MODUL
Bahasa Jawa
Drama Tradhisional
Kethoprak
Oleh : Dewi Sita Resmi N
KELAS IX
SMP/MTs/SLTP
SEMESTER GANJIL
Drama Tradhisional
Kethoprak
Kompetensi Dasar
4.2 Menanggapi isi teks cerita
kethoprak
Indikator
4.2.1 Menganalisis unsur intrinsik
teks cerita kethoprak
4.2.2 Mengevaluasi hasil pementasan
drama kethoprak
4.2.3 Menciptakan teks cerita
kethoprak
Ancase Pasinaon
1.Siswa bisa nganalisis unsur intrinsik teks
kethoprak kanthi jangkep lan kritis andhedhasar
materi sing wis diwulangake.
2.Siswa bisa menehi evaluasi marang kagiyatan
pementasan drama kethoprak kanthi aktif sajrone
kagiyatan klompok
3.Siswa bisa nyiptakake teks drama kethoprak
kanthi nggunakake basane dhewe adhedhasar
kreatifitas pamikirane
Pandom Pasinaon
Sadurunge siswa nggunakake Modul Bahasa Jawa (teks drama
tradisional)
iki, luwih becik wacanen dhisik pandom pasinaon ing ngisor iki.
1.Sadurunge miwiti pasinaon, tansah dedunga supaya kawruh sing
kokduweni bisa mancep ing angen-angen lan gampang anggone
ngecakake ing panguripan saben dina.
2.Miwiti nyinau materi ing Modul Bahasa Jawa (teks drama tradisional) ing
saben kagiyatan pamulangan nganti siswa bisa nguwasani kanthi becik.
3.Siswa bisa nindakake katrampilan dolanan peran lan nulis skenario teks
drama kanthi gladhen dhewe utawa karo kanca-kancane.
4.Rampungake saben perangan kagiyatan lan tugas kang ana ing modul iki
kanthi semangat. Yen siswa kangelan, banjur tulisen masalah kasebut ing
buku tulis siswa supaya bisa dirembug karo kanca-kancane, critakna
marang wong liya. tuwane, utawa sampeyan bisa takon guru langsung
nalika jadwal pasinaon basa jawa.
5.Nindakake perangan gladhen kang wis diwenehake minangka indikator
kawasisan materi lan refleksi proses pasinaon siswa ing saben kagiyatan
pamulangan. Tindakake instruksi kerja lan evaluasi asil karya kasebut
kanthi teliti.
6.Menawa siswa wis nguwasani sekabehe perangan kompetensi ing
saben kagiyatan pamulangan, banjur garapen Tes Akhir Modul kanthi
mandhiri, lan laporake asilmu marang guru.
Gunakake Daftar Pustaka sing wis disiapake ing modul iki kanggo
nggampangake sinau siswa.
MATERI PASINAON
Wacanen teks drama ing ngisor iki kanthi patitis!
JAKA TARUB
Para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudhun saka kahyangan arep adus ing
bumi.
Nawang Sekar : “Ayo dulur, dolan menyang bumi!”
Nawang Lintang : “Wah… ayo! Nanging dolan menyang ngendi?”
Nawang Sari : “Aku duwe pamikiran, ayo adus ing tlaga wae”
Para Nawang : “Ayo…!” (nggawa slendhange)
Para Nawang teka ing sumber lan nyeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.
Nawang Sekar : “Wah… seger tenan banyune”
Nawang Sari : “Iya bening banget”
Nalika para Nawang padha dolanan banyu lan geguyonan, Jaka Tarub liwat lan dhingkik para
Nawang kang lagi adus.
Jaka Tarub : “Wah, sapa kuwi? Ya Jagad Dewa Bathara, ayu-ayu tenan rupane”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang. Tujuane supaya bisa
tetepungan karo salah sijine utawa kabeh para Nawang.
Jaka Tarub : “Wah, Slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wis!”
Rada sauntara, para Nawang banjur padha mentas saka sumber. Para Nawang njupuk
slendhange dhewe-dhewe.
Nawang Sari : “Ayo padha Mentas, Langit wis arep peteng”
Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk mrene maneh”
Nawang Wulan : “lho.. ana ngendi slendhangku?” (bingung tolah-toleh)
Nawang Lintang : “Iku mau kokseleh ngendi?”
Nawang Wulan : “Ing watu gedhe kuwi, bareng mbak yu kabeh” (nuding watu gedhe)
Nawang Sari : “Apa manungsa liwat lan njupuk slendhangmu, Nawang Wulan?”
Nawang Litang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat”
Nawang Sekar : “Piye iki, langit wis arep peteng”
Nawang Sari : “Iya, yen ora ndhang bali kahyangan bakal ditutup”
Nawang Lintang : “Yen ngono kowe ing kene wae, golekana slendhangmu.Yen wis ketemu
kita bakal nyusul kowe”
Nawang Wulan : “Aja Mbak Yu. Aku aja ditinggal. Mbak Yu, Mbak Yu…”
Nawang Sari : “wis ngati-ati, Nawang Wulan. Pangapurane ya…!”
