The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Riyanta Riyanta, 2023-01-26 02:47:20

BUDAYA JAWI

NGLELURI BUDAYA JAWI

Keywords: budaya jawi

KAHIMPUN DENING : S. SISWOMIHARJO PURA AMERTALOKA DS. TUMPUKAN, KEC. KARANGDOWO KABUPATEN KLATEN


ATUR SAPALA Panuwun syukur konjuk hing ngarsa dalem Ida Sang Hyang Widhi Wasa kang wus kepareng paring idi lan panuntun marang aku, dene aku dikeparengake nulis saperangan saka BUDAYA JAWA tilarane para leluhur, ngenani Bab ubarampe wilujengan kanggo kaperluan-kaperluan tartamtu. Penulis ngrakit babagan iki kanthi pangajab murih BUDAYA JAWA kang adi luhung iki aja nganti musna ilang kasempyok ing Budaya Manca kang mlebune santer banget iki.Jalaran kanyatan nuduhake akeh para penganut BUDAYA JAWA kang ngglimpang katendhang aluning Budaya Manca mau.Nanging mungguhing pangripta yakin yen kabeh iki ana pangwasaning Kang Akarya Jagad kang bakal nemtokake. Pungkasaning atur tumrap marang kang pada kasdu maos lan ngleluri BUDAYA JAWA iki dak sumanggakake lan ana kurang luwihe, pangripta nyuwun pangaksama. Tumpukan, Januari 2005 Pangripta


DAFTAR ISI ISI BUKU KACA 1. Atur Sapala………………………………………………………. i 2. Daftar Isi………………………………………………………….. ii 3. Slametan kanggo Wong Tingkeban………………………… 1 4. Slametan kanggo Wong Duwe Gawe………………………. 5 5. Slametan kanggo Wong Bayi Lahir………………………… 9 6. Slametan kanggo Wong Tilar Donya………………………. 11 7. Slametan kanggo Wong Ngedegake Omah……………….. 14 8. Syarat Wong Tengeran / Talenan………………………….. 17 9. Syarat Sih Pranata / Lamaran……………………………… 17 10. Pigunane Brokohan…………………………………………… 18 11. Slametan Wong Omah Dhewe……………………………… 20 12. Sega Pamit……………………………………………………… 21 13. Wiwit Tandur…………………………………………………… 22 14. Penget…………………………………………………………… 24 15. Babagan Ujub lan Ijab………………………………………. 25


SLAMETAN KANGGO WONG TINGKEBAN 1. TUMPENG WUDUK yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung dipindhang karo kluwih, kedhele goring, krupuk urang lan Lombok gedhe abang wutuhan. 2. PISANG AYU yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditata ana mokak (wadhah kang jumbuh) banjur ndhuwuri ditumpangi kinang komplit dipenak diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 3. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 4. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goring, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 5. TUMPENG PITU Yaiku tumpeng ora pati gedhe cacahe 7 lawuhane janganan lan endhog pitik kampong digodhog cacahe ya 7. 6. TAKIR PONTHANG Yaiku takir diwenehi centhung janur, dene isine sega dilawuhi jerohan pitik digoreng, entho-entho lan gorengan. 7. JADAH / PONDHOH WERNA PITU Yaiku panganan kang digawe saka beras / ketan lan rupane digawe werna putih, abang, ireng, kuning lan liya-liyane. 8. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa).


9. TUKON PASAR Yaiku jajan pasar cenil, klepon, kalebu uwi gembili. 10. KUPAT LEPET lan uwong-uwongwn kang digawe saka glepung. UBARAMPE YEN ADUS 1. CENGKIR GADHING Cacahe loro padatan digambari wayang Bathara Kamajaya lan Bathari Kamaratih utawa Raden Harjuna lan Dewi Sembadra. 2. TROPONG PRING Kaya troponge wong tenun gendhong, yen ora ana bias digawe dhewe. 3. KENDHIL LEMAH lan KUKUSAN 4. KENDHI Diiseni banyu tawa kebak lan disumpeli ndhuwur lan cucupe. 5. PACUL lan BODHING 6. KERIS (lempeng tanpa luk) kanggo nggaris janur kuning kang disabukke wetenge sing ditingkepi (sing nggandheg). 7. JARIK WERNA PITU Nanging sing baku kudu ana jarik gedhok lan slendhang liwatan. 8. Sing adus ancik-ancik Galar SAJEN DHUKUN 1. Panggang lan tumpeng, gedhang setangkep. 2. Tumpeng janganan, sebagian jadah werna pitu. 3. Srabi, klepon lan pitik urip-urip.


