The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by erwinmayyanda05, 2022-10-18 20:57:04

CERKAK RIYAYA GAK NGGORENG KOPI

Cerkak - Riyaya Gak Nggoreng Kopi

Keywords: cerkak,riyayagaknggorengkopi

Riyaya pancen wis mungkur. Nanging apa sing dilakoni ing dina riyaya
kasebut isih nabet ing atine Bandono.Wis nyoba dilali-lali isih meksa
kelingan. Critane lucu, nanging ya nrenyuhake. Ngene adoh sadurunge
dina riyaya, malah sadurunge pasa, dheweke disambati putune. Putu
lanang sing diemong wiwit umur limang taun karana wong tuwane

"p e g a t a n .
Kung, suk bada aku pundhutna sepedha ya. Kajaba kena nggo bakdan
bisa nggo sekolah.
Mosok nyang es-em-pe samana adohe arep mlaku, Kung?" kuwi sambate
Ardi, si putu lanang sing taun ajaran anyar iki mlebu SMP.

"lya.Dongakna kakung kagungan dhuwit,"wangsulane Bandono.
"Sepedha polygon kaya wekane Dhidhit ya Kung, ya?”

"lya", wangsulane Bandono rada ngambang. Asline mangu-
mangu.Dhuwit endi sing arep kanggo nukokake? Sepedha polygon
sanajan sing paling ala regane rak sayuta luwih. Banjur sumusul anane
kabar sing nuwuhake pangarep-arep. Sing nyebutake yen ing taun iki
PNS (sing uwis-uwis uga kalebu pensiunane) kajaba bakal nampa gaji
ka-13, uga bakal nampa gaji ka-14 minangka ijole taun iki ora ana
undhak-undhakan gaji. Mangkono kabar sing ditampa. Kurang marem
krungu kabar kasebut, Bandono menyang omahe Wimbadi, kanca
rakete padha-padha pensiunan. Kabeneran sing diparani lagi ing omah.
“Mas Wim,bener ya taun iki bakal'ana gaji keempat belas?" pitakone
Bandono.
“Kabare ngono. Nanging mung sagaji pokok. Muga-muga dudu kabar
kabur,"wangsulane Wimbadi. Bandono manggut-manggut,polatane
katon sumringah. Batine, yen temen rak bisa kanggo tuku sepedha
polygon kanggo Ardi.
“Kira-kira caire kapan, Mas?" Bandono ngoyak.
“Rung ana berita, nanging samesthine sadurunge riyaya."
Bandono mulih saka omahe Wimbadi kanthi pangarep-arep gedhe.
Saiba senenge Ardi yen klakon ditukokake sepedha. Liya dina, Bandono
oleh kabar maneh. Saka tanggane sing sok mbukak internet. Jare gaji
14 kanggo pensiunan ora ditampakake wutuh, nanging mung 50 persen
gaji pokok. Alesane pamarentah amarga dhanane ora cukup. Mangkono
kabar sing dirungu saka tanggane. Kurang yakin marang kabar
kasebut, Bandono mlayu maneh nemoni Wimbadi.
“Bener,Dhik,pancen mung seket persen. Aku maca beritane dhewe ