The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

LKPD Unggah-ungguh
LKPD Geguritan
LKPD Panganan tradhisional
LKPD Aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by antonwidayanto21, 2022-12-08 23:29:25

LKPD Bahasa Jawa Kelas 10

LKPD Unggah-ungguh
LKPD Geguritan
LKPD Panganan tradhisional
LKPD Aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan

Keywords: LKPD Aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan,LKPD Panganan tradhisional,LKPD Geguritan,LKPD Unggah-ungguh,LKPD Basa Jawa

Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)

Materi : Unggah-Ungguh Basa
Fase : E
Kelas : X

Tahun Ajaran 2022/2023
SMA Negeri 3 Salatiga


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

A. Identitas LKPD

Nama Sekolah : SMA Negeri 3 Salatiga
Nama Mapel : Bahasa Jawa
Tahun Penyusunan : 2022 / 2023
Fase :E
Domain : Unggah-ungguh basa

B. Komponen Inti

Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara
logis, kritis dan kreatif.

Tujuan Pembelajaran

1 Peserta didik mampu menelaah dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa. (C4)

2 Peserta didik mampu menciptakan dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa. (C6)
Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran

1 Setelah ditampilkan video unggah-ungguh basa, peserta didik mampu menelaah
dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan
unggah-ungguh basa dengan bernalar kritis dan bergotong royong. (C4)

2 Setelah ditampilkan video unggah-ungguh basa, peserta didik mampu
menciptakan dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa dengan kreatif. (C6)

C. Aktivitas Belajar

1. Orientasi Pada Peserta Didik

Para siswa tamtu kemawon gadhah media social kadosta Facebook,

Youtube, Instagram, Tiktok, lsp. Wonten media social kala wau kathah sanget

ingkang ngemot pacelathon. Nalika para siswa nyemak pacelathon wonten social

media kala wau, temtu kemawon para siswa saged mangertosi wosing pacelathon.

Pramila wonten pamulangan menika, para siswa dipunajak sinau kangge

mangertosi bakuning pacelathon. Prekawis menika tansah migunani tumraping para

siswa ing sesrawungan/bebrayan.

Uriping bebrayan menika betahaken komunikasi marang tiyang sanes.

Sajroning komunikasi kala wau kedah saged empan papan kanthi ngetrampaken

unggah-ungguh basa ingkang trep.

Hal. 1


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

PETA KONSEP

1. Ngoko Lugu

Ngoko lugu inggih menika unggah-ungguh basa Jawa ingkang tetembunganipun

awujud ngoko saha netral (leksikon ngoko saha netral) tanpa wonten campuran krama,

krama inggil, utawi krama andhap kangge O1, O2, saha O3 (Sasangka, 2009: 102).

Ragam ngoko limrahipun dipunginakaken wonten kahanan kados makaten :

a. Bocah kalihan bocah

b. Tiyang sepuh marang bocah

c. Dwija marang murid

d. Pejabat marang andhahane

e. Mbatin (gineman karo awake dhewe)

Tuladha :

Guru : “Cah, aja lali sesuk nggawa piranti kanggo gawe prakarya! Diwadhahi besek

ben ora mocar-macir.”

Murid : “Menawi boten gadhah besek Pak?”

Guru : “Nganggo kerdus ya kena.”

Murid : “Inggih Pak.”

2. Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko, leksikon

netral, lan krama.
Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus
a. Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa urmat.
b. Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni

sesambungan sing rumaket.
c. Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur, ananging

saperangan luwih asor.
d. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.
Tuladha :
Pak Narya kalihan Bu Dian minangka kanca kantor ingkang sesrawungnipun rumaket
ananging kangge atur pakurmatan satunggal lan satunggalipun ngginakaken basa ngoko alus.

Hal. 2


Pak Narya LKPD BAHASA JAWA X FASE E
Bu Dian SMA NEGERI 3 SALATIGA
Pak Narya
Bu Dian : “Bu, njenengan ngasta payung?”
Pak Narya : “Ana neng cedhak meja.”
Bu Dian : “Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”
Pak Narya : “Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.”
: “Lha njenengan mengko kejawahan?”
: “Ora, aku ana serepe.
: “Matur nuwun bu”

3. Basa Krama Lugu
Krama lugu uga diarani kramantara, iku gunemane wong lumrah padha wong lumrah,

utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat (dudu sadulure dhewe) (Padmosoekotjo,
1960: 14).
Ginanipun kangge gineman:
a. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket (akrab).
b. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak

gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
c. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan(drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun,

ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
d. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah

ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Lugu.

Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan
pemuda)
Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampeyan sadaya dene
sampun purun dugi ing pepanggihan menika.
4. Basa Krama Inggil:
Ginanipun kangge gineman:
a. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan

ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang
kagungan pangkat inggil.
b. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak
gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
c. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang
dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Inggil.
Ginemanipun wayah(putu) dhateng eyangipun:
Wisnu : Kados pundi Mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng? (Krama

Inggil)
Eyang : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet

mari? (Ngoko Lugu)
Wisnu : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindak

dhateng Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter. (Krama
Inggil)

Hal. 3


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Nyimak Pacelathon kanthi patitis!
Simak video ingkang ngandhut unggah-ungguh mawi link ngandhap menika:

https://youtu.be/E717D4WLifY

2. 2. Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar
Saksampunipun nyemak video ingkang ngandhut unggah-ungguh, para siswa saged
mangertosi wosing video? Menawi dereng, Ayo sami pirembagan kelompok!!!
Damela kelompok ingkang kadadeyan saking 4-5 siswa. Saben kelompok gadhah tugas
kangge ngrembag ragam basa ingkang dipunginakaken wonten video kala wau!

3. 3. Membimbing Penyelidikan Peserta Didik Baik Secara Individu maupun
Kelompok

Damel Analisis Ragam Basa
Kanthi pirembagan kelompok, ayo cobi dipunrembag ragam basa wonten video kasebat!

Hal. 4


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Kelompok: ……………………………...
Kelas : ……………………………...
Anggota : 1. …………………………….

2. …………………………….
3. …………………………….
4. …………………………….
5. …………………………….

