BAHASA JAWA KELAS X BAHAN AJAR ꦌꦫꦶ ꦮꦸ ꦤ꧀ ꦱꦫꦶ
1 | B a s a J a w i K e l a s X BAB 5 PARAMASASTRA ..................................................................................... 2 A. Nyemak Cariyos ............................................................................................ 2 B. Jinisipun Cariyos .......................................................................................... 2 C. Unsur Intrinsik lan 5W+1H ......................................................................... 4 D. Nyerat Cariyos .............................................................................................. 6 BAB 6 GEGURITAN ............................................................................................. 7 A. Nyimak Geguritan ........................................................................................ 7 B. Unsur Geguritan .......................................................................................... 8 C. Maos Geguritan ............................................................................................ 9 D. Nyerat Geguritan .......................................................................................... 9 E. Parafrase Geguritan ................................................................................... 11 BAB 7 SESORAH ................................................................................................. 14 A. Sangu lan Cak-cakan Sesorah .................................................................... 14 B. Maos Sesorah .............................................................................................. 17 C. Metodhe Sesorah ......................................................................................... 18 D. Ancasipun Sesorah ...................................................................................... 19 BAB 8 WAYANG .................................................................................................. 24 A. Wiwitaning Wayang .................................................................................... 23 B. Jinisipun Wayang ....................................................................................... 25 C. Istilah ing Donya Pedhalangan .................................................................. 29 DAFTAR PUSTAKA ............................................................................................ 32 DAFTAR ISI
2 | B a s a J a w i K e l a s X A. Nyemak Cariyos Cariyos pengalaman inggih menika nyariosaken pengalaman pribadhi utawi pengalaman tiyang sanes kanthi ngginakaken basa krama alus utawa basa ngoko lugu. Nyariosaken pengalaman pribadhi utawi pengalaman tiyang sanes ngengingi kedadosan-kedadosan ing wekdal tartamtu. Cariyos pengalaman menika kalebet cariyos pengalaman warniwarni, kadosta pengalaman lucu, pengalaman ngegirisi, pengalaman sedhih, lan sedaya pengalaman ingkang boten saged dipunsupekaken. Cariyos pengalaman lucu, pengalaman medeni utawi pengalaman sedhih saged kapendhet piwulangipun kangge kaca benggala minangka pandoming tumindak lan ing tembe wingkingipun tansah kebak pangatosatos. Supados anggenipun nyarios pengalaman menika sae, prayogi migatosaken bab ing andhap menika: 1. Cariyos pengamanan menika tegesipun nyariosaken pengalaman ingkang boten saged dipunsupekaken, 2. Ukaranipun prasaja lan cetha, 3. Tembungipun gampang dipunmangertosi, 4. Wiramanipun ingkang cetha lan saged milah-milah frasa-frasa (kelompok kata). Dados pangecapipun boten satembung mbaka satembung, 5. Anggenipun cariyos dipunkantheni solah bawa lan polatan (mimik) ingkang trep kaliyan ingkang dipuncariyosaken, 6. Gampil dipunmangertosi topikipun 7. Nalika guneman pocapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu (ragu-ragu) BAB 6 Cariyos Pengalaman
3 | B a s a J a w i K e l a s X 8. Iramanipun tiyang cariyos saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi lirihing swanten dipunlarasaken kaliyan isinipun cariyos. Cariyos kanthi tema perjuwangan anggenipun matur kedah sora, semangat. Beda kaliyan ngaturaken cariyos ingkang isinipun nembe nandhang kasusahan, kacilakan mesthi kedah alon, lirih, sareh, 9. Obahing sarira lan pasuryan (rai) kedah luwes, boten kaku 10.Pasemon kanthi langsung, cariyos pengalaman ngaturaken bab-bab kanthi langsung inggih menika ngaturaken satunggaling bab ingkang ngemot teges trep kaliyan kadadosanipun. Cariyos pengalaman inggih menika guru ingkang paling sae. Unenunen menika pancen leres, amargi tiyang gesang saged mundhut piwulang saking kadadosan kasebut. Saben toyang kagungan carita pengalaman piyambak-piyambabk. Sanajan kedadosanipun mapan ing papan ingkang sami, ananging saben tiyang beda anggenipun nanggapi kedadosan kasebut. Mirengaken cariyos pengalaman ugi migunani amargi saged nambah pengalaman langkung wiyar, nambah seserepan ngilmu, pikantuk panglipur ingkang mirah, ugi saged nuwuhaken empati, kadosta raos welas, nengsemake, trenyuh, seneng, sedhih, lan sapanunggalanipun tumrap tiyang ingkang mirengaken cariyos pengalaman kasebut. Tumrap tiyang ingkang asring nuturaken lan nyerat cariyos, ngronce tetembungan dados ukara-ukara ingkang sekeca dimirengaken menika bab inglang gampil. Ananging tumrap tiyang ingkang dereng kulina nyariosaken cariyos, sanajan pengalamanipun piyambak, raosipun angel sanget. Supados gampil, cariyos ingkang badhe dipunmekaraken kanthi kreasi piyambak ngangge modhalipun piyambak. Modhal kasebut menika saged awujud kawruh bab tata basa lan tata ukara, wawasan tetembungan.
