BAHASA JAWA
AKSARA JAWA
A. KAWRUH
Aksara Jawa punika asalipun saking tedhakan aksara Pallawa India siring
Daksina (India Selatan). Dene wonteng cariyos Ajisaka sinebut bilih Ajisaka ingkang
ngripta aksara Jawa. Miturut saking cariyos, aksara Jawa dumadi saking labuh
labetipun pawongan abdi Dora lan Sembada, utawi ing versi sanes kacariyosaken
Setya lan Setuhu. Kekalihipun sami pejah awit ngugemi aturipun Ajisaka, pramila
saking punika Ajisaka lajeng ngripta tembung hanacaraka datasawala padhajayanya
magabathanga. Ukara punika ingkang dados urutaning aksara Jawa sapunika.
Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, konsep ilmiah kawontenan aksara Jawa
dipunwiwiti saking rawuhipun para saudagar India ing tlatah Jawa. Nalika semanten
tiyang Jawa dereng gadhah aksara. Basa padintenan namung awujud lesan. Kanthi
aksara ingkang dibekta dening tiyang India, tiyang Jawa wiwit migunakaken basa
tulis.
Miturut Casparis, sajroning sujarah peradaban suku Jawa, nemahi seratan
awujud prasasti kanthi migunakaken aksara Pallawa ingkang nuduhaken wekdal
saderengipun taun 700 Masehi. Dening bapak Atmodjo, periode aksara Jawa
kaperang dados 6, inggih punika:
1. Aksara Pallawa wiwitan, dipunginakaken saderengipun tau 700M, tuladha
tinemu ing Prasasti Tugu Bogor,
2. Aksara Pallawa pungkasan, dipunginakaken abad Vii lan samadyaning
abad VIII, tuladha tinemu ing Prasasti Canggal ing Kedu Magelang,
3. Aksara Kawi utawa Jawa kina wiwitan, dipunginakaken taun 750-925,
tinemu ing Prasasti Polengan ing Kalasan Yogyakarta,
4. Aksara Kawi utawi Jawa Kina pungkasan, dipunginakaken taun 925-1250,
tinemu ing Prasasti Airlangga,
5. Aksara Majapahit, dipunginakaken taun 1250-1450, tinemu ing Prasasti
Singasari lan Malang, saha Lontar Kunjarakarna,
6. Aksara Jawa Enggal, dipunginakaken taun 1600 dumugi wekdal sapunika,
tuladha tinemu ing serta Suluk Wijil, Suluk Bonang, lan buku-buku
sanesipun.
B. WUJUD AKSARA JAWA
1. Aksara Jawa Legena
Inggih punika aksara Jawa ingkang dereng kawuwuhan sandhangan lan ugi
pasangan.
Ha na ca ra ka
Da ta sa wa la
Pa dha ja ya nya
Ma ga ba tha nga
Tuladha:
Lara =
Basa jawa =
Aja padha =
2. Sandhangan
Ing aksara Jawa, sandhangan kaperang dados 3, inggih punika:
a. Sandhangan swara, awujud:
Wulu i
Siji=
….. … ..
Suku u
Buku=
….. . ..
Pepet .. .... ê
Taling Têka=
Têlu=
è lan è
.... Saté=
Réné=
èlèk=
Taling o
.... Omah=
tarung
Soto=
b. Sandhangan Panyigeg Wanda
Layar Sigeg r
Pasar=
..
Cecek Sigeg ng
Kuping=
..
Wignyan Sigeg h Sekolah=
...
Pangkon Panyigeg
Gelas=
...
pungkasan
tembung
c. Sandhangan Wyanjana ..ra Cakra=
Cakra
... ...
Cakra keret ..rê Driji=
Sruput=
Krèsèk=
Trémos=
Srêgêp=
...
Pengkal ..ya Bagya=
Setya=
…
3. Pasangan aksara Jawa
Tuladha: Amba=
Klapa= Mangan pete=
Kathok dawa=
Bakso=
mangkat kerja=
4. Aksara Murda
a. Aksara murda kaginakaken kangge tata prunggu utawi pakurmatan,
tuladhanipun kangge nyerat namaning Gusti, Nabi, Raja-ratu,nagari, kitha, ugi
naminipun tiyang.
b. Aksara murda boten saged dados aksara sigeg (mati)
c. Aksara murda cekap dipunserat setunggal kemawon, ateges boten sedaya
wanda ing ukara dipunserat ngginakaken aksara murda. Menawi wanda
wiwitaning ukara boten wonten aksara murdanipun, saged dipunserat ing
wanda salajengipun ingkang trep kaliyan aksara murdanipun
Na Ka Ta Sa
Pa Ga Ba
Tuladha: Korea=
Bantul= Sarwito=
Puntadewa=
5. Aksara Swara
a. Aksara swara kaginakaken kangge nyerat aksara vokal ingkang dados wiwitan
tembung saking basa manca.
b. Aksara swara boten saged dados pasangan.
A I UE O
Tuladha: Erika=
Arjuna= Oktober=
Indonesia=
Urbanisasi=
6. Aksara Rekan
Aksara rekan kaginakaken kangge nyerat aksara konsonan saking basa manca
mliginipun basa Arab.
Kha Dza Fa/va za gha
Tuladha:
Khatib= Zakat=
Ghazali=
Dzikir=
Fakir=
7. Angka Jawa
1 2 34567 8 9
Panyeratanipun angka Jawa menika kaapit dening pada pangkat
Tuladhanipun:
Tanggal 17 April :
8. Nga lelet ( ), sesulih aksara la pepet ( ) = lê
Tuladha:
a. Pelem legi :
b. Lenggah ijen :
c. Lemper emping :
9. Pa cerek ( ), sesulih aksara ra pepet ( ) = rê
Tuladha: :
a. Omah resik
b. Marem tenan :
c. Remed remuk :
(Kapethik saking Wibawa Basa Jawa kelas X saha Sarita Diktat Basa Jawa kelas X)
-Sugeng Ngayahi Pasinaon-