The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Erikha, 2024-03-27 23:32:40

MATERI KELAS XI Semester Genap

MATERI KELAS XI Semester Genap

KELAS XI SEMESTER GENAP BASAJAWI MATERI: CERKAK SENI PERTUNJUKAN


MATERI MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER GENAP Tujuan Pembelajaran : CERKAK ➢ Mempresentasikan hasil analisis unsur intrinsik secara berkelompok ➢ Menanggapi hasil analisis unsur intrinsik kelompok lain ➢ Menulis karya sastra prosa cerkak secara mandiri : SENI PERTUNJUKAN ➢ Mengidentifikasi pengertian, jenis, unsur, fungsi dan karakteristik serta ajaran moral seni pertunjukan tradisional ➢ Menganalisis karakteristik, ajaran moral salah satu seni pertunjukan yang sudah ditemukan didaerahnya ➢ Mengapresiasi salah satu seni pertunjukan yang ditemukan di daerahnya ➢ Menyusun laporan/ makalah tentang seni pertunjukan yang dipilih dengan memperhatikan kaidah kebahasaan ➢ Menceritakan kembali salah satu seni pertunjukan yang dipilih


CERKAK https://o-cdn-cas.sirclocdn.com/parenting/images/Screenshot_116.width-800.format-webp.webp A. Pangertosan Cerkak Cerkak utawi cariyos cekak kalebet karya sastra Jawa enggal. Cerkak inggi punika salah satunggaling prosa naratif fiktif, ateges karangan ingkang nyariosaken cariyos ingkang boten nyata. Sinaosa mekaten ugi wonten cerkak ingkang cariyosipun miturut kasunyatan. Dipunwastani cerkak awit cariyosipun namung ngandharaken satunggaling kedadosan kemawon. Sujarahipun cerkak dipunwiwiti saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur utawi kanthi sebatan ‘gethok tular’. Ancasipun kangge nglelipur penggalih utawi hiburan kemawon. Cerkak nggadhahi paugeran-paugeran tartamtu. Ing antawisipun paugeranipun inggih punika: 1. Wosipun ringkes, kirang langkung sedasa ewu tembung; 2. Namung wonten setunggal alur; 3. Cariyosipun limrah fiksi, saged ugi non fiksi; 4. Perwatakan tokoh dipungambaraken satleraman (singkat); 5. Konflik ingkang medal boten ngantos ngewahi nasib;


B. Unsur-unsur Panyengkuyung Cerkak 1. Unsur Intrinsik Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak, utawi minangka panyengkuyung dumadinipun cerkak punika a. Tema Inggih punika awujud pamanggih (ide utawa gagasan) utawi undheraning cariyos ingkang dados dhasar lampahipun cerkak b. Paraga/ tokoh Ngandharaken paraga utawa tokoh sinten kemawon ingkang wonten ing salebetin cariyos c. Watak (penokohan) Ngandharaken watak wantunipun paraga. Watak saged dipunmangertosi sakin tumindak, titikanipun bleger/ raga (ciri fisik), saha lingkungan sakiwatengenipun paraga. Watak saged kaperang werni tiga, antawisipun: - Protagonis, inggih punika paraga ingkang nggadhahi sipat becik - Antagonis, inggih punika paraga ingkangnggadhahi sipat ala - Tritagonis, inggih punika paraga ingkang minangka tokoh madya utawi penengah kangge paring wewarah mungkasi kadadosan ingkang dumadi ing cariyos d. Latar (Setting) Saperangan latar ingkang paring pambiyantu ing lampahipun cariyos. Latar saged kaperang kados ing ngandhap punika: - Latar panggenan inggih punika ngandharaken papan dumunung pundi kemawon cariyos punika dipunandharaken - Latar kawontenan/ swasana inggih punika ngandharaken swasana alamsaha lingkungan ingkang nyengkuyung alur cariyos - Latar wekdal inggih punika ngandharaken wekdal tabuh utawi wekdal wayah ingkang gayut kaliyan cariyos ingkang lumampah. e. Alur (plot) Alur inggih punika reroncening kedadosan ing cerkak. Alur saged kaperang werni tiga, kados ing ngandhap punika: - Alur maju (progesif) inggih punika kedadosan ingkang lumampah adhedhasar urutanipun (kronologi) tumuju in alur cariyos.


