utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawa
diwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan
kaping papat utawa maca patlagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani
“Tembang Macapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat.

Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan
kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese
tembang macapat, yaiku.

a. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake;
lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi)
wancahan saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget
(Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak
rasa endah lan nikmat.

b. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang
asale saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum.
Mula macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa
menyanyi. Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi
gregel, yaiku lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4
(papat) titilaras.

c. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung
“papat”; jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4
wanda) waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot
tembung. Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning

80


tembang; bisa mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-
3).

2. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat

Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulis
buku-buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitane
abad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini
(PB V) kang katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawa
versine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;
wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi
(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembang
macapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane
abad 19 Masehi.

Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apa
pamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ing
sarasehan-sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondene
pemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rong
panemu, yaiku.

a. Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh

Kang yasa tembang macapat iku para wali, kira-kira ing jaman Mataram akhir
tumeka jaman Pajang, kurang luwih akhir abad 15 Masehi tumeka wiwitan abad 16
Masehi; wiwitane budaya Islam lumebu ing tanah Jawa. Wondene para wali kang yasa
tembang macapat, yaiku:

1) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat: Dhandhanggula,
2) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung,
3) Sunan Bonang: Durma,
4) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil,
5) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi,

81


6) Sunan Drajad: Pangkur (Umar Hasyim, 1974).

Ana pemanggih liya, yaiku Sri Sulistiani, dkk. (2017: 15); menawa tembang
macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku dicipta para walisanga; kaya ing ngisor iki.

No. Sekar/ Tembang Pangripta
1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng
2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
3 Maskumambang Kanjeng Sunan Majagung
4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada
5 Durma Kanjeng Sunan Bonang
6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Herucakra
7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga
9 Gambuh Natapraja
10 Megatruh/ Dudukwuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen
11 Pocung Kanjeng Sunan Gunungjati

b. Adhedhasar Sujarah

Tuwuhe tembang macapat ing pungkasaning jaman Majapahit utawa Majapahit
akhir, rikalane pengaruh utawa pangaribawa Hindhu sangsaya tipis lan luntur, wondene
rasa manunggaling bangsa Indonesia tambah kiyat. Mula wujud/bentuk kakawin kanthi
metrum Hindhu sangsaya luntur lan sumingkir, lan tuwuhipun kidung lan tembang
macapat kanthi metrum asli Jawa.

Kanthi dhedhasar rong panemu ing dhuwur bisa kadudut utawa disimpulake
menawa tembang macapat iku tuwuh/timbul ing pungkasaning jaman Majapahit, yaiku
anane kidung ing sajroning kasusastran Jawa Tengahan. Sawise pungkasaning abad 16
Masehi diarani tembang macapat kanggo ngripta/nganggit kasusastran Jawa Anyar.

82


3. Cacah utawa Gunggunge Tembang Macapat

Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni
siji lan sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana
telung pamanggih/panemu, yaiku.

a. Cacah/gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/nawa), kang dhasar
wiwitane tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat:
“Durma, kinanthi, Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung,
lan Sinom”.

b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ing dhuwur
katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/Dudukwuluh.

c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2)
andharan ing dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong,
Balabak, lan Girisa” (Pemanggih/panemu iki ora lumrah, jalaran papat
tembang iku kagolong tembang tengahan. Ananging uga ana panemu
menawa tembang Tengahan iku sejatine tembang Macapat kang tuwuhe
luwih dhisik; mula paugeran lan pranatane padha antarane tembang tengahan
lan macapat.
Telung panemu gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan
adhedhasar ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki
menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).

a. Tuladha Tembang Macapat Mijil, Laras Pelog Pathet Nem.