4 | B a s a J a w i K e l a s X B. Jinisipun Cariyos Miturut isinipun cerita, cerita pengalaman awujud dados tiga (3), inggih menika: 1. Pengalaman lucu, inggih menika pengalaman ingkang damel guyu tumrap tiyang ingkang ngalami utawa ngrungokake. Ingkang sinebut lucu miturut teori, inggih menika: a. Teori superioritas degradasi: tiyang rumaos seneng lan lucu menawi dipunugungaken, ananging boten jumbuh kaliyan kasunyatan b. Teori bisosiasi: tiyang rumaos lucu menawi piyambakipun ngrumangsani boten gathuk antawisipun angen-angen kaliyan kasunyatan c. Teori inhibasi: tegesipun sampun samesthinipun bilih raos boten sakeca saged medal utawi kelegan 2. Pengalaman ingkang nengsemaken, inggih menika pengalaman ingkang damel bungah manahipun tiyang ingkang ngalami. 3. Pengalaman ingkang damel susah/ trenyuh, inggih menika pengalaman ingkang damel susahing manah tumrap tiyang ingkang ngalami lan menawi dipuncariyosaken tiyang sanes, ingkang mireng cariyos kasebut ugi ndherek susah utawi tumut mesakaken. C. Unsur Intrinsik lan 5W+1H Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang nyengkuyung ing salebeting cariyos. Unsur intrinsik ing salebeting cariyos inggih menika: 1. Tema (gagasan) Tema inggih menika bab ingkang dados underaning rembug. Tuladhanipun kasarasan, karesikan, katresnan, kabudayan, kesenian, lsp. 2. Alur utawi plot. Alur inggih menika urutaning cariyos wiwit lekas nganti pungkasan. Limrahipun urutan cariyos menika:
5 | B a s a J a w i K e l a s X a) Pitepangan (pengenalan tokoh) b) Konflik utawi tuwuh geseking panemu c) Klimaks utawi pol-polaning perkawis d) Anti klimaks utawi mandhapipun perkawis tumuju rampungipun cariyos e) Rampungipun perkawis (penyelesaian) 3. Paraga (tokoh) Salebeting cariyos wonten paraga baku lan paraga tambahan. Paraga inggih menika sapa ingkang nglampahi tumindak ing cariyos lan kados pundi watakipun. Saking paraga menika saged dimangertosi bleger, watak, lan gagasanipun. 4. Setting utawi latar Latar inggih menika papan, swasana, lan wekdal dumadinipun ing cariyos 5. Pitutur (amanat) Pitutur inggih menika pesen kabecikan saking sawijining cariyos ingkang migunani tumrap pamaos, saged ngandhani sasampunipun mangertosi wos cariyos menika 6. Teknik pandelenging pengarang (point of view). Sudhut pandhang inggih menika caranipun pengarang mandeng sawijining cariyos. Limrahipun ngangge teknik pandeleng wong kapisan utawi wong katelu. Salajengipun menapa ingkang badhe kacariyosaken ing perangan-perangan kasebut? Limrahipun cariyos pengalaman rinonce migunakaken rumus 5W+1H kadosta ing jagad jurnalistik, inggih menika: 1. What - menapa: pengalaman menapa ingkang badhe kacariyosaken 2. Where – wonten pundi: latar cariyos pangelaman 3. When – kapan: kapan kadadeyan cariyos kasebut 4. Who – sinten: sinten kemawon paraga ing cariyos pengalaman kasebut 5. Why – kenging menapa: menapa sebabipun/ kenging menapa pengalaman kasebut dumados
6 | B a s a J a w i K e l a s X 6. How – kados pundi: kadospundi kedadosan ing cariyos pengalaman kasebut D. Nyerat cariyos tata cara nyerat cariyos pengalaman ing sae inggih menika: 1. Ngrumusaken underaning cariyos (tema/ topik) ingkang cetha 2. Nemtokaken sinteng ingkang tinuju (segmen), inggih menika sinten ingkang bakal dipuncritani 3. Nemtokaken pengalaman ingkang badhe dipuncariyosaken 4. Damel watesan : menapa kemawon ungkang badhe dipuncariyosaken lan menapa kemawon ingkang boten perlu dipuncariyosaken 5. Ngrancang kedadeyan utama utawa penting awujud kronologi utawi urutan wektu 6. Nyuwun cengkorongan (kerangka) karangan 7. Mekaraken lan nyunting cariyos pengalaman.
7 | B a s a J a w i K e l a s X A. Nyemak Geguritan Miturut Subalidinata (1994: 45), geguritan inggih punika rantamaning basa ingkang memper syair (syair Jawa gagrag enggal). Jinisipun geguritan/ titikanipun saged kaperang dados kalih, inggih punika: 1. Geguritan gagrag lawas Geguriitan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kaperang wonten ing pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanthi guru-swara. Paugeran geguritan gagrag lawas inggih punika: a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra, b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami, c. Dhong-dhing utawi guru lagu sadaya manggen wonten wekasanipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanthi guru swara, Tujuan Pembelajaran: 1. Mendiskusikan pembacaan geguritan dari berbagai media. 2. mendiskusikan estetika bahasa dan isi serta nilai dalam geguritan 3. Menafsirkan isi dan nilai pendidikan dari geguritan yang disajikan. 4. Menganalisis kaidah kebahasaan dan estetika dalam geguritan 5. Menulis geguritan sesuai dengan tema yang ditentukan 6. Menyampaiakan geguritan dari karya siswa masing-masing dengan memperhatikan 4 W. 7. Menanggapi penyajian geguritan dari siswa lain. BAB 7 GEGURITAN
8 | B a s a J a w i K e l a s X d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gurit” nanging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gurit”. Tembungipun “sun gurit” naming wonten inggil piyambak. Tuladha: Sun gurit Wateke wong kampung jati Bekti marang yayah wibi Setya marang sakeh janji 2. Geguritan gagrag enggal Geguritan gagrag enggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat ngangge aksara latin. Lan sampun ngginakaken kerta/ dluwang. Geguritan gagrag enggal boten kaperang wonten ing pupuhpupuh tembang lan boten ngangge tembung “sun gurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, Pramila jinisipun geguritan gagrag enggal punika saged dipunwastani puisi Jawa bebas. B. Unsur-Unsur Geguritan Geguritan ingkang sae prayoginipun ngemot unsur-unsur, inggih punika: 1. Kaendahan Kaendahan geguritan kadhapuk lumantar: a. Pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes b. Migunakaken lelewaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat, c. Migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaendahanipun. 2. Piwulang/Pendidikan Geguritan kajawi ngemot kaendahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka patuladhan lan pitutur ingkang saem sarta migunani kangge sanguning gesang alam Donya. 3. Nuwuhaken raos tresna Gegurtitan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap masyarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak gagasangagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna ingkang tuwuh
9 | B a s a J a w i K e l a s X inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun manungsa, dhumateng Gusti ingkang Kawasa, lan dhateng lingkungan. 4. Wetah Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun peranganperangan unsur ing geguritan, boten madeg piyambak-piyambak. C. Maos Geguritan Nalika maos geguritan, para siswa kedah nggatosaken unsur 4W, inggih menika: 1. Wicara (basa, pakecapan) Nalika maos geguritan, pocapan kedah cetha, boten gropyok,blero utawi mangu-mangu. Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o, t/th, d/dh, lan sapanunggalanipun. 2. Wirama Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan. 3. Wirasa Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, umpaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa,getun, lan sapanunggalanipun. 4. Wiraga (solah bawa, pasemon) Ebahing badan lan pasuryan kedah dipun gatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos katingal kadamel-damel. Supados wicara, wirama, wirasa, lan wiraga saged sae, ingkang badhe maos kedhas pados upaya amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing geguritan waul an mangertosi maknanipun. D. Nyerat Geguritan Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggenipun damel langkung mardika. Boten wonten paugeran/aturan ingkang gumathok kados dene damel sekar Macapat. Sanajan ukaranipun kathah, sasaged-saged
10 | B a s a J a w i K e l a s X maknanipun kempel, manunggal runtut. Sadaya wau kanthi pangangkah amrih ingkang maos saged damel dudutan/kesimpulan kados dene ingkang dipun kersakaken panganggit. 1. Caranipuan damel Geguritan a. Nemtokake underaning/tema perkawis, b. Milih irah-irahan/ judul ingkang sae, saged narik kawigatosan ingkang maos, c. Milih tembung ingkang sae lan mentes, d. Antawisipun judhul lan tema wonten sambetipun, e. Saged migunakaken purwakanthi, f. Saged migunakaken lelewaning basa/gaya Bahasa. 2. Amrih saged nyerat geguritan kanthi sae, saged nindakaken lampah kados ing ngandhap punika: a. Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi “Kepekaan diri”, ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen nandhingaken kawontenan, lan sapirturutipun, b. Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun anggenipun ngudar gagasan. Kanthi ngenungaken cipta, remen olah rasa, titen, open, tundhonipun saged panen utawi ngundhuh ilham wau, c. Ngedalaken tembung ingkang sapisanan miinangka tembung ingkang saged nuntun tembung-tembung salajengipun. Satembung kalawau saged kapanjangaken kanthi maringi pitakenan punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa,lan wonten pundi papanipun. d. Ngolah tembung, saged katindhakaken kanthi ngronce tembungtembung ingkang kawedal saking ilham wau, e. Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kala wau karaos dereng sae lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa ingkang endah, saged awujud purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lan sapanunggalanipun,