- Alur mundur (flashback progresif) inggih punika kedadosan ingkang lumampah jumbuh kaliyan cariyos ingkang dumadi - Alur campuran inggih punika campuran antara alur maju kaliyan alur mundur. Alur saged dipunurutaken dados 6, antawisipun: 1) Eksposisi, inggih punika nyariosaken babagan paraga, wekdal, panggenan, saha kawontenan ing salebeting cariyos. 2) Mula bukaning perkawis, inggih punika gegambaran wiwitanipun perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga utama 3) Perkawis, inggih punika kedadosan ingkang dipunpranggruli dening paraga utama 4) Klimaks, inggih punika kedadosan ingkang wigati minangka punjering perkawis ingkang dipunadhepi paraga utama 5) Antiklimaks, inggih punika perkawis sampun dipunlampahi saha sampun wonten pambiyantu kangge mungkasi perkawis 6) Piwulang inggih punika wosipun pesan saha pamanggih saking panyerat cerkak tumrap para pamaos. f. Punjering cariyos (Sudut Pandang utawi Point of View) Punjering cariyos ing cerkak kaperang werni tiga, antawisipun ing ngandhap punika: - Pangripta migunakaken sudhut pandhang paraga utama saha tembung sesulih tiyang kapisan (aku) - Pangripta migunakaken sudhut pandhang paraga sampiran (bawahan). Tembung ingkang dipunginakaken inggih punika tembung sesulih tiyang kapin tiga (dheweke, panjenenganipun) - Pangripta migunakaken sudhut pandhang Impersonal, inggih punika pangripta dumunung ing sawijining cariyos. Pangripta namung sarwa nitiki, mirsani, mirengaken, saha mangertosi punapa kemawon raos batin para paraga. g. Lelewaning Basa (gaya bahasa) Lelewaning basa inggih punika gaya bahasa utawi majas ingkang dipunginakaken ing cerkak. h. Piwulang (Amanat) Piwulang inggih punika wewarah utawi nasehat ingkang kinandhut ing salebeting cariyos. Piwulang kedah dipunudhari, dipunpadosi, dipunanalisis


kanthi premati dening pamaos. Piwulang saged dipunanalisis saking sipating paraga, tumindakipun paraga, saha alur cariyos utawa kedadosan. 2. Unsur Ekstrinsik Unsur ekstrinsik ngemot saperangan bab ingkang wonten ing sajawining unsur intrinsik, kadosta latar belakang anggenipun ngripta cariyos, sujarahipun cariyos punika dipundamel, kawontenan sosial rikala cariyos dipundamel, biografi pangripta cariyos, saha nilai-nilai piwulang luhur kaandhut ing salebeting cariyos ingkang saged dipundudut dening para pamaos minangka pandoming gesang ing padintenan. Nilai-nilai piwulang antawisipun kados ing ngandhap punika: a) Nilai religius, nilai ingkang sesambetan kaliyan agama saha kapitadosan sanes, tuladhanipun ngibadhah utawa upacara agama b) Nilai spiritual, nilai ingkang saged mangertosi tata pranatan pagesangan saha kapitadosan pamaos c) Nilai sosial, nilai ingkang ndadosaken tiyang langkung mangertosi tata pranatan pagesangan tiyang sanes d) Nilai etika, nilai ingkang wonten sesambetan kaliyan sopan-santun, tata krama, saha subasita ing adat bebrayan e) Nilai moral, nilai ingkang gegayutan kaliyan budi pekerti ing masyarakat f) Nilai kultural, nilai ingkang saged nglestantunaken budaya saha adat masyarakat. C. Tata cara Nyerat Cerkak Caranipun damel cerkak kanthi nggatosaken paugeran kadosta ing ngandhap punika: 1. Pados wawasan kangge nemtokaken ide utawi gagasan. Antawisipun saking pengalaman pribadhi, maos buku, utawi cariyosipun kanca sanes 2. Nemtokaken tema ingkang trep kaliyan pamanggihipun piyambak 3. Damel cengkorongan (kerangka) cerkak 4. Nemtokaken unsur-unsur intrinsik, kadosta paraga, watak, alur, saha punjering cariyos 5. Nemtokaken perkawis utawi kadadosan ingkang badhe dumadi 6. Ngrembakakaken (mengembangkan) cengkorongan dados cerkak 7. Ing pungkasan, cerkak punika saged dipunpendhet dudutan nilau piwulangipun.