Seraten ragam basa ing tabel ngandhap menika!

No Paraga Ukara

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus

1

2

3

4

5

6

7

8

Para siswa, saksampunipun nindakaken pamulangan wonten nginggil menika, para siswa
temtu kemawon saged bentenaken basa ngoko kalihan basa krama. Para siswa ugi sampun
mangertos saha saged ngetrapaken unggah-ungguh basa nalika nindakaken pacelathon dening
tiyang sanes.

4. 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Nyerat Piwulang Luhur saking Pacelathon
Para siswa sampun nyemak video saking pacelathon kala wau. Cobi sakmenika pirembagan
kalihan kelompok saperlu damel pacelathon unggah-ungguh basa kanthi tema kagiyatan idin
wonten pawiyatan. Andharna asiling pirembagan wonten kolom ngandhap menika!

Hal. 5


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Kelompok: ……………………………...
Kelas : ……………………………...
Anggota : 1. …………………………….

2. …………………………….
3. …………………………….
4. …………………………….
5. ……………………………

Paraga Pacelathon

Hal. 6


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Para siswa, dugi perangan menika ayo padha ngucap syukur amarga para siswa mangerteni
unggah-ungguh basa. Wonten pamulangan ingkang sampun kalampahan kala wau kalebet
pamulangan HOTS (High Order Thingking Skill), amarga para siswa sampun gladhen
ngetrapaken satunggaling ngelmi ingkang lumampah, inggih menika ngetrapaken ngelmi
babagan unggah-ungguh basa Jawa.
Salajengipun, kangge mangertosi menapa para siswa sampun nguwaosi materi menika,
Pramila garepen tes formatif ngandhap menika!

https://bit.ly/formatif-unggahungguh

REFLEKSI
Saksampunipun para siswa nglampahi pamulangan unggah-ungguh basa, wangsulana
pitakenan ing ngandhap menika !

https://bit.ly/refleksi-unggah-ungguh

1. Dinten menika kita sampun nyinaoni bab menapa?
Wangsulan: ………………………………………………………………….
2. Materi ingkang pundi ingkang dereng paham? \
Wangsulan:…………………………………………………………………..
3. Kadospundi roasipun para siswa nalika sinau unggah-ungguh basa?
Wangsulan: ………………………………………………………………..
4. Kagem pepanggihan ingkang badhe dhateng, miturut para siswa
saenipun kadospundi?
Wangsulan: ………………………………………………………………..

Hal. 7


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

UMPAN BALIK

1. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun beda sanget kalihan tuladha
wangsulan wonten ingkunci jawaban, dipunwenehi kasempatan kangge ngleresaken
kanthi wangsulan ingkang langkung trep.

2. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun leres gayut kalihan wangsulan
wonten ingkunci jawaban, sanadyan ukaranipun boten sami sanget, mila kaanggep
sampun mangertosi. Siswa ingkang makaten dipunwenehi kuwajiban dados tutor
sebaya kangge kancanipun ingkang wangsulanipun dereng trep.

KAPUSTAKAN

Rahmat, S.S.,M.A. (2022). Modul 2 Unggah-ungguh Basa Jawa. Jakarta : Kementrian
Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknolgi.

WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters: Groningen Batavia.
Http://sinausastra.blogspot.com/p/kawruhbasahtml?m=1
http://kedaiceritasenja.blogspot.com/2020/11/materi-unggah-ungguh-basa-jawa.html
https://youtu.be/E717D4WLifY

Hal. 8


Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)

Materi : Geguritan
Fase : E

Tahun Ajaran 2022/2023
SMA Negeri 3 Salatiga


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

A. Identitas LKPD

Nama Sekolah : SMA Negeri 3 Salatiga
Nama Mapel : Bahasa Jawa
Tahun Penyusunan : 2022 / 2023
Fase/kelas : E/X
Doamain : Geguritan

B. Komponen Inti

Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk
teks sastra geguritan.

Tujuan Pembelajaran

1 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based
learning pendekatan TPACK, dan media audio visual, peserta didik menelaah
gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. (C4)

2 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based
learning pendekatan TPACK, dan media audio visual, eserta didik
menciptakan teks geguritan. (C6)
Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran

1 Setelah ditampilkan video geguritan, peserta didik dapat menelaah nilai-nilai
atau pesan moral yang ada didalam teks sastra geguritan dengan bernalar kritis
dan bergotong royong. (C4)

2 Setelah ditampilkan video geguritan, peserta didik dapat menciptakan teks
geguritan secara indah dan kreatif. (C6)

C. Aktivitas Belajar

1. Orientasi Pada Peserta Didik

Geguritan menika salah satunggaling jinis karya sastra. Kanthi nyawang
geguritan, kita saged mengerteni bedanipun karya sastra sanesipun.

Hal. 1


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

PETA KONSEP

A. Pangertene geguritan
1. Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Miturut Kamus Baoesastra (1939:157),
“gurit” tegesipun seratan, kidung. Geguritan tegesipun tembang (uran-uran) ingkang
awujud purwakanthi.
2. Geguritan inggih menika uran-uran utawa karangan kang kaya tembang, nanging guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun ora ajeg. Geguritan uga duweni pangerten yaiku
Reriptan minangka wujud saking wedharan gagasan utawi raos pangrasanipun pangripta.
Geguritan ugi gadhahi pangertosan inggih menika karya sastra ingkang awujud saking
rarasing ati ingkang dipunungkapaken dening penyair ngagem basa ingkang endah.
3. Geguritan inggih menika wohing susastra ingkang basanipun cekak, mentes, lan endah.
Ukaranipun boten nggladrah, tembungipun gadhah makna ingkang jero, lan ngginakaken
tembung-tembung rinengga (purwakanthi swara, basa, lan sastra). Geguritan ugi kalebet
puisi Jawa modheren, amargi boten kawengku dening pathokan tinamtu kados dene
tembang macapat.

B. Titikan geguritan
1. Boten kawengku ing pathokan
2. Ngginakaken tembung ingkang pinilih
3. Boten ngginakaken basa padinan saha ngginakaken tembung pangiket
4. Migunakaken puiwakanthi sastia, swara saha basa
5. Wosing mentes

C. Jinising geguritan
Jinising geguritan menika kaperang dados 2 jinis :
1. Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional)
Geguritan gagrag lawas (geguritan tradisional) yaiku susastra Jawa kang awujud tembang.
Tembang tradisional kaperang dadi 3 :
a. Tembang cilik (macapat) : maskumambang, mijil, sinom, asmaradana, gambuh,
kinanthi, dandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung.
b. Tembang tengahan : girisa, jurudemung, balabak, wirangrong.

Hal. 2


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

c. Tembang gedhe : kusumastuti, pamularsih, retnamulya.
Paugeran Geguritan Gagrag Lawas :
a. Nggatekake wirama sajroning maca yaiku kanthi cara ditembanagke.
b. Paham laras, titilaras, cengkok, gregel, lan luk.
c. Pangucapane kudu cetha supaya pamireng bisa mahami isi tembang.
d. Bisa dibedhakake purba andhegan ing tengah gatra, pungkasane gatra, lan pungkasane

pada.
e. Kaiket dening paugeran yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
f. Tembung kawiwitan “sun gegurit”
2. Geguritan gagrag anyar (geguritan moderen)
Geguritan gagrag anyar (moderen) yaiku geguritan kang nggunakake basa Jawa jaman
saiki lan ditulis nganggo aksara latin, lan wis nggunakake kertas.
Paugeran Geguritan gagrag Anyar :
a. Sipate bebas lan mardika.
b. Ora kaiket dening paugeran.
c. Mujudake ekspresi jiwa panyerat sajrone nanggepi prastawa kang dialami, diweruhi,

kahanan sakwa tengene, panguneg uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya liyane.

D. Unsur-unsur pembangun geguritan
1. Unsur Intrinsik :
a. Tema
Yaiku inti prakara kang diangkat ing geguritan. Tema iku maneka warna manut daya pikire
pangripta. Tuladhane kaya ta katresnan, lingkungan, agama, kasusahan, lsp.
b. Gambaran pangindran
Gambaran pangindran bisa digunakake kanggo nemokake isine geguritan dening pamaca.
1) Pangindran pangrasa : gegayutan karo ati.
2) Pangindran pandeleng : gegayutan karo mripat.
3) Pangindran pangrungu : gegayutan karo kuping.
4) Pangindran pangambu : gegayutan karo irung.
c. Dhiksi
Yaiku pilihan tembung kanggo ngasilake geguritan kang trep lan endah. Dhiksi bisa
nggunakake :
1) Basa rinengga
2) Plutan
3) Wancahan
4) Dasanama
5) Majas
d. Rima
Unen – unen kanthi dibolan baleni kang dadekake geguritan katon endah jalaran duweni
wirama. Tuladha :
1) Eling mitraku...eling...
2) Anakku...sun kekudang bisoa nggayuh lintang
3) anakku...

Hal. 3


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

e. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine ngenani swara, sastra,
utawa tembunge.
f. Amanat
Yaiku pesen kang diandharake pangripta marang pamaca liwat sajroning geguritan.
2. Unsur Ekstrinsik :
a. Piwulang
b. Sosial
c. Biografi
E. Cara Maos

F. Cara Nyerat
Caranipun nyerat geguritan
1. Nemtokaken ide/tema,
2. Ngemataken barang, kahanan, utawi ngundhuh panganngen-angen
3. Mekaraken dados cariyos
4. Ngrakit pinten-pinten ukara kagem nggambaraken kahanan/barang ingkang
dipuncariosaken
5. Ngewahi ukara dados geguritan ingkang endah
6. Suka irah-irahan
Nyimak Geguritan kanthi patitis!
Simak video ing ngandhap menika:
https://youtu.be/F7eCCHVLXlQ

Hal. 4


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

2. 2. Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar

Sekolahku
Dening : Amanda Adi Astuti

Sekolahku…
Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahku….
Diwulang dening bapak ibu guru

Sekolahku…
Sinau, maca buku
Ing panggonan iki
Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang kanca aja srei
Diparingi PR kanggo gladhen
Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…
Sanajan abot kudu dilakoni
Kabeh mau kanggo kepentingan pibadhi
Kareben ngesuk dadi wong kang aji
Migunani tumrap bangsa lan nagari

Saksampunipun nyemak video geguritan ing nginggil, para siswa saged mangertosi wosing
video? Menawi dereng, Ayo sami pirembagan kelompok!!!
Damela kelompok ingkang kadadeyan saking 4-5 siswa. Saben kelompok gadhah tugas
kangge ngrembag piwulang luhur saking video geguritan kala wau!

3. 3. Membimbing Penyelidikan Peserta Didik Baik Secara Individu maupun
Kelompok

Kanthi pirembagan kelompok, ayo cobi dipunrembag piwulang luhur geguritan kanthi irah-
irahan “Sekolahku”! asiling pirembagan saged dipunserat wonten ngandhap menika utawi
saged dipunserat wonten https://bit.ly/LKPD-menelaah-geguritan !

Hal. 5


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Kelompok : …………….

Kelas : …………….

Nama Siswa : 1 ……………

2. ……………
3. ……………

4. …………..
5. ……………

Piwulang Luhur :
………………………………………………………………………………………….…

…………………………..……………………………………………...…………………
……………………………….……………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………

……..………………………………………………………………………………………

….……………………………..……………………………………………...……………
…………………………………….………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………

…………..…………………………………………………………………………………

……….……………………………..……………………………………………...………
………………………………………….…………………………………………………

……………………………………………………………………………………………

………………..………..…………………………………………………………………

……………………….……………………………..………………………………………

……...………………………………………………….…………………………………

……………………………………………………………………………………………

………………………………..

Rubrik Penilaian dan Pedoman Penskoran

Soal Kriteria Skor
4
Sebutna nilai moral utawa Menyebutkan nilai moral sebanyak 4 atau 5 3
2
piwulang kang ana ing Menyebutkan nilai moral sebanyak 3 1
4
geguritan kanthi irah-irahan Menyebutkan nilai moral sebanyak 2
“Sekolahku”! (Geguritan terlampir) Menyebutkan nilai moral sebanyak 1

Total Skor Maksimal

Pedoman Penilaian
=( ℎ ℎ : ) 100

Hal. 6


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Para siswa, saksampunipun nindakaken pamulangan wonten nginggil menika, para siswa
temtu kemawon saged mangertosi menapa wosing geguritan ing nginggil. Para siswa ugi
sampun mangertosi piwulang luhuripun.