SLAMETAN KANGGO WONG DUWE GAWE MANTU / SUPITAN (ACARA GEDHEN) 1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 2. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goring, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 3. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupukake ana ndhuwur ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkurep. A. NGUNGGAHKE BERAS 1. TUMPENG WUDUK Yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung dipindhang karo kluwih, kedhele digoreng, krupuk urang lan Lombok gedhe abang wutuhan. 2. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditat ana mokak ndhuwure ditumpang kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 3. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan.


4. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goring, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. B. BUKAK TARUB 1. TUMPENG WUDUK Yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung dipindhang karo kluwih, kedhele digoreng, krupuk urang lan Lombok gedhe abang wutuhan. 2. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditat ana mokak ndhuwure ditumpang kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 3. AMBENG APEM Cacahe pitung jodho kurang sasele (13 iji). 4. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 5. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goring, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 6. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa).


7. TUKON PASAR Yaiku jajan pasar cenil, klepon, kalebu uwi gembili. 8. GOLONG SEWU (Dawet) 9. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. KETERANGAN : Yen bukak tarub ambengan ongka 1,2 lan 3 kuwi ujube nyuwun buwuh lan nyuwun pangestu marang pepundhen leluhur kang wus sumare. Pirantine : pisang raja setangkeb, dipotongi panggonan tilas kembang banjur ditata ana mokak, ndhuwuwre ditumpangi kinang komplit dipenak diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi lan ditutup serbet. Dene sing perlu disowani, yen sing duwe perlu isih ganep ya simbahe yaiku simbahe saka bapak lan simbah saka ibu. Sowan makam nyekar kanthi ngobong menyan, denen penyuwune : 1. Nyuwunake pangapura bapak/ibu utawa simbah …….. (disebut asmane), kang tinimbalan dening Gusti muga tinampa pisowane lan diparingi pangapura kabe luput lan dosane sarta diparingana swarga langgeng. 2. Sabanjure nyuwun berkah pangestu anggone arep darbe perlu supitan (mantu) muga bisa kaleksanan kanthi wilujeng. 3. Teka makam piranti pisang mau ditumpangke sak ndhuwure kijing (candi) pundhen mau banjur obong terus nyekar, yen wis rampung pisang digawa bali kanggo kenduri yen Bukak Tarub. C. MAJEMUKAN / KIRIM DONGA (Bubar Temu Manten) 1. AMBENG ASAHAN SAJODHO Asahan kanggo Majemukan iki gedhe banget, bunderane sak tampah.Lawuhane pitike dipoteng-potheng (ora diingkung) ditata sak ampase kluwih, sambel goreng, gorengan lan srundeng.


2. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. D. BROKOHAN DIBARENGI KARO RERESIK 1. TUMPENG WUDUK Yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung dipindhang karo kluwih, kedhele digoreng, krupuk urang lan Lombok gedhe abang wutuhan. 2. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 3. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goring, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 4. JENANG BANING / Jenang Sungsum. SLAMETAN KANGGO BAYI LAIR A. BROKOHAN (Dina kelairane si Bayi) 1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 2. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho.


CATHETAN : Yen Bocahe Robyong (kalung usus), saben bancakane ditambah Tukon Pasar B. SEPASARAN BAYI 1. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. 2. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa). C. PUPUTAN BAYI Umume saiki bayi iku pupute nganti kliwat saka sepasar (5 dina), jalaran pangrumate bayi saiki nganggo cara medis. Nalika isih dirumat cara Mbah Dukun biyen, sadurunge sepasar bayi kuwi mesthi wis puput. Mula banjur dening para pinisepuh ditetepake kanggo nggoleki pupute bocah kuwi patang dina dietung saka dina kelahirane. Dene sesaji kanggo puputan utawa pothele puser jabang bayi yaiku : 1. TUMPENG WUDUK Yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung pitik dipindhang karo kluwih, kedhele digoreng, krupuk uranglan Lombok gedhe abang wutuhan. 2. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditata ana mokak ndhuwure ditumpangi kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi.


