The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Sujarah Tembang
Paugeran Tembang Macapat
Watak Tembang
Sasmita Tembang

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Erikha, 2022-10-25 21:46:48

Tembang Macapat

Sujarah Tembang
Paugeran Tembang Macapat
Watak Tembang
Sasmita Tembang

TEMBANG MACAPAT

(https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/4/4b/Gamelan_Performance_by_Pasinaon_Omah_Kendeng_02.jpg)

A. SUJARAHIPUN TEMBANG
Tembang iku reriptan utawa dhapukan basa mawa paugeran tartamtu (gumathok) kang

pamaosanipun kudu dilagokake nganggo kagunan swara (Padmosoekotjo, 1960: 25). Ana kang ngarani
cara pamacane kudu dilagokake lan uga bisa diiringi nganggo wiramaning gendhing/swara gamelan.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang iku kabagi dadi telung jinis, yaiku:

1. Tembang Gedhe (Sekar Ageng)
Tembang ageng menika asring dipunginakaken ing suluk ringgit wacucal, titikanipun
ngginakaken basa Jawa Kuna. Gunggungipun gatra sedaya tembang gedhe menika kadadosan
saking sekawang gatra. Paugeran guru lagu boten wonten ing tembang gedhe, nanging
wanda saha larikipun sami.
Thitikane tembang gedhe:
a. Migunakake basa Jawa Kuna
b. Mung ana 4 larik utawa sinebut sapada pala
c. Larik ing tembang gedhe diarani dirge
d. Tibaning swara ing pungkasaning gatra ora gumathok
Gunane tembang gedhe:
a. Kanggo nulis buku kapustakan Jawi
b. Kanggo ing suluk pedhalangan
c. Kanggo mbawani tembang

Tuladha tembang gedhe:

a. Pamularsih
b. Rukmarata
c. Gandakusuma
d. Citrakusuma
e. Citramengeng
f. Kusumastuti
g. Kumuda Asmara

Kanggo nyebut tembang gedhe lumrahe kawiwitan tembung “sekar ageng”, tuladhane ‘Sekar
Ageng Pamularsih’, ‘Sekar Ageng Citrakusuma’, lsp.

2. Tembang Tengahan
Tembang tengahan menika asring dipunsebut kidung Jawa saderengipun sumrambah dados
macapat. Titikanipun tembang tengahan menika gunggungipun gatra boten ajeg. Menawi
gunggungipun wanda ing saben gatra tinamtu wonten ingkang tetep, nanging panjang ing
saben gatra menika beda-beda.
Thithikanipun tembang tengahan:
a. Saperangan nggunakake basa Jawa anyar
b. Cacahing larik ora ajeg
c. Cacahing wanda saben larik ora gumathok

Gunane tembang tengahan:

a. Kanggo nulis buku/kapustakan Jawa
b. Kanggo mbawani tembang
c. Kanggo tembang-tembang dhagelan

Tuladha tembang tengahan:

a. Pranasmara
b. Palugon
c. Kenya kedhiri
d. Juru Demung
e. Girisa
f. Wirangrong
g. Balabak

3. Tembang Macapat (Sekar Alit)

Macapat yaiku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Tembang Macapat duwe
konvensi/metrum/aturan/ paugeran yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Saliyane kuwi tembang Macapat ngandhut kagunan basa kayata rerengganing basa kang bisa
awujud tembung-tembung kawi, tembung-tembung entar, wangsalan lan liya-liyane.

Jinis tembang Macapat:
a. Mijil
b. Sinom
c. Dhandhanggula
d. Kinanthi
e. Asmaradana
f. Durma
g. Pangkur
h. Maskumambang
i. Pocung
j. Gambuh
k. Megatruh

B. TEMBANG MACAPAT
Tembang/ sekar inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran

tartamtu (gumathok) ingkang pamaosanipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunanswanten
(Padmosoekotjo, 1960: 25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat ugi
mrathah wonten ing kabudayan Bali, Madura,saha Sunda. Menawi dipuntingali saking kérata
basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat pancèn wonten
ingkang rinakit saben sekawan wanda(suku kata). Nanging boten sedaya gatra sekar Macapat
saged kawaos papat-papat.