SENI PERTUNJUKAN https://www.belajarbudayawayang.com/2019/04/jadwal-pagelaran-wayangbulan-april-2019.html A. Wayang Wayang satunggaling seni pagelaran Indonesia ingkang ngrembaka kanthi saé lan sampundipunakèni déning UNESCO nalika 7 Nopember 2003 minangka Masterpiece of Oral andIntangible Heritage of Humanity utawi warisan mahakarya dunia yang tak ternilai dalam seni bertutur asli Indonesia. Ngrembakaning wayang dados collective memory utawi kenangan bersama dados titikanipun Indonesia kados déné bathik. Sadaya tataran babrayan Jawa remen wayang. Boten namung babrayan Jawa, ing tataran internasional wayang ugi asring kagelar. Wayang boten namung dados monopoli Indonesia. Nagari-nagari ASEAN kajawi Brunei Darussalam pranyata gadhah tradhisi mèh sami kaliyan wayang lan sampun ngrembaka ing nagarinipun piyambak-piyambak. ASEAN lajeng ngedegaken Asosiasi Wayang ASEAN (ASEAN Puppetry Association) lan ngawontenakan sidhang sapisanan nalika 5-8 Septembér 2007 ing Palembang. Wondéné nagari-nagari ingkang rawuh ing sidhang kasebut antawisipun Indonesia, Filipina, Thailand, Myanmar, Laos, Singapura, Brunei Darussalam, lan Kamboja.


Wayang ing Indonesia boten uwal saking sujarah ingkang ngiringi pangrembakanipun. Wayang saking tembung Ma Hyang tegesipun tumuju dhateng roh spiritual, déwa utawi Gusti Ingkang Maha Agung. Wayang sampun wonten wiwit 1500 SM, lair saking para sarjana sujana tiyang Jawa jaman rumiyin. Nalika semanten, wayang dumados namung saking suket kaiket satemah ngasilaken wujud prasaja. Wayang kagelar ing tata upacara pamujaning roh ing upacara adat Jawa. Ing wanci candhakipun, anggènipun damel wayang migunakaken pirantos sanèsipun suket malih, nanging migunakaken kuliting kéwan lan kajeng. Wayang kulit ingkang langkung sepuh piyambak kapanggihaken abad kaping 2 Masehi. Cariyos-cariyos wayang sansaya ngrembaka sasampunipun agama Hindu mlebet dhateng Indonesia. Cariyos Māhabhārata lan Rāmâyaṇ a mujudaken cariyos ingkang langkung asring kababar ing jaman Hindu-Budha. Kakalihipun minangka epic, langkung narik kawigatosan lan gadhah cariyos ingkang mbènteni satemah dados baboning cariyos wayang ing abad kaping X-XV Masèh. Ratu – ratu ing tanah Jawa mapanaken wayang dados seni minangka budaya ingkang adi luhung. Para ratu kasebat ngersakaken pérangan pagelaran wayang minangka lambang kaluhuraninggih punika awujud beksa. Beksa dados pralambang agunging karaton utawi kadhaton. Putri ratusami gladhi mbeksa kanthi éndah. Kajawi punika, sawenèhing para ratu ugi yasa beksan énggal kanggé nedahaken luhuring jiwa seni. Beksan kasebut padatan dipungelar namung ing acara mirunggan antawisipun mahargya tamu agung, pèngetan wiyosan jumenengan, lan sanèsipun. Wayang dados karemenan babrayan Jawa ugi awit wontenipun pangaribawa ngrembakanipun agama Islam ing Jawa. Nalika Wali Sanga nyebaraken agama Islam punika migunakaken wayang minangka sarana ngaturi lan pangajak dhateng babrayan. Salah satunggaling Wali Sanga ingkang ngginakaken sarana wayang inggih Sunan Kalijaga. Lumantar pagelaran wayang kala wau, Sunan Kalijaga ngaturaken piwulang lan dakwah Islam kanthi pangajab prakawis-prakawis ingkang kaandharaken murih gampil katampi déning babrayan sarta narik kawigatosan satemah langkung mangretos babagan agama Islam.


B. Jinising Wayang http://blogtaubanget.blogspot.com/2014/10/indonesia-punya-5-jeniswayang.html Indonesia gadhah manéka warni jinis wayang. Prakawis kasebut katitik saking wujud, ukuran. Jinising wayang ingkang kawentar ing antawisipun: a. Wayang Wong Wayang wong punika wayang ingkang mujudaken para paraganipun punika tiyang gesang. Wayang wong minangka wujud wayang kulit mawi paraga tiyang gesang utawi minangka wawayanganing agesang, refleksi wayang kulit. Paraga pagelaran wayang wong punika saged ébah lan nindakaken pacelathon piyambak satemah pagelaran langkung “gesang”. Lakon wayang wong saking Babad Purwa punika Māhabhārata lan Rāmâyaṇa. Wayang wong ing jaman sapunika kaperang dados 2 inggih gagrag Surakarta lan gagrag Ngayogyakarta. Babagan ingkang mbèntenaken antawis kakalihipun babagan wawan pirembagan, beksa, lan busana. b. Wayang Kulit Wayang kulit inggih punika wayang ingkang para paraganipun maujud saking kuliting kéwan. Wayang kulit ngewrat mengku teges wawayangan. Wawayangan kasebut kapirsani saking sawingkingipun kelir. Tiyang ingkang mandhègani lampahing wayang kulit kawastanandhalang. Dhalang minangka