SYARAT PUPUTAN BAYI 1. Godhong-godhongan, ing antarane : a. Godhong Cangkring; b. Godhong Pandhan Eri; c. Godhong Elo; d. Lawe Wenang (lawe putih). Godhong-godhongan iku dibentel (ditaleni) dadi papat lang dipasang ana pojok papat omahe, dene lawene wenang dipasang ngubengi oamh kemput. 2. Wilah digawe modhel tumbak, di lonthengi injet lan langus (angus) genti genten banjur ditaleni dadi siji karo sapu disunduki dlingo lan bawang dirajang cilik-cilik sarta brambang karo lombok abang. Dipasang ana sandhuwure turone si Bayi ditambah arit kethul. 3. Wilah digawe modhel tumbak, di lonthengi injet lan langus (angus) genti genten, dipasang/dipaku ngadeg ana kusen kanan kiri dipasang tumempel kusen sing malang ndhuwur. Syarat-syarat iku mau darbe tujuan kanggo tulak balak, tegese supaya si Jabang Bayi pinaringan kalis saka sarap sawan, rubeda sambekala lan pinaringan sempulur widada wilujeng ora ana alangan sawiji apa. Bab syarat-syarat iku satemene kuwajibane mbah Dukun. D. SELAPANAN BAYI 1. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb.


2. TUMPENG CILIK Kajaba tumpeng kang dikepung wong tuwa dikondangake, saben pengetan kelahiran Bayi uga nganggo tumpeng cilik sing diwadhahi layah, mung bedane iki dikepungake bocah cilik-cilik. E. MONG-MOMG PITUNG LAPAN / SETAHUN Ana tambahane sithik, sarehne bocah umur semono kuwi kadhang-kadhang wis thukul untune. 1. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. 2. JENANG GAUL / JENANG GRENDUL Yaiku jenang glepung legi diwenehi grendul (glepung ketan dibunderi cilik-cilik). SLAMETANE WONG KANG TILAR DONYA A. SURTANAH (Dina Pas Geblage) 1. APEM CONTHONG Yaiku jur-juran kaya apem kae banjur diconthongi nganggo godhong dikukus utawa didang. 2. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 3. AMBENG ASAHAN 2 JODHO Yaiku sega dikenong rada gedhe ndhuwure dipapak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, pindhang pitik dipotheng-potheng (dudu ingkung) sak ampase kluwih, srondeng smaradana lan gorengan.


4. TUMPENG UNGKUR-UNGKURAN Yaiku tumpeng siji disigar dadi loro banjur ditata kareben ungkur-ungkuran, lawuhane janganan utawa kaya saing ambeng asahan. B. PENGETAN 3, 7, 40, 100 DINA LAN PENDHAK SEPISAN (SETAHUN) Kanggo pengetan kaya kang kasebut ing ndhuwur, slametane padha. Bab sesajine yaiku : 1. AMBENG APEM Cacahe pitung jodho kurang sasele (13 iji). 2. AMBENG ASAHAN 2 JODHO Yaiku sega dikenong rada gedhe ndhuwure dipapak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, pindhang pitik dipotheng-potheng (dudu ingkung) sak ampase kluwih, srondeng smaradana lan gorengan. C. PENDHAK PINDHO 1. AMBENG APEM Cacahe pitung jodho kurang sasele (13 iji). 2. AMBENG WUDUK Yaiku sega gurih ditumpeng, lawuhane ingkung pitik kampong, srondeng smaradana, krupuk lan Lombok gedhe abang wutuhan. D. PENGETAN SEWU DINA 1. AMBENG APEM Cacahe pitung jodho kurang sasele (13 iji). 2. AMBENG ASAHAN 2 JODHO Yaiku sega dikenong rada gedhe ndhuwure dipapak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, pindhang pitik dipotheng-potheng (dudu ingkung) sak ampase kluwih, srondeng smaradana lan gorengan.


