Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)
Materi : Teks Deskripsi Panganan
Tradhisional
Fase : E
Kelas : X
Tahun Ajaran 2022/2023
SMA Negeri 3 Salatiga
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
A. Identitas LKPD
Nama Sekolah : SMA Negeri 3 Salatiga
Nama Mapel : Bahasa Jawa
Tahun Penyusunan : 2022 / 2023
Fase/ Elemen : E / Menulis
Kelas/Semester : X/Genap
Domain : Teks Deskripsi
B. Komponen Inti
Elemen Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, dan pandangan dari
berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/ eksposisi/ argumentasi/ lainnya).
Tujuan Pembelajaran
1 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning
pendekatan TPACK, dan media audio visual, peserta didik menelaah gagasan, pikiran,
pandangan, arahan dalam berbagai jenis
teks nonsastra deskripsi. (C4)
2 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning
pendekatan TPACK, dan media audio visual, peserta didik mengarang teks untuk
berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif.
(C6)
Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran
1 Setelah ditampilkan video teks deskripsi pangan tradhisional, peserta didik dapat
menelaah teks deskripsi pangan tradhisional dengan gotong royong dan kreatif. (C4)
2 Setelah ditampilkan video teks deskripsi pangan tradhisional, peserta didik dapat
mengarang teks deskripsi pangan tradhisional dengan kreatif. (C6)
C. Aktivitas Belajar
1. Orientasi Pada Peserta Didik
Hal. 1
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
Saben tlatah wonten Indonesia mliginipun tlatah Jawa, mesthi
ngnggadhahi panganan tradhisional ingkang khas. Saben tlatah ngnggadhahi
panganan tradhisioal khas langkung saking satunggal saha maneka warna
jinisipun.
Ing dhaerahmu, tamtu ugi ngnggadhahi panganan tradhisional
ingkang khas. Wonten ingkang dipundamel saking wos, ketan, jagung, tela,
lsp. Wujud kalihan caranipun damel ugi beda-beda. Panganan tradhisional
tartamtu ugi ngnggadhahi filosofi utawi sejarah ingkang becik. Kinten-kinten
ing dhaerahmu, jenengipun menapa mawon? Menapa wujud saha cara damel
sami? Kadospundi filosofinipun saking panganan tradhisional kala wau?
PETA KONSEP
1. Teks deskripsi
Teks deskripsi adatipun dipuntegesi gambaran. Teks desripsi inggih menika teks
ingkang kaginakanipun kangge nggambaraken utawi nerangaken menapa-menapa
ingkang saged dipunsawang, dipunraosaken, dipunmidhangetaken, saha dipunganda.
2. Titikan Teks deskripsi
a. Nggambarkan objek tartamtu.
b. Objek ingkang dipungambarken asipat khusus.
Tuladha nggambarken papan wisata, papan bersejarah, mahluk hidup, utawi barang.
c. Nggambaraken objek kanthi rinci inggih menika adhedhasar fisik, sifat utawi
pandangan panulis.
d. Objek dipungambarken kanthi pancaindera. Tiyang ingkang maos kados saged
mirsani, midhangetaken, ngraosaken, pangganda, utawi ngalami objek ingkang
dipungambaraken.
3. Struktur Teks deskripsi
a. Identifikasi : gambaran umum babagan menapa ingkang dipungambaraken
sesambungan kalihan asma, papan, sejarah, arti jeneng, lan sakpanunggalanipun.
b. Deskripsi bagian : wonten bab menika panulis njlentrehaken rincian objek ingkang
gegayutan kalihan panca indera inggih menika menapa ingkang mirsani,
midhangetaken, ngraosaken, saha pangganda.
c. Dudutan / kesimpulan
Hal. 2
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
4. Cara Nyerat Teks deskripsi
a. Nemtokaken underaning perkara (tema)
b. Ngumpulaken katrangan kanthi njingglengi (mengamati) babagan ingkang badhe
dipunserat
c. Nyathet perangan-perangan bab kanthi tliti
d. Nyusun katrangan kasebat supados dados cengkorongan/kerangka panulisan
e. Njlentrehaken cengkorongan kala wau kanthi urut, cetha, urip, lan ngginakaken
tembung-tembung ingkang trep
f. Naliti lan ngleresaken ukara supados dados karangan teks deskripsi ingkang sae.
Tuladha Teks Deskripsi
\
https://www.idntimes.com/food/dining-guide/habib-kurniawan/11-jajanan- tradisional-khas-jawa-paling-enak-c1c2?page=all
KLEPON
Klepon inggih menika salah satunggaling panganan tradhisional ingkang kalebet jajanan pasar.