66 !@ @ @@ @! @z x x x c #
Po - ma ka - ki pa- dha di- pun e- ling

!6 ! z@x x x x #c z!x x x x c@ @ 5 z6.x x53c
Mring pi- tu - tur i- ngong ran - e

!@ # z!x x x x c@ 655 5
Si - ra u - ga sa - tri - ya a-

83


23 56533 3 3 z2x.3c
Ku - du an- teng jat- mi - ka ing bu - dhi

56 66 6 5z x x x x c6
Ru - ruh sar - ta was - sis

23 5 5 z5x65c 3z .x 2c
Sa - mu ba - rang i - pun

b. Tuladha Tembang Macapat “Pangkur”; Laras Pelog Nem

35555333
Se - kar pang - kur kang wi - nar - na

35 56 111 1233
Le - la - buh - an kang kang - go wong a - u - rip

56 ! ! ! ! @z x x x x x c# @z x x x x x !c
A - la lan be - cik pu - ni - ku

!65 555 5
Pra - yo - ga ka - wruh - a - na

3565311 1 1 z21x c2 3 3
A - dat wa - ton pu - ni - ku di - pun ka - da - lu

ty111 111
mi - wah ing - kang ta - ta - kra - ma

1231 2 3 3z 2c 1
Mum - pa - ngat - i - ba - dan - ne - ki

4. Gunane Tembang Macapat

Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya
kanggo nglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa

84


kang sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Jalaran serat-serat
Jawa ing jaman kuna (karaton) akeh kang katulis kanthi wujud basa pinathok ‘puisi
tradisional’ kakawin, tengahan, mligine tembang macapat. Wondene guna paedahe
sinau tembang macapat, yaiku;(a) Nyenengake kang padha maca utawa nembang,
amarga menawa waleh/bosen cengkok utawa laras siji, bisa ganti cengkok utawa laras
liyane. (b) Nggampangake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang
diwujudake ing tembang macapat.

Tuladha Tembang “Dhandhanggula”, Laras Slendro Pathet Sanga.

25 66 . 6!@ @@@
Yo- gya- ni - ra kang pa - ra pra - ju - rit

@ @ 6 !z x x x x 6c . 6 6 6 6 6 6

La - mun bi - sa sa- mya a - nu - la - dha

56 66 66 !6 5
Ka - dya ngu - ni ca - ri - ta - ne

6 ! @ ! 6z x x x x !c 56
An - del i - ra Sang Pra - bu

66 6z x x x x c5 2 . 2 2 2 2 z1x x x x yc
Sa - sra ba - u ing Ma - es - pa - ti

1222222
A - ran Pa - tih Su - wan - da

35 11 2 1 yt
Le - la - buh - an- i- pun

12 222 222
Kang gi - ne - lung tri pra - ka - ra

5 3 2 z1x x x x cy yyyyy12

2

85


Gu - na ka - ya pu - run ing - kang den an - te -
pi

222 11 2 yz x x x x x 1c 1
Nu - hon - i trah u -
ta - ma

5. Paugerane Tembang Macapat

Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/yasa tembang macapat
lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-
tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra,
guru wilangan, guru lagu/dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra yen
ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing
tembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh
‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’.

Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang edi
lan endah, supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake. Mula basa
ing tembang iku: luwes, pantes kang bisa nuwuhake rasa endah, saged narik lan
nyenengake kang padha maca lan ngrungokake (Hadiwidjana, 1967: 52). Pangripta
tembang macapat lumrahe nggunakake “rengga basa/basa rinengga”.

Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilangan lan guru-
lagu (dhong-dhing) tembang macapat bisa digawe tabel ing ngisor iki.

Nama tembang

Pocung 12-u 6-a 8-i 12-a - - - - - -

Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a - - - - - -

86


Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - --
Megatruh
Kinanthi 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - --
Mijil
Pangkur 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -

Asmaradana 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -

Durma 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - --
Sinom
8-i 8-a 8- 8-a 7-a 8-u 8-a - --

e/o

12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - --

8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -

Dhandhanggula 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a

a. Tuladha Tembang Macapat Maskumambang; Laras Pelog Pathet Lima

5 z6x x x x x c! ! ! ! ! ! ! @ # !