Para Nawang mulih menyangkahyangan. Nawang Wulan bisane mung nangis. Jaka Tarub teka
lan nyedhaki Nawang Wulan.
Nawang Wulan : “ana ngendi slendhangku ya?” (susah)
Jaka Tarub : “Geneya kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan : “Aku Kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka Tarub, omahku ana ing desa kulon kana. Sapa
jenengmu?”
Nawang Wulan : “Aku Nawang Wulan, aku kesasar ing kene lan arep nggoleki
slendhangku”
Jaka Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk dakewangi
nggoleki slendhangmu kuwi”
Nawang Wulan : “Wah… matur nuwun kakang Jaka Tarub”
Kagiyatan 1 : Wangun Teks Drama
Tradhisional
1.Pangerten drama tradhisional (kethoprak)
Drama yaiku salah siji bageyan karya sastra sing wujude pemeragaan. Tembung drama
asale saka basa Yunani draomai tegese tumindak. Istilah liya kanggo drama sing asring
digunakake yaiku sandiwara utawa lakon Tembung sandiwara utawa lakon asline asale saka
basa Jawa tingkah laku / mlaku / lumaku, sing artine mlaku. saengga tembung sandiwara
utawa lakon kasebut ngrujuk ing “prastawa sing lumaku ing padinan”. Drama uga bisa
diartekake minangka karya sastra sing ditulis kanthi nerangake wujud dialog, yaiku
diandharake ing pagelaran utawa mung diwaca. Dadi, drama mujudake prastawa sing
nyritakake panguripan padinan lan disajikake sajrone karya sastra.
Drama saka arti kang jembar duweni pangerten minangka salah sawijining pagelaran arupa
crita sing disajikake ing ngarep masarakat. Drama saka arti kang cekak duweni pangerten
minangka crita sajrone panguripane manungsa sing diwujudake ing dialog lan disajikake ing
panggung, lan lumaku adhedhasar naskah, uga didukung perangan tata rias, tata musik, tata
panggung, tata lampu, lsp. saka pangerten drama ing arti jembar lan cekak iku mau, mula
drama dipernag dadi loro yaiku drama tradhisional lan drama modern. Drama modern yaiku
drama sing nyritakake kisahe manungsa nalika jaman modern, kaya film, sinetron, FTV, lsp.
drama tradhisional yaiku drama sing nyritakake panguripane manungsa ing jaman
tradhisional utawa critane asipat kedhaerahan. Drama modern lan drama tradhisional
kalebu ing kategori drama saka pangerten kang jembar. Dene drama tradhisional iku kalebu
perangan drama saka pangerten kang cekak.
Drama tradhisional yaiku seni drama sing ora mbutuhake naskah. Menawa ana naskah
ajrone drama tradhisional, naskah kasebut namung ngemot gambarane crita utawa
seperangan cathetan ngenani pementasan drama. Anapun perkara sing gayutan karo
drama kaya watak, paraga, dhialog, lan tata panggunge, sekabehe iku mau dipasrahake karo
paraga ing drama. Tuladhane drama tradhisional yaiku kethoprak, lodrug, lenong, lsp.
Ketoprak yaiku seni drama sing asale saka jawa tengah (kulonan) kanthi duweni alur crita
sing khusus yaiku arupa krajaan. Kethoprak wiwit muncul ing Klaten, Jawa Tengah ing taun
1908 sing dicetusake abdi dalem kraton kasunanan. Crita sajrone kethoprak dijupuk saka
seperangan prastawa ing masarakat jaman biyen, yaiku saka kisah rakyat biyasa nganti
kisah krajaan. Kisah utawa crita sing kalebu ing drama tradhisional kethoprak yaiku kaya
dongeng, babad, legendha, lan sejarah. Tuladha crita kethoprak yaiku kaya Andhe-andhe
Lumut, Anglingdarma, Dhamarwulan, lsp.
2. Karakteristik drama tradhisional ketoprak
Drama tradhisional duweni karakteristik sing mbedakake karo drama tradhisional liyane.
Karakteristik kasebut bisa dimangerteni ing ngisor iki.
1.Gaya basa sing digunkake cenderung ing logat Surakarta
2.Duweni sipat pakem utawa ora bisa diowahi
3.nggunakake properti kaya dene ing jaman krajaan sing dicritakake
4.nalika pagelaran diiringi gamelan lan tarian dhaerah
5.ana dagelan ing antarane pagelaran drama
seperangan crita drama tradhisional ngemot akulturasi Jawa-Islam kaya ing crita Sunan
Kalijaga.
3. Unsur basa drama tradhisonal ketoprak
Drama tradhisional uga duweni Unsur basa kang khusus. Unsur basa kasebut bisa
dimangerteni
ing ngisor iki.
1.Ngoko Digunakake marang mitra wicara kang akrab banget, Digunakake marang wong
ling luwih nom.