Klepon werninipun ijem, menawi dipunganda arum saking ron pandhan. Klepon dipundamel
saking glepung beras ketan saha dipundamel bunder kados dene bal alit. Wonten sajeroning
klepon menika dipunsukani gendhis jawi. Adatipun klepon dipuncawisaken kalihan parutan
klapa. Menawi dipunmaem, gendhis jawi ing sajeroning klepon muncrat saha dadosaken raos
legi. Wondene parutan klapa dados panyeimbang supados raosipun legi kalihan gurih.
2. Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar
Saksampunipun maos teks deskripsi ing nginggil, para siswa saged mangertosi filosofi saha
piwulang saking teks deskripsi panganan tradhisional? Menawi dereng, Ayo sami pirembagan
kelompok!!!
Damela kelompok ingkang kadadeyan saking 4-5 siswa. Saben kelompok gadhah tugas
kangge ngrembag filosofi saha piwulang saking teks deskripsi panganan tradhisional!
Hal. 3
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
Nyimak wacan kanthi patitis!
TUMPENG
https://3.bp.blogspot.com/- Tumpeng iku mujudake panganan
wNR_V5hpytI/WrcTjiudeCI/AAAAAAAAAVM/O9IyPsEcu2AeOo_kBzQbdvctsDXZ_n4DQC kang digawe saka sega kanthi wangun
buncu, amarga saka kuwi banjur diarani
LcBGAs/s1600/tumpeng.png sega tumpeng. Tumpeng biasane disuguhake
wektu kenduri utawa kanggo mengeti
kedadeyan sing wigati. Tradhisi gawe
tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna
masyarakat Jawa minangka sarana kanggo
muja gunung kang dipercaya dadi papan
paleremane para leluhur. Dene ing
kepercayan Hindhu wangun buncu utawa
lancip ngentha wujude gunung suci
Mahameru, papane para dewa-dewi.
Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman saiki, tumpeng digawe kanggo ubarampe
upacara kang sipate seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng direngga karo
sayuran lan iwak kang nduweni teges sing sakral lan nduweni pralambang sarta pangarep-
arep. Tembung tumpeng mengku werdi yen metu kudu sing mempeng. Lawuhe ana pitung
werna kang ngemu teges pitulungan. Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang Gusti
kang Maha Agung supaya tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan adoh saka
sakehing bebaya. Dene kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya tekad sing mempeng.
Menawa disetitekake, satemene tumpeng iku kepara dadi telung trap. Ngisor dhewe,
tengah lan pucukan utawa ndhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling
ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi gegambaraning donyane
manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo nuju
marang kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi symbol pangajabe manungsa mring Gusti
kanggo nggayuh bagyan sejati, yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing
pucuking tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi Lombok abang ngacung jejeg, iku
kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal.
Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging supaya katon endah tumpeng banjur
diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna jinise miturut wujud lan gunane. Tumpeng
Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka sayuran. Ing perangan
pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan Lombok. Tumpeng iki biasane
digunakake ing tatacara siraman nikahan adat Jawa. Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang
wujude gedhe ing tengah lan diubengi tumpeng cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing
tampah kang dilambari godhong gedhang. Tumpeng iki digawe saka sega putih lan
digunakake ing tatacara mitoni utawa tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang
digawe saka sega putih jangkep sayur salawuhe. Tumpeng iki digunakake ing tatacara lelayu
priya utawa wanita kang isih legan. Tumpeng putih yaiku tumpeng kang wernane putih
digawe saka sega putih. Putih werdine suci. Tumpeng iki digunakake nalika tatacara adat
sacral. Tumpeng Sega Kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara
syukuran, kayata kelairan, nikahan, lsp. Tumpeng Sega Uduk kang diarani uga tumpeng
tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulid Nabi.
Adate, sesepuh kang mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang
kinandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang melu ing
tatacara adat mau bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa
piwulang urip sarta pepeling.
http://bahasajawawarisanleluhur.blogspot.com/2018/03/makanan-tradisional-tumpeng.html
Hal. 4
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
3. Membimbing Penyelidikan Peserta Didik Baik Secara Individu maupun
Kelompok
Cobi andharna ngangem basamu piyambak babagan struktur saha filosofi ingkang wonten
ing teks deskripsi makanan tradisional Jawa kasebut!
Seraten ragam basa ing tabel ngandhap menika!
Kelompok: ……………………………...
Kelas : ……………………………...
Anggota : 1. …………………………….
2. …………………………….
3. …………………………….
4. …………………………….
5. …………………………….
6. …………………………….