narator pacelathon para paraga wayang. Nalika dhalang mbabarcariyos kairing gamelan déning niyaga lan tembang-tembang Jawa déning sindhèn. c. Wayang Golèk Wayang golèk mujudaken wayang ingkang para paraganipun kadamel saking boneka kajengawujud 3 dimensi. Wayang golèk ngrembaka ing tlatah Pasundan, Jawa Barat. Wayang kasebut langkung nyata manawi katandhingaken kaliyan wayang kulit lan wayang klithik. Wayang golèk wujudipun sami kaliyan manungsa (tiyang gesang) lan nganggé sandhangan jangkep saking kain. d. Wayang Klithik Wayang klithik inggih punika wayang ingkang dumados saking kajeng awujud gèpèng kadosdéné wayang kulit. Wayang punika karipta Pangéran Pekik, Adipati Surabaya. Wiwitanipun wayang klithik kadamel saking kulit lan ukuranipun alit, mila kawastanan wayang krucil. Salajengipun, Sunan Paku Buwana II ngripta wayang klithik saking kajeng lan wujudipun 2 dimensi. Gagang wayang kadamel saking kajeng, awit saking punika kapireng unining “klithik, klithik”. Pungkasanipun kawastanan wayang klithik ingkang wujudipun saèmper kaliyan Wayang Gedhog. Cariyos wayang klithik limrah saking jaman Panji Kudalaléyan ing Pajajaran ngantos jaman Prabhu Brawijaya ing Majapahit. e. Wayang Gedhog Wayang gedhog punika wayang awujud wayang kadamel saking kulit, tipis, lan katatah kanthilampahanipun cariyos Panji. f. Wayang Bèbèr Wayang bèbèr punika wujudipun wayang boten satunggal-satunggal, nanging awujud lembaran kain ingkang dipungambari lan mujudaken aluring cariyos utawi rambahan. Dhalang lajeng mbabar inti cariyos ing saben lembaripun. Nalika dhalang badhé ngandharaken cariyos, gulungan dipunbikak utawi kabèbèr, awit saking punika candhakipunsinebut wayang bèbèr. g. Wayang Suluh Wayang suluh punika minangka kalajenganing “Wayang Wahana” cinipta R.M. Sularta Harjawahana ing Surakarta nalika taun 1920. Wujud wayang wahana kados déné paraga aslinipun. Wondéné cariyos kapendhet saking kadadosan ingkang lumampah ing nuswantarapunika.


h. Wayang Menak Wayang menak utawi wayang golèk menak minangka wayang awujud saking kajeng. Wayangmenak sapisanan medal ing tlatah Kudus nalika jaman pamarèntahan Sunan Paku Buwana II. C. Wayang Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta Wanda lan panyungging wayang ing saben tlatah satunggal lan sanèsipun gadhah cirèn piyambak-piyambak ateges boten sami. Èstunipun wayang punika wonten kathah gagrag antawisipun Kedhu, Banyumas, Pasisiran (Cirebonan), Mataraman (Ngayogyakarta), Surakarta, Jawa Wétanan (Malang, Madura), lan Bali. Gayut kaliyan gagrag wayang, ing andhap punika andharan ngèngingi bèntenipun wayang Ngayogyakarta lan Surakarta: No Wanda Ngayogyakarta Surakarta 1 Badan Cendhek lan lema Inggil lan langsing 2 Déwan Tanpa sepatu Mawi sepatu


D. Kitab Rāmâyaṇa lan Māhabhārata Cariyos wayang ingkang kaloka sumberipun inggih kitab Rāmâyaṇa lan Māhabhārata saking India. Kitab kakalih punika adhedhasar sujarah sastra ing nuswantara lajeng kagubah parapujangga lan empu. Karya sastra kasebut dumugi ing nuswantara antawis wiwitaning abad Masehikanthi bukti wontenipun prasasti saking keratuan Kutai ing Kalimantan Timur sinerat mawi aksara Pallawa. Wujud lan jinisipun saking taun 400 M utawi abad kaping 5 M. wondéné basa ingkang kaginakaken inggih basa Sanskerta. Kitab Rāmâyaṇa kaanggit déning Walmiki. Rāmâyaṇa asalipun saking kalih tembung Rāmā lan Ayaṇa maknanipun “Lampahing Rāmā”. Kitab Rāmâyaṇa Wanaran Mripatipun katingal kalih Namung satunggal 4 Putrèn Jarik klangsrah ngajeng Jarik klangsrah wingking


