The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by kusnulkhotimah065, 2022-01-06 02:46:08

MODUL ARTIKEL

Artikel

Keywords: 123456

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

BAB Artikel
1

A Kompetensi Awal

Peserta didik sudah memahami pengetahuan awal tentang konsep dasar dan karakteristik teks
sastra dan teks non sastra serta penerapan dalam kehidupan.

B Profil Pelajar Pancasila

1. Beriman bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa dan
berakhlak mulia, dengan cara melatih peserta didik
berdoa sebelum dan sesudah pembelajaran.

2. Berkebhinekaan global, dengan cara peserta didik
tidak membedakan teman ketika diskusi.

3. Mandiri, dengan cara melatih peserta didik
mengerjakan soal-soal secara mandiri disetiap akhir
kegiatan pembelajaran.

4. Bergotong royong, dengan cara melatih peserta didik
saling kerjasama ketika diskusi.

5. Bernalar kritis dengan cara memberi pertanyaaan
pemantik materi kepada peserta didik sesuai
kehidupan sehari-hari.

SMAN 1 PRAMBON 1

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

C Tujuan Pembelajaran

Peserta didik secara konseptual dapat mengidentifikasi, memahami, menganalisis, dan
menginterpretasikan struktur dan jenis artikel dengan benar.
Peserta didik secara kreatif dan aktif dapat membaca, meringkas, dan memahami isi artikel
dengan penuh tanggung jawab.
Peserta didik secara penuh tanggung jawab dapat menulis artikel sederhana sesuai kaidah
penulisan dan tata bahasa yang benar.

Target Peserta Didik

D

Peserta didik dapat memahami pengetahuan tentang teks non sastra artikel dan aplikasinya sesuai
dengan kaidah dan kehidupan sehari-hari.

E Sarana & Prasarana

Modul Bahasa Jawa Kelas X Semester Ganjil, Majalah Penjebar Semangat dan Jaya Baya, Bausastra
Djawa, Pepak Basa Jawa, handphone, laptop, alat tulis, koneksi internet, grup WA, LMS Moodle.

Model Pembelajaran

F
Blanded Learning, dengan model pembelajaran secara tatap muka dan daring (online).

SMAN 1 PRAMBON 2

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Artikel kalebu jinise teks non sastra
awujud karangan kang diwartakake
lumantar koran (ariwarti), majalah
(kalawarti), bulletin, tabloid lan liyane

Artikel yaiku tulisan kang isine panemu, idhe utawa fakta.
Adhedhasar wujude, kira-kira apa bedane isine teks artikel karo
isine teks non sastra liyane???

Persiapan (5 menit)

 Pastikan kondisi dan situasi nyaman serta kondusif sebelum memulai pembelajaran.
 Berdoa sebelum dan sesudah proses pembelajaran agar senantiasa dimudahkan

dalam memahami ilmu.
 Pastikan menanyakan keadaan dan kondisi siswa terlebih dahulu.

SMAN 1 PRAMBON 3

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

PETA KONSEP

ARTIKEL

HAKIKAT STRUKTUR JENIS

TEGESE CIRINE PAMBUKA EKSPLORATIF
ISI EKSPLANATIF
DESKRIPTIF
DUDUTAN
PREDIKTIF
PRESKRIPTIF

Literasi 1

Pasinaon (20 menit)

Rusake Lingkungan Hidup
Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi,
banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine
bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening High Level Threat Panel PBBI.
Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana
pokal gawene manungsa.
Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni potensi
bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening factor alam lan uga
manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita bisa njaga
lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok
baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu.
Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep

SMAN 1 PRAMBON 4

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa.
Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari

ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad
iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal
ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan
golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane. Karusakan alam sing
paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor
alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global
ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe
tumrap rusake alam. Manawa iklim global owah, bab iki
nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing
atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara

berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif
tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga
pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan
kapitunan tumrap manungsa dhewe.
Rusake lingkungan saka rubedaning alam, akeh dhahuru kang
anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung
njeblug. Gunung njeblug mujudake salah sawijine aktivitas
vulkanisme lan dumadine gejala alam. Kahanan iki ora ana sing bisa nyegah panjebluge gunung mau.
Akibat saka mbledhose utawa njebluge gunung bakal ngrusak lingkungan amarga gunung muntahake
sawernane material padhet sing nibane sawah, omah, alas lan apa wae sing ana sakupenge. Saliyane
iku lindhu lan siklon uga kalebu bencana alam sing ngrusak lingkung.
Rusake lingkungan amarga pokale manungsa, manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi
kabutuhane. Nanging, sifat manungsa kang murka (srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi
alam kanggo nggolek kauntungan tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha
rusake alam amarga pokale manungsa yaiku banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan
liar, pencemaran udara, pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya
mangkono terus, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake denng manungsa
dhewe.

