The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by sukarti921, 2023-06-12 23:03:51

BAB 1 XII gnj 13 akhr

BAB 1 XII gnj 13 akhr

1 BAB I MULAT SARIRA HANGRASA WANI Mulat Sarira Hangrasa Wani. Mulat ateges nulat dhiri pribadi. Sarira ateges awak, badan. Hangrasa ateges rumangsa, dene Wani ateges ora wedi apa-apa. Kanggo mangerteni unen-unen iku bisa diwaca saka pungkasan dhisik, yaiku : wani rumangsa, nulat awake dhewe. Makna kang kamot ing ukara iku supaya manungsa kudu wani kanthi tinarbuka marang kaluputan lan kekurangan ing dhiri pribadine. Ukara Mulat Sarira Hangrasa Wani iku perangan katelu saka Tri Dharma, wulangan Sri Mangkunegara I kang kawentar kanthi asma Pangeran Sambernyawa. Perangan sepisan lan kapindho yaiku Rumangsa melu handarbeni lan Wajib melu hangrungkebi. Hangrasa wani ing kene ngemu teges ora bakal wani yen wedi-wedi, yen wedi aja waniwani. Ora bakal kaduk wani kurang duga, tegese mung waton wani ora nganggo petungan. Lan ora bakal nggunakake tembung wani pira. Mula saka iku, supaya hangrasa wani awake dhewe kudu mulat sarira luwih dhisik. Miturut tegese tembung sarira iku awak/badan. Tegese ya awake dhewe. Apa kang kudu ditindakake awake dhewe sadurunge hangrasa wani? Wangsulane yaiku mulat. Mulat ing kene ateges waspada. Dadi sajroning tumindak lan urip ing madyaning bebrayan awake dhewe kudu bisa mawas dhiri lan waspada, mulat sakabehe sadurunge nindakake samubarang gawe. Mulat sarira, sawijining unen-unen kang wis umum ngrembaka ing madyaning masarakat, ora mung dadi konsep, pathokan, utawa tata aturan sawijining kapitayan, nanging sawijining pangajak marang sakabehe manungsa supaya bisa ngukur lan mulat marang dhiri pribadine. Akeh sawenehe pawongan kang luwih gampang ngonceki alaning liyan tinimbang ngerti lan ngrumangsani nulat marang pribadine dhewe. Yen rasa pangrasa iki kabanjur dilirwakake ateges awake dhewe wis kelangan jati dhiri. Tulaten dhiri pribadimu sadurunge nulat kapribadene liyan, amarga yen bisa tambuh weruh marang awake dhewe bakal bisa ngonceki kaluwihan lan kekurangane kang tundhone dadi kawitan anggone bakal ndandani dhiri pribadine dhewe. Kaya dene pituture para sesepuh beja-bejane manungsa iku kang tansah eling lawan waspada. Kang bakal antuk kabegjan iku wong kang tansah ngati-ati ing samubarang tumindak. Mula saka iku ngendhaleni dhiri (mulat sarira) utawa tembunge saiki introspeksi diri, yaiku nulat sakabehe tumindak ala lan becik, asil lan gagaling mangsa sadurunge iku penting banget, tegese supaya bisa gawe imbanging panguripan. Sakabehe tumindak becik prelu dilestarekake lan dirembakakake, dene tumindak ala lan nyilakani liyan ora kena ditindakake malah-malah yen bisa kalebur. Tumindak kang didhasari saka tresna asih, urmat mring sasama, mad sinamadan, ing kono bakal tuwuh kabahagyan lan katentreman ing jiwa, raga, lan swasana. Mula saka iku ing wulangan iki, para siswa bakal nyinau tembang kinanthi saka serat Wedhatama, kang undheraning ancas supaya siswa bisa mulat sarira angrasa wani. Bab iki diwulangake minangka rasa syukur mring Gusti Kang Maha Kawasa kang wis paring kanugrahan awujud rasa pangrasa lan pamikir kang ganep beda karo titah liyane, beda karo sato kewan. Saliyane iku uga supaya siswa bisa ngundhakake rasa urmat lan toleransi marang pawongan liya, amarga mulat sarira iku bisa ngendhaleni rasa ongas/sombong, lan ngedohi tumindak kang tanpa waton utawa sakepenake dhewe. Pakaryan 1 Sadurunge ngancik ing tembang kang ngemot ngudi kawruh, kanggo ngawiti pasinaon kang ancase supaya nuwuhake pamawas lan presepsi, para siswa dijaluk mangsuli pitakon iki. 1. Apa gunane ngulat sarira angrasa wani? 2. Miturut panemumu apa kang bakal dumadi yen ing donya iki ora ana ngulat sarira angrasa wani? 3. Tuduhna tuladha kang dumadi ing sakiwa tengenmu utawa kluwargamu kang nuduhake ngulat sarira angrasa wani! 4. Sawijining ngelmu ing basa Jawa iku nyinau babagan tembang kinanthi. Apa kang kokngerteni babagan tembang kinanthi? 5. Kanggo ngregengake swasana coba nembanga tembang kinanthi! Bisa kanthi bebarengan. Pakaryan 2 Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau lan mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo tembang kinanthi. Ing antarane yaiku pathokan tembang lan watak tembang. 1. Pangertene lan maknane tembang Kinanthi Miturut maknane, tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tetrem ayem karo kluwargane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen,