Cathetan : ✓ Mligi kanggo wilujengan sewu dina : Tekan wilujengan sewu dina iki nganggo sesaji buwangan. Wadhahe : Takir, isine : apa wae kang diolah nadyan mung sithik nanging pepak banjur diwenehi dhuwit receh sakeping. ✓ Papan kang diselehi : Sumur kabeh kang ana ing dhukuh kono, dalan protelon, dalan prapatan lan papan kang kulina diselehi buwangan. Tambahan : Yen sekirane ana lan bisa umpama nyembelih wedhus, dara &bebek., banjur sirahe wedhus, ingkung bebek & iwak dara ditambah tumpeng wuduk kanggo sesaji upacara. Dara mau bisa dipotong lan uga bisa diburake, dene yen diburake dara mau didusi kembang setaman lan dikalungi kembang banjur diburake sabubare upacara. SYARAT LAN SLAMETANE KANGGO WONG NGEDEGAKE OMAH A. SESAJI PASANG PONDHASI 1. TAKIR Yaiku isi jengan bakal, kembang gantal, tigan ayam kampong siji, ditumpangi wajib sapatute. 2. KEMBANG SETAMAN dipenak 3. ABON-ABON Yaiku kinang komplit, karo rokok klobot utawa kretek. SLAMETANE : 1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan.


2. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 3. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. B. SYARAT NGEDEGAKE OMAH 1. TUKON PASAR PEPAK, jadah lan pondhoh 2. KEMBANG SETAMAN diwadhahi pengaron anyar, lambe pengaron di lothengi ireng putih, jero setaman dicemplungi dhuwit receh lan endhog pitik kampong. 3. KENDHI isi banyu tawa kebak mencep disumpeli. 4. GODHONG-GODHONGAN Yaiku godhong kluwih, godhong elo, godhong cangkring, godhong dhadhap serep, pandan eri, godhong andhong lan maja eri. 5. SINDUR Yaiku kain utawa kertas abang putih. 6. PARI rong gedheng, klapa atabone loro. 7. TEBU IRENG sajodho. KETERANGAN : Syarat nomer 1 nganti tekan nome 3 ana tengah-tengah jogan anyar, tukon pasar diwadhahi tampah utawa tepak ditumpangke ana ndhuwur kembang setaman, dene kendhine diselehke ana cedhake, mengko yen penuwun wis dipasang lan wis diusuki saperangan, banyu kendhi luwih dhisik dicurake mubeng nurut temboking omah kang dibangun. Dene pari, klapa lan tebu ireng ditata dadi loro banjur dipasang dipaku/ditaleni ana ing ngisor ander lan sindur digawe kaya gendera merah putih kae banjur kanggo blebet : penuwun, blandar pinggang lan blandar pinggir. Yen omah model lawas sing diblebet penuwun, blandar kiwa tengen lan cagak papat tengah.


Kajaba syarat ing ndhuwur ana tambahan yakuwi bangsane jarik bathik lan slendhang, pemasangane yen omah Kap disampirke ing Baleg, yen omah lawas disampirke ing Pengeret. SLAMETANE : 1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 2. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 3. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. 4. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa). TAMBAHAN : SYARAT TUMBAL NGEDEGAKE OMAH 1. Empluk isi beras cacah 5 2. Gecok pepak sak wulu-wulune pitik cacah 5 takir 3. Lintingan katul cacah 5 4. Inthuk-inthuk lawuhe gereh pethek cacah 5 5. Godhong kluwih, maja eri, elo, cangkring, dhadhap serep, andhong lan pandhan eri. Kabeh piranti kuwi dipasang ( dipendhem ) ana pojok papat, sing siji dipendhem ana ngarep lawang ngarep sing baku. Dene kang dijawab EYANG SMARA BUMI, EYANG CIKAL BAKAL lan EYANG DANYANG kang lenggah ing kampung kono.