4. 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Nyegur Kolah (Nyerat Geguritan Kahanan Sekolah)

Kadamela geguritan kanthi tema kahanan sekolah kanthi nggatekaken isi, diksi, saha nilai
estetika! https://bit.ly/damel-geguritan

Kelompok : …………….

Kelas : …………….

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………….……………………

………...……………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

……..………………………………………………………………………………………
Rubrik Penilaian

….……………………………..……………………………………………...……………

No NK…………ea………mlo…….am.…Sp……io…s……kw…a………/……………………………………………I(ss…ie……sN…u……tiae…liam.……id…aMe…)…n…o…g…r…aa…n…l…………………D………i…kK…E…sri…s…i…t&tee……tr…iNis…a…i…l…a……i ………………………K………ed…s…J…aeu…nsd……uuI…as…l…iia……n………………JSmkol r

123412341234

Keterangan :
4 : Sudah bagus/sesuai dan memuat aspek
3 : Kurang bagus/sesuai dan memuat aspek
2 : Tidak memuat aspek, tetapi bagus/sesuai
1 : Tidak memuat aspek

Hal. 7


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
Para siswa, dugi perangan menika ayo padha ngucap syukur amarga para siswa mangerteni
unggah-ungguh basa. Wonten pamulangan ingkang sampun kalampahan kala wau kalebet
pamulangan HOTS (High Order Thingking Skill), amarga para siswa sampun gladhen
ngetrapaken satunggaling ngelmi ingkang lumampah, inggih menika ngetrapaken ngelmi
babagan unggah-ungguh basa Jawa.
Salajengipun, kangge mangertosi menapa para siswa sampun nguwaosi materi menika,
Pramila garepen tes formatif ngandhap menika!

https://bit.ly/Formatif-Geguritan

REFLEKSI
Saksampunipun para siswa nglampahi pamulangan nyerat geguritan, wangsulana pitakenan
ing ngandhap menika !

1. Dinten menika para siswa sampun nyinaoni bab menapa?
Wangsulan: …………………………………………………………………..

2. Materi ingkang pundi ingkang dereng paham?
Wangsulan: …………………………………………………………………..

3. Kadospundi roasipun para siswa nalika sinau geguritan?
Wangsulan: …………………………………………………………………..

4. kagem pepanggihan ingkang badhe dhateng, miturut para siswa saenipun
kadospundi?
Wangsulan: …………………………………………………………………..

Hal. 8


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

UMPAN BALIK

1. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun beda sanget kalihan tuladha
wangsulan wonten ingkunci jawaban, dipunwenehi kasempatan kangge ngleresaken
kanthi wangsulan ingkang langkung trep.

2. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun leres gayut kalihan wangsulan
wonten ing kunci jawaban, sanadyan ukaranipun boten sami sanget, mila kaanggep
sampun mangertosi. Siswa ingkang makaten dipunwenehi kuwajiban dados tutor
sebaya kangge kancanipun ingkang wangsulanipun dereng trep.

KAPUSTAKAN

Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel basa jawa SMA/MA SMK/MAK Kelas X.
Jakarta:Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge SMA/MA/SMALB/ SMK/MAK.
Surakarta. Tiga Serangkai

Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Kasusastraan Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusantara Suwardanijaya.

https://www.pintainesia.com/geguritan/

Hal. 9


Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)

Materi : Teks Deskripsi Panganan
Tradhisional

Fase : E
Kelas : X

Tahun Ajaran 2022/2023
SMA Negeri 3 Salatiga


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

A. Identitas LKPD

Nama Sekolah : SMA Negeri 3 Salatiga
Nama Mapel : Bahasa Jawa
Tahun Penyusunan : 2022 / 2023
Fase/ Elemen : E / Menulis
Kelas/Semester : X/Genap
Domain : Teks Deskripsi

B. Komponen Inti

Elemen Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, dan pandangan dari
berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/ eksposisi/ argumentasi/ lainnya).

Tujuan Pembelajaran

1 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning
pendekatan TPACK, dan media audio visual, peserta didik menelaah gagasan, pikiran,
pandangan, arahan dalam berbagai jenis
teks nonsastra deskripsi. (C4)

2 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning
pendekatan TPACK, dan media audio visual, peserta didik mengarang teks untuk
berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif.
(C6)
Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran

1 Setelah ditampilkan video teks deskripsi pangan tradhisional, peserta didik dapat
menelaah teks deskripsi pangan tradhisional dengan gotong royong dan kreatif. (C4)

2 Setelah ditampilkan video teks deskripsi pangan tradhisional, peserta didik dapat
mengarang teks deskripsi pangan tradhisional dengan kreatif. (C6)

C. Aktivitas Belajar

1. Orientasi Pada Peserta Didik

Hal. 1


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Saben tlatah wonten Indonesia mliginipun tlatah Jawa, mesthi
ngnggadhahi panganan tradhisional ingkang khas. Saben tlatah ngnggadhahi
panganan tradhisioal khas langkung saking satunggal saha maneka warna
jinisipun.

Ing dhaerahmu, tamtu ugi ngnggadhahi panganan tradhisional
ingkang khas. Wonten ingkang dipundamel saking wos, ketan, jagung, tela,
lsp. Wujud kalihan caranipun damel ugi beda-beda. Panganan tradhisional
tartamtu ugi ngnggadhahi filosofi utawi sejarah ingkang becik. Kinten-kinten
ing dhaerahmu, jenengipun menapa mawon? Menapa wujud saha cara damel
sami? Kadospundi filosofinipun saking panganan tradhisional kala wau?

PETA KONSEP

1. Teks deskripsi
Teks deskripsi adatipun dipuntegesi gambaran. Teks desripsi inggih menika teks

ingkang kaginakanipun kangge nggambaraken utawi nerangaken menapa-menapa
ingkang saged dipunsawang, dipunraosaken, dipunmidhangetaken, saha dipunganda.

2. Titikan Teks deskripsi
a. Nggambarkan objek tartamtu.
b. Objek ingkang dipungambarken asipat khusus.
Tuladha nggambarken papan wisata, papan bersejarah, mahluk hidup, utawi barang.
c. Nggambaraken objek kanthi rinci inggih menika adhedhasar fisik, sifat utawi
pandangan panulis.
d. Objek dipungambarken kanthi pancaindera. Tiyang ingkang maos kados saged
mirsani, midhangetaken, ngraosaken, pangganda, utawi ngalami objek ingkang
dipungambaraken.

3. Struktur Teks deskripsi
a. Identifikasi : gambaran umum babagan menapa ingkang dipungambaraken
sesambungan kalihan asma, papan, sejarah, arti jeneng, lan sakpanunggalanipun.
b. Deskripsi bagian : wonten bab menika panulis njlentrehaken rincian objek ingkang
gegayutan kalihan panca indera inggih menika menapa ingkang mirsani,
midhangetaken, ngraosaken, saha pangganda.
c. Dudutan / kesimpulan

Hal. 2


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

4. Cara Nyerat Teks deskripsi
a. Nemtokaken underaning perkara (tema)
b. Ngumpulaken katrangan kanthi njingglengi (mengamati) babagan ingkang badhe
dipunserat
c. Nyathet perangan-perangan bab kanthi tliti
d. Nyusun katrangan kasebat supados dados cengkorongan/kerangka panulisan
e. Njlentrehaken cengkorongan kala wau kanthi urut, cetha, urip, lan ngginakaken
tembung-tembung ingkang trep
f. Naliti lan ngleresaken ukara supados dados karangan teks deskripsi ingkang sae.

Tuladha Teks Deskripsi

\

https://www.idntimes.com/food/dining-guide/habib-kurniawan/11-jajanan- tradisional-khas-jawa-paling-enak-c1c2?page=all

KLEPON
Klepon inggih menika salah satunggaling panganan tradhisional ingkang kalebet jajanan pasar.
Klepon werninipun ijem, menawi dipunganda arum saking ron pandhan. Klepon dipundamel
saking glepung beras ketan saha dipundamel bunder kados dene bal alit. Wonten sajeroning
klepon menika dipunsukani gendhis jawi. Adatipun klepon dipuncawisaken kalihan parutan
klapa. Menawi dipunmaem, gendhis jawi ing sajeroning klepon muncrat saha dadosaken raos
legi. Wondene parutan klapa dados panyeimbang supados raosipun legi kalihan gurih.

2. Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar

Saksampunipun maos teks deskripsi ing nginggil, para siswa saged mangertosi filosofi saha
piwulang saking teks deskripsi panganan tradhisional? Menawi dereng, Ayo sami pirembagan
kelompok!!!
Damela kelompok ingkang kadadeyan saking 4-5 siswa. Saben kelompok gadhah tugas
kangge ngrembag filosofi saha piwulang saking teks deskripsi panganan tradhisional!

Hal. 3


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Nyimak wacan kanthi patitis!

TUMPENG

https://3.bp.blogspot.com/- Tumpeng iku mujudake panganan
wNR_V5hpytI/WrcTjiudeCI/AAAAAAAAAVM/O9IyPsEcu2AeOo_kBzQbdvctsDXZ_n4DQC kang digawe saka sega kanthi wangun
buncu, amarga saka kuwi banjur diarani
LcBGAs/s1600/tumpeng.png sega tumpeng. Tumpeng biasane disuguhake
wektu kenduri utawa kanggo mengeti
kedadeyan sing wigati. Tradhisi gawe
tumpeng satemene wis ana ing tradhisi kuna
masyarakat Jawa minangka sarana kanggo
muja gunung kang dipercaya dadi papan
paleremane para leluhur. Dene ing
kepercayan Hindhu wangun buncu utawa
lancip ngentha wujude gunung suci
Mahameru, papane para dewa-dewi.

Jroning tradhisi masyarakat Jawa jaman saiki, tumpeng digawe kanggo ubarampe
upacara kang sipate seneng utawa suka uga sedhih. Ing acara ritual, tumpeng direngga karo
sayuran lan iwak kang nduweni teges sing sakral lan nduweni pralambang sarta pangarep-
arep. Tembung tumpeng mengku werdi yen metu kudu sing mempeng. Lawuhe ana pitung
werna kang ngemu teges pitulungan. Surasane kuwi mau yaiku nyenyuwun marang Gusti
kang Maha Agung supaya tansah entuk pitulungan, cedhak ing kamulyan lan adoh saka
sakehing bebaya. Dene kuwi mau bisa digayuh kanthi mbudidaya tekad sing mempeng.

Menawa disetitekake, satemene tumpeng iku kepara dadi telung trap. Ngisor dhewe,
tengah lan pucukan utawa ndhuwur dhewe. Kabeh ngandhut piwulang. Perangan paling
ngisor dhewe kang dipasangi gudhangan lan jajanan iku dadi gegambaraning donyane
manungsa. Trap kaloro utawa tengah iku dadi sarana meneping rasa manungsa kanggo nuju
marang kasampurnan. Dene pucuk dhewe dadi symbol pangajabe manungsa mring Gusti
kanggo nggayuh bagyan sejati, yaiku kang diarani ilmu sangkan paraning dumadi ana ing
pucuking tumpeng kuwi. Mula ing pucukan ditancepi Lombok abang ngacung jejeg, iku
kanggo pepeling supaya manungsa kudu tansah eling marang Gusti kang Maha Tunggal.

Jaman biyen tumpeng wernane putih, nanging supaya katon endah tumpeng banjur
diwernani. Saiki tumpeng ana maneka warna jinise miturut wujud lan gunane. Tumpeng
Robyong yaiku tumpeng kang dipapanake ing wakul kanthi maneka sayuran. Ing perangan
pucuke tumpeng direngga endhog, trasi, brambang, lan Lombok. Tumpeng iki biasane
digunakake ing tatacara siraman nikahan adat Jawa. Tumpeng Mitoni yaiku tumpeng kang
wujude gedhe ing tengah lan diubengi tumpeng cilik cacah enem. Biasane dipapanake ing
tampah kang dilambari godhong gedhang. Tumpeng iki digawe saka sega putih lan
digunakake ing tatacara mitoni utawa tingkeban. Tumpeng Pungkur yaiku tumpeng kang
digawe saka sega putih jangkep sayur salawuhe. Tumpeng iki digunakake ing tatacara lelayu
priya utawa wanita kang isih legan. Tumpeng putih yaiku tumpeng kang wernane putih
digawe saka sega putih. Putih werdine suci. Tumpeng iki digunakake nalika tatacara adat
sacral. Tumpeng Sega Kuning yaiku tumpeng kang wernane kuning digunakake ing tatacara
syukuran, kayata kelairan, nikahan, lsp. Tumpeng Sega Uduk kang diarani uga tumpeng
tasyakuran digunakake kanggo pengetan Maulid Nabi.

Adate, sesepuh kang mangarsani tatacara lumrahe ngudhar dhisik makna kang
kinandhut jroning suguhan tumpeng. Kanthi cara kang mangkono iku wong kang melu ing
tatacara adat mau bakal mangerteni makna tumpeng lan antuk wedharan kang arupa
piwulang urip sarta pepeling.

http://bahasajawawarisanleluhur.blogspot.com/2018/03/makanan-tradisional-tumpeng.html
Hal. 4


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

3. Membimbing Penyelidikan Peserta Didik Baik Secara Individu maupun
Kelompok

Cobi andharna ngangem basamu piyambak babagan struktur saha filosofi ingkang wonten
ing teks deskripsi makanan tradisional Jawa kasebut!

Seraten ragam basa ing tabel ngandhap menika!

Kelompok: ……………………………...
Kelas : ……………………………...
Anggota : 1. …………………………….

2. …………………………….
3. …………………………….
4. …………………………….
5. …………………………….
6. …………………………….

1. Struktur teks

Struktur Paragraf
Identifikasi
Deskripsi
Dudutan

2. Filosofi

Filosofi

………………………………………….………………………………
………….………………………………………….…………………
…………………….………………………………………….………
………………………………….………………………………………
….………………………………………….…………………………
……………….………………………………………….……………
…………………………….………………………………………….
…………………………………………….……………………………
…………….………………………………………….………………
………………………….………………………………………….…
……………………………………….….……………………………
…………….………………………………………….………………
………………………….………………………………………….…
……………………………………….….……………………………

Para siswa, saksampunipun nindakaken pamulangan wonten nginggil menika, para siswa
temtu kemawon saged mangertosi struktur saha filosofi saking teks deskripsi panganan
tradhisional.

Hal. 5


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Nyerat Teks Deskripsi Panganan Tradhisional
Kadamela teks deskripsi panganan tradhisional ingkang wonten ing dhaerahmu miturut
struktur teks deskriptif ingkang sampun kokmangertosi! Para siswa saged damel teks
deskripsi adhedhasar milih salah satunggal saking gambar ngandhap menika!

https://www.m.omiyago.com/snack- https://images.tokopedia.net/img/cache/900/VqbcmM/202
tradisional/382-gemblong-cotot-d9# 2/6/9/336da0db-8fe5-436a-9476-398959f9430d.jpg

https://muslimkreatif.co/wp- https://i.ytimg.com/vi/EKIduSx11WE/maxresdefault.jpg
content/uploads/2022/04/WhatsApp-Image-2022-04-23-at-
22.26.57.jpeg

Nama Siswa : …………….

Kelas : …………….

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………….…………………

…………...…………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………

………………………………………………………………………………………………
Hal. 6

………………………………………………………………………………………………


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Rubrik Penilaian

Nama Siswa / Kriteria Jml
Skor
No Identifikasi Deskripsi Dudutan
bagian Pamilihing
Kelompok tembung (krama)

1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 41 2 3 4

Keterangan :
4 : Sudah bagus/sesuai dan memuat aspek
3 : Kurang bagus/sesuai dan memuat aspek
2 : Tidak memuat aspek, tetapi bagus/sesuai
1 : Tidak memuat aspek
Pedoman Penilaian :
= ( ℎ ℎ : ) 100

5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Para siswa, dugi perangan menika ayo padha ngucap syukur amarga para siswa mangerteni
teks deskripsi panganan tradhisional. Wonten pamulangan ingkang sampun kalampahan kala
wau kalebet pamulangan HOTS (High Order Thingking Skill), amarga para siswa sampun
gladhen ngetrapaken satunggaling ngelmi ingkang lumampah, inggih menika ngetrapaken
ngelmi teks deskripsi panganan tradhisional.

Salajengipun, kangge mangertosi menapa para siswa sampun nguwaosi materi menika,
Pramila garepen tes formatif ngandhap menika!

https://quizizz.com/join?gc=989127

Hal. 7


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

REFLEKSI
Saksampunipun para siswa nglampahi pamulangan teks deskripsi panganan tradhisional,
wangsulana pitakenan ing ngandhap menika !

1. Dinten menika kita sampun nyinaoni bab menapa?
Wangsulan: ………………………………………………………………….
2. Materi ingkang pundi ingkang dereng paham?
Wangsulan:…………………………………………………………………..
3. Kadospundi roasipun para siswa nalika sinau teks deskripsi panganan
tradhisional?
Wangsulan: ………………………………………………………………..
4. Kagem pepanggihan ingkang badhe dhateng, miturut para siswa saenipun
kadospundi?
Wangsulan: ………………………………………………………………..

UMPAN BALIK

1. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun beda sanget kalihan tuladha
wangsulan wonten ingkunci jawaban, dipunwenehi kasempatan kangge
ngleresaken kanthi wangsulan ingkang langkung trep.

2. Siswa ingkang rumaos menawi wangsulanipun leres gayut kalihan
wangsulan wonten ing kunci jawaban, sanadyan ukaranipun boten sami
sanget, mila kaanggep sampun mangertosi. Siswa ingkang makaten
dipunwenehi kuwajiban dados tutor sebaya kangge kancanipun ingkang
wangsulanipun dereng trep.