1. Struktur teks
Struktur Paragraf
Identifikasi
Deskripsi
Dudutan
2. Filosofi
Filosofi
………………………………………….………………………………
………….………………………………………….…………………
…………………….………………………………………….………
………………………………….………………………………………
….………………………………………….…………………………
……………….………………………………………….……………
…………………………….………………………………………….
…………………………………………….……………………………
…………….………………………………………….………………
………………………….………………………………………….…
……………………………………….….……………………………
…………….………………………………………….………………
………………………….………………………………………….…
……………………………………….….……………………………
Para siswa, saksampunipun nindakaken pamulangan wonten nginggil menika, para siswa
temtu kemawon saged mangertosi struktur saha filosofi saking teks deskripsi panganan
tradhisional.
Hal. 5
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Nyerat Teks Deskripsi Panganan Tradhisional
Kadamela teks deskripsi panganan tradhisional ingkang wonten ing dhaerahmu miturut
struktur teks deskriptif ingkang sampun kokmangertosi! Para siswa saged damel teks
deskripsi adhedhasar milih salah satunggal saking gambar ngandhap menika!
https://www.m.omiyago.com/snack- https://images.tokopedia.net/img/cache/900/VqbcmM/202
tradisional/382-gemblong-cotot-d9# 2/6/9/336da0db-8fe5-436a-9476-398959f9430d.jpg
https://muslimkreatif.co/wp- https://i.ytimg.com/vi/EKIduSx11WE/maxresdefault.jpg
content/uploads/2022/04/WhatsApp-Image-2022-04-23-at-
22.26.57.jpeg
Nama Siswa : …………….
Kelas : …………….
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………….…………………
…………...…………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
Hal. 6
………………………………………………………………………………………………
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
Rubrik Penilaian
Nama Siswa / Kriteria Jml
Skor
No Identifikasi Deskripsi Dudutan
bagian Pamilihing
Kelompok tembung (krama)
1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 41 2 3 4
Keterangan :
4 : Sudah bagus/sesuai dan memuat aspek
3 : Kurang bagus/sesuai dan memuat aspek
2 : Tidak memuat aspek, tetapi bagus/sesuai
1 : Tidak memuat aspek
Pedoman Penilaian :
= ( ℎ ℎ : ) 100
5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Para siswa, dugi perangan menika ayo padha ngucap syukur amarga para siswa mangerteni
teks deskripsi panganan tradhisional. Wonten pamulangan ingkang sampun kalampahan kala
wau kalebet pamulangan HOTS (High Order Thingking Skill), amarga para siswa sampun
gladhen ngetrapaken satunggaling ngelmi ingkang lumampah, inggih menika ngetrapaken
ngelmi teks deskripsi panganan tradhisional.
Salajengipun, kangge mangertosi menapa para siswa sampun nguwaosi materi menika,
Pramila garepen tes formatif ngandhap menika!
https://quizizz.com/join?gc=989127
Hal. 7
LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA
REFLEKSI
Saksampunipun para siswa nglampahi pamulangan teks deskripsi panganan tradhisional,
wangsulana pitakenan ing ngandhap menika !
1. Dinten menika kita sampun nyinaoni bab menapa?
Wangsulan: ………………………………………………………………….
2. Materi ingkang pundi ingkang dereng paham?
Wangsulan:…………………………………………………………………..
3. Kadospundi roasipun para siswa nalika sinau teks deskripsi panganan
tradhisional?
Wangsulan: ………………………………………………………………..
4. Kagem pepanggihan ingkang badhe dhateng, miturut para siswa saenipun
kadospundi?
Wangsulan: ………………………………………………………………..
UMPAN BALIK
1. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun beda sanget kalihan tuladha
wangsulan wonten ingkunci jawaban, dipunwenehi kasempatan kangge
ngleresaken kanthi wangsulan ingkang langkung trep.
2. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun leres gayut kalihan
wangsulan wonten ing kunci jawaban, sanadyan ukaranipun boten sami
sanget, mila kaanggep sampun mangertosi. Siswa ingkang makaten
dipunwenehi kuwajiban dados tutor sebaya kangge kancanipun ingkang
wangsulanipun dereng trep.
KAPUSTAKAN
Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel basa jawa SMA/MA SMK/MAK Kelas X.
Jakarta:Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge SMA/MA/SMALB/ SMK/MAK.
Surakarta. Tiga Serangkai
WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters: Groningen Batavia.
https://kusmiarti.blogspot.com/2020/04/materi-kelas-x-semester-genap.html
http://bahasajawawarisanleluhur.blogspot.com/2018/03/makanan-tradisional-tumpeng.html
Hal. 8