FASE- E
Bahan Ajar
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
Anton Novi Widayanto, S.Pd
S M A Negeri 3 Salatiga
Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu mengidentifikasi penggunaan Bahasa Jawa sesuai dengan
kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan
secara logis, kritis dan kreatif.
Tujuan Pembelajaran
1 Peserta didik mampu menelaah dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa. (C4)
2 Peserta didik mampu menciptakan dialog bahasa Jawa sesuai dengan
kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa. (C6)
Indikator Ketercapaian Tujuan Pembelajaran
1 Setelah ditampilkan video unggah-ungguh basa, peserta didik mampu
menelaah dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa dengan bernalar kritis dan
bergotong royong. (C4)
2 Setelah ditampilkan video unggah-ungguh basa, peserta didik mampu
menciptakan dialog bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah-ungguh basa dengan kreatif. (C6)
PETA KONSEP
Ngoko Lugu
Ngoko lugu yaiku unggah-ungguh basa Jawa sing
tetembungane awujud ngoko lan netral (leksikon
ngoko lan netral) tanpa ana campuran krama,
krama inggil, utawa krama andhap kanggo O1, O2,
lan O3 (Sasangka, 2009: 102).
Ater-ater panandha leksikon ngoko
Ater-ater panandha leksikon ngoko awujud morfologis yaiku afiks
lan klitik. Afiks penanda leksikon ngoko kababar ing ngisor iki:
1.Wuwuhan (Afiks)
Leksikon ngoko bias ditandhani nganggo ater-ater (afiks) di-, -e
(-ne), lan, ake/-ke (-kake).
2. Klitik
Klitik ing basa Jawa ana loro yaiku ater-ater tripurusa
(proklitik) lan tembung sesulih pandarbe (enklitik). Proklitik wujude
dak-/tak- lan ko- /kok. Manawa enklitik bisa awujud –ku lan –mu.
Saliyane kuwi ana klitik mang-.
Ragam ngoko lumrahe digunakake ana ing
kahanan kaya mangkene:
https://rencanamu.id/assets/file_uploade 1. B ocah kar o bocah
d/blog/1459649733-sma-majala.jpg
Bakri: “Kowe mengko mangkat les jam pira
Han?”
Hana: “Jam telu.”
Bakri: “Apa ora kesoren?”
Hana: “Tak kira ora, lha wong acarane
wiwit jam telu seprapat.”
2. Uwong tuwa marang bocah
Tuladha:
Ibu : “ Ndhuk, t ukokna gula neng
warung! Sekilo wae.”
Anak: “Napa malih Bu?”
Ibu :“Tambah glepung seprapat kilo. Iki
dhuwite, jujule kanggo kowe.”
Anak: “Nggih Bu, matur nuwun.”
https://akcdn.detik.net.id/community/m
edia/visual/2019/12/22/e53d5edf-9a76-
4b5f-a7c4-
e5806c32a290_169.jpeg?w=620
3. Guru marang murid
Tuladha:
Guru : “Cah, aja lali sesuk nggawa piranti
kanggo gawe prakarya! Diwadhahi besek
ben ora mocar-macir.”
M urid : “ M enawi bot en besek
gadhah Pak?”
Guru : “ Nganggo kerdus ya kena.”
https://jubi.co.id/wp- M urid : “ Inggih Pak.”
content/uploads/2020/11/Papua-Guru-Sejarah.jpg
https://www.text.co.id/wp-content/uploads/2017/03/Dialog- 4. P ejabat marang andhahane
Bahasa-Inggris-Antara-Bos-dengan-Karyawan-di-Kantor.png
Tuladha:
Pejabat : “Wan, tulung ketikna surat
iki!Didadekake limang lembar banjur dikopi
rong puluh.”
A ndhahan : “ W ont en malih Pak?”
Pejabat : “ O iya, aja lali dibagi kanca
sakantor.”
A ndhahan : “ Sendika Pak.”
5. M batin (ngomong karo
awake dhewe)
Tuladha:
Hawane panas ngene iki enake ngombe es
dhawet. Aja dhing mengko malah dadi
watuk.
https://encrypted-tbn0.gstatic.com/images?q=tbn:ANd9GcTO-
GvfnDlItLPVLUVi6sLPzNA7zN25Vh7mTW3GODnckfA_4rGoV3PUG2f
PXjzrzhVEeSk&usqp=CAU
Ngoko Alus
Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa sing ngemot leksikon ngoko,
leksikon netral, lan krama.
Ngoko Alus
Panganggone basa ngoko alus yaiku kanggo guneman :
1. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur
derajate
2. Bojone priyayi marang sing lanang
3. Priyayi marang priyayi sing wis kulina
1.Kanggo micara marang uwong sing statuse
padha, ananging kanthi rasa urmat
Tuladha:
Pak Narya :“Bu, njenengan ngasta payung?”
Bu D ian : “ A na neng cedhak meja.”
