The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by erwinmayyanda05, 2022-10-18 20:50:53

CERKAK LELAKON

Cerkak - Lelakon

Keywords: cerkak,lelakon

LELAKON

Dening : Dawam
Panjebar Semangat, Januari 2018

Ujare para winasis, apa sing tumiba marang kabeh makhluk ciptaane Gusti Allah, kalebu
manungsa, wis adhedhasar garising kodrat. Ora ana sing bisa nulak. Ora bisa milih lair
minangka apa.
“Tumrap makhluk ing alam donya iki, lelakon sing dialami mung saderma. Awake dhewe
iki mung saderma nglakoni," kandhane Partinah nalika njawab pitakonku, keneng apa
tangan kiwaku ora ana drijine. Aku pancen asring ngresula menyang wong tuwa, krana
saka sedulur wolu, mung aku dhewe sing ora ganep.
Kabeh dulurku, lanang 6, wadon 2 perangan awake jangkep. Komplit ana sikil, tangan,
mripat,kuping,lan sirah. Bareng aku? Ora nggumunake menawa cacade awak iki
ndadekake
aku ora tatag ngadhepi kahanan. Aku ngrasa kurang bebas, mindher yen kumpul karo
kanca
sekolah, kanca dolan, kanca ngaji, uga sapa wae yen ketemu ing dalan. Apa maneh mlebu
toko utawa pasar. Mlaku samlaku, obah ngiwa obah nengen, sarwa ora kepenak. Kidhung,
kaya-kaya kabeh mripat padha nguwasi sapari polahku.
“Ngganthenge pancen oleh, pawakane gedhe dhuwur, pinter, kulite nguning langsep,
mripat, alise kabeh sarwa sampurna. Mung kuciwane tangane iku," grenenge sawijining
pawongan sing tau dakrungu. Embuh dilairake apa mung sumimpen jero dhadha, aku bisa
ngira-ira pikirane wong yen dhong meruhi aku. Pancen isih akeh wong sing nandhang
tunadaksa luwih nemen tinimbang aku. Sing ora duwe sikil babar pisan, sing ora normal
mripate, sing kupinge ora kena digawe ngrungokake, sing irunge pesek, sing tangan lorone
mung sewatese kelek, lan ora sethithik wong sing idiot. Yen dibanding karo wong-wong
mau, mesthine aku isih luwih ganep. Nanging, sapa wonge sing gelem duwe awak disable
kaya aku iki? Uwong sing sarwa ganep wae kadhang isih kenggonan rasa kurang percaya
dhiri, apa maneh sing cacad. Pengin nutugake menyang bangku kuliyah satamate SMA
dakkira wajar. Nanging rehne wong tuwaku petani cilik ongkak-angkik, kepeksa pangimpen
bisa mlebu pawiyatan luhur dakguwang. Tangeh lamun kelakone, ora beda ngenteni
tekane orong-orong nggendhong gong.
Lulus SMA kanthi nggawa titiel panji klanthung sangsaya nambahi rasa sumpegku. Ngene
salah, ngono kliru. Mlaku mrana, njangkah mrene kikuk.
“Wong urip kok dadi tontonan terus," grenengku karanta-ranta.
Kabeh wong urip butuh mangan. Butuh samubarang kanggo nyukupi kabutuhane. Supaya
oleh dhuwit, aku kudu nyambut gawe. Yen ora gelem nyambut gawe, mesthi bakal kaliren.
Mokal njagakake wong tuwa terus. Nanging kepriye maneh, aku kudu mbudi daya. Mosok
mung cekukrak-cekukruk kaya manuk kadhemen. Yen sato keluwen ora pati ana sing
nggagas, nanging yen manungsa mati amarga kaliren bakal dadi berita gedhe. Amarga
negara iki gotheking akeh makmur, bebasan subur kang sarwa tinandur, gemah ripah loh
jinawi. Kuwi jarene ki dhalang lho. Kantor-kantor pamerintah,swasta,wis dakleboni
lamaran, betheke ben dikongkon nyambut gawe.Pirang wulan,pirang taun,nganti bokong
tepos lungguh kursi maneka warna kantor, nganti pikiran butheg amarga ngantu-antu
panggilan, ewadene durung ana siji-sijia lamaranku sing nyanthol.Mbokmenawa lamaranku
ora diwaca, nanging diguwang menyang kranjang uwuh. Wiwit cilik nganti tumekan bujang
aku durung tau duwe awak lemu. Mikir golek gawean ora enggal entuk, suwene-suwe
awakku dadi kuru aking kaya jrangkong. Sawijine sore,aku ketamon Pak Tamid. Wong
brengos njepaplang kaya Pak Raden, pegawe pamerintah kabupaten. Nalika aku SMP
biyen, Pak Tamid dadi pegawe pasar.