2.Ngoko alus Digunakake wong tuwa marang wong nom kang diajeni, Digunakake wong
tuwa marang wong tuwa kang wis akrab srawunge
3.Krama Digunakake marang wong sing durung akrab utawa ora kenal, Digunakake marang
wong kang mbasakake awake dhewe
4.Krama alus Digunakake dening wong nom marang wong kang luwih tuwa, Digunakake
marang wong kang pangkate luwih dhuwur
4. Unsur intrinsik drama tradhisional kethoprak
Unsur intrinsik drama tradhisional kethoprak bisa dijingglengi ing perangan ngisor iki.
1.Tema, yaitu gagasan pokok sing dikembangake dadi sawijining crita.
2.alur, pembabakan lan adegan, yaiku tata urutaning crita ing kethoprak. Alur biasane
diwiwiti pitepangan paraga, masalah sing diadhepi paraga, puncaking masalah, klimaks
utawa tahapan rampunge masalah. Ana telung jinis alur yaiku alur maju, alur mundur, lan
alur campuran (maju-mundur)
3.dhialog lan penokohan, yaiku nggambarake sapa sing dadi utama ing sawijinig pagelaran
drama, paraga utama, paraga panyengkuyung, uga nggambarake watak para paraga
sajrone crita.
4.Setting utawa latar, yaitu gambaran suasana panggonan ing sawijining crita. Setting bisa
5.nggambarake panggonan, wektu, lan suasana nalika sawijining prastawa ing drama
dumadi. Setting utawa latar uga diperang dadi 3, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan
latar suasana.
6.Amanat yaiku pesen sing bakal disampekake pangripta drama sing disisipake ing
antarane crita drama.
Ayo Gladhen!
Sawuse maca teks drama tradhisional kethoprak kanthi irah-irahan “Jaka
Tarub”, banjur tintingana unsur intrinsike lan unsur basa teks drama
tradhisional miturut materi sing wis diandharake!
Analisis Unsur Intrinsik
No. Unsur Intrinsik Idhentifikasi Ukara
1 Tema .......................... ..........................
2 Alur/Plot .......................... ..........................
3 Latar/Setting .......................... ..........................
4 Penokohan .......................... ..........................
5 Amanat .......................... ..........................
Analisis Unsur Basa Tuladha Ukara ing Teks
.................................................................
No. Ragam Basa .................................................................
1 Ngoko Lugu .................................................................
2 Ngoko Alus .................................................................
3 Krama Lugu
4 Krama Alus
Kagiyatan 2 : Mentasake Crita Drama
Tradhisional Kethoprak
Pasinaon bab drama tradhisional kethoprak kudu dikembangake lumantar pamentasan
drama supaya mangko anggene sinau materi bisa dicakake kanthi praktek langsung. Sawuse
ngelakoni pamentasan drama, uga ana babagan komentar ngenani pamentasan.
Garapan Klompok 1
Lakonana miturut prentah ing ngisor iki.
1.Gawea klompok kang dumadi saka 6-9 wong banjur temtokake ketua klompok sing
mangko bakal dadi sutradara ing pamentasan drama.
2.Sutradara milih anggotane dadi paraga miturut dhapukane.
3.Wacanen teks drama tradhisional “Anglingdarma” ing ngisor mangko kanthi patitis lan
kebak penghayatan.
4.Cermati teks drama tradhisional “Anglingdarma” kanthi mragakake sipat lan solah bawa
miturut paraga sing wis ditemtokake.
5.Paragakna kanthi bebarengan karo klompokmu
6.Rekamen asil pamentasanmu lan laporaken marang gurumu.
Wacanen teks drama tradhisional kethoprak ing ngisor iki banjur pragakna miturut prentah
ing ndhuwur!
ANGLINGDARMA
Adegan I
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina.
Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa
raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandhut.
Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke
ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Astradarma : “Dinda, apa bener yen kowe lagi ngandhut?”
Pramesthi : “Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.”
Prabu Astradarma : “Sapa kang ndadekake kowe ngandhut?”
Pramesthi : “Kula dipunangslupi dening Bathara Wisnu, Gusti.”
Prabu Astradarma : “Aku ora percaya. Kowe mesthi wis selingkuh saka aku.”
Pramesthi : Mboten, Gusti. Kula taksih setya dumateng, Gusti. Kula boten selingkuh
kaliyan sinten-sinten.”
Prabu Astradarma : “Alah, orah usah ngapusi. Aku wis ora percaya karo omonganmu. Kowe
wis ngianati katresnananku. Kowe ora pantes maneh dadi ratu ing kraton iki. Lungaa saka
kraton iki.”
Pramesthi : “Ampun, Gusti. Kula mboten ngapusi, Gusti.”
Prabu Astradrama : “Ndang lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi : “Menawi punika kekarepanipun Gusti. Kula bakalan medal saking kraton
puniki. Kula bakal kondur wonten kraton kula.”
Adegan II
Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong
wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk
tulung kuwi.
Setyowati : “Tulung…tulung…!!
Angling Dharma : “Hah…swarane sapa kae?”