6z .x c5 ma - nut pi - tu - tur wong tu - wa u-
Wong tan
# # @ z!.x c@
gi mu du - ra - ka

! z@x x x x x c# 5 6 z!x x x x x c@ 6z x x x5x 3c z2.x 1c
A - ne - tu - me - keng a- khir

655
Ing do - nya

87


1 2 3 1 2 3 3z x x x x x 2c 3z x.5c
Tan wu - rung ka - su - rang su - rang

b. Tuladha Tembang Macapat Asmaradana; Laras Slendro, Pathet Sanga miring

1 2 /3 5 555 5
Se - ja - ti - ne u - rip i - ki

5! @# !!55
Ka - ya de - ne wong le - lu - ngan

/3 2 3/ 5 /3 z2x x x x x c3/ 12
Neng do - nya mung mam - pir ngom - be

555 555 5z x x x x x 3c/ z/3x x x x x 5c
Te - ru - se ja - gad a - ke - rat

22 2 2 2 3/z x x x x x c2 1
Nung –gal la - wan pa - nge - ran

12 2 2 2 2 z2c/x3 1z x 2c
Kang ti - tis pa - nges - thi - ni - pun

11 11 2 2 3z x2c1 1
Yek - ti an - tuk ka - nu - gra - han

6. Sipat utawa Watake Macapat
Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan
tembang tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing
tembang iku ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking
tembang. Wondene wataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.

88


1) Pocung : Watake sasenenge/sakarepe dhewe, lucu, sembrana parikena.
Cocok/jumbuh kanggo cangkriman, nggambarakeprakara
kang sembranan.

2) Gambuh : Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur;
pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran.
Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur,
pendidikan, panembah.

3) Pangkur : Gumregah,semangat, nesu, perang. Jumbuh/cocok kanggo
paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya,
ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.

4) Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/jumbuh
kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel,
carita paprangan.

5) Maskumambang : Sedhih/susah, trenyuh, getun/gela. Jumbuh/cocok kanggo
nggambarake rasa susah/sedhih, getun geduwung, nelangsa.

6) Megatruh : Susah, prihatin, gela/getun. Jumbuh kanggo nggambarake
prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.

7) Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa
nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak,
pitutur. Jumbuh/cocok kanggo nggambarake rasa asih tresna,
prihatin, pangajak, lan pitutur.

8) Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/nasihat,
nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.

9) Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/cocok kanggo
nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara

89


branta, lan liya-liyane.

10) Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo
prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah
‘kreatif’.

11) Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh
kanggo nggambarake sakabehe suwasana/kawontenan.

Tuladha Tembang Macapat Kinanthi; Laras Slendro, Pathet Manyura

6! !! ! @z !x c@ # #
Pa - dha gu - la - ngen ing kal - bu

#@@@ # # @ #z x@!c
Ing sas - mi - ta a - mrih lan - tip

6! @@ @ @ @z c# z!@c
A - ja pi - jer ma - ngan nen - dra

! 6 6 6 5 z56c 3 3z x5c6
Ka pra - wi - ran den ka - es - thi

566 66 6 5 z56c
Pe - su - nen sa - ri - ra ni - ra

5 5 5z 6c 5z c3 3 3 z3x56c 6
Ce - gah dha - har la - wan gu - ling

7. Sasmitane Tembang Macapat
Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang ditulis tembang macapat iku arang
kang menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi
cara nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning
sekar”.Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning

90


pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh
sabanjure.

Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :

a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung
kang nduweni wanda “cung”.

b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-
tembung kang awanda “mbuh”.

c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.

d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.

g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.

h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.

i. Pangkur : mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.

j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin,
sedhih.

k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.

n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logondhang.

o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang,
guladrawa.

91


a. Tuladha Tembang Macapat Durma; Laras Pelog Pathet Barang

356777 77 6 6z c7 5 3z c2
Be - ner lu - put a - la be - cik la - wan beg - ja

23 5 55 6z 7c z6.x c5
Ci - la - ka ma - pan sa - king

@#7656
Ing ba - dan pri - yang - ga

66 6 6 z6c7 5 6
Du - du sa - king wong li - ya

67 @ @@@ z@#c z@#c
Mu - la - ne den nga - ti a - ti

5 6 7 z5x.x6c5 z3c2
Sa - king dir - ga - ma

z5x.6x c7 7 7 7 75 7z x.6x 5c
sing - ga - ha - na den e - ling

b. Tuladha Tembang Gambuh; Laras Pelog Pathet Barang

7 @ @ @ @ 7 z@#c
Sa - meng ko - ting - sun tu - tur

#@ 767 @@ @ 7 @z c#
Sem - bah ca - tur - su - pa - ya lu - mun - tur

65 3 5z 6c 66 66 75 32
Dhi - hin ra - ga cip - ta ji - wa ra - sa ka - ki

566 67567
Ing ka - na la - mun ti - ne - mu

7 @ # @ 7 6 5z c6 6

92


Tan - dha nu - gra - ha ning ma - non

8. Carane Nglagokake Tembang Macapat
Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,
pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu
mangerteni 5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b) ala
lan beciking suwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang salah;
lan (e) paham lan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi
(Hardjowirogo, 1958: 13).

Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni
paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lan
Pelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek
dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis notasi
tembang; (b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing tembang Jawa
iku adhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis paham lan
mangerteni titilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang macapat.
Titilaras iku ora mung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka kang wis
ditata lan mujudake sawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing titilaras
laras Sledro lan Pelog, yaiku.

Urutan titilaras laras Slendro :1–2 -3–5–6–i

Urutan titilaras laras Pelog : 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7

(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat
nduweni cengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas
seni tembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang kang tanpa
cengkok diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kang
nggunakakecengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit) (Suwardi Endraswara,

93


2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteni
isining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-
liyane. (5) Pedhotan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8, prayoga
dilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing
ukara/ baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna 2 (loro),
yaiku: (a) pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning tembung, lan
(b) pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa
durung rampung (pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang guru wilangane
luwih saka 8 (wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan,
lan diterusake saknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan ora tumiba
pungkasaning tembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning tembung,
sanajan lima utawa enem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti
bernafas’, ing satengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing
pungkasaning pada ‘bait’. (8) Nggatekake laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa
jumbuh karo wataking tembang. Tuladha tembang Pangkur kudu semangat, jalaran
wataking tembang Pangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat, wani”. (9) Paham
gregel, yaiku membat mentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo gawe
endahing tembang macapat. Wondene gregel ing tembang macapat iku akehe 4 (papat)
gelombang titilaras. Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel andhap,
tegese gregel sing dilagokake ing peranganing wanda tembung kang pungkasan, contone
“ra” ing ukara: mingkar mingkur ing angkara. (b) gregel hanung, tegese gregel kang
dilagokake ing wanda sadurunge pungkasaning tembung ing pungkasaning gatra,
tuladhane “ka” ing ukara: mingkar mingkur ing angkara. (10) Paham utawa ngerti “luk”,
yaiku munggah mudhun utawa ombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi)
kang digawe. Ing tembang macapat, lukora becik menawa ngluwihi tigang titilaras,
jalaran luk kang dawa iku arane bawa. Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak
menawa dirungokake. Luk bisa dibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk,
maksude luk kang titilaras (nada, notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang
titilaras sadhuwure; tuladhane nada: 23, 35, 45, 56”; (b) niba,tegese nada (titilaras)
kang dhuwur mudhun marang nada sangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c)

94


tangi, maksude luk saka titilaras kang cendhek tumuju marang nada kang luwih dhuwur,
tuladhane titilaras: “235, 356, 367, 561”; lan (d) nyeklek,yaiku luk kang munggah lan
mudhun utawa suwalike kanthi mlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532,
6576”.

Tuladha Tembang Macapat “Sinom” Laras Pelog Pathet Nem

!@@@@ z@#c ! @z c!
Nu - la - dha la - ku
u - ta - ma

!!! ! ! ! z!@x !c 6z .x 5c
Tu - mrap -e wong ta - nah Ja - wi

!@ # z!c@ !6 6 z5c6
Wong a - gung ing Ngek - si - gan - da

6 6 6 z56c 2 2 2z 3c 1z x2x1cy
Pa - nem - ba - han Se - no - pa - ti

355 5 5 z5c6 5
Ke - pa - ti a - mar - su - di

3 2 2 2 2z 3c 2z x1cy z12c 2
Su - da - ning ha - wa lan nap - su

123 33 33
Pi - ne - su ta - pa bra - ta

355 6 2 2 2z 3c 1z x21x yc
Ta - na - pi ing si - yang ra - tri

3 5 5 5 5 5 5z 6c 5 3 2z c3 z12c 2
A - me - ma - ngun kar - ye - nak tyas ing se - sa - ma

9. Makna Filosofise Tembang Macapat
Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka 3
(telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane mbobot,

95


Click to View FlipBook Version