Sumber: http://www.konsultankolesterol.com/kerusakanlingkungan-hidup.html
(lumantar kalawarti Panjebar Semangat No.12 taun 2018)

SMAN 1 PRAMBON 5

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Sawise maca lan nyemak teks artikel kanthi irah-irahan “Rusake Lingkungan Hidup” ing dhuwur kuwi,
saiki coba wangsulana pitakon ing ngisor iki miturut panemu mu dhewe-dhewe !

1) Artikel kuwi isine ngrembug perkara bab apa?
2) Apa tujuane artikel ing dhuwur?
3) Miturut wujude, teks artikel kuwi kalebu teks sastra apa non sastra?
4) Yen arep golek artikel bisa digoleki utawa ditemokake ing ngendi?
5) Apa sing diarani artikel?

Literasi 2

Hakikate * Tegese*

Artikel ing sajrone basa Inggris katulis “article” tegese Artikel yaiku tulisan kang isine
karangan. Dene miturut KBBI, artikel tegese karangan kang ana panemu, ide utawa fakta, sipate
ing ariwarti, kalawarti, lan sapiturutre. Artikel kadhang kala nglelipur, ndhidhik, utawa aweh
bisa dadi sawijining alternatif utawa cara kanggo ngrampungake panyaruwe sawijinine prakara lan
perkara. Dene wujude artikel dumadi saka pambuka, isi, lan sinebar lewat medhia online/offline.
dudutan. Kanggo nulis artikel, sapa wae bisa nindakake lan
carane gampang, nanging asil saka tulisan saben pawongan utawa
mesthi beda. Pangrembakane jaman akeh pawongan bisa nulis
artikel ing medhia online, ing kono bisa nulis apa wae tanpa ana Artikel yaiku karangan kang isine
watesan. Wujud artikel ing mengkone ana kang disenengi dening analisis fenomena alam utawa sosial
masyarakat lan ana uga kang diisiriki krana ngasorake liyan. kanggo njlentrehake sapa, apa, kapan,
Bedane artikel lan pawarta, yaiku artikel isine panemu
adhedhasar fakta nanging bisa ditulisi opini panulis. Wondene ing ngendi, kepiye, lan geneya
laporan isine adhedhasar fakta lan sumbere cetha ora ana opini fenomena alam utawa sosial kasebut
deniing penulis.
bisa dumadi.

SMAN 1 PRAMBON 6

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

1. Tulisane cekak, padhet, cetha, bab sing dirembug jangkep lan tuntas
2. Faktual (sumbere adhedhasar fakta)
3. Original (gagasan/ topike bisa nylarasake marang kabutuhane

pamaos/ bebrayan umum)
4. Isine bisa awujud paparan biografi tokoh, argumentasi, prastawa crita

(perjalanan) lan fakta liyane.
5. Dudu copy writing (asil panalitene dhewe)

 Kaya kang wis diandharake ing peta konsep, sawijining artikel nduweni struktur tartamtu.
Ayo, saiki disinau struktur teks artikel kanggo analisis teks artikel lan mangerteni isine !

DUDUTAN

ISI

PAMBUKA

PAMBUKA Bagian pambukane teks artikel isine yaiku underaning teks artikel
ISI (tujuan artikel ditulis), wujude arupa idhe-idhe lan topik gagasan
kang dadi dhasar nulis teks artikel.
DUDUTAN
SMAN 1 PRAMBON Ing bagian isi nerangake gagasan penunjang kanggo njlentrehake
topik artikel ngenani babagan prastawa kang ditulis kanthi runtut
saka urutan wektu (kronologis), papan panggonan, lan sebab-
akibate.

Dudutan yaiku bagian panutupe teks artikel kang isine nerangake
kesimpulan saka katrangan-katrangan sing ana ing saben pada
(paragraf) teks artikel.