SYARAT WONG TENGERAN / TALENAN 1. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditat ana mokak ndhuwure ditumpang kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 2. PANGGANG TUMPENG Yaiku sega ditumpeng sapatute lawuhane pitik dipanggang tanpa bumbu. 3. BANGSANE SEMBET Yaiku jarik, bakal klambi, slendhang, sokur bisa kabeh dene orane salah siji wae kena. Amarga Pak Congkok yen ngucapake SIGI KEPETHET pinangka tali utawa paningset, tegese pakencenge wong rerembugan lan dhuwit pinangka paseksen. Dene yen kepengin ngleksanakake TUKAR CINCIN utawa RING, piranti ongka 1-3 kuwi tetep, terus ditambah ali-ali sepasang. SYARAT SIH PRANATA 1. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditat ana mokak ndhuwure ditumpang kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 2. PANGGANG TUMPENG Yaiku sega ditumpeng sapatute lawuhane pitik dipanggang tanpa bumbu. 3. KETAN BUMBU Yaiku oran ketan dilawuhi kumbu dene kang diarani kumbu kuwi digawe saka kacang tholo digodhog banjur dideplok diwenehi gula jawa. Kabeh diwadhahi panjang ilang.


4. MAJEMUKAN Yaiku beras rong dangan ( 8 beruk) diwadhahi bedadok, klapa wutuhan, pitik jago siji diwadhahi kisa, kluwih lan bumbu pawon komplit. Iki syarat BAKU Wondene beras, wedhus, klapa, sandhangan manten wadon lsp kuwi kalebu rerangken utawa pangiring. Dadi saumpama rembugane saka pihak lananglan pihak wadon padha mathuke kuwi syarat nomer 1-4 wis cukup. BROKOHAN Slametan kang diarani Brokohan iku wujude : AMBENG ASAHAN Pigunane : kajaba tumrap wong kang bubar duwe gawe mantu utawa supitan, uga bisa digunakake kanggo mbrokohi wong lara kang wis sawetara wektu during oleh tamba. Luwih-luwih yen sing lara kuwi wis wong tuwa, penting banget dibrokohi. Kanggo brokohanwong lara iki yen kepepet ragat ora bisa mbeleh pitik, iwake bisa diganti ditukokake iwak kebo siji, janji nembung bakul iwak kebo siji iki kabeh wis ngerti. WUJUDE AMBENGAN : 1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 2. AMBENG ASAHAN Yaiku sega dikenong rada gedhe nanging ndhuwure papak (ora lancip), lawuhane sambel goreng, ampas pindhang kluwih lan gorengan cacahe rong jodho. 3. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb.


SLAMETAN KANGGO WONG OMAH DHEWE 1. AMBENG APEM Cacahe pitung jodho kurang sasele (13 iji). 2. TUMPENG WUDUK Yaiku tumpeng sega gurih, lawuhane ingkung dipindhang karo kluwih, kedhele digoreng, krupuk urang lan Lombok gedhe abang wutuhan. 3. PISANG AYU Yaiku pisang raja setangkep, dipotongi panggonan tilas kembang, banjur ditat ana mokak ndhuwure ditumpang kinang komplit dipenak lan diselehi dhuwit sapatute karo kembang wangi. 4. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 5. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa). 6. TUKON PASAR PEPAK Yaiku jajan pasar cenil, klepon, kalebu uwi gembili. 7. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. SEGA PAMIT SEGA PAMIT iki kanggo wong wadon kang diajak omah dhewe bojone. Dadi sing gawe sega pamit kuwi wong tuwane bocah wadon. Dene ujube :


1. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 2. AMBENG GOLONG Yaiku sega dikenongi cilik-cilik dipenaki siji-siji cacahe pitung jodho kurang sasele (tegese cacahe ana 13).Lawuhane sambel trancam karo gorengan. 3. TUMPENG JANGANAN Yaiku sega ditumpeng nganggo kukusan, lawuhane janganan bumbune dipupuke ana ndhuwure ora dicarub, ditumpangi endhog pitik kampong godhogan siji disigar ditumpangke mengkureb. 4. JENANG PEPAK Yaiku jenang putih (bumbune uyah, krambil lan godhong salam), jenang abang (jenang putih mau ditambahi gula jawa) lan jenang baro-baro (jenang katul diblowoki gula jawa lan diwur-wuri parutan klapa). WIWIT TANDUR Para among tani samangsa arep lekas tandur ana seajine kang diarani TEDHUN, dene wujude : 1. PISANG RAJA SETANGKEP Yen puwungan bisa migunakake pisang raja wligi utawa gedhang sepet. 2. ABON-ABON Yaiku kinang komplit dipenak ditumpangi dhuwit sapatute. 3. KEMBANG SETAMAN dipenak. 4. SEGA LIWET Lawuhane sambelan trancam, gereh pethek digoreng sangan. 5. HAWUK-HAWUK Yaiku glepung digawe kaya orok kae lan thiwul legi.


