The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121117_DHEA DWIKEN PRASTIKA_UAS BAHAN AJAR (2)

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dhea.19054, 2021-12-09 00:45:09

CRITA RAKYAT

2610121117_DHEA DWIKEN PRASTIKA_UAS BAHAN AJAR (2)

Dhea Dwiken Prastika
BUKU AJAR BAHASA JAWA

CRITA
RAKYAT

KELAS VII
SMP/MTS/sederajat
Semester II (Genap)

KOMPETENSI DASAR

Menulis cerita legenda

INDIKATOR

Mengidentifikasi teks
cerita legenda
Menganalisis strukur
teks cerita legenda
Menulis kata-kata sulit
yang terdapat dalam
teks cerita legenda

TUJUAN PEMBELAJARAN

Peserta didik mampu
mengidentifikasi teks cerita
legenda dengan tepat.
Peserta didik mampu menganalisis
struktur teks cerita legenda
dengan tepat.
Peserta didik mampu menulis kata-
kata sulit yang terdapat dalam teks
cerita legenda dengan tepat.

PANDOM PASINAON

1.Dedongan sadurunge miwiti
pasinaon.

2.Siswa mbuka lan nyinaoni materi
ngenani teks crita rakyat

3.Siswa mahami tuladha soal latihan
banjur mangsuli pitakonan kang
ana ing buku gladhen

4.Yen ana materi kang durung
dimangerteni bisa ditakokake
marang guru

TEGESE CRITA RAKYAT

Cerita rakyat yaiku cerita kang sumebar
ing masarakat lan dipercayane dening
masarakat nanging sumbere ora cetha,
amarga crita mau sumebar lumantar lesan
utawa tutur marang tutur.

Crita Rakyat yakuwe crita kang lumrah
amung kanggo lelipur para putra kang arep
mapan turu, utawa kanggo bahan obrolan
kalaning nganggur. Nanging beda menawa
sing dicritakake kuwe sejarah, cathetan kang
samesthine ana nang nagara kanggo dasar
madeging sawijining nagara. Sakang crita kiye
bisa tuwuh pamikiran, gagasan, lan apa bae
kang tundhone kepengin ndadekaken nagara
kuwe dadi apik lan maju.

Temtu sawijining dhaerah kang duwe
crita rakyat kang onjo, bisa gawe mongkokg

kabeh wargane. Kosok baline, sawijining
dhaerah kang madeg adhedhasar kabutuhan,
ngrembakane wilayah, ora dikantheni dasar

filosofis, racake ampang, malah bisa asring

dadi dredah krana angel golek paraga kang
bisa tinuladha.

Crita rakyat mujudaken crita kang
thukul ana ing sakiwa-tengene papan
dunung kita kabeh. Crita rakyat kiye tanpa
pangripta/pengarang utawa sinebut
anonim. Anane crita rakyat ora dingerteni
sumbere, crita rakyat sumebar lumantar
crita lisan, turun tumurun.

Crita rakyat bisa langgeng amarga
diyakini akeh pitutur kang wigati kanggo urip
bebrayan nang alam donya. Wong-wong
tuwa biasa nyritakaken sadurunge putrane
turu. Mula ayo saiki nyinau bab crita rakyat
kanthi wekel.

CRITA RAKYAT

Teks crita rakyat kalebu teks narasi.

Wujude teks narasi bisa dideleng saka

perangan wewangunane struktur sing bisa

mangun teks lan perangan basa kang

dumadi saka panganggone tembung lan

ukara.

1) Struktur teks narasi dumadi

orientasi,komplikasi,klimaks,resolusi,reorient

asi,lan koda/amanat.

2) Unsur bahasa, wujud basane teks narasi

tembunge, ukarane, paragraf. Ing

kalodhangan iki bakal ngrembug mligi

ngenani wangune ukara lamba lan ukara

camboran, panganggone ukara langsung lan

ukara ora langsung, lan uga unggah-ungguh

rupa lan wangune basa.

3) Tujuan panulisan lan pamacan teks narasi

kuwi kanggo panglipur sing bisa dijupuk

pesan moral / nilai budi pekerti, lan hikmahe.

4) Fungsi teks narasi saliyane wujud medhar

gagasan lan ide, uga kanggo warisake nilai

budi pekarti luhur.

Dongeng kaperang dadi 5, yaiku:!

1.Legenda yaiku crita rakyat saemper
mite, nanging kang diceritakake
manungsa kang nduweni
kasekten/kaluwihan lan umume
gegayutan karo dumadine papan
panggonan.

2.Mite yaiku dongeng kang nyritakake
babagan gaib kaya dene crita bab dewa,
peri lan sapiturute.