11 | B a s a J a w i K e l a s X f. Milihi tembuh saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang badhe maos, kados punapa ingkang dipunangen-angen, salajengipun saged nggantos tembung-tembung ingkang kirang mathis wau saderengipun kabundheli utawi rampung. Kanthi makaten, kaajab saged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos. E. Parafrase Geguritan Karya sastra geguritan punika basanipun simbolik, tegesipun ngandhur makna, nilai, pitutur utawi penggalihan ingkang sinandhi. Pramila supados maksud saking panganggit saged dipunmangertosi kedah dipunonceki tembung-tembungipun. Kangge mangertosi maknanipun saged kanthi cara ngowahi geguritan wau dados gancaran. Teknik ngowahi wujud geguritan (puisi) dados cerita/ gancaran (prosa) dipunwastani nggancaraken utawi parafrase. Geguritan ingkang wujudipun ukara-ukara boten jangkep, dipuntambahi tembung-tembung ingkang trep, satemah ukaranipun dados gamblang. Satemah maksud saking geguritan ingkang kalawau sinandhi saged kawiyak cetha punapa maksud lan punapa ingkang dipun kajengaken dening panganggit. Parafrase inggih punika ngandharaken/ nyariosaken malih satunggaling teks dados awujud sanes, kanthi ancas kangge njlentrehaken makna ingkang sinerat tanpa ngewahi makna aslinipun. Para maos saged mangertosi rumiyin punapa ingkang badhe kaandharaken satunggaling teks geguritan. Salajengipun, para pamaos kedah manggihi gagasan saben larik ing saben pada. Kanthi langkung princi, tata cara nggancaraken utawi parafrase geguritan kadosta ing ngandhap punika: a. Para pamaos mangertosi rumiyin makna geguritan ingkang badhe dipungancaraken, caranipun kanthi dipunambali maosipun (hermeneutik),
12 | B a s a J a w i K e l a s X b. Madosi lan nemonaken tembung-tembung ingkang ngemu teges ingkang boten wantah, ngandhut pepindhan, simbolik, lajeng negesi tembungtembunng kasebut, c. Nyerat tembung-tembung ingkang “sengaja dipunicali” dening panganggit, tembung-tembung punika ical lumrahipun supados tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging sanajan tembung kala wau ica, boten ngewahi teges, d. Ngeronce tetembungan ing geguritan dados gancaran (prosa) jangkep, saking ukara-ukara minimal Jejer-Wasesa (subjek-predikat). Caranipun kanthi nyariosaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi bab tetembungan ing nomer 2 kala wau. Wonten 2 cara nggancaraken (Parafrasis) geguritan: 1. Damel gancaran-kaiket (parafrase-terikat), inggih punika ngewahi geguritan dados wujud gancaran (prosa) kanthi cara nambahi sawetawis tetembungan ing geguritan, satemah ukara-ukara (ujaran) ing geguritan gampil dipunmangertosi. Sedaya tetembungan ing geguritan taksih wonten, boten dipun gantos utawa dipunicali, tetep dipunginakaken salebeting gancaran. 2. Damel gancaran-bebas (parafrase-bebas), inggih punika ngewahi geguritan dados awujud gancaran ngangge tetembungan piyambak. Tembung-tembung salebeting geguritan saged dipunginakaken, ugi saged boten dipunginakaken utawi ngangge basanipun piyambak. Salajengipun, para pamaos rampung anggenipun maos lan negesi geguritan kanthi utuh, lajeng nyariosaken malih ngangge basanipun piyambak. Kawangsulana pitakenan ing andhap punika kanthi leres! 1. Maos geguritan benten kaliyan maos cerita utawi atur pangandikan. Wonten unsur 4W ingkang kedah dipungatosaken. Kajlentrehna unsur 4W punika! GLADHEN PADINAN
13 | B a s a J a w i K e l a s X 2. Nalika damel geguritan, supados sae lan endah saged migunakaken purwakanthi. Puwakanthi punika wonten 3, punapa kemawon purwakanthi kasebut lan punapa tuladhanipun? Kagatosaken geguritan ing andhap punika kanthi premati! Kanggo Anakku Anakku, urip iki mung sedhela Aja mung nggugu karepe priyangga Aja mung sembrana kang tanpa guna Aja kok entekake wektumu kanthi muspra Anakku, urip iki mung mampir ngombe Aja tumindak kang sak geleme Aja nerak paugeran kang wis digawe Aja ninggal kewajiban kang samesthine Anakku, ayo padha diugemi Piwulang guru aja lali Marang wong tuwa kudu bekti Paugeran agama dilakoni Nganti tekane Gusti nimbali Bakal mlebu swargane Ilahi (Memetri Pekerti, DisBud Bantul) 3. Kagancaraken geguritan ing inggil kanthi ringkes! 4. Piwulang punapa ingkang saged kadudut saking geguritan “Kanggo Anakku” punika?