Sekar punika kinten-kinten tembé kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapahit
saha wiwitan walisanga nyepeng kuwasa. Nanging menika ugi dèrèng mesthi, amargi boten
wonten ingkang gathuk saged mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra
Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin,paugeran-
paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil.Kitab-kitab jaman Mataram
Énggal,kadosdéné Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanès-
sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat.
• Paugeranipun sekar macapat inggih menika:

1. Guru gatra inggih menika cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia:
bait).

2. Guru wilangan inggih menika cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben
gatra.

3. Guru lagu inggih menika tibané swara ing pungkasaning saben gatra.
• Urut-urutanipun Sekar Macapat

Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras
(notasi), laras,saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami
kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah. Mungguh
urut-urutanipun sekar,kadosta mekaten:

1. Maskumambang
Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibunipun, dèrèng
kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri,
kumambang tegesipun gesang ngambang wontening kandhutan ibunipun.

2. Mijil
Gegambaran nalika manungsa sampun miyos, lair wonten alam donya rupa kakung
menapa dene estri minangka wujud kodratipun Gusti ingkang Maha Asih.

3. SinomTegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati tumrap tiyang
anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun

4. Kinanthi
Tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun supados saged mlampah
ngambah panguripan ing alamn donya.

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jalèr saha èstri saha kosok wangsulipun)
ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.

6. Gambuh
Saking tembung jumbuh/sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/sarujuk lajeng
dipungayutaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami nggadahi raos
tresnawau,ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.

7. Dhandhanggula
Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen,menapa ingkang
dipungayuhsaged kasembadan.Kelakon gadhah sisihan/ kulawarga, gadhah putra,
gesang cekap kanggé sakulawarga. Pramila menika tiyang ingkang saweg bungah/
bombong penggalihipun,saged dipunwastani sekar dhandhanggula.

8. Durma
Saking tembung darma/wèwèh.Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun,
banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun ingkang saweg nandhang
katresnan,pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/wèwèh marang sapadha-padha.

Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun
manungsa.
9. Pangkur
Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Ingkang
dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha
10. Megatruh
Saking tembung megatruh utawi pegat rohipun/nyawanipun, awit sampun titi
wancinipun katimbalan sowan mring Sang Maha Kawasa.
11. Pocung
Ateges bilih sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi dipocong
sadèrèngipun kasarekaken.

Supados gampil anggenipun damel utawi niteni tembang macapat, ing ngandhap menika kawujudaken
dados tabel paugeranipun tembang macapat.

No. Jenengé Tembang Guru wilangan

1. Maskumambang Guru Guru lagu
2. Pocung Gatra
3. Gambuh 12 3 4 5 67 8 9 10
4. Megatruh 4
5. Mijil 4 12i 6a 8i 8a 8i 12a
6. Kinanthi 5 8a 12i 7a
7. Asmaradana 5 12u 6a 8i 12a
8. Durma 6
9. Pangkur 6 7u 10u 12i 8u 8o
10. Sinom 7
11. Dhandhanggula 7 12u 8i 8u 8i 8o
7
9 10i 6o 10e 10i 6i 6u
10
8u 8i 8a 8i 8a 8i

8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a

12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a

10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u

• Watak Sekar Macapat.

a. Mijil : wetuning rasa, mituturi, kangge medharaken bukaning cariyos utawi mangayu

bagya.

b. Kinanthi : awatak seneng, tresna lan asih

c. Sinom : awatak grapyak, renyah lan sumanak

d. Asmaradana : awatak sedhih, sengsem, prihatin

e. Dhandhanggula : kewes, luwes, lan resep

f. Gambuh : wani wanuh, kulina lan raket
g. Maskumambang : awatak nelangsa, langge medharaken raos prihatin
h. Durma : awatak galak, nantang, nesu lan muntab
i. Pangkur : sereng, kejem, lan nantang
j. Megatruh : sedhih, kangge medharaken raos memelas, getun, prihatin
k. Pocung : awatak kendho, tanpa greget, semrono.

• Sasmita sekar Macapat

a. Mijil : wijil, mijil, metu, miyos

b. Sinom : srinata, roning kamal, kanoman, ngenomi, anom, taruna

c. Kinanthi : kinanthi, kekanthen, gandheng, ginandheng, kanthi

d. Asmaradana : kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung

e. Dhandhanggula: sarkara, manis, memanise, artati, dhandhang

f. Pangkur : wuri, mungkur, wuntat, yuda kenaka

g. Durma: : mundur, ngunduri, durmaka, durcala

h. Pocung : kaluwak, pocung, wohing pocung

i. Gambuh : nggambuh, tambuh, tumambu

j. Megatruh : pegat, duduk, anduduk

k. Maskumambang: kumambang, kentir, timbul.