WIWIT PANEN Padha kaya yen arep wiwit nandur pari, wanci panen para among tani uga gawe sesaji sadurunge lekas ani-ani ( panen kang diaran WIWIT ). Jaman biyen diarani mboyong MBOK SRI. Dene sesajine : 1. SEGA LIWET Lawuhane jangan menir, sambel gepeng ( sambel trancam gereh pethek ), kulub godhong turi, endhog ayam kampung godhogan ( yen gedhen nganggo panggang pitik ) 2. TUKON PASAR PEPAK Kalebu uwi, gembili, kimpul, kupat, lepet lan lintingan katul. 3. JADAH PONDHOH 4. PISANG RAJA SETANGKEP Ditumpangi kinang, kembang diwenehi dhuwit sapatute. 5. JANUR KUNING & GODHONG DHADHAP SEREP Janure dibundhelake kaya wayang-wayangan suket, banjur ditancepake ana pojok papat sawah sing arep diwiwiti. PEPENGET / PEPELING : 1. Yen arep bebesanan arahen aja nganti tumbuk Danyang, yaiku tumbuk jeneng desa aksara kang ngarep dhewe Tuladha : Niten karo Nayan Gandhekan karo Grogol, lan sapiturute IKU ORA BECIK. 2. Yen ana wong mantu tunggal sadesa bareng sadina sing siji lanang ( nglamar ) sijine wadon ( nampa lamaran ) supaya disingkiri, prayogane ngalah salah siji utawa maju dina utawa mundur dina kareben sliringan. Amarga yen bareng sedina siji nglamar lan sijine dilamar iku diarani Mlebu Metu lan iku ORA BECIK. 3. Yen duwe anak lanang lan anak wadon aja nganti dimantu tunggal sadesa, umpama anake lanang dimantokake oleh bocah Kalangan, yen bisa anak wadon aja nganti diomahomahke oleh bocah Kalangan. Ucap-ucapane diarani Lunga Teka lan iku ORA BECIK.


PARANE WONG GOLEK TOMBA MURIH RAHAYU Dina Keblat Kang Becik SETU lan MINGGU REBO SELASA lan JUMAT SENEN lan KEMIS NGETAN NGIDUL NGULON NGALOR BABAGAN UJUB LAN IJAB Tembung Ujub tegese parek utawa tujuan, dene tembung Ijab kuwi andharane Ujub. Mula babagan Ujub iki satemene kang kudu ngerti lan paham iku kang duweni kuwajiban ngijabake yaiku Tukang Ijab. Mula Tukang Ijab nduweni kuwajiban sadurunge sesaji iku diijabake siji mbaka siji manut tujuane, sesaji mau diwaca siji-siji utawa diucapake kabeh apa wernane, umpama wujude ambengan : 1. Tumpeng Wuduk ( panggonan ijab sinebut Sekul Suci Ulam Sari ), 2. Ambeng Apem, 3. Pisang Ayu, 4. Ambeng Golong, 5. Ambeng Asahan, 6. Jenang Pepak, 7. Tukon Pasar, 8. Golong Sewu, 9. Sega Adeg Janganan, lsp manut ganep ubarampe sesajine.