2 gandheng. Ana maneh kang wimbuh pangerten yen tembang kinanthi iku nuntun utawa nganthi. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi putra-putrane supaya sakabeh tumindake ora nalisir saka bebener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang putra-putrane. 2. Pathokan tembang Kinanthi KINANTHI Guru wilangan Guru lagu Guru gatra 8 u 6 8 i 8 A 8 I 8 a 8 I 3. Watak tembang Kinanthi Watake sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan. Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Mula padatan kang kulina, digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur. 4. Wos kang kamot ing tembang Kinanthi (Wedhatama) • Serat Wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter kang bisa sinebut etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang ner marang dhiri pribadine dhewe. Kayadene piwulang-piwulang ing budaya Jawa, Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lantiping rasa (angulah lantiping ati) lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang berbudi luhur (bengkas kahardaning driya, supaya dadya utami). • Supaya antuk ngelmu sejati ‘ilmu sejati’ bisa lumantar ngolah lantiping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi (pangasahe sepi samun). Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung pepalang kang dadi pepalanging budi (bengkas kahardaning driya, kekes srabedaning budi). • Syarat nglakoni ngelmu sejati (lakune ngelmu sejati) yaiku ora kena iri lang drengki (tan dahwen pati openan), ora getapan “atine gampang panas” (tan panasten), ora ngganggu wong liya (nora jail), ngendhem hawa nepsu (tan njurung ing kahardan), kang ditindakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem (amung eneng amrih ening). • Serat Wedhatama ngajarake lamun manungs iku kudu tansah eling lan waspada (eling lan waspada; awas lan eling). Eling ing kene duwe karep supaya eling marang pitutuduh utawa tuladha saka mobah mosiking alam (eling lukitaning alam) • Waspada tegese ngerti pepalange urip (wruh warananing urip). Uga supaya ora sembrana pari kena, sembrana ing batine (aywa sembrana ing kalbu) lan nulat tembung-tembung kang diucapake, ngilangake rasa kang mangu-mangu “ragu-ragu”, lan waspada nulat ing samubarang (waspada ing pangeksi) • Serat Wedhatama ngajarake supaya ora kulina tumindak nistha (aywa mematuh nalutuh), ati-ati marang pepalanging urip. Upama lagi lumaku, dalan kang dilewati iku kebak ing bebaya, yen ora ngati-ati bakal kena ri (sayekti kasandung ri) utawa kesandhung watu. • Serat Wedhatama ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe burine (atetamba yen wus bucik). Watek kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih (kawruhe kinarya ngupaya kasil lan melik) • Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake kanthi sakabehe, nanging manungsa kudu bisa nganti kasil sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake, nanging manungsa diwajibake ngudi kanthi tenann. Awit manungsa yen ora gelem usaha nalika golek nafkah, bisa diarani rugi (yekti tuna tinitah). • Ing Serat Wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya, lan bisa mangun sesrawunganing papan ngendi wae. (bangkit ajur ajer). Sanadyan kerep geseh panemu, amarga ngetokake panemu, tansah urip rukun lan ayem, becik, nadyan mung sadrema aweh seneng marang wong liya (mung ngenaki tyasing lyan). Mula, kala-kala manungsa iku ethok-ethok bodho (den bisa mbusuki ujaring janmi). Wong kang wicaksana bakal tumindak kanthi cara kang alus, sanadyan marang pawongan liya (sinamun ing samudana) lan becik (sesadon ing adu manis).