14 | B a s a J a w i K e l a s X Sesorah utawi pidhato limrah sinebut medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titilaksana utawi pantialaksana menika ugi kalebet ewoning tiyang sesorah, ananging beda jejibahan. Pidhato utawi wicantenan ing sangajengipun tiyang kathah menika boten gampil, pramila kedah dipunsamektakaken sangunipun lan asring dipungladhi utawi dipunlatih. A. Sangu lan Cak-cakanipun Sesorah Sesorah utawi tanggp wacana inggih menika ngandharaken gagasan utawi penggalihan kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken sae lan remenipun tiyang ingkang midhangetaken menapa ingkang nembe kaandharaken nalika sesorah kedah nggatosaken kanthi saestu. Wonten ngriki kawastanan sekawan WA lan setunggal BA, inggih menika: Tujuan Pembelajaran: 1. Mencermati contoh naskah sesorah dari berbagai media, kerangka sesorah, dan metode sesorah 2. Menanggapi isi dari teks sesorah yang telah dibacakan 3. Mengidentifikasi kata sukar dalam naskah sesorah 4. Membaca sesorah dengan lafal yang benar 5. Menganalisis struktur sesorah yang disajikan. 6. Menyusun kerangka sesorah sesuai dengan struktur struktur teks sesorah 7. Menulis teks sesorah dalam berbagai kegiatan Sekolah. 8. Praktik sesorah pamedharsabda dalam berbagai kegiatan dengan ragam bahasa Jawa krama alus. BAB 7 SESORAH
15 | B a s a J a w i K e l a s X 1. Wicara/ basa Basa kedah dipunpilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta swasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang saged dipuntampi tiyang sanes. Prayogi ngginakaken tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik, nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres. Wicaranipun utawi pangucapanipun kedah cetha. Umpaminipun ngucap a, i, u, o, è, é, lan ê, saha saged mbedakaken pangucapipun ta lan tha, da lan dha. 2. Wirasa Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saestu menapa ingkang dipun ngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi menapa ingkang dipunandharaken, badhe mahanani wedaling wicara saged lancar lan kapireng prasaja. 3. Wirama wirama tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih menika lirih soranipun, alon cepetipun, andhap inggilipun, utawi intonasi swanten. Nalika sesorah kedah mbudidaya sampun ngantos kados tiyang ingkang maos utawi apalan 4. Wiraga Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ebahipun sarira kaliyan menapa ingkang nembe dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku 5. Busana Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara ingkang nembe lumampah. Wonten pamanggih sanes ingkang mratelakaken babagan sangunipun tiyang ingkang badhe sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhe
16 | B a s a J a w i K e l a s X sesorah prayogi menawi nindakaken ingkang kawastanan SAPTAMA, inggih menika: a. Magatra Nggladhi dhateng bleger, wewujudan anggenipun ngadi busana lan ngadi sarira, trep, pantes, lan jangkep b. Malaksana Nggladhi cara-caranipun anggenipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih. c. Mawastha Nggladhi anggenipun jumeneng. Anggenipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong mangiwa menapa dene manengen. Antawisipun suku kanan lan kering boten pareng keciyuten utawi kewiyaren. d. Maraga Anteng, boten gumeter. Ebah ewahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining sesorah e. Malagawa Trampil lan trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa. f. Matanggap Tanggap dhateng sedaya swasana g. Mawawat Tatag tangguh tanggon tanggung jawab prapteng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya ingkang sampun kangendikakaken. Tiyang ingkang badhe sesorah prayogi sanget manawi ngginakaken cecepengan ingkang kacekak TOP, inggih menika: T – Titen (saben wonten adicara/ upacara, purun nggatosaken, boten remen tampikan, lajeng purun mbiji menika sae lan botenipun) O – Open (menawi ningali sesorah lajeng dipuncathet, menawi manggihaken tembung-tembung ingkang karaosaken manjila P – dipuntata dados ukara lan cecawis ingkang prasaja, nanging tetep murakabi
17 | B a s a J a w i K e l a s X B. Maos Sesorah Ingkang kedah dipungatosaken rikala praktek maos sesorah inggih menika: 1. Rikuh : isinan, menawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot, pawadan boten gadhah klambi, dedegipun kirang pas, malah nawakaken tiyang sanes. 2. Keguh : gampil kenging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedherekipun, ajrih menawi dipungegujeng. 3. Jigah : tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang ingkang boten siyaga ing gati, mlampah mrika-mriki boten umpetan. 4. Polatan mbesengut 5. Gugup, grogi 6. Gumujeng ingkang dipundamel-damel 7. Asring mirsani cathetan 8. Asring ngebahaken sarira 9. Asta methentheng, kaku 10.Asta mlebet sak ageman (saku) Tiyang ingkang sesorah, temtu gadhah ancas ingkang gumathok. Miturut ancasipun, sesorah saged kagolongaken: 1. Wursitawara : ular-ular lan wasita wara, tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur. 2. Sesorah lan medhar sabda : tetembungan menika kangge mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah 3. Atur pambagyaharja : tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nampi rawuhipun para tamu 4. Tanggap wacana : tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi atur pambagyaharja