( Angling Dharma banjur nulungi Setyowati. )
Setyowati : “Maturnuwun sanget, Gusti. Sampun nulungi kula saking macan wau.”
Angling Dharma : “Uwis, saiki kowe tak terake bali menyang omahmu. Omahmu mapan
ana ngendi?”
Setyowati : “Wonten ing pertapan Nguntarasegara.”
Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe
karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra.
Angling : “Setyowati, sejatine aku wis tresna marang kowe. Opo kowe gelem dadi
bojoku?”
Setyowati : “Gusti, nyuwun pangapunten, sejatosipun, kula sampun tresna kaliyan
piyantun sanes.”
Angling : “Sapa wong kang kowe tresnani?”
Setyowati : “Kula tresna kaliyan kangmas kuwalon kula, Bathikmadrim.”
Angling : “Apa kang bisa dak lakoni supaya kowe gelem dadi permaisuriku?”
Setyowati : “Kula nyuwun wekdal kangge nimbang-nimbang rumiyin.”
Angling : “Ya wis, yen pancen kaya ngono. Aku bakal nunggu wangsulanmu.
Setyowati bingung amarga dheweke tresna marang Bathikmadrim. Setyowati dadi
bimbang.
Ing Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone
kang aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke, banjur
dheweke nantang adu kasekten karo Anglingdarma.
Bathikmadrim : “Kanjeng prabu Angling Dharma, menawi kanjeng badhe ngepek bojo
rayi kula, kanjeng kedah saged ngalahaken kula ing adu kasekten.”
Angling : “Menawa iku syarat supaya aku bisa ngepek bojo Setyowati, bakal tak
lakoni. Apa wae bakal tak lakoni supaya bisa ngepek bojo Setyowati. Aku bakal ngalahake
kowe.”
Bathikmadrim lan Anging Dharma banjur padha adu kasekten. Ing adu kasekten mau,
Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe
ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang
Nguntara Segara.
Setyowati : “Kangmas kula kepingin kondur menyang Nguntara Segara.”
Angling : “Kowe kena apa kok kepingin mulih?”
Setyowati : “Penggalih kula mboten jenjem, Kangmas. Kula kuatir kaliyan rama kula.”
Angling : “Ya wis, menawa kuwi pancen kekarepanmu. Yen mulih menyang Nguntara
Segara bisa nggawe atimu tentrem, aku ngijinke kowe mulih.”
Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga
mbebedhak menyang alas.
Angling : “Tinimbang aku sedhih amarga polatanae Setyowati, luwih becik aku
mbebedhak menyang alas lan golek kewan buruan kanggo nglipur ati.”
Adegan III
Anggone mbebedhak nganti tekan cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono,
dheweke meruhi ula sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula
mau Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling.
Angling : “Lho iku kan Ula Nagagini. Kena apa kok lagi pepasihan karo Ula Tampar? Yen
aku meneng wae, melasake Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine. Luwih
becik yen aku manah Ula Tampar.”
Angling manah ula lanang kang aran Ula Tampar nganti mati. Nanging panah mau nyrempet
buntute Nagagini kang ndadekake Nagagini kaget lan njerit kelaran. Nagagini mlayu mlebu
pertapan nemoni bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Nagagini : “Kakang Nagaraja, Angling Dharma wau badhe manah kula.Kamangka, kula
mboten salah punapa-punapa.”
Nagaraja : “Apa iku bener, Dinda? Ora mungkin Angling Dharma tumindak kaya kuwi.”
Nagagini : “Nanging, kula saestu kakang. Punika buktine kakang. Buntut kula kesrempet
panahipun Anging Dharma.”
Nagaraja : “Menawa kuwi bener, aku bakal ngukum Angling Dharma.”
Nagagini : “Matur nuwun kakang, sampun percaya kaleh kula.”
Adegan IV
Angling crita marang Setyowati lan pamit mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati
gurune. Merga mesthi wae Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja
anjalma dadi ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan ngrungokake
crita mau.
Angling : “Diajeng, aku pamit mati.”
Setyowati : “Wonten punapa ta, kangmas?”
Angling : “Mau nalikane aku mbebedhak alas, aku weruh ula loro kang lagi pepasihan.
Ula iku Ula Nagagini bojone Nagaraja, guruku karo Ula Tampar. Aku ngrasa melas yen
menawa Nagaraja ora ngerti tingkah polahe bojone sing sejatine wis ngianati dheweke.
Mulane aku manah Ula Tampar, nanging panahku ora sengaja nyrempet buntute Nagagini.
Mesthi wae Nagagini crita kang suwalikane.”
Setyowati : “Kangmas,mboten sah kuatir. Kangmas cariyos ingkang sejatinipun mawon.
Nagaraja punika resi ingkang bijaksana. Ngertos pundi ingkang leres lan lepat.”
Angling : “Ya bener apa kang kowe omongake, Dinda. Aku bakal ndang mangkat nemoni
Nagaraja. Nanging, aku ajrih Nagagini bakal ngomong sing ora-ora, Dinda. Apa iki kang
disebut kodrat.? Yen pancen kudu ngono dadine, aku ora bakal ngindar lan bakal dak
adhepi.”