Kang Sepisan : Saperlu kanggo sarana anggone ngabekti ing ngarsa dalem Sang Hyang Widhi Wasa / Gusti kang Maha Agung, kanthi panyuwun muga anggone suwita urip ing madyapada iki sakukuban tansah pinaringan rahayu wilujeng ora ana alangan sawiji apa. Kang perlu dingerteni geneya sawernane sesaji luwih dhisik konjuk marang Gusti Kang Maha Agung iku jalaran manungsa / titah nglenggana menawa apa bae kang bisa diaturake iku kagungan lan peparing kamurahaning Gusti tumrap titahe, mula luwih dhisik konjuk marang Gusti kanggo nelakake rasa panuwun syukure. Kang Kapindho : Kang nampani ujub siji-sijine sesaji iki panguwasane kabeh kawengku dening panguwaos Agung yaiku Panguwaosing Gusti Ingkang Maha Kawasa. Sawise iku lagi diijabake manut ujube siji mbaka siji : 1. TUMPENG WUDUK Utawa Sekul Suci Ulam Sari kanggo ngabekti marang Sang Hyang Kawitan utawa Gusti Pepanutan, pepanutane kang darbe perlu. Panutan kang paring sandhang panutan kang paring pangan, Ibu Bumi Bapa Kawasa, isine panyuwunan manut butuhe. 2. PISANG AYU Kanggo ngabekti marang Bathari SRI tuwin Bathari SADANA, kanthi panyuwun muga pinaringana lumintu lan lumintir anggone paring sih rejeki bisaa mahanani marang katentremaning kulawargane. 3. AMBENG APEM Kanggo ngabekti marang para pepundhen Leluhure kang darbe perlu, luwur saka lanang luwur saka wadon, kang sumare cerak kang sumare adoh, kang kerumatan lan kang ora kerumatan, gedhe cilik, lanang wadon kang mapan ana keblat papat.


Tujuane sepisan kirim donga muga para leluhur kang wus tinimbalan marak ing ngayunaning Pangeran diparinganan papan kang samesthine. Sabanjure tambah berkah pangestu kang darbe kaperluan bisaa kaleksanan kanthi wilujeng ora ana rubeda sawiji apa. 4. AMBENG GOLONG Kanggo ngabekti marang Eyang Semara Bumi, Eyang Cikal Bakal lan Eyang Dhanyang kang lenggah ing Dukuh...............kanthi panyuwunan mbokmenawa ana kekurangane lan keluputane kang darbe perlu sabrayat diparingana pangapura, sabanjure nyuwuwn berkah pangestune anggone darbe kaperluan bisaa kaleksanan kalis sakabehing sambekala. 5. AMBENG ASAHAN a. Kanggo ngabekti marang Hyang Pertiwi kang nguwasani bumi, kanthi panyuwun mbok menawa ana kaluputane kang darbe perlu sakukuban anggone ngambah bumi Ngetan, Ngidul, Ngulon, Ngalor diparingana pangapura lan uga nyuwun tambah berkah pangestu anggone darbe kaperluan didohna saka godha pangrencana, bisa kasembadan kanthi wilujeng. b. Kanggo ngabekti marang Hyang Agni kang nguwasani geni, Sang Hyang Udaka kang nguwasani banyu, Sang Hyang Bayu kang nguwasani angin. Bebarengan dibekteni kanthi panyuwun yen ana kekurangane kang darbe perlu sabrayat anggone migunakake praboting ngagesang godhong, kayu, geni, banyu, angin lan liya-liyane diparingana pangapura. Sabanjure tansah pinaringana seger waras aja ana sawiji apa. 6. JENANG PEPAK Jenang Putih kanggo ngabekti Roh titisan saka Bapa, jenang Abang kanggo ngawruhi roh titisan saka Ibu, ing panyuwun yen ana tuna lupute anggone ngurmati marang para pinisepuh tansah pinaringana pangapura. Jenang Baro-baro kanggo mbekteni sedulur kang tunggal pertapan seje panggonan kakang kawah adhi wuragil (kadang papat). Anane dibekteni tansah keparenga hanjangkung rina klawan wengine,