18 | B a s a J a w i K e l a s X 5. Atur pawartos : umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp. 6. Atur panglipur : umpaminipun ing adicara sripah, atur saking pambela sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembe nampi musibah bebendu alam, lsp. 7. Pangajak : umpaminipun sesorah ing penyuluhan. Sesorah menika kangge nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng menapa ingkang dipunandharaken kanthi ikhlas nindakaken menapa ingkang sampun dipun mangertosi 8. Saged ugi pinten-pinten ancas ing inggil menika karantam rinonce wonten ing satunggaling sesorah. C. Metode Sesorah Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi maneka warna, ing antawisipun: 1. Kanthi cara maos naskah Sesorah kanthi cara maos naskah menika gadhah kekirangan utawi cacat, inggih menika badhe katingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah namung tansah ningali dhateng naskah ingkang kawaos. 2. Kanthi cara apalan Cara menika asring katindakaken dening tiyang ingkang nembe sinau/ gladhen sesorah, inggih menika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng dipunapalaken. 3. Kanthi cara impromtu Cara menika asring katindakaken dening tiyang ingkang sampun kulina sesorah lan sampun baut anggenipun sesorah. Cara menika boten nyawisaken materi ingkang badhe kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi sae 4. Kanthi cara ekstemporan
19 | B a s a J a w i K e l a s X Cara menika tiyang ingkang badhe sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhe dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak. D. Ancasipun (tujuan) nindakaken Sesorah 1. Atur Pambagya Sesorah kangge nampi para rawuh kadosta acara taryakuran, supitan, tanggap warsa, adicara penganten 2. Atur kabar utawi paring informasi Sesorah ingkang paring kabar utawi paring informasi, umpamanipun acara rapat organisasi, promosi produk, lsp 3. Atur pangajak Sesorah ingkang ancasipun supados tiyang ingkang mirengaken pitados lajeng narik kawigatosanipun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken, kadosta sesorah ing papan ibadah, sesorah kampanye parpol, lsp. 4. Atur panglipur Sesorah ingkang paring panglipur dhateng tiyang ingkang saweg nandhang dhuhkita, kadosta sesorah ing ngajenging para kadang ingkang nembe pikantuk pacoban urip arupa musibah bencana alam, lelayu, lsp. 5. Atur panyaruwe/ ngemutake Nelakaken panemu kanthi dhasar-dhasar ingkang ganep tumrap sawenehing ada-ada, tuladhanipun acara tv ingkang ngemot babagan pendhidhikan, cara panganggening alat komunikasi lan internet kurang becik tumrap lare sekolah. Yektosipun sintena kemawon saged dados minangka paraga ingkang ngandharaken sesorah. Ing andhap menika saperangan sarat menawi badhe paring pangandhikan lumanar sesorah Jawa.
20 | B a s a J a w i K e l a s X 1. Pirsa babagan undha-usuk basa, tegesipun sintena ingkang badhe paring pangandikan wonten ngarsaning tiyang kathah wajib mangertos lan pirsa undha-usuk basa, satemah ngginakaken basa ingkang trep lan jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah 2. Pirsa babagan ayahaning adicara, tegesipun sintena ingkang badhe paring pangandikan wonten ngarsaning tiyang kathah kedah mangertos lan pirsa ayahaning adicara, tegesipun mangertos acara menapa ingkang nembe lumampah 3. Pirsa babagan ulah kridhaning swara, tegesipun anggenipun ngendikan membat-mentuling swanten dipungatosaken 4. Pirsa babagan swasana, tegesipun rikala ngendika sageda tansah tumuju wonten ngarsanipun para lenggah lan sageda tanggap ing sasmita ing panggraita kanthi mirsani sasmita samadyaning para lenggah 5. Pirsa babagan ngadi salira, ngudi busana, tegesipun mangertos lan saged njumbuhaken tumraping pangageming busana, satemah saged jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah. Tuladha Teks Sesorah Kagatosna tuladha teks sesorah ngandhap menika kanthi premati! Sesorah Pepilan Murid saking Wakil Kelas X Assalamu alaikum wr.wb. Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Bapak Kepala SMAN 1 Kasihan ingkang kula bekteni, bapak ibu guru saha karyawan ingkang satuhu kinurmatan, kadang kula sepuh kelas XII ingkang kula tresnani, lan para lenggah ingkang bagya-mulya. Purwakaning atur sumangga tansah ngaturaken puja miwah puji syukur dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi ingkang sampun paring kanugrahan sarta hidayahipun dhumateng kula