C. PRAKTEK NEMBANG MACAPAT

Gamelan Jawa punika gadhah gatra-gatra pentatonis lan gadhah kalih laras inggih punika laras
Slendro lan laras Pelog. Cakepan inggih punika syair, tetembungan ingkang dipun angge ing tembang.

Laras Slendro gadhah urutan gatra 12356 (ji ro lu ma nem). Laras slendro gadhah pathet
cacagipun tiga inggih punika pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura.

Dene laras Pelog ngemot gatra 1234567 (ji ro lu pat ma nem pi). Laras pelog ugi gadhah pathet
cacahipun tiga inggih punika pathet nem, pathet bem lan pathet barang.

1. Ingkang kedah dipungatosaken kangge nyinau praktik nyekar inggih punika:
a. Janggi dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk,
b. Vocal kedah langkung los (las-lasan, cetha,prasaja anggenipun nyekar), boten dipun damel-
damel,
c. Menawi pinuju nyekar, napas dhadha saha padharan prelu dipuntata,
d. Langkung prayogi lenggah sila tumpeng, boten ngadeg,
e. Laras punika rasa thinthinganipun swanten andhap ngantos nginggil swanten,

f. Titi laras punika angka minangka gentosanipun laras (swanten andhap dumugi swanten
inggil),

g. Pathet punika ukuran andhap lan inggilipun swanten kangge nglagokaken tembang,
h. Cengkok inggih punika lak-luking swanten kangge nglagokaken tembang,
i. Wilet inggih punika variasi titi laras ing pangolahing cengkok.

Ingkang winastan “Lagu Winengku Sastra”
a. Lagu lan cengkok prasaja,
b. Wiletan paling kathah migunakaken tigang nada,
c. Artikulasi (kedal) kedah wijang (cetha)
d. Teknik napas trep cakepanipun
e. Boten pareng munggel tembung
f. Laras kedah trep
g. Mendhet nada kanthi trep. (Darsono, 2002)
2. Ngripta sekar Macapat
a. Nemtokaken jejer (tema),
b. Milih jinisipun tembang Macapat,
c. Pangripta kedah nguwaosi guru sastra, guru wilangan, guru lagu saben sapada ing sekar,
d. Milih tembung-tembung ingkang endah (dede tembung padintenan, kadosta dasa nama,

entar, sandiasma, lan sapanunggalanipun)
e. Kangge njumbuhaken kaliyan guru wilangan saged ngginakaken tembung garba, daya

sastra, plutan, wancahan, uluran.
f. Kangge njumbuhaken guru lagu saged ngginakaken bali, swara inggih punika pamaliking

tembung ing tembang, kadosta Anoman malumpat sampun (kedahipun Anoman sampun
malumpat), lan sapanunggalanipun.

D. ANASIR TEMBANG MACAPAT
1. Dendha kerata

Caranipun nyerataken sekar Macapat winastan dendha kereta, tegesipun cetha, boten
bindheng, boten blero, las-lasan, lugu, bares, prasaja, botenkekathahen lak-luk, cengkok utawi
wilet, awit kedah ngengeti suraosing sekaringkang nembe kawaos.
2. Andhah saha anung swara

Andhah inggih punika luk swanten kadhawahaken ing wanda pungkasaning gatra. Dene
anung swara inggih punika luk swanten kadhawahaken ing setunggal wanda saderengipun
pungkasan gatra.

Tuladha:

Andhang

2 3 5 6 7 7 6765

Pa -mor-e ing nga- re- mitAnung:
2 3 5 5 5 5 5 567 5

Tyas nul - ya a - pa - sang su - rut

3. Pedhotan

Pedhotan wonten kalih werni, inggih punika pedhotan kendho lan pedhotan kenceng.
Pedhotan kendho boten munggel wanda ing salabeting tembung. Pedhotan kenceng munggel
wanda ing tembung.
Tuladha:

Kang aran – bebuden luhur (pedhotan kendho)Dudu pangkat –
dudu ngelmi (pedhotan kendho) Uga dudu –
kapinteran (pedhotan kendho)
Lan dudu pa – ra winasis (pedhotan kenceng)

Apa maneh kasugihan (pedhotan kendho)Nanging mung

– sucining ati (pedhotan kendho)

4. Andhegan

Yen pedhotan punika mapan ing tembung, dene andhegan mapan ing pungkasaning gatra.