3.Sage yaiku crita dongeng babagan
kepahlawanan, kadigdayan lan kasekten
kayadene crita dongeng kasektene Patih
Gajah Mada.

4.Fabel yaiku dongeng paragane kewan
kang bisa wicara kaya-kaya duweni
watak kayadene manungsa.

5.Crita jenaka yaiku crita kang mekar
ngrembaka sjroning bebrayan agung
(masyarakat) asifat geguyon (komedi)
kang bisa nuwuhake rasa seneng lan
lucu.

Wacanen teks crita rakyat ing ngisor iki!

Pangeran Bandawasa Lan Rara Jonggrang



Kraton gedhe ing Mungsung, kerajaan
nduwe Putri Ayu jenenge Rara Jonggrang.
Pangeran Bandawasa tresnane karo
dheweke lan tujuanne omah-omah karo
putri. => Orientasi

Nanging mestine Rara Jonggrang ora
seneng karo Pangeran Bandawasa, mula
deweke njaluk tugas angel ngawe sewu
candi sewengi. Ketoke Pangeran Bandawasa
sarujuk. => Komplikasi

Kanthi bantuan jin lan roh sadurunge
esok syarat kasebut kanggo ngetokake
lesung lan kembang-kembang. Dadi jin lan
semangat iku rumangsa awan lan nuli
mandheg gaweyane.

Pangeran Bandawasa nesu nalikane ngerti
babagan cara licik Roro Jonggrang senajan
dheweke mbutuhake 1 candi maneh kanggo
nyukupi kebutuhan kasebut. => Klimaks

Duka Pangeran Bandawasa dheweke
tumindak kanthi ngukum Roro Jonggrang
menyang patung 1000 kanggo
ngrampungake candi. Iki minangka sejarah
ing mburi cerita Candi Prambanan kanthi
1000 candine. => Resolusi

Pungkasane Candi Prambanan jangkep
cacahe ana sewu candi, lan didadekake
panggonan wisata sejarah nganti jaman
saiki. => Koda

Sawise maca lan nyemak teks crita
Sritaniung bakal ditemokake urut-urutan
crita /struktur teks kaya katerangake ing
ngisor iki.
A. Orientasi, ana ing paragraf kang
nepungake paraga-paraga ing teks
panggonan kanthi njelaskake ciri-ciri: Rara
Jongrang, Pangeran Bandawasa
B. komplikasi, ana ing paragraf kang
njelasake ana prastawa, prakara kang dadi
undheran crita: Nanging mestine Rara
Jonggrang ora seneng karo Pangeran
Bandawasa, mula deweke njaluk tugas angel
ngawe sewu candi sewengi.

C. Klimaks, bisa katitik saka paragraf kang
njelasake prastawa lan prakara-prakara ing
teks kasebut dadi ruwet banget lan
nyedhake Kesimpulan/nemokake kanggo
ngudhari prakara kang ruwet.
D. Resolusi, katitik ing paragraf kang
njelasake dalan / cara kang dipilih kanggo
ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik
(happy ending) bisa uga ndadekake elek
(sad ending)
E. Koda / amanat, njelaskake kesimpulan /
dudutan, lan nilai budi pekerti umum kang
nemokake cara bisa dituladha.

Tugas 1: Njingglengi Teks Narasi Cerita Rakyat

Nggawea klompok dhiskusi ora lluwih saka
bocah 4, salah sijine dadi ketua klompok lan
3 liyane dadi anggota:

1.Saben anggota klompok kudu tanggung
jawab marang tugas klompok.

2.Tugas digarap kanthi cara kerja sama,
lan kudu gelem toleransi marang
panemune liyan nalika ngrampungake
tugas klompok.

3.Tugas arupa laporan asil dhiskusi yang
ditulis/diketik kudu dikumpulake wektu
kang wis ditemtokake.

4.Tulisen kanthi ringkes isi saka crita
rakyat sing wis kok goleki mau!

5. Tugase kelompok, yaiku:
a. Goleko tekc crita rakyat saka ngendi wae
bebas, bisa golek saka internet, majalah,
utawa buku liyane!
b. Slaras karo asile anggomu dhiskusi.
Jlentrehna struktur teks saka cerita kang wis
digoleki nyengkuyung pranyatanmu.
1) Orientasi:..........................
2) Komplikasi:.......................
3) Klimaks:.............................
4) Resolusi:............................
5) Koda:..................................

Sawise rampung anggone maca, lan
nganalisis struktur teks crita rakyat, coba
cathethen tembung-tembung kang koanggep
angel, golekana teges banjur gawenen ukara
saka tembung kasebut!

Tembung Angel Teges

Uji Kompetensi
Wulangan 1

A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki
kanthi cara milih jawaban kang paling bener!