kaimpun saking 7 pérangan lan migunakaken istilah kanda. Ringkesing alur cariyos lampahing Rāmâyaṇa kaserat ing 7 pérangan antawisipun: 1) Balakanda minangka mula buka lumampahing cariyos Rāmâyaṇ a; 2) Ayodhyakanda, cariyos Rāmā lan Sita dipunkancani Laksmana kedah nindakaken ukum bucaling samadyaning wana; 3) Aranyakanda, cariyos Rāmā, Sita, lan Laksmana ing satengahipun wana Sita kadusthaRahwana satemah tuwuh prang tandhing antawis peksi Jatayu kaliyan Rahwana; 4) Kiskindhakanda, cariyos pinanggihipun Rāmā kaliyan ratu wanara inggih Sugriwa. Rāmā mbiyantu Sugriwa ngrebat kraton ingkang dipuncepeng Subali, Kangmasipun Sugriwa. Ing paprangan kasebut Subali pejah. Sasampunipun antawis Rāmā lan Sugriwa yasa kakiyatan ngraman Lengka; 5) Sundarakanda, cariyos yasanipun jembatan Situbandha déning wadyabala ing Kiskindhya kanggé nyambungaken India lan Lengka. Kacariyos Anoman minangka dutaning Rāmā dhateng Lengka saprelu mboyong Sita. Ananging Anoman karangkèt, wusananipun kasil lolos kanthi ngobong wawangunaning kraton ing Lengka; 6) Yudhakanda, cariyos paprangan antawis wadyabala wanara kapandhègani Rāmā kaliyan wadyabala raseksa kapandhègani Rahwana; 7) Uttarakanda, cariyos pambucalipun Sita awit Rāmā boten pitados malih dhateng Sita lan cariyos Sita obong. Kitab Māhabhārata sinerat déning Bagawan Wyasa. Māhabhārata punika minangka kitab suci tiyang Hindu India, wosipun mahyakaken wangsa Bhārata asring sinebut Pāṇḍawa lan Kaurawa. Kajawi punika, ugi nggelar cariyos perang ageng Bhāratayuddha (perangipun darah Bhārata) jalaran rebatan nagari minangka pralambang tedhak turunipun Wisnu minangka Kṛṣṇa (Kṛṣṇa) ingkang badhé ngawonaken tumindak angkara murka lan rereged ing jagat punikalumantar Arjuna lan kadang Pāṇḍawa. Kitab Māhabhārata dumados saking 18 kitab winastan Aṣṭadaśaparwa (aṣṭa = 8, daśa = 10, parwa = kitab). Saking wolulas parwa kala wau, namung wolung parwa ingkang ngantos jaman sapunika kapanggih sinerat mawi sastra Jawa kuna.Katrangan ngèngingi wolung parwa antawisipun kaandharaken kados ing ngandhap punika : 1) Ādiparwa, cariyos yajna sarpa inggih ngurbanaken sadaya jinising naga ing jagat ingkang katindakaken déning Ratu Janamejaya putranipun Prabhu Parikṣ it, wayahipun Radèn Abhimanyu utawi buyutipun Arjuna. Salajengipun mbabar


asal-usul Pāṇ ḍ awa lan Kaurawa ngantos dhauping Arjuna kaliyan Subhadra; 2) Wiratāparwa, cariyos lalampahan Pāṇ ḍ awa ing nagari Wirata; 3) Udyogaparwa, cariyos lampahan Kṛ ṣ ṇ a duta; 4) Bhīṣmaparwa, cariyos jumenengipun resi Bhīṣ ma minangka sénapati perang Kaurawa lanBhagawad Gitā sarta perang ageng Bhāratayuddha; 5) Aśrāmāwasaparwa, cariyos lampahan sasampunipun perang Bhāratayuddha; 6) Mosalaparwa, cariyos lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun Prabhu Kṛ ṣ ṇ a; 7) Prasthanikāparwa, cariyos jumenengipun Parikesit minangka ratu negari Astina; 8) Swargarohanaparwa, cariyos sédanipun para Pāṇ ḍ awa lan kawontenan jaman kalanggengan. ~Sugeng Ngayahi Pasinaon~


MATUR NUWUN


Click to View FlipBook Version