21 | B a s a J a w i K e l a s X panjenengan sedaya, satemah ing kalenggahan menika kula panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinayungan karaharjan lan kasarasan. Kadang kula kelas kelas XII ingkang kula tresnani, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan SMAN 1 Kasihan menika. Saestunipun awrat, kula minangka wakilipun kelas X lan kelas XI ngaturaken panampi atur pepilan saking kelas XII, awit para kadang kelas XII sampun kula anggep sadherek piyambak ingkang samenika badhe nilaraken pawiyatan ingkang kita tresnani. Ananging sedaya pepanggihan tamtu badhe wonten pepilan, jer kula panjenengan sami namung manungsa limrah boten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung. Kadang kula kelas XII ingkang kula tresnani, kula minangka wakil saking kelas X lan kelas XI ngaturaken agunging panuwun dene para kadang kelas sampun ikhlas paring pitedah lan bimbingan ingkang ageng paedahipun. Kula boten saged atur lelintu menapa-menapa, kejawi namung atur puja-pujyastuti wonten ngarsaning Pangeran, mugya sedaya amal kasaenan panjenengan pikantuk lelintu ingkang murwat saking Gusti ingkang murbeng jagad. Ugi kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken ing pawiyatan langkuh inggil sageda katampi, lan ingkang badhe langsung nyambut damel sageda tumuntun pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngilmu ingkang sampun kaudi wonten ing pawiyatan menika. Para lenggah ingkang kinurmatan, cekap semanten atur panampi pamitan menika. Mbok bilih wonten kiranging atur kaladuking wicantenan, kula nyuwun agunging samodra pangaksami Wassalamu alaikum wr wb. (Sarita Basa Jawa, kanthi ewah-ewahan)
22 | B a s a J a w i K e l a s X Kawangsulana pitakenan ing andhap menika adhedhasar materi bab Sesorah nginggil! 1. Menapa ingkang dipunwastani geguritan? 2. Kaandharna sekawan jinisipun sesorah? 3. Kaandharna tiga (3) sangu utawi badhe nindakaken sesorah? 4. Menapa tegesipun tembung-tembung menika? a. Para pepundhen b. Pinisepuh c. Sesepuh d. Leluhur e. Para luhur 5. Kajlentrehna cengkorongan sesorah ingkang sae! GLADHEN PADINAN
23 | B a s a J a w i K e l a s X Wayang nggadhahi teges maneka warna. Wonten ingkang ngandharaken wayang menika saking tembung ayang-ayang minangka gegambaraning manungsa. Wonten ingkang mastani bilih wayang menika cekakan saking tembung “WAyahe SembahYANG”, tegesipun wayahe ibadah/ shalat. Sanesipun nyebutaken bilih wayang menika cekakan saking tembung “WAhanane hYANG”, tegesipun panggenane Gusti kang akarya Jagad. Wayang sampun kulina ing masyarakat wiwit rumiyin ngantos samenika, amargi wayang pancen satunggaling asil pangupaya akal budi bangsa Indonesia. Wayang sampun dipunakeni dening UNESCO dados warisan budaya donya asli saking Indonesia ingkang sinebut Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity nalika tanggal 7 November 2003. Kamangka minangka tiyang Jawi kedah greget nguri-uri kabudayan wayang, ingkang adiluhung, sampun ngantos kagingsir mobah-mosiking jaman. A. Wiwitaning Wayang Miturut para ahli budaya ugi panemunipun para ahli arkeologi ingkang wonten ing Negari Indonesia, kesenian ringgit menika estunipun sampun Tujuan Pembelajaran: 1. Menafsirkan isi cerita wayang dari berbagai media 2. Mendiskusikan Jenis-jenis wayang 3. Menyimpulkan perbedaan wayang gagrag Yogyakarta dan Surakarta. 4. Mengartikan kata sukar dalam cerita wayang 5. Menceritakan salah satu tokoh wayang/ gancaran ceriita wayang 6. Menanggapi hasil apresiasi temannya. BAB 8 WAYANG
24 | B a s a J a w i K e l a s X wonten wiwit rumiyin, rikala taksih jaman kina, inggih menika jaman saderengipun wonten agami Hindhu-Budha. Dados ringgit menika inggih kabudayan asli saking Indonesia. Wekdal samenika, seni ringgit taksih wonten gegayutanipun kaliyan kapitadosan animisme ingkang taksih dipunanut para leluhuring bangsa Indoensia. Ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening kalangan bangsawan ingkang salajengipun mangaribawani basa asli Jawa saha basa Bali. Wonten jaman menika, seni ringgit dening bangsa Hindhu dipunagem minangka sarana mekaraken saha medharaken kabudayan Hindhu kanthi antaran cariyos Mahabharata lan Ramayana. Kahanan kados menika salajengipun ndadosaken budaya asli Indonesia nyawiji kaliyan budaya Hindhu. Kesenian ringgit ingkang sampun nyawiji kala wau njalari agama Hindhu cepet anggenipun sumrambah, rumesep saha dipuntampi dening masyarakat Indonesia. Pramila ing salebeting cariyos ringgit menika kathah pranatan kabudayan agama Hindhu. Miturut kitab Centhini dipunsebataken, wiwitanipun kesenian ringgit purwa menika cinipta dening Raja Jayabaya saking Kediri. Kinten-kinten abad 10, Prabu Jayabayanyipta gegambaraning roh leluhur ingkang lajeng dipunserat ing lontar. Gegambaran kados menika kalawau dipun tiru ing cariyos Ramayana, ingkang kaserat ing Candhi Panataran Blitar. Prabu Jayabaya remen sanget dhateng isinipun Ramayana amargi Prabu Jayabaya manembah Dewa Wisnu. Masarakat ugi taksih pitados bilih Prabu Jayabaya panjalmaning utawi titsaning Bethara Wisnu. Rikala jaman Kraton Jenggala, kesenian wayang purwa dipunsampurnakaken wujudipun kanthi endhah dening Raja Jenggala, Raden Panji Rawisrengga utawi Sri Suryawisesa. Kocaping cariyos ringgit kala wau lajeng dipunkemapalaken saha dipunsimpen ing salebeting kothak ingkang endhah. Sesarengan menika ugi dipundamel pakem cariyos ringgit purwa ingkang dipungelar rikala wonten upacara ingkang wigati ing kraton saha kanthi dhalan Sri Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit, kesenian ringgit menika langkung dipunsampurnakaken saha dados sansaya endah. Sasampunipun paripurna