KAPUSTAKAN

Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel basa jawa SMA/MA SMK/MAK Kelas X.
Jakarta:Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge SMA/MA/SMALB/ SMK/MAK.
Surakarta. Tiga Serangkai

WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters: Groningen Batavia.
https://kusmiarti.blogspot.com/2020/04/materi-kelas-x-semester-genap.html
http://bahasajawawarisanleluhur.blogspot.com/2018/03/makanan-tradisional-tumpeng.html

Hal. 8


Lembar Kerja Peserta Didik
(LKPD)

Materi : Aksara Jawa Nglegena-
Pasangan/Sandhangan

Fase : E
Kelas : X

Tahun Ajaran 2022/2023
SMA Negeri 3 Salatiga


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

A. Identitas LKPD

Nama Sekolah : SMA Negeri 3 Salatiga
Nama Mapel : Bahasa Jawa
Tahun Penyusunan : 2022 / 2023
Fase/Elemen : E / Membaca
Kelas :X
Domain : Aksara Jawa Nglegena-Pasangan/Sandhangan

B. Komponen Inti

Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan
membaca teks aksara Jawa (misalnya: nglegena-pasangan/sandhangan/
angka/swara/murda/rekan/lainnya)

Tujuan Pembelajaran
1 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning

pendekatan TPACK, dan media Ula Sawa (kertu dolanan aksara Jawa), peserta didik
menelaah kaidah penulisan teks aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan
dengan gotong royong dan kritis. (C4)
2 Melalui proses pembelajaran dengan model pembelajaran problem based learning
pendekatan TPACK, dan media Ula Sawa (kertu dolanan aksara Jawa), peserta didik
mampu menggunakan aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan dalam
membaca teks aksara Jawa dengan kreatif. (P5)

Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran
1 Setelah memainkan media Ula Sawa (kertu dolanan aksara Jawa), peserta didik

mampu menelaah kaidah penulisan teks aksara Jawa nglegena-pasangan/
sandhangan dengan gotong royong dan kritis. (C4)
2 Setelah memainkan media Ula Sawa (kertu dolanan aksara Jawa), peserta didik
mampu menggunakan aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan dalam
membaca teks aksara Jawa dengan kreatif. (P5)

Hal. 1


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

C. Aktivitas Belajar

1. Orientasi Pada Peserta Didik

Para siswa, kita gesang ing tanah Jawa ingkang
sugih budaya adilihung, salah satunggaling aksara Jawa.
Aksara Jawa menika minangka aksara ingkang unik, beda
kalihan sanesipun. Cobi para siswa jingglengana gambar
iki!

https://api2.ciptaloka.com/v1/mock/design?imgi https://3.bp.blogspot.com/- https://s0.bukalapak.com/img/57387483892/larg
d=en4enxw498&m=173&s=0&z=l&p=2 Kn8GWsxIj4U/WzRYXXRHpmI/AAAAAAAABDs/PUrWPHuU8BcBJ e/data.jpeg.webp

YLKvL_eLj6PyzzvnT4jACLcBGAs/s400/jalan-malioboro4.jpg

Nggih leres, menika minangka cak-cakanipun panyeratan aksara Jawa ingkang
wonten ing pagesangan. Aksara Jawa saged kaserat wonten rasukan, papan nama, lsp.
Pramila wonten pamulangan menika, para siswa bakal dipunajak sinau kangge mangertosi
wujud lan panggonipun aksara Jawa. Babagan menika tansah migunani tumraping para siswa
sadaya, amargi saged kangge budidaya saha nguri-uri kabudayan Jawa ingkang adilihung
kalawau.

PETA KONSEP

Hal. 2


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Wujuding Aksara Jawa Nglegena
Aksara Jawa menika wonten 20 (kalih dasa). Saben aksara dipunucapaken

kanthi silabis utawi wanda utawi ‘suku kata’. Wonten mrika wanda gadhah teges
gabungan antawisupun konsonan kalihan sandhangan swara /a/. wondene urut-
urutanipun inggih menika: ha, na, ca, ra, ka, da, ta, sa, wa, la, pa, dha, ja, ya, nya, ma,
ga, ba, tha, nga. Wondene wujudipun kados ing ngandhap menika :

Wujuding aksara Jawa ingkang saemper kadosta :

1

ha la ta
2 ka ba

na
3

ca wa
4

ra ga
5

da sa
6

pa ya
7

dha ma
8

tha nga nya
9
Hal. 3
ja


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Nyerat Aksara Jawa Nglegena
Caranipun migunakaken kados dene nyerat padatan, inggih menika kanthi nata uatwi
ngrantam kados uninipun ingkang badhe dipunserat. Panyeratan aksara Jawa kanthi
cithak kedah dipunserat jejeg, kados tuladha ngandhap menika.
Kala-kala mara rana
Ana lawa sanga
Sarana lara mata
Panyeratan aksara Jawa kanthi sinerat asta kedah dipunserat miring saha aksaranipun
ngandhul utawi tumemplek garis ing nginggil. Tuladha panyeratanipun aksara Jawa
kanthi seratan asta kados ngandhap menika :

https://1.bp.blogspot.com/-UKy2gWFbJ-s/YSkXI6V_zSI/AAAAAAAAI9I/BjeAsFXPuxUSBD7mo9UN8rOyeyxsWpZ9QCLcBGAsYHQ/s442/TULADHA%2BTANGAN.JPG

Wujuding Pasangan Aksara Jawa

Hal. 4


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Kelompoking pasangan

Kelompoking aksara Jawa miturut wujuding pasangan.