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu
banjur ngendika…
Nagaraja : “Angling anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang
luput. Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere. Saiki…kanggo
tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae kang mbok jaluk bakal dak
wenehi.”
Angling : “Menawi dipunkeparengaken, kula kepingin nyuwun Aji Gineng.”
Nagaraja : “Angling, aku bakal menehi kowe Aji Gineng, nanging ana syarat kang kudu
kowe lakoni”
Angling : “Menapa syaratipun, Resi? Punapa mawon syaratipun bakal kula lampahaken”
Nagaraja : “Syarate kowe ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe babagan
Aji Gineng iki. Apa kowe sanggup, Angling anakku?”
Angling : “Kula sanggup, Resi.”
Nagaraja : “Yen ngono aku bakal menehi Aji Gineng marang kowe. Saiki kowe siap-siap.”
Nagaraja banjur menehi Aji Gineng marang Angling Dharma. Sawise iku, Nagaraja banjur
ngilang. Angling langsung mulih menyang kratone.
Adegan V
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe.
Angling : “Hahahahahahaha……”
Setyowati : “Kangmas kenging napa kok nggujeng – nggujeng piyambak?”
Angling : ( tetep ngguyu, ora nggubris pitakonane Setyowati ).
Setyowati : “Kangmas, kenging napa nggujeng? Kangmas nyacat kula ingkang asalipun
saking desa?”
Angling : “Ora kok. Aku ra ngguyoni kowe.”
Setyowati : “ Ing paturon punika namung wonten kula lan kangmas. Mesthi ingkang
digegujeng kan kula.” ( rada nesu )
Angling : “Ora diajeng, ora koyo ngono. Tenanan aku ra ngguyoni kowe amarga kowe
seka desa.”
Setyowati : “lajeng nggujengi napa?”
Angling : ”Diajeng, aku mau ngguyu cecak kang lagi guneman.”
Setyowati : “Lha kok kangmas saged ngertos wonten cecak ingkang taksih guneman?”
Angling : “Iki mau amarga aku duwe Aji Gineng kang bisa ngerti basane kewan-kewan
mau.”
Setyowati : “Aji Gineng?” ( bingung )
Angling : “Iyo, kuwi sing nduwe aku. Kuwi sing marakke aku ngerti lan cedhak karo kewan.”
( Diterangake ngono, Setyowati dadi kepingin duweni ajian mau )
Setyowati : “Kangmas, kula pareng kagungan Aji Gineng punika?”
Angling : “Ora oleh diajeng, kuwi wis dadi sing tak nduweni seka Nagaraja.”
Setyowati : “Kangmas, menawi boten kepareng kula suwun, luwih becik kula pejah
kemawon. Kula badhe pati obong.” ( Nangis )
Angling : “Ojo ngono diajeng. Arep kanggo apa Aji iki?”
Setyowati : “Kula namung kepengin nggadhahi kemawon, kangmas.”
Angling : “Ora oleh diajeng.”
Setyowati : “ Inggih sampun kangmas, kula mboten saged nggadhahi Aji Gineng punika
saking kangmas, luwih becik kula pati obong kemawon sapunika.”
( Setyowati nglakoni pati obong tenan. Mlayu lan nangis tumuju ing geni mulat - mulat )
Angling : “Diajeng, aku isih tresna karo kowe, aja nglakoni kuwi diajeng!”
Setyowati : “Mboten kangmas, luwih becik kula pejah mawon sakniki.”
Angling : “Aku wis pasrah kelangan kowe diajeng. Luwih becik aku ngayomi rakyatku
sing isih butuh aku.”
( Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para dewa murka banjur ngukum Angling, supaya
nglakoni panguripan ing alas wolung taun lawase )
Para Dewa : “Angling, kowe wis nglanggar sumpahmu dhewe. Kowe wis nglanggar pituture
Nagaraja.”
Angling : “Ampun dewa, kula nyesel sanget amargi kula carios marang garwa kula Aji
Gineng punika, saengga Setyowati kepengin nggadhahi lan nangis nyemplung geni mboten
kula olehaken nggadhahi Aji kuwi.”
Para Dewa : “Kowe bakal oleh karmane, Ling. Kowe bakal tak ukum kanggo ngapus kabeh
dosamu amarga kowe ngenehi ngerti babagan Aji kuwi.”
Angling : “Nggih dewa. Paukuman punapa mawon bakal kula trima. Kula siap punapa
mawon paukumanipun, ingkang wigatos kula saged nebus kalepatan kula.”
Para Dewa : “Kowe tak ukum nglakoni panguripan ing alas 8 taun lawase.”
Angling : “Nggih dewa. Kula nrima, kula bakal nindakaken paukuman punika.”
( Ing saliyane panggonan, Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara
saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa bali ing donya. )
Setyowati : “Bathara, kula gela sanget kula nyemplung ing geni mulat – mulat amargi
nepsu kula kepengin nggadhahi Aji Gineng punika.”