kepareng ngamping-ampingi kanan kering, ngarep lan pungkur muga manggiha rahayu wilujeng ora ana sawiji apa. 7. JANGANAN Kanggo mbekteni Kaki Among Nini Among kang momong jasade kang darbe perlu, ing panyuwun tansah dilestarekna pamomonge, didohna welak pancabaya godha rencana, wisa sengkala, rubeda sambekala. Muga pinaringana tata tentrem kasembadan sedya panyuwunane. 8. GOLONG SEWU Kanggo tata srengat anggone ngaturi para sanak sedulur, tangga teparo, kadang mitra pitepungan kang saka wetan saka kidul saka kulon saka elor kang kepareng rawuh ing tarub iku bisaa gumolong nyawiji guyub rukun wilujeng ora ana aral sawiji apa. 9. TUKON PASAR Kanggo mbekteni ingkang anggelar dina pitu pasaran lima, sasi rolas, tahun wolu, windu papat ganepe wuku telung puluh, ora liya uga disuwuni tambahing berkah pangestu wilujeng sing sabanjure keparenga hanekseni lan hangestreni apa kang dadi niyate kang darbe perlu lan muga pinaringan kanugrahan dening Pangeran bisa kabul apa kang dadi atur panyuwunane. 10. JENANG BANING Kanggo tata srengat anggone ngresaya / nyuwun tulung marang tangga teparo lan sanak sedulur, menawa ana otot bayu balung sungsum kang loyo supaya enggal diparingi pulih sauni-uni ora ana sawiji apa. 11. JENANG GAUL / GRENDUL Kanggo mbekteni Sang Hyang Yama kang nguwasani tuwuhing waja. Kanthi panyuwun supaya si Jabang bayi diparingi waja kang becik tumata lan santosa.


KETERANGAN Ambeng warna-warna kuwi kang nduweni Ujub jember yaiku Ambeng Golong lan Ambeng Asahan : a. Ambeng Golong Yen ana Ambeng Apem, Golong iku mligi kanggo mbekteni Eyang Smara Bumi, Eyang Cikal Bakal lan Eyang Danyang kang lenggah ing Dukuh............. . Nanging yen wilujengan iku tanpa Ambeng Apem, Ambeng Golong uga bisa kanggo mbekteni para pundhen leluhure kang darbe perlu. b. Ambeng Asahan Kajab kanggo mbekteni Sang Hyang Pertiwi, Sang Hyang Agni, Sang Hyang Udaka, Sang Hyang Bayu, ambeng asahan uga bisa kanggo mbrokohi, kanggo Majemuki lan liya-liyane manut kaperluan. Kajaba sesaji kang mawa Ujub lan Ijab uga ana sesaji kang wujud Pratima, tegese sesaji mau pinangka sulihing basane kang darbe perlu anggone darbe panyuwun ing ngarsa dalem Gusti Kang Maha Murah. TULADHANE 1. Sesaji wong-wongan kanggo kaperluan magedhongan (Tingkeban), sesaji wong-wongan mono umpama diucapne : roh suci peparinging Gusti kang dikandhut, muga-muga diparingana jasad (raga/wadag) kang sampurna tanpa cacat. 2. Cengkir gadhing cacah loro digambari Bathara Kamajaya lan Bathari Kamaratih utawa Raden Janaka lan Dewi Sembadra iku mengku panyuwun supaya si Jabang Bayi kang den kandhut yen lair lanang diparingana rupa bagus kaya Bathara Kamajaya utawa Raden Janaka lan yen lair wadon muga diparingana rupa ayu kaya Bathari Kamaratih utawa Dewi Sembadra.


TABEL DINTEN WILUJENGAN TIYANG TILAR DONYA GEBLAG 3 DINA 7 DINA 40 DINA 100 DINA PENDHAK 1 PENDHAK 2 1000 DINA Minggu Selasa Setu Kemis Senen Rebo Senen Jumuah Senen Rebo Minggu Jumuah Selasa Kemis Selasa Setu Selasa Kemis Senen Setu Rebo Jumuah Rebo Minggu Rebo Jumuah Selasa Minggu Kemis Setu Kemis Senen Kemis Setu Rebo Senen Jumuah Minggu Jumuah Selasa Jumuah Minggu Kemis Selasa Setu Senen Setu Rebo Setu Senen Jumuah Rebo Minggu Selasa Minggu Kemis Legi Pon Pahing Kliwon Kliwon Wage Wage Kliwon Pahing Wage Pon Legi Legi Kliwon Kliwon Legi Pon Kliwon Wage Pahing Pahing Legi Legi Pahing Wage Legi Kliwon Pon Pon Pahing Pahing Pon Kliwon Pahing Legi Wage Wage Pon Pon Wage 1 – 1 = Surtanah 2 – 5 = 100 Dina 3 – 3 = 3 Dina 4 – 4 = Pendhak 1 7 – 2 = 7 Dina 2 – 4 = Pendhak 2 5 – 5 = 40 Dina 6 – 5 = 1000 Dina


Click to View FlipBook Version