Andhegan punika wonten tiga:

a. Andhegan wantah, inggih punika mapan ing pungkasaning gatra, suraosing gatra dereng

jangkep. Andhegan wantah punika dumados saking setunggalgatra

b. Andhegan alit, inggih punika mapan ing gatra, suraosing gatra saged mapansanadyan dereng

setunggal pada. Andhegan alit saged dumados saking setunggal gatra utawi langkung

c. Andhegan ageng, inggih punika mapan wonten ing pungkasan wanda, denesuraosing sekar

sampun jangkep. Andhegan ageng dumados saking setunggal pada.

5. Padhang saha Ulihan

Andhegan wantah limrah sinebut padhang awit dereng paripurna, suraosing dereng jangkep.
Dene andhegan ageng winastan ulihan, suraosing sekar sampun jangkep. Padhang mapan ing
pungkasaning gatra, dene ulihan ing pungkasan wanda (Prawiradisastra, 1996: 42)
6. Wirama

Inggih punika wirama ing sekar Macapat limrahipun wirama merdika, boten ajeg.
7. Rerengganing sekar Macapat

a. Wilet, variasi titi laras wonten ing pangolahing cengkok

b. Cengkok, rerangkening titi laras kangge ngoleh lagu

c. Luk, andhah swara saha anung swara

d. Gregel, luk ingkang cepet

e. Sliring, mineur, vals, vales, penyimpangan saking skala nada

E. NGRIPTA SEKAR
Kangge ngrita sekar Macapat temtu kemawon kedah mangertosi paugeraning sekar

Macapat, ing antawisipun guru gatra, guru wilangan saha guru lagu. Pramila boten gampil
menawi ngripta sekar Macapat, awit sedayaa kaselarasaken kaliyan paugeranipun.Kangge
njumbuhaken riptan kaliyan paugeran, pangripta kedah mangertosi bab-bab ingkang asring
kaginakaken dening para pujangga rikala ngripta sekar.
1. Baliswara

Inggih punika rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran awitkangge njangkepi
guru lagu.
Tuladha:

Anoman sampun malumpat => anoman malumpat sampun (Kinanthi)

2. Daya sastra

Inggih punika ngicali aksara irung (anuswara) kangge njangkepi guruwilangan. Daya sastra
limrahipun dumadi ing sekar Macapat serata Jawi Tuladha:
Ing serat Abimanyu Kerem

‘Semar (ng)guguk, nabda: Bangsat teka n(dlarung), katanggor wong nekad,

(m)baludhus tan wruh ing isin, lah rasakna yen prapteng wisma tak ajar.’

3. Plutan saha Wancahan.

Inggih punika ginanipun kangge ngirangi guru wilangin amrih jangkep.

Tuladha:

Plutan => Seru= sru, liyan=lyan, weruh= wruh, lsp.Wancahan =>
agung= gung, ingkang=kang, lsp.
4. Uluran

Inggih punika mimbuhi aksara hanuswara kangge mimbuhi guru wilanganamrih jangkep.
Uluran punika saged awujud vocal (a) utawi (ma).

Tuladha:

(m)bludhus= (m)baladhus

Nangis= anangis

Mijiki= amijiki, lsp.

5. Tembung garba

Inggih punika tembung ingkang kedadosan saking kalih tembung lan kadadosaken
setunggal kanthi nyuda cacahing wandanipun.

Rikala ngripta sekar kala mangsa manggihaken tembung ingkang wandanipun kekathahen
dados boten jumbuh kaliyan guru wilanganipun.Pramila kangge njumbuhaken guru wilangan
saged nyuda cacahing wanda kanthi kadadosaken tembung garba.