Bathara Guru : “Banjur opo sing kepengen kowe lakoke?”
Setyowati : “Kula nyuwun kaliyan Bathara Guru supados kula saged mantuk ing donya.”
Bathara Guru : “Tenanan kowe arep bali ing donya? Apa kowe wis manteb marang
keputusan iki?”
Setyowati : “Inggih Bathara, kula sampun manteb marang keputusan iki. Kula nyuwun
pripun carane supaya kula bali wonten donya.”
Bathara Guru : “Kowe kudu manitis ing awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa
ing Kadipaten Bojonegoro.”
Setyowati : “Inggih Bathara Guru, kula maturuwun sanget.”
( Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati. )
Adegan VI
( Pangumbaran kang suwe, nggawa angling ing sawijining kraton kang wis suwe ditinggal
mati rajane. Kraton kuwi dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan
Widaningsih. Katelune tresna marang Angling. )
Widaningsih : “mbak punika wonten tiyang ing kang bagus sanget perawakane, ayo mbak
digawa menyang kraton.”
(Wong telu mau padha ngangkat angling dharma menyang kratone.)
Angling : “Lhoh, aku ana ing ngendi iki?”
Widata : “Kangmas wonten ing kraton kula.. Kangmas wau semaput wonten ing tengah
wana lajeng kula lan rayi kula mbetha menyang kraton.”
Angling : “Nyai-nyai punika sinten?”
Widati : “Kula sedaya inggih putri ing kraton puniki. Rama kula sampun seda.”
Widaningsih : “Sampun, kangmas wonten ngriki mawon. Mboten sah tindak menyang
pundi-pundi, Amargi wonten ngriki mboten aman. Kathah tiyang ingkang kagungan niat ala.”
(Angling ora oleh lunga menyang endi-endi. Sawijining wengi, nalika Angling arep turu, putri
telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya ora konangan Angling.)
Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos sukma anjalma dadi gagak banjur nututi
lungane putri telu mau.
Angling : “Aku cubriya marang Nyai-nyai mau arep menyang ngendi yo. Kok ngindhik-
ngindhik le mlaku, dak tututi wae.
( Kayangapa kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing tengah
alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati nyoba ngoyak nganti
kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak. Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak
duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh ati ing
sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi iku malihane Angling.)
Widati : “Angling, sopo sing menenhke ati manungsa kuwi ning ndhuwur wedhakku?
Ojo” kowe sing malih dadi gagak mau mbengi?”
Angling : “Yen aku malih dadi gagak kenapa?”
Widati : “Angling!”
Angling : “Kanggo opo kowe mangan bangke manungsa kuwi?”
( Widati ora njawab. Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi
mliwis putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit,
Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka Gedhuk, anake Demang
Klungsur. )
Adegan VII
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara. Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki
Bremana sing asli, amarga samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi,
banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa. Adipati kang
bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih njaluk supaya Pak Klungsur
gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi carane. Klungsur banjur mangkat menyang
kraton kanggo melu sayembara mau.
Klungsur : “Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati : “Bocah bagus, apa bener kowe bisa ngrampungake masalah Nyai Bremani?
Iki prakara kang ora gampang ana sambunge marang masalah keadilan lan martabat
pengadilan. Dadi aja sembrana.”
Klungsur : “Inggih, Gusti Prabu. Kula ngertos sinten ingkang sejatosipun Ki Bremana. Kula
nyuwun kendi pratala kaleh kagem mbuktekaken Ki Bremana ingkang asli. Sinten ingkang
saged mlebet ing kendi pratala wau, punika ingkang Ki Bremana asli.
Adipati : “Patih, jupukake kendi pratala loro.”
Nalika kendhi pratala mau wis disiapake, Ki Bremana sing palsu langsung mlebu ana kendhi
pratala mau.
Klungsur : “Gusti, Ki Bremana ingkang sejatosipun inggih punika Ki Bremana ingkang
mboten saged mlebet ing kendhi pratala.”
Adipati : “Lho, kandhamu mau Ki Bremana asli iku sing bisa mlebu ana kendhi pratala?”
Klungsur : “Punika wau namung cara, Gusti.”
Adipati : “Lha trus sing ana ing kendhi iku sapa?”
Klungsur : “Sebangsa lelembut, Gusti. Namung bangsa lelmbut ingkang saged mlebet
ing kendhi ingkang alit kados punika. Tiyang biasa mboten saged mlebet ing kendi ingkang
alit sanget.”
Ujug-ujug, kendhi pratala mau pecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin
Wiratsangka kang memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas.
Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone diboyong, uga mliwis
putih kang wis mbiyantu..
Adegan VIII
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih. Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing
kaputren. Saben dina mliwis mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi
Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut. Adipati
Darmawangsa judheg ngrasakake putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak.
Sawijining dina ana resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Resi : “Ngaturaken sembah, Gusti.”
Adipati : “Apa bener kowe bisa nemokake wong kang ndadekake putriku ngandhut?”