25 | B a s a J a w i K e l a s X anggenipun nyampurnakaken, ringgit lajeng dipungulung dados setunggal. Ringgit ingkang wujudipun gulungan menika, menawi dipunginakaken sajroning pagelaran kanthi cara dipunbeber, salajengipun dipunparingi nama wayang beber. Wiwit wonten wayang beber menika, kesenian wayang lajeng dipunwedhar, ngrambah medal saking lingkunagn kraton. Wiwit saking menika, masyarakat ing njawi kraton saged ningali kaendhahan pagelaran kesenian wayang beber. Salajengipun ing jaman pungkasaning Majapahit, pengaruh agami Islam sampun wiwit sumrambah ing tlatah Jawa. Dening para wali saha sunan, kesenian ringgit menika ugi dipunagem kangge sarana medharaken ajaran agami Islam. Kahanan menika njalari kesenian ringgit kathah ewahewahanipun. Mliginipun bab wujudipun, kangge ngicali gegambaranipun manungsa ingkang wonten ing ringgit menika dipunicali, amarga wonten agami Islam menika boten dipunparengaken saha ugi kangge ngicali gegambaran ingkang mujudaken agama Hindhu. Ing jaman menika, wujudipun ringgit dipunewahi, dipundamel saking wacucal saha balung ingkang dipunwujudaken simbol supados gegambaranipun manungsa dados samar. Pungkasanipun, ngantos jaman menika wujudipun ringgit namung arupi simbol-simbol gesangipun manungsa. B. Jinisipun Wayang N o Jinis Wayang Wujud Cariyos Tuladh a 1 Wayag Purwa Kulit (kebo, sapi) Ramayana, Mahabharat a
26 | B a s a J a w i K e l a s X 2 Wayang Golek Kayu (reca, kayu) Amir Hamzah (Wong Agung Jayengrana) 3 Wayang Klithik Kayu gepeng DamarwulanMajapahit 4 Wayang Wahyu kulit Nyebaraken agami kristen lan katholik 5 Wayang Sadat kulit Babad Demak, Babad Tanah Jawi isi: siklus para wali
27 | B a s a J a w i K e l a s X 6 Wayang Menak kulit Nyebaraken agama Islam 7 Wayang Beber Wayang digambar ing mori Brawijaya ing Majapahit 8 Wayang Kancil Wayang paraganipun kewan Dongeng kancil 9 Wayang Wong Paraganipun manungsa Ramayana lan Mahabharata
28 | B a s a J a w i K e l a s X 10 Wayang Perjuangan/ Suluh Kulit, karton Crita sujarah, ingkang kagungan Departemen Penerangan 11 Wayang Dupara Kayu gepeng Jaman MajapahitYasanipun Danuraja 12 Wayang Madya kayu Prabu GendrayanaPraja Jenggala Yasanipun KGPAA Mangkunegara IV 13 Wayang Gedhog Kayu, menawi katindakaken wong mawi topeng Ratu Jenggala
29 | B a s a J a w i K e l a s X 14 Wayang Potehi Kayu boneka Kepahlawanan asalipun saking Cina C. Istilah ing Donyaning Pewayangan/ Pedhalangan 1. Antawacana : kedaling swara wayang ingkang diucapake dhalang 2. Blencong : lampu kangge madhangi kelir utawi layar lan wayang 3. Cempala : kayu kangge nggedhod kothak 4. Dhalang : priyantun ingkang nglampahi wayang 5. Gamelan : piranti ingkang dipuntabuh minangka iringan cariyos wayang 6. Gara-gara : peranganipun cariyos wayang rikala medalipun Punokawan 7. Gerong/ wiraswara : priyantun kakung ingkang nembang sinambu nabuh gamelan 8. Gunungan : wayang awujud gunung, dipunlampahaken nalika wiwit, gantos adhegan lan mungkasi pagelaran 9. Janturan : nyandra, nggambaraken watak wayang utawi kahanan 10.Jejer : madeg cariyos, nggambaraken bab ingkang dipuncariyosaken 11.Kelir/ layar : lawon pethak kangge mbabar cariyos wayang 12.Kepyak : wesi blebekan, dipunungelaken ing sukunipun dhalang nalika mayang 13.Niyaga : piyantun ingkang nabuh gamelan 14.Parwa : peranganipun Mahabharata ingkang gunggungipun 18 cariyos
30 | B a s a J a w i K e l a s X 15.Perang Brubuh : perang pungkasaning antawisipun satriya lan raseksa, sirnaning angkara 16.Perang kembang : peperangan ing antawisipun satriya lan raseksa ing satengahing cariyos 17.Perang gagal : perang dumunung ing wiwitaning cariyos, boten wonten ingkang kalah utawi menang 18.Sabetan : solah bawaning, patraping wayang 19.Senggakan : swanten surak nyarengi swanten gamelan 20.Sindhen : wanita ingkang nembang nyarengi swantenipun gamelan 21.Suluk : tembang utawi kekidungan dhalang kangge nggantos adhegan 22.Sungging : nggambar wayang karana dipuntatah 23.Talu :uyon-uyon nalika ngajengaken jejer, wiwitanipun cariyos 24.Tancep kayon : nancepaken gunungan ingkang pungkasan paripurna 25.Waranggana : pesindhen
31 | B a s a J a w i K e l a s X GLADHEN PADINAN
32 | B a s a J a w i K e l a s X Damarjati, Triwik & Sinar Indra. 2017. Wiyata Basa Jawa Bahan Ajar Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Kelas X. Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga. DIY: Intan Pariwara Sarita Diktat Basa Jawa kelas X SMK/SMA/MA. 2022. Penerbit CV. Sinar Pengetahuan DAFTAR PUSTAKA
MATUR NUWUN MUGI PINARINGAN ILMU INGKANG MIGUNANI ~