3 Pakaryan 3 Ing ngisor iki bakal kababar tembang kinanthi kang ngemot surasa ngangsu kawruh. Coba salah siji siswa macakake kanthi seru tembang iki, sokur bage anggone macakake kanthi tetembangan, dene kanca liyane nyemak. Tuladha tembang kinanthi 5 6 6 6 6 ! @ @ mang- ka kan- Thi ning tu- mu- wuh @ @ ! ! 6 j6! 5 6 sa- la- mi Mung a- was e- Ling 5 6 ! ! ! ! ! j6! e- ling lu- ki- ta- ning a- lam 5 5 5 5 5 2 j32 1 da- di wir- ya- ning du- ma- di 1 2 3 5 5 5 5 5 su- pa- di- Nir ing sang- sa- ya3 2 2 2 2 j32 3 5 Ye- ku pa- ngrek- sa- ning u- rip Marma den taberi kulup angulah lantiping ati rina wengi den anedya pandak panduking pambudi bengkas kahardaning driya supaya dadya utami Pangasahe sepi samun aywa esah ing salami samangsa wis kawistara lalandhepe mingis-mingis pasrah wukir reksamuka kekes srabedaning budi Gladhen Sawise putra siswa wis nyinau lan mahami perangan babagan tembang Kinanthi, ing trap iki kanggo ngukur sepira pangertenmu garapen gladhen ing ngisor iki! Garapen miturut piterang iki! Garapen kanthi klompok! 1. Coba wacanen ukara-ukara ing perangan pratelan, banjur sebutna guru wilangan lan guru lagune! Tembang iki katulis ora urut gatrane. No Pratelan Guru wilangan lan lagu 1 dene awas tegesipun ………………………………………. miwah wisesaning tunggal ………………………………………. kang mukitan ing sakarsa ………………………………………. gumelar ngalam sakali ………………………………………. kang atunggil rina wengi ………………………………………. weruh warananing urip ………………………………………. 2 aywa sembrana ing kalbu ………………………………………. wewesen praptaning uwis ………………………………………. marma den sembadeng sedya ………………………………………. dudu ucape pribadi ………………………………………. wawasen wuwus sireki ………………………………………. ing kono yekti karasa ……………………………………….