Tuladha:

‘wusnya prapta ing pasamuaneki’

Menawi ukara punika kaetang wandanipun wonten 11, kamangka namingbutuh 10 wanda.
Pramila kedah wonten ingkang dipunsuda.
Dadosipun: ‘wusnya prapteng pasamuaneki’

6. Sandiasma

Inggih punika asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting sekar.
Sandiasma saged mapan ing wiwitaning pupuh, wiwitan pada, wiwitaning gatra, pedhotan,
wanda wiwitan tembung, gatra pungkasan.Tuladha:
Tuladha sandiasma R. Ng. Ranggawarsita ing salebeting tembang, ngginakaken asma jejuluk
Reksadipraja Surakarta.
Lir brataning reksi wara Micara reh sadu
budi Marsudi mrih dipaning tyasMemenget
mring prataruni Wit jroning jaman
mangkinKeh rubeda sumarawung Yen limut
rasikeng tyas Korup mring reh karya sisip

Temah sirna talering titah utama

7. Dasanama

Inggih punika tembung-tembung ingkang gadhah teges sami, menawi wonten ing basa
Indonesia kasebat sinonim

Rikalanipun ngripta sekar, manggihaken tembung ingkang boten jumbuh kaliyan guru

wilangan lan guru lagunipun, tembung kala wau saged kagantos kanthi tembung sanes
ingkang gadhah teges sami.
Tuladhanipun:

badhe ngripta tembang Dhandhanggula. Ing gatra 10 guru wilanganipunwonten 10 lan guru
lagunipun I, ukaranipun:
‘awit saking soroting sang surya’

Guru wilanganipun sampun 10, ananging guru lagu a. kanthi makaten kedahmadosi tembung
ingkang tegesipun sami kaliyan surya, dadosipun:
‘awit saking soroting sang rawi’

Tuladha dasanama:

Srengenge: surya, rawi, bagaskara, bagaspati, pratanggapati, baskara Rembulan :
sasangka, wulan, badra, sitamsu, sasadara, sasi
Lintang : wintang, taranggana, SudamaBanyu : we,
tirta, toya, ranu
Anak : atmaja. Sunu, putra, siwi, yoga, lsp.

8. Sengkalan

Inggih punika tetenger taun ingkang sinawung tembung salebeting sekar.Kados sengkalan ing
tembang Serat Ajipamasa: “Sembah trus kaswerang bumi”= 1791.
9. Sasmitaning tembang

Namaning sekar boten mesthi kaserat, ananging sampun kaemot ing gatraning sekar
kasebat sae ing gatra sepisan utawi gatra pungkasan saben pupuhipun. Namaning sekar asring
boten cetha utawi cumeplos, nanging sinawung ing sekar, klempakaning tembung utawi
ukara.

Tembung, klempakaning tembung utawi ukara ingkang nedahaken namaning sekar
kasebat sasmitaning tembang/ sekar.
Tuladha:

Sasmitaning tembang miturut R.S. Subalidinata.

a. Sasmitaning tembang Pocung

Bapak pocung dudu watu dudu gunung, …. Kang pinucung
sakawit met dongengipun, …..Kadi ancung raras pangiketing
kidung, ……

… tur wus manggin pamucunge mring makripat

… amucung ingampil gadhing
b. Sasmitaning tembang mijil

Wijiling kang pangripta murwani, ….
Wuryaning reh njajah mikatoni, ….
…., prabawa wijiling tapa
…., nyimpen wadi ywa kawijil
c. Sasmitaning tembang Megatruh (Dudukwuluh)
Lir anduduk dadakan denira ngidung, …
Megat marang rarasing reh kang sinerung, ….Sasat mangsa
katri katengga ing truh, ….
…., megatruh raosing galing
…., gampil angel amegat jiwaning janma

~Mugi pinaringan ilmu ingkang migunani~

DAFTAR PUSTAKA

Amalia, Novita Candra & Dwi Putri Praptiningsih. 2019. Sarita Diktat Basa Jawa Kelas X. CV Sinar
Pengetahuan

Damarjati, Triwik &Sinar Indra. 2017. Wibawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan, Pemuda, dan
Olahraga DIY

Haidar, Zahra. 2018. Macapat Tembang Jawa Indah dan Kaya Makna. Jakarta: Badan Pengembangan
dan Pembinaan Bahasa Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan

Nugroho, Slamet & Abdul Afif Rosyidi. 2017. Wibawa Kelas XI. Yogyakarta: Dinas Pendidikan, Pemuda
dan Olahraga DIY


Click to View FlipBook Version