Resi : “Inggih, Gusti. Kula bakal nemokaken tiyang ingkang ndadosaken Gusti Putri
ngandhut.”
Adipati : “Yen kowe butuh apa-apa, ngomong wae marang aku.”
Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara
ngajak mliwis guneman. Suwe-suwe mliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing
menang lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih dadi
Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang perkarane, Anglingdarma lan
Ambarawati dinikahake.
Angling : “Diajeng, saiki kowe wis dadi permaisuriku.”
Ambarawati : “Inggih, kangmas. Kula remen sanget. Kula tresna kaliyan kangmas lan kula
janji bakal setya kaliyan kangmas.”
Angling : “Diajeng, saiki aku arep mulih menyang Malawapati. Amarga aku wis suwe
ninggalake kratonku. Melas rakyatku kang wis tak tinggal. Mula saka iku, kowe saiki tak
boyong menyang Malawapati lan dadi ratu ing kana.”
Ambarawati : “Kula bakal nurut wonten pundi kemawon kangmas bandhe tindak.”
Ambarawati diboyong ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang
kang dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.
(https://triomau1657.blogspot.com/2016/06/naskah-drama-bahasa-jawa-angling-
dharma.html)
Garapan Klompok 2
Sawuse ngelaporake garapan klompok saka pamentasan drama ing garapan klompok 1,
supaya ora lali materi ngenani unsur intrinsik lan unsur basa teks drama tradhisional
kethoprak. Analisis asil garapan pamentasan saka klompok liyan kanthi njlentrehake
wangsulanmu marang pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.Sawuse nyemak vidheo pamentasan drama tradhisional ketoprak “Jaka Tarub” saka
klompok liyan, coba analisis unsur intrinsik lan unsur basane!
2.Tulisen kritik kreatip ing pamentasan kasebut. Andharana kakurangan lan kaluwihane.
Banjur wenehana andharan utawa patuladhan sing bener saka kakurangan lan kaluwihan
vidheo mau miturut klompokmu!
3.Wenehi apresiasi marang vidheo pamentasan klompok sing kok analisis kanthi
nuduhake pambiji saka saben-saben paraga. Tulisen pambiji kasebut saka aspek
ekspresi, vokal, gerak tubuh, lan penghayatan.
Kagiyatan 3 : Nyiptakake Teks Crita
Kethoprak
Nyiptakake teks crita kethoprak sejatine ora angel, sauger gelem sinau lan ngakih-akihi
latiyan. Sawuse mragakake lan nyinauni teks crita kethoprak saka karyane wong liyan, luwih
becike sampeyan kabih uga sinau nulis scenario teks drama tradhisional. Carane nulis
skenario teks drama tradhisional yaiku bisa njupuk saka sumber wawancara marang
narasumber sing mangerteni crita lakon sing arep koktulis, bisa uga saka kedadeyan ing
masarakat saben dinane, lan uga saka teks crita ing internet utawa vidheo saka youtube.
Carane nulis skenario teks drama tradhisional bisa koktindakake kanthi langkah-langkah ing
ngisor iki.
1.Nemtokake tema utawa ide pokok drama
2.Nemtokake paraga lan watak-watake
3.Ngrancang alur crita, adegan lan dialoge saben-saben paraga
4.Nemtokake wektu lan latar panggonane crita
5.Miwiti nulis crita kanthi nggambarake jiwane naskah
6.Yen skenario wis dadi, wacanen manih supaya ora ana luput anggone nulis naskah lan
supaya naskah bisa luwih apik.
Materi Panyengkuyung
Supaya pamawasmu ngenani drama tradhisional samsaya jembar, coba delengen
pamentasan drama tradhisional kethoprak kanthi lakon “Aji Saka” ing link youtube ngisor iki.
Link ing ngisor iki uga bisa menehi gegambaran ngenani panulisan naskah samangko.
Link pamentasan kethoprak Aji Saka : https://youtu.be/yU-Da1BYBEs
Saliyane pamentasan kethoprak lakon Aji Saka, uga ana lakon-lakon liyane sing bisa
kokdeleng ing vidheo kethoprak Siswo Budoyo lumantar youtube lan uga bisa deleng ing
chanel youtube BharadhaTv.
Pambiji
Garapan Klompok
No. Jeneng Siswa Keaktifan Kreativitas Komunikasi Skor
Akhir
12 3 4 12 3 4 12 3 4
1 ..........................
2 ..........................
3 ..........................
4 ..........................
5 ..........................
Keterangan : 1 = kurang 2 = cukup 3 = baik 4 = baik sekali
Gladhen Wulangan
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih salah siji jawaban a,b,c, utawa
d sing kok anggep bener!