4 Pakaryan 4 Ing trap-trapan iki putra siswa bakal diukur sepira pangertene babagan amanat utawa pitutur kang kamot sajroning tembang. Mula kanggo ancas kasebut wangsulana pitakon ing ngisor iki! Bisa digarap kanthi klompok! Yen wis rampung bisa andharna kanthi lesan ing sangarepe kancamu! Nanging sadurunge ngancik merdekake surasane tembang, coba tulisen tembung-tembung kang kokanggep angel. Golekana tegese luwih dhisik ing bausastra (kamus)! Tuladhane: kulup : anak anedya : bakal, arep rina : awan Tembang Pratelan Werdine Sepisan Mangka kanthining tumuwuh ………………………………………………………………………… salami mung awas eling ………………………………………………………………………… eling lukitaning alam ………………………………………………………………………… dadi weryaning dumadi ………………………………………………………………………… supadi nir ing sangsaya ………………………………………………………………………… yeku pangreksaning urip ………………………………………………………………………… Amanat/pitutur kang kamot ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. Kapindho Marma den taberi kulup ………………………………………………………………………… angulah lantiping ati ………………………………………………………………………… rina wengi den anedya ………………………………………………………………………… pandak panduking pambudi ………………………………………………………………………… bengkas kahardaning driya ………………………………………………………………………… supaya dadya utami ………………………………………………………………………… Amanat/pitutur kang kamot ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. Katelu Pangasahe sepi samun ………………………………………………………………………… aywa esah ing salami ………………………………………………………………………… samangsa wis kawistara ………………………………………………………………………… lalandhepe mingis-mingis ………………………………………………………………………… pasrah wukir reksamuka ………………………………………………………………………… kekes srabedaning budi ………………………………………………………………………… Amanat/pitutur kang kamot ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………………………………………………….. • Gawenen limang pitakon kang ana sesambungane karo tembang ing dhuwur! Pakaryan 5 Ing ngisor iki kababarake saperangan tembang Kinanthi kang ana ing Serat Wedhatama, setitekna banjur gancarna tembang iki nganggo basamu/basa padinanmu! Supaya luwih cetha andharna kanthi lesan! Bisa dirembug kanthi klompok!


5 a. Sirnakna semanging kalbu den waspada ing pangeksi yeku dalaning kasidan sinuda saka sethithik pamothahing nafsu hawa linalantih mamrih titih Gancaran : ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. b. Aywa mamatuh nalutuh tanpa tuwas tanpa kasil kasalibuk ing srabeda marma dipun ngati-ati urip keh rencananira sambekala den kaliling Gancaran : ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. c. Upamane wong lumaku marga gawat den liwati lamun kurang ing pangarah sayekti karendhet ing ri apese kasandhung padhas babak bundhas anemahi Gancaran : ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………………………………. 2. Andharna nilai-nilai kang kamot sajroning tembang ing dhuwur! 3. Saka tembang-tembang kang wis kokgancarake iku, wenehana tuladha kahanan ing sakiwa tengenmu kang jumbuh/cocok karo surasane tembang! Bisa pakarti ing kluwargamu utawa tangga teparomu! 4. Gaweya tembang kinanthi kanthi tema “ngulat sarira angrasa wani (introspeksi)” nganggo basamu dhewe (basa padinanmu)! Pakaryan 6 Sawise nggarap saperangan gladhen kang cumawis, ing pakaryan 6 iki siswa kaanggep ngerteni babagan tembang Kinanthi. Mula saka iku: 1. Semaken tembang kinanthi kang digawe dening kanca/klompok liya! Aweha panemu mbok menawa ana perangan kang kleru! 2. Setitekna kanthi premati gancarane tembang kang digawe, banjur jlentrehna nilai-nilai kang kamot! 3. Dhiskusekna bab-bab kang kamot sajrone tembang kinanthi ing pakaryan 5! Andharna tuladha kahanan kang dumadi ing madyaning bebrayan agung/masarakat jaman saiki karo surasane tembang! Pakaryan 7 1. Andharna kanthi lesan tembang kang wis digawe nggunakake basamu dhewe/basa padinanmu! 2. Aweha panyaruwe utawa panemu marang tembang kang digawe dening kancamu! 3. Dhiskusekna wos surasane tembang kinanthi ing ngsior iki! Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail,


