Teks Crita Wayang FASE E Dening : Melin Indah Lestari, S.Pd
Tujuan pembelajaran Menganalisis isi pokok gagasan dari kegiatan menyimak teks sastra pewayangan secara berkelompok Menyimpulkan ringkasan cerita dari hasil menyimak teks sastra pewayangan dan disajikan dengan memanfaatkan sarana media digital 01 02 03 Menafsirkan piwulang luhur yang terkandung dalam teks sastra pewayangan secara kritis
Pertanyaan Pemantik Apa sing kokngerteni babagan wayang? Apa neng sakubengmu esih ana tontonan wayang Miturutmu, apa sing kudu dilakokna kanggo nguri-uri kabudayan wayang? https://padlet.com/melinlestari17_/teks-crita-wayangpum0qxs6lb8od7q1 (wangsulana ana link ing ngandhap)
Pangerten wayang Wayang yakuwe sawijining wujud seni pertunjukan sing awujud drama sing khas. Seni sing kamot sajroning pertunjukan kie, yakuwe: seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak sing duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane kawit abad kaping 19 nganti siki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsina dening para ahli. Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang golek sing degawe sekang kayu, ana wayang kulit degawe sekang kulit, wayang klithik degawe sekang kayu, wayang beber digambar ana neng kertas utawa kulit lan sapiturute. Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita- crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar sing nyritakna prastawa-prastawa anyar.
Crita wayang kuwe duwe struktur formal. Struktur kuwe kedadeyan sekang unsur-unsur sing padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yakuwe tokoh, watak, alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) sing kaandhut sajroning crita wayang. Sawetara panaliten nyimpulna, wayang minangka sarana nggambarna alam pikirane priyayi Jawa sing dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok sing ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleti keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Unsur crita wayang Unsur-unsur pembangun crita wayang kuwe padha karo unsur-unsur crita liyane, yakuwe tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.
Pitutur Luhur 5)ngabdi marang negara Pitutur luhur crita wayang: 1)tanggap ing sasmita 2)jujur 3)tanggung jawab 4)adil
Cara Gawe Ringkesan kudu ngerteni runtutane crita nyathet ukara-ukara sing penting isi ringkesan kudu padha karo isi crita asline. basane ora kudu padha karo crita asline, mergane dicritakake nganggo basamu dhewe. pamilihing tembung kudu trep 1. 2. 3. 4. 5.
Video Crita Wayang
Dolanan https://wordwall.net/play/64533/228/389
LKPD LKPD 2 LKPD 3 LKPD 1