7

BAHASA JAWA KELAS X Artikel
Cathetan:

Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepiye artikel kasebut diwangun
Panulise artikel kudu migatekake isine gagasan utawa ide ilmiah artikel
Gagasan ilmiah dimangerteni saka substansi gagasan lan alur ilmiah artikel

Analisis Struktur Artikel

Tata carane analisis teks artikel

1. Irah-irahan (judul) teks artikel 5W + 1H
2. Asmane penulis teks artikel
3. Media sing digunakake (sumber)
4. Papan panggonan dumadine
5. Dina lan tanggale kedadeyan
6. Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan (fakta)
7. Akibat sawise kedadeyan
8. Narasumber
9. Asmane narasumber
10. Pratelane narasumber
11. Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah

SMAN 1 PRAMBON 8

BAHASA JAWA KELAS X Artikel



Wacanen artikel ing ngisor iki, banjur analisisen adhedhasar :
a. Struktur teks artikel;
b. 5W + 1H (apa, sapa, kapan, ing ngendi, geneya, kepiye);

SMAN 1 PRAMBON 9

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Refleksi

Sawise sinau materi bab artikel iki, para siswa kaajab bisa mangerteni lan ngukur kawasisan lan kaprigelane
nguwasani materi kanthi cara ngisi tandha cawang (v) tabel ing ngisor iki kanthi jujur !

No. Pernyataan Ya Ora

1. Apa sampeyan wis paham tegese artikel?
2. Apa sampeyan bisa mbedakake artikel karo teks pawarta?
3. Artikel kuwi maneka warna miturut wujude, apa sampeyan wis ngerti jinis-

jinise artikel?
4. Apa sampeyan wis bisa ninthingi struktur lan unsur basa ing sajrone artikel?
5. Apa sampeyan wis bisa kasil mujudake pakaryan mandiri gawe sawijining

artikel kanthi mandiri?
Total

Yen isih ana tandha centang ing kolom “Ora” tegese para siswa kudu sinau maneh ngenani bab artikel, yen
wis kacentang “Ya” kabeh tegese siswa bisa maju tambah nyinau bab sateruse.

Kanggo njembarake wawasanmu ngenani teks artikel
kaya kang wis kok sinau, miturut teorine, wewatakan lan

pamangune sawijining artikel kuwi bisa njalari maneka
werna jinise artikel

Artikel Eksploratif

Artikel kang isine ndhungkapake fakta-fakta miturut pamawase si penulis. Jinis artikel iki cocog
kanggo mapanake panaliten anyar.
Tuladha: makalah panaliten, artikel kang isine panemon barang-barang antik utawa situs
tinggalan jaman purba, lsp.

SMAN 1 PRAMBON 10

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Artikel Eksplanatif

Eksplanatif tegese njlentrehake, yaiku artikel kang didhapuk kanggo nerangake utawa
njlentrehake sawijine babagan marang pamaos miturut maneka pamawas, utamane saka pamawase
panulise.
Tuladha: buku asesirah “3 Ciri Pribadi Sukses” dening (Kevin Wu. Gatra, 16 Maret 2011), lsp.

Artikel Deskriptif

Artikel kang didhapuk kanggo nggambarake sawijine masalah kang pinuju dumadi ing madyaning
bebrayan. Jinis artikel iki memper klawan laporan utawa reportase, bedane yen laporan/
reportase mung awewaton fakta wae, nanging ing artikel panulise bisa nglebokake opini kanggo
luwih njlentrehake masalah kang digambarake kasebut.
Tuladha: warta babagan pasien virus Covid 19, lsp.

Artikel Predhiktif

Artikel kang ngemot sawijine babagan kang sipate arep utawa durung dumadi kanthi dhasar
analisane si penulis.
Tuladha: prakiraan cuaca, predhiksi skor tetandhingan bal-balan, lsp.

Artikel Preskriptif

Artikel kang aweh tuntunan marang pamaose kanggo nindakake sawijine babagan saengga ora
ngalami slenco utawa kaluputan.
Tuladha: tata cara nindakake diet sehat, resep sate lilit, lsp.

Teks artikel nduweni kang diarani wewatakan lan pamangune bisa njalari sawijining jinise artikel.
Adhedhasar jatrangan ing dhuwur, coba saiki nyoba gladhen ngenani maneka werna artikel
miturut jinis-jinise.