1. Tujuane para Nawang si Widodari tumurun ing bumi ....
a. Nemoni Jaka Tarub.
b. Golek iwak ing blumbang.
c. Adus ing tlaga.
d. Paring kanugrahan marang titah ing bumi
2. Nalika para Nawang lagi adus, sing liwat sapinggire tlaga ....
a. Jaka Bodho
b. Jaka Tarub
c. Nawang Lintang
d. Nawangsari
3. Sawise surup para Nawang arsa bali makahyangan. Ana salah siji
widodari kang kelangan slendhange. Widodari mau aran ........
a. Nawangwulan
b. Nawang Sekar
c. Nawang Sari
d. Nawang Lintang
4. Tujuane Jaka Tarub nyingitake salah siji slendhange para
nawang ....
a. Kepengin kenal karo salah sijine Nawang.
b. Kepengin nulungi Nawang.
c. Kepengin slendhange Nawang.
d. Kepengin dadi widodari.
5. Kang dadi paraga utama ing crita Jaka Tarub yaiku....
a. Joko Kendhil
b. Nawang Lintang
c. Jaka Tarub lan Nawang Sari
d. Joko Tarub lan Nawang Sekar
6. Ana ngendi latar panggonan sajrone crita Jaka Tarub?
a. ing Kahyangan
b. ing Swargaloka
c. ing tlaga pinggiring alas
d. ing tengahe kutha
7. Konflik kang dumadi tumrap paraga utamane ....
a. Nawang Sari adus ing tlaga
b. Jaka Tarub kelangan sewek
c. Nawang Sekar ketemu jodhone
d. Nawangwulan kelangan slendhang
8. Pesan moral kang bisa dadi patuladhan ing crita Jaka Tarub yaiku…
a. Goleka Widodari ing pinggire tlaga.
b. Tulung-tinulung marang sapadha-padha.
c. Aja nangis ing sadhengah panggonan.
d. Ajining raga gumantung ing busana.
9. Basa sing digunakake ing crita Jaka Tarub yaiku…
a. ngoko lugu
b. ngoko andhap
c. krama
d. krama ndesa
10. Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku .............
a. Wong anom marang wong tuwa.
b. Siswa marang gurune.
c. Guneman marang wong sing lagi kenal.
d. Kanca sapadha kanca kang wis akrab banget.
II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis!
1.Aranana sapa bae paraga ing teks kethoprak ”Anglingdarma”?
2.Sapa bae kang dadi paraga utamane ing pagelaran kethoprak ”Anglingdarma”?
3.Andharna kepiye watak lan perilakune paraga utama ing teks kethoprak ”Anglingdarma”!
4.Matura marang ibumu yen arep nyuwun dhuwit kanggo tuku laptop. Saline ukara
kasebut nganggo unggah-ungguh basa sing bener!
5.Manut panemumu, nilai-nilai budi pekerti apa sing bisa dijupuk saka teks kethoprak ”
”Anglingdarma”? Jelasna!
Refleksi
1.Saka materi sing wis diandharake ing ndhuwur, apa ana materi sing durung kok ngerteni?
Menawa durung materi apa sing durung kok ngerteni? Coba andharana! Menawa wis kok
ngerteni kabih coba terangana nganggo basamu dhewe!
2.Saka pasinaon sing diwenehake apa menurutmu apa ana andharan sing kurang jangkep?
Menawa ana coba andharana!
3.Apa andharan ing materi kasebut wis slaras karo pemahamanmu? Menawa durung coba
tulisen tembung-tembung utawa bageyan sing kurang jelas!
4.Saka tugas sing diwenehake apa ana sing njalari awakmu kangelan nalika ngerjakake?
Coba andharna!
Rangkuman
Drama yaiku sawijining karya sastra sing awujud naskah kang nggunakake pacaturan utawa
dialog sing disajikake ing pagelaran utawa namung kanggo diwaca. Jinise drama iku ana 2
yaiku drama modern lan drama tradhisional. Drama tradhisional yaiku drama sing nyajikake
crita ing mangsa kerajaan lan duweni basa asipat pakem. Tuladha drama tradhisional yaiku
ketoprak, lodrug, lenong lsp. Struktur drama tradhisional iku kaperang dadi 5, yaiku tema,
alur, penokohan, latar, lan amanat. Unsur basa sajrone drama tradhisional yaiku ana 4, ngoko,
ngoko alus, krama, lan krama alus. Anapun drama tradhisional ketoprak duweni ciri-siri sing
mbedakake karo drama tradhisional liyane, yaiku asipat pakem, nggunakake gaya basa logat
Surakarta, nggunakake property khusus ing jaman kerajaan, diiringi tari lan gamelan, lan
saperangan critane ana akulturasi Jawa-Islam.
Kapustakan
Wiyanto, Usul. 2007. Terampil Bermain Drama. Jakarta : Grasindo, Gramedia Widiasarana
Indonesia.
Setiawan, Bagus wahyu, dan Kundharu Sadono. 2019. AKULTURASI BUDAYA ISLAM –JAWA
DALAM PEMENTASAN KESENIAN KETOPRAK. Jurnal, vol.2 no.1. Dance and theatre revew :
jurnal tari, teater, dan wayang.
Widayat, Afendy. 2006. DIKTAT DRAMA JAWA. Makalah. Yogyakarta : Jurusan Bahasa dan
Sastra Daerah, UNY.