Pak Narya :“Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”
Bu D ian : “ Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.”
Pak Narya :“Lha njenengan mengko kejawahan?”
Bu D ian : “ O ra, aku ana serepe.
Pak N arya : “ M atur nuwun bu”
2.Kanggo micara marang uwong sing statuse
luwih dhuwur, ananging nduweni sesambungan
sing rumaket.
Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa
ngoko alus, dene Bapak ngoko lugu.
Sugeng :“Perkutute Bapak, mungele apik. Pundhutan pira
pak?”
Bapak : “ M urah kok Le, mung rongatus ewu”
Sugeng :“Lha pakane napa niku Pak?”
Bapak : “ Iki mayar, diwenehi pakan ketan ireng
dicampuri kuningan ndhog pitik telung dina pisan.”
3. Kanggo micara marang uwong sing statuse
saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan
luwih asor.
Lik Bambang micara karo A rsenio, sanadyan ponakane luwih
enom ananging ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan.
Lik Bambang :“Piye kabare Nak Arsen, arep ana dhawuh apa iki?”
A rsenio : “ A lhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik naming badhe
silaturahmi mawon.”
Lik Bambang :“Kepriye, garwa putra rak padha sugeng ta?”
A rsenio : “ A lhamdulillah, sami wilujeng Lik.”
Lik Bambang : “ Lha kadingaren dolan mrene? Iki mau saka omah apa
saka tindak ngendi?”
Arsenio :“Mangke sekaliyan badhe tuwi Pakdhe Santosa ingkang
gerah.”
4. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing
statuse luwih dhuwur.
Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota.
Ani :“Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?”
Tutik :“Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.”
A ni : “ N gasta oleh-oleh apa ya?”
Tutik : “ M enawa Yogja padatane bakpia, M bak.”
A ni : “ O o iya, Ibu rak kagungan lengganan toko oleh-oleh bakpia
pathok sacedhake Prambanan.”
K R A M A LUGU
Ater-ater panandha leksikon ngoko awujud morfologis yaiku afiks
lan klitik. Afiks penanda leksikon ngoko kababar ing ngisor iki:
1.Wuwuhan (Afiks)
Leksikon ngoko bias ditandhani nganggo ater-ater (afiks) di-, -e
(-ne), lan, ake/-ke (-kake).
2. Klitik
Klitik ing basa Jawa ana loro yaiku ater-ater tripurusa
(proklitik) lan tembung sesulih pandarbe (enklitik). Proklitik wujude
dak-/tak- lan ko- /kok. Manawa enklitik bisa awujud –ku lan –mu.
Saliyane kuwi ana klitik mang-.
GINANIPUN B A S A K R A M A LUGU
Basa krama lugu uga disebut basa krama (tanpa tembung lugu).
Miturut Harjawiyana lan Supriya (2013:85) panganggone basa
krama iku tumrap:
1. Wong loro utawa luwih sing jejer kalenggahan kurang luwih
padha, kalorone ajen-ingajenan, ora patia urmat banget.
2. Wong sing jejer kalenggahane luwih andhap, nanging ora kulina
ketemu, utawa sing wis kulina ketemu nanging duwe karep kanggo
ngajeni.
3. Sesorah kang asipat umum sing ora nganggo unggah-ungguh
marang golongan tartamtu.
4. Kanggo ngripta basa sinerat kang asipat umum, ora migunakake
unggahungguh tumrap uwong utawa golongan tartamtu.
BASA KRAMA ALUS
Krama alus yaiku wujud undha usuk basa Jawa
kang kabeh tetembungane kawangun saka
tembung krama lan ditambahi tetembungan
krama alus utawa bisa uga kawuwuhan karma
andhap.
Titikane Tembung Krama Alus
1. . K awangun saka tembung krama kang kacampuran krama
madya (kanggo awake dhewe) lan krama inggil (kanggo kang
kinurmat)
2. Ater-ater tripurusa (dak-, ko-, di-) diowahi dadi (kula,
panjenengan, dipun-)
3. Panambang (-ake,-e,-ku,-mu) diowahi dadi (-aken,-ipun, kula,
panjenengan),
4. Tembung netral ora owah.
GINANIPUN BASA KRAMA ALUS
Panganggone krama alus yaiku:
1.anak marang wong tuwa
2.murid marang gurune
3.kenalan anyar
4.wong tuwa utawa wong liya kang luwih
dikurmati
5.kanggo sesorah dedonga
KAPUSTAKAN
Rahmat, S.S.,M.A. (2022). Modul 2 Unggah- ungguh Basa
Jawa. Jakarta : Kementrian Pendidikan, Kebudayaan,
Riset, dan Teknolgi.
WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters:
Groningen Batavia.
Http://sinausastra.blogspot.com/p/kawruhbasahtml?m=1
http://kedaiceritasenja.blogspot.com/2020/11/materi-
unggah-ungguh-basa-jawa.html
https://youtu.be/E717D4WLifY