“Iki Mas Kasno, ana surat panggilan kerja saka kantor bupati. Mas Kasno rak tau
nglebokake lamaran menyang kantor kabupaten, ta?" ujare Pak Tamid. Aku manthuk.
“Nggih, Pak. Lajeng kula kedah nyambut damel wiwit mbenjang menapa?" takonku kanthi
swara groyok.
“Dipirsani wae, ing njero amplop mesthi disebutake."
Sakondure Pak Tamid amplop tak suwek, tak bukak isine. Surasane, dina Senen ngarep iki
aku wis kudu mlebu ana Kantor Dinas Pendapatan, sing mbawahi sakabehane pasar
duweke pamerintah kabupaten. Rambut gondrongku takcukur meh plonthos kaya sirah
tentara. Supaya bisa nganggo sragam ngisor soklat tuwa, dhuwur kuning krem. Aku tuku
bakal ana toko terus dakterake menyang tukang jait. Emben kudu dadi. Konsekuensine,
aku ngongkosi luwih akeh marang penjaite amarga njaluk didhisikake. Patang taun
setengah takayahi minangka tukang narik retribusi pasar kanthi status tenaga honorer.
Arane wae honorer, yen dhong dibutuhake ya dibayar, nanging menawa pemerintah
daerah wis ora merlokake tenagaku maneh, aku bisa dilereni sawayah-wayah. Dicopot
tanpa dhuwit pesangon. Mangka sasuwene nyambut gawe, aku tansah dhisiplin. Esuk
umun-umun budhal kerja, jam setengah loro awan lagi bali. Ora tau ngorupsi wektu. Apa
maneh ngunthet dhuwit retribusi.
“Pamerintah rak mung krana mesakake marang wong cacad kaya Kasno iki saengga
dheweke entuk kerja. Uga kanggo nuduhake marang pamarentah pusat yen kabupaten
kene
iki nduweni kawigaten gedhe marang wong cacad. Ben entuk simpati lan pangalembana.
Nanging, yen wis titi wancine mesthi dikon leren. Nglengkara bisa diangkat dadi pegawe
negri."
Eling pituture para sepuh biyen, menawa awak iki titipane Gusti. Gusti Sing Mahaagung ora
arep ngowahi nasibe umate yen umat kuwi ora mbudi daya ngowahi awake dhewe.Mula
aku banjur ambruk sumendhe marang kuwasane Gusti. Awan kerja, bengi dedonga karo
drodosan eluh linambaran pasrahing ati marang Gusti kang Mahakawasa. Ngepasi dina
ulang taunku sing kaping selawe, surat kekancingan minangka calon pegawe negeri sipil
mudhun, bareng karo kurang luwih satus seketan kanca saangkatanku. Wektu nyekel SK,
aku langsung sujud sokur. Anggonku sujud kanggo ngaturke panuwun ana tengah pasar
lan didelok wong sapasar.
“Kasno wis edan tenan ayake. Kaya kurang panggonan wae, sujud ndadak ana tengah
pasar, mbeneri udan grimis pisan," ucape salah sijine pedagang sing dakrungu.
Ya ben wong maido aku werna-werna. Nyumanggakake. Sing wigati Gusti iku ora sare.
Panjenengane ngatonake welas asihe marang umate sing nrima ing pandum, sing tansah
sokur sarta iklas nglakoni urip, lan ora kendhat anggone ngabekti marang Gusti.


Click to View FlipBook Version