6 tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora ta yen ngeplekana, lir leluhur nguni-uni Pakaryan sabacute : • Goleka tuladha tembang Kinanthi saka media liyane, kayata ariwarti (koran), kalawarti (majalah), internet, buku,lan sapiturute! • Sawise wis bisa nemokake tembang saka media liyane, banjur oncekana temane, maknane, amanat/pituture, lan gancarane! Garapan ditumpuk ing pasatemon candhake! • Pakaryan kasebut wartakna marang kanca-kancamu ing papan liya, bisa lumantar madding utawa internet! Wimbuh Kawruh Ngendikane para leluhur, ngendhaleni hawa nafsu iku baku manget tumrap dhiri pribadine. Bab iku kudu wajib diudi ukume wiwit lair nganti satekane umur. Prakara iku sansaya nandhesake manawa mulat sarira hangrasa wani iku pancen prelu banget. Coba dibayangake, wong urip ora bisa mulat sarira hangrasa wani, luwih-luwih ora ngerti babar blas, mesthine kaya wong kang rumangsa ora duwe luput lan pekewuh. Awit ing jaman saiki akeh banget kang ora asipat bisa instropeksi diri. Mula yen wis duwe kalungguhan banjur sakepenake dhewe, adoh saka pituture para leluhur yen ing ngarsa sung tuladha Pikolehing pasinaon 1. Siswa bisa ngerti tembang kinanthi. 2. Siswa bisa ngerti pathokane tembang kinanthi. 3. Siswa bisa gawe tembang kinanthi kanthi tema tinamtu. 4. Siswa bisa ngerti pitutur kang kamot sajroning Wedhatama pupuh kinanthi. 5. Tansah ngajak syukur lan eling marang paringing Gusti Kang Maha Agung, amarga bisa tansah eling lan waspada. 6. Ngedohi tindak kang nistha, kayata: ongas, srei, drengki, jail, lsp. 7. Ngangsu kawruh iku bisa kasembadan yen lantaran ati kang wening lan suci. 8. Wong kang nyonto tindak utama bakal antuk kamulyan. Pakaryan 8 Gladhen kompetensi I. Ing ngsior iki ana wangsulan sing bener, pilihen! Upamane wong lumaku marga gawat den liwati lamun kurang ing pangarah sayekti karendhet ing ri apese kasandhung padhas babak bundhas anemahi 1. Tembang ing dhuwur yaiku …. a. Kinanthi d. Maskumambang b. Gambuh e. Megatruh c. Mijil 2. Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati ateges …. a. Bakal entuk kacilakan ing sadlan-dalan b. Yen kurang pangati-ati c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe


7 d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 3. lamun kurang ing pangarah ateges …. a. Bakal entuk kacilakan ing sadlan-dalan b. Yen kurang pangati-ati c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene l 4. sayekti karendhet ing ri, apese kasandhung padhas ateges …. a. Bakal entuk kacilakan ing sadlan-dalan b. Yen kurang pangati-ati c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 5. babak bundhas anemahi ateges …. a. Bakal entuk kacilakan ing sadlan-dalan b. Yen kurang pangati-ati c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene 6. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. a. Bakal entuk kacilakan ing sadlan-dalan b. Yen kurang pangati-ati c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene Marma den taberi kulup angulah lantiping ati rina wengi den anedya pandak panduking pambudi bengkas kahardaning driya supaya dadya utami 7. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane. b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati. d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati. e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara. Sirnakna semanging kalbu den waspada ing pangeksi yeku dalaning kasidan sinuda saka sethithik pamothahing nafsu hawa linalantih mamrih titih 8. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane. b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati. d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati. e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara. Aywa mamatuh nalutuh tanpa tuwas tanpa kasil kasalibuk ing srabeda marma dipun ngati-ati urip keh rencananira


8 sambekala den kaliling 9. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane. b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati. d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati. e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara. Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening 10. Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku …. a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane. b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-ati. d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati. e. Angkara kang ora dikendhaleni tundhane bakal nuwuhake perkara. II. Wangsulana kang premati! 1. Apa werdine tembang Kinanthi miturut pangerten tembunge lan maknane? 2. Jlentrehna pathokane tembang Kinanthi! 3. Wenehana katrangan babagan tembang Kinanthi miturut watake! 4. Gaweya tuladha tembang Kinanthi kang surasane “mulat sarira hangrasa wani” nganggo basamu dhewe! 5. Andharna wos surasane tembang iki nganggo basamu dhewe! Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging mulya, kamulyaning jiwa dhiri, ora ta yen ngeplekana, lir leluhur nguni-uni


Click to View FlipBook Version