SMAN 1 PRAMBON 11

BAHASA JAWA KELAS X Artikel



1. Miliha salah siji jinis artikel kang kokrasa gampang !
2. Gawea teks artikel kanthi tema MPLS SMAN 1 Prambon 2021/2022 kanthi jinis artikel kang

wis kokpilih !
3. Sadurunge gawe teks artikel, luwih dhisik tulisen lan jlentrehna underane (idhe pokok) teks

artikel kasebut !
4. Teks artikel sing arep koktulis kanthi paugeran (aturan):

a. Ditulis ing kertas HVS lan dihiyas (oleh ditambahi gambar);
b. Minimal 5 paragraf (1 paragraf minimal 3 ukara/kalimat)

 Format Tugas ↓

…............................ (irah-irahan/judul)
dening: …………….(jenenge sampeyan)

Underane Artikel (Tujuan):
1. ....
2. .... lst.

................................................................................................................................. Artikel
.....................................................................................................................................
.....................................................................................................................................

...................
.................................................................................................................................
.....................................................................................................................................
............................................................................................................................. lst.

SMAN 1 PRAMBON 12

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Penilain Harian
(30 Menit)

Garapen soal-soal ing ngisor iki kanthi milih jawaban kang paling trep !!!

Ora kenyana babar blas, nalika pamerintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9 April 2009, ing
tlathah Kabupaten Tanggerang, Propinsi Banten ana kadadeyan banjir bandhang amarga dhadhale
bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina Jemuwah tanggal 27 Maret 2009 ing wayah esuk, nalika
wong-wong isih padha turu. Tembung situ iku saemper karo tembung wadhuk kang sabanjure dibendung.
Dene, gintung iku jenenge papan panggonan utawa desa. Wadhuk kang mapan ana ing desa Gintung iku
banjur nemahi dhadhal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-omah sing mapan ing sangisore bendungan.
Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah-baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah
sing nemahi tiwas luwih saka 100 wong. Durung maneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca,
omah, lan bandha liya-liyane. Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing
saidhenging donya, ora mung tlatah Indonesia tok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu
tetulung, menehi barang-barang awujud sandhang, pangan, tenaga, lan wujud liyane.

1. Babagan kang dirembug ing artikel kasebut yaiku …
a. Pemilu legislatif
b. Wadhuk Situ Gintung
c. Omah rusak
d. Korban banjir
e. Banjir bandhang

2. Tembung Situ Gintung tegese ...
a. Wadhuk sing mapan ing Desa Gintung
b. Wadhuk
c. Panggonan utawa desa
d. Bendhungan
e. Papan wisata

3. Kang dadi korban anane banjir bandhang Situ Gintung yaiku ...
a. Masyarakat ing Kabupaten Tanggerang
b. Wong-wong sing manggon ing sangisore bendhungan
c. Wong-wong sing manggon ing Desa Gintung
d. Masyarakat ing Propinsi Banten
e. Wong-wong ing saidhenging donya

SMAN 1 PRAMBON 13

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

4. Pawarta kang kaya mangkono mesthi wae enggal sumebar ing saidhening donya, ora mung tlatah
Indonesia thok. Tembung tlatah tegese ...
a. Kutha
b. Negara
c. Dhaerah
d. Desa
e. Dukuh

5. Artikel ing dhuwur kalebu artikel jinis ...
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

6. Artikel “Godhong Surikaya kanggo Obat Diabetes” didungkapake sajrone artikel ...
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

7. Artikel kang isine ngandharake bab kang durung kadadeyan uga bisa diarani ramalan utawa pedhiksi
kalebu artikel jinis ...
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

8. Artikel kang isine ngandharake tuntunan pakaryan kalebu artikel jinis …
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

9. Ing ngisor iki titikan artikel, kajaba ...
a. Subjektif
b. Aktual
c. Faktual
d. Methes
e. Original

SMAN 1 PRAMBON 14

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Gatekna teks wacan artikel ing ngisor iki! (kanggo soal nomor 10-14)