1 Jejer Sepah : pasangan ingkang sejajar kalihan ..… ..…
aksara aslinipun (sa, pa, ha) …

2 Ngisore Katul : pasangan ingkang wonten ..…

ngandhap, wujuding sami kalihan aksara aslinipun

namung wingkingipun dipunbusak. (ka, ta, la)

3 Disambung Dinyawani : pasangan ingkang wonten

ngandhap, wujuding nyambung kalihan aksara mati

wonten sanginggilipun. (da, nya, wa, na)

4 Tetep Ragoyang : pasangan ingkang wonten ….. …… ……. ……

ngandhap, wujudipun sami. (ra, ga, ya, nga)

5 Cetha beja jodhomu …… …… …… …... ……
…...

Pasangan menika mujudanken aksara leliru (pengganti) ingkang mapan wonten
sawingkingipun aksara mati (konsonan) utawi menawa wonten konsonan rangkep, konsonan
ing wingking kedah dipungantos pasangan aksara.
Tuladha pasangan

bantal = konsonan “t”, dipungantos pasangan amargi dumunung wonten

wingking konsonan “n”.

kambil = konsonan “b”, dipungantos pasangan amargi dumunung wonten

wingking konsonan “m”.

bakwan = konsonan “w”, dipungantos pasangan amargi dumunung wonten

wingking konsonan “k”.

cathetan : konsonan rangkep sawingkingipun aksara h, r, saha ng boten dipungatos pasangan,
amargi konsonan h, r, saha ng sampun dipungantos …h (wigyan), …/(layar), saha …= (cecak)

Hal. 5


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Sandhangan Swara

Sandhangan Wiyanjana
Aksara Khusus

Hal. 6


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

2. 2. Mengorganisasi Peserta Didik untuk Belajar
Saksampunipun ngatosaken materi babagan aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan,
para siswa sampun saged bedakaken wujuding aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan
dereng? Menawi dereng utawi langkung gamblang, Ayo sami pirembagan kelompok!!!
Damela kelompok ingkang kadadeyan saking 5-6 siswa. Saben kelompok gadhah tugas
kangge ngrembag aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan!

3. 3. Membimbing Penyelidikan Peserta Didik Baik Secara Individu maupun
Kelompok

Wonten perangan menika, para siswa kasuwun maos saha ngudhari (menelaah) teks aksara
Jawa. Rembugen sesarengan kelompokmu ingkang nerangaken wujuding aksara Jawa pa
cerek kalihan nga lelet.
Maos komik aksara Jawa

Hal. 7


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Rubrik Asesmen dan Pedoman Penskoran Skor
Soal Kriteria aksara Jawa Nglegena 10
8
para siswa kasuwun maos saha Menyebutkan Aksara pa cerek/nga lelet sebanyak 5 6
ngudhari (menelaah) teks aksara Menyebutkan Aksara pa cerek/nga lelet sebanyak 4 4
Jawa. Rembugen sesarengan Menyebutkan Aksara pa cerek/nga lelet sebanyak 3 2
kelompokmu ingkang nerangaken Menyebutkan Aksara pa cerek/nga lelet sebanyak 2 10
aksara Jawa pa cerek kalihan nga Menyebutkan Aksara pa cerek/nga lelet sebanyak 1
lelet

Total Skor Maksimal

Pedoman Asesmen
=( ℎ ℎ : ) 100

Rubrik Penskoran Aspek Penilaian Siswa Jumlah Nilai
No Nama Kelompok

Pa cerek saha nga lelet

54 3 21

Nama Kelompok : ………………….
Kelas : ………………….
Anggota : 1………………….
2………………….
3………………….
4………………….
5………………….

No Wujude Tembung aksara pa cerek / nga lelet

Hal. 8


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

4. 4. Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Wonten ing perangan menika, para siswa kasuwun maos paragraf aksara Jawa supados para
siswa langkung paham anggenipun maos aksara Jawa.

Papan kangge nggarap!
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………..……………………
………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………Hal. 9
………
…………………………………………………………………………………………


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

5. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah

Para siswa, dugi perangan menika ayo padha ngucap syukur amarga para siswa mangertosi
kaidah penulisan teks aksara Jawa nglegena-pasangan/sandhangan. Wonten pamulangan
ingkang sampun kalampahan kala wau kalebet pamulangan HOTS (High Order Thingking
Skill), amarga para siswa sampun gladhen ngetrapaken satunggaling ngelmi ingkang
lumampah, inggih menika ngetrapaken kaidah penulisan teks aksara Jawa nglegena-
pasangan/sandhangan.

Salajengipun, kangge mangertosi menapa para siswa sampun nguwaosi materi menika,
Pramila garepen tes formatif ngandhap menika!

https://quizizz.com/join?gc=541951

REFLEKSI
Saksampunipun para siswa nglampahi pamulangan aksara Jawa nglegena, wangsulana
pitakenan ing ngandhap menika !

1. Bab menapa kemawon ingkang para siswa sinau dinten menika?
Wangsulan: ……………………………………………………………….

2. Menapa kemawon kabisanmu sasampunipun sinau materi aksara Jawa?
Wangsulan: ……………………………………………………………….

3. Bab aksara Jawa pundi ingkang dereng kok mangertosi?
Wangsulan: ……………………………………………………………….

4. Kagem pepanggihan ingkang badhe dhateng, miturut para siswa saenipun
kadospundi?
Wangsulan: ……………………………………………………………….

UMPAN BALIK
Para siswa, maos aksara Jawa langkung rumiyin kedah mangertosi saha paham
kalihan aksara nglegena saha pasangan. Supados saged gampil anggenipun maos
aksara Jawa, mula ayo padha sregep ngapalaken aksara Jawa nglegena-pasangan.
Kejawi menika para siswa ugi kedah gladhen maos aksara Jawa. Ugi menawi
dereng paham, ampun ajrih nyuwun pirsa dhateng bapak ibu Dwija!
KAPUSTAKAN

Hal. 10


LKPD BAHASA JAWA X FASE E
SMA NEGERI 3 SALATIGA

Gandung Widaryatmo, dkk. 2016. Prigel basa jawa SMA/MA SMK/MAK Kelas X.
Jakarta:Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Setiawan Heri. 2014. Mumpuni Basa Jawa 3 Kangge SMA/MA/SMALB/ SMK/MAK.
Surakarta. Tiga Serangkai

WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters: Groningen Batavia.
Susilowati, G., & Setiawan, D. (2019). PENGEMBANGAN MEDIA FLASH CARD

AKSARA JAWA UNTUK MENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA
DAN MENULIS.

Hal. 11


Click to View FlipBook Version