Wacan kanggo angka 1 lan 2.

Wonten ing satunggaling dusun, wonten

kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan

putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang

sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih

menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten

inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati

kangge dipun sade wonten peken ing

saklebetipun kitha kudus. Ron menika

dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem

kangge nyukupi kabutuhan saben dinten.

Tindakanipun wonten peken ngantos

pintenpinten minggu saking tebihing kitha

Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika

mbebedak wonten wana kangge ulamipun.

1.Jenenge anake mbok randha yaiku......
a. jaka Kendhil
b. Jaka Tarub
c. Jaka
d. Putra

2. Gaweane Jaka Tarub ing saben dinane yaiku.....
a. Tani
b. Tukang
c. Golek suket
d. Golek godhong jati

3. Dhongeng sing isine ngandharake kapitayan
jaman kunaa, sing gegayutan karo dewa-dewi,
lelembut diarani.....

a. Fabel
b. Gegendhung
c. Legendha
d. Mite

4. Struktur teks crita rakyat kang nepungake
paraga-paraga ing teks lan panggonan kanthi
njelasake ciri-cirine diarani.....

a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Kompetensi
d. Klimaks

5. "Pandamelan saben dinten inggih menika madosi
ron pisang utawi ron jati." Tembung Pandamelan
duweni teges padha karo.....

a. Gawean
b. Golek
c. Pados
d. Tuku

Gatekna wacan crita rakyat nglsor iki kanggo
mangsuli pitakon nomer 6-10!

Jaka Tarub



Namung Jaka Tarub menika piyambakipun
taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih
sanget wonten ing jeronipun Ananging ngantos
dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-
punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin
sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun
menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing
sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi
kepireng suanten gumuyuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos
suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten
menika. Piyambakipun menika boten percaya
kaliyan ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu
menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing
wana wonten suanten widodari-widodari ingkang

sami gumujengan sinanbi sirarn letangin ing
sendang. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih
pengin garwa satunggal pramila piyambakipun
mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan
sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang
naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah
ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun
JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan
adangipun kanthilanthi- manthi. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah
kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa
Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun
adang garwanipun penamaan satunggal wuli
pantun kemawon. Saking kedadosan punika
kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical
lan adangipun satunggal las dados satunggal
bugak ical. Pramila wiwit nutu pari adangipun
uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten
brebayan amargi pantunipun telas kantun
rentengan wonten lumbung.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan
nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari
wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun
kaget amargi piyambakipun duka dumateng
garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang
Wulan menika mutusaken kangge minggah
kayangan malih lajeng ngagem rasukan.

6. Jaka Tarub banjur mbacutake lumakune ana ing
jerone.....

a. Wana
b. Segara
c. Kutha
d. Kali

7. Sing ditindhakake Jaka Tarub nalika weruh
widodari yaiku.....

a. Kaget
b. Jumuk jarik salah sawijine widodari
c. Mlayu
d. wedi

8. Jenenge Widodari kang slendhange dijumuk
Jaka Tarub yaiku.....

a. Nawang Wulan
b. Nawang Sih
c. Nawang Asih
d. Nawang Sari

9. Sing ditindhakake Jaka Tarub nalika bojone ana
ing kali yaiku....

a. Turu
b. Tandhang Gawe
c. Deloki isine kekep
d. Menyang alas

10. Jenenge anake Nawang Wulan lan Jaka Tarub
yaiku.....

a. Nawang Wulan
b. Nawang Sih
c. Nawang Asih
d. Nawang Sari

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki
kanthi patitis!

1.Goleka crita rakyat kang ana ing dhaerahmu,
banjur tulisen ing buku tugas kanthi rapi!

2.Golekana struktur kang ana ing crita kasebut
lan duweni bukti ukarane.
Tulisen kanthi ringkes isine teks crita rakyat
kasebut nganggo basa ngoko!

REFLEKSI

Sawise maca materi ing ndhuwur, apa kang
durung dimangerteni saka materi kasebut?

RINGKESAN

Cerita rakyat yaiku cerita kang sumebar ing
masarakat lan dipercayane dening masarakat
nanging sumbere ora cetha, amarga crita mau
sumebar lumantar lesan utawa tutur marang
tutur. Struktur teks narasi dumadi
orientasi,komplikasi,klimaks,resolusi,reorienta
si,lan koda/amanat. Crita rakyat kaperang ana
5 jinis, yaiku legendha, mite, sage, fabel, lan
crita jenaka.

KAPUSTAKAN

Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa.____:
Dina Pendidikan provinsi Jawa Timur.

Sunardi, Muwarti. R, dkk. 2015. Kirtya Basa.
Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi
Jawa Timur.


Click to View FlipBook Version