Gunung Kelud Njeblug
Sawise Gunung Sinabung kang ana ing tlatah Sumatra Utara, Pulo Sumatra wis njeblug ing
sawetara wektu kepungkur, saiki kasusul njebluge Gunung Kelud kang ana ing tlatah Jawa Timur, Pulo
Jawa. Pase ing dina Kemis tanggal 13 Pebriari 2014 kira-kira jam 11 wengi utawa malem Jemuwah
tanggal 14 Pebruari 2014. Njebluge Gunung Kelud iki ndadekake kagete wong-wong kang ana ing
tlatah Jawa Tengah, DIY, lan sabageyan Jawa Barat. Amarga kanthi jarak kang adohe nganti atusan
kilometer, awu njeblug gunung Kelud kasebut pancen gedhe banget.
Miturut sejarah pancen njebluge gunung Kelud kang uwis-uwis mesthi gedhe lan awune
ngebaki langit tekan tlatah-tlatah kang adohe nganti atusan kilometer. Mula ora mokal yen njebluge taun
iki, klebu tlatah Ngayogyakarta dikebaki awu kang kandele antarane sasenti tekan pitu sentimeter.
Malah nganti tekan awan ing dina kasebut, langite isih dikebaki awu. Dalan-dalan peteng dikebaki
bledug awu saka kendharakan sing liwat, wit-wit lan gendheng-gendheng uga dikebaki awu. Sekolahan
padha prei, bandhara ing DIY, Solo, lan Surabaya ditutup kanggo sawetara wektu.

10. Artikel ing dhuwur kalebu artikel jinis …
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

Remedial 15

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi gamblang !!!
1. Apa kang sinebut artikel ?
2. Sebutna titikan (ciri) teks artikel !
3. Apa wae struktur teks artikel ? Jlentrehna!
4. Sebutna jinis-jinise artikel banjur jlentrehna!
5. Kepiye susunan basa kang ana ing teks artikel ?

SMAN 1 PRAMBON

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Pengayaan

A. Cocogna irah-irahan artikel ing ngisor iki klawan jinise artikel kang trep kanthi menehi
tandha ( √ ) lan wenehana alasane ing kolom (Ket.)

No. Irah-Irahan ABCDE Ket.

1. Bedhah “Primbon Jawa” miturut para Sastrawan
Jawa.

2. Tata Cara Nggawe Handsanitizer kanthi Bahan
Organik.

3. Miturut BMKG ing Wulan Agustus 2021 wis
Kalebu Mangsa Ketiga.

4. Tragedhi Begal nalika PPKM ing Jombang.
5. Tinemu Situs Prubakala ing Mojokerto.
6. Makna Tradhisi Siraman Sedudo Nganjuk miturut

para Budayawan.
7. Candhi Bata Tinemu ing tlatah Ngronggot,

Nganjuk.
8. Tetandhingan Piala Amerika dina Senin Sesok

bakal Dimenangne Argentina.
9. Angka Tindhak Kriminal Sansaya Dhuwur ing

Mangsa Pandemi Covid 19.
10. Tata Cara Masak Pare Amrih Ora Pait.

Cathetan:
A = Artikel Eksploratif
B = Artikel Eksplanatif
C = Artikel Dheskriptif
D = Artikel Predhiktif
E = Artikel Preskriptif

SMAN 1 PRAMBON 16

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ( x ) ing sangarepe wangsulan
kang paling trep !!!

1. Lumrahe artikel iku sumebar lewat .....
a. Benner ing dalan-dalan
b. Giyaran ing televisi
c. Giyaran ing radhio
d. Medhia massa kanthi cara online utawa offline
e. Jawaban b,c,d bener

2. Lumrahe “makalah panliten” iku didungkapake sajrone artikel .....
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

3. “Predhiksi Asil Tetandhingan Bulu Tangkis Nasional” iku didungkapake sajrone artikel .....
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

4. Artikel kang irah-irahane “Cara Nyegah Osteoporosis Wiwit Awal” kalebu jenis artikel .....
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

5. Artikel kang irah-irahane “Situs Majapahit Ditemokake ing Sidoarjo” kalebu jinis artikel .....
a. Eksploratif
b. Eksplanatif
c. Dheskriptif
d. Predhiktif
e. Preskriptif

SMAN 1 PRAMBON 17

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

6. Panulise artikel manawa kaudhal manut strukture yaiku ....
a. Isi, pambuka, dudutan
b. Dudutan, isi lan pambuka
c. Pambuka, dudutan lan isi
d. Pambuka, isi lan dudutan
e. Pambuka, isi lan masalah

7. Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa
sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung
adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud
opini iki diarani jinis artikel ....
a. Ekploratif
b. Eksplanatif
c. Deskriptif
d. Prediktif
e. Preskriptif

8. Sampah elektronik kudu diolah kanthi bener lan pamisahane komponen kudu diselektif kanthi bener.
Amarga ana zat-zat sing mbebayani ing sajrone komponen elektronika sing mbutuhaken penanganan
khusus lan ora bisa kacampur karo sampah liyane. Ukara ing dhuwur cuplikan saka ..
a. Pambuka
b. Dudutan
c. Isi
d. Pambuka lan dudutan
e. Deskripsi

9. Kena apa lingkungan sing kudu resik..
a. Amarga panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa
b. Amarga saka lingkungan resik bisa ndadekan urip sehat.
c. Amarga wargane nduweni kebiyasaan becik
d. Amarga kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri.
e. Amarga wargane supaya ora kemroh

10. Kepriye carane mujudake lingkungan omah supaya resik…
a. Mbuwang sampah ing panggonan.
b. Njaga lingkungan tetep teles lan garing.
c. Tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.
d. Sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.
e. Sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.

SMAN 1 PRAMBON 18

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

KUIS !!!

Coba kanggo gladhen iki eling-elingen apa wae sing wis kok sinau ing materi Bab 1 : Artikel.

No. Pitakonan B/S
(Bener/Salah)

1. Artikel kang isine ngandharake bab kang durung kadadeyan uga bisa diarani

ramalan utawa pedhiksi kalebu artikel prekristif.

2. Makalah, panaliten, karya ilmiah kalebu tuladha artikel eksploratif.

3. Cirine artikel yaiku faktual tegese gagasan utawa topike kudu bisa nylarasake
marang bebrayan umume pamaos.

4. Kalawarti, ariwarti, tabloid, bulletin kalebu medhia kanthi sumber online.

5. Artikel yaiku tulisan kang isine panemu adhedhasar fakta lan
sumbere cetha lan ora perlu ditambahi opini penulis.

6. Artikel yaiku karangan kang isine analisis fenomena alam utawa sosial kanggo
njlentrehake sapa, apa, kapan, ing ngendi, kepiye, lan geneya fenomena alam utawa
sosial kasebut dumadi.

7. Dudutan yaiku bagian panutupe teks artikel kang isine nerangake kesimpulan saka
katrangan-katrangan sing ana ing saben pada (paragraf) teks artikel.

8. Struktur teks artikel mujudake gegambaran kepiye artikel kasebut diwangun.

9. Artikel nduweni ciri yaiku asile copy writing (asil panalitene wong liya) kang
disebarne.

10. Tuladha artikel deskriptif yaiku kanthi irah-irahan “Miturut BMKG ing Wulan
Agustus 2021 wis kalebu Mangsa Ketiga”.

Bahan Bacaan Guru & Peserta Didik 19

a. Majalah Penjebar Semangat (Majalah Abasa Jawa)
b. Majalah Jaya Baya (Majalah Abasa Jawa)
c. Majalah Djaka Lodhang (Majalah Abasa Jawa)

SMAN 1 PRAMBON

BAHASA JAWA KELAS X Artikel

Glosarium

Online : dalam bahasa Indonesia istilah online dipadankan menjadi dalam jaringan (daring), yaitu
perangkat elektronik yang terhubung ke jaringan internet.
Offline : istilah offline dipadankan menjadi luar jaringan (luring) yaitu tidak terhubungnya
perangkat elektronik ke jaringan internet.
Fenomena : fenomena dari bahasa Yunani; phainomenon, "apa yang terlihat", dalam bahasa
Indonesia bisa berarti gejala, hal-hal yang dirasakan dengan pancaindra, hal-hal mistik
atau klenik, dan fakta, kenyataan, kejadian
Alternatif : arti daripada alternatif adalah "pilihan lain".

Kapustakan

Mistiyah, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
, Majalah Mingguan Berbahasa Jawa Penjebar Semangat, Surabaya.

Tatag, teteg, tutug, teteken tekun bakale tekan….

Mengetahui, Prambon, 12 Juli 2021
Kepala SMA Negeri 1 Prambon
Guru Mata Pelajaran
Bahasa Daerah

Drs. Murtoyo, M.Si. Kusnul Khotimah, S.Pd.
NIP. 19671212 199601 1 003 NIP.-

SMAN 1 PRAMBON 20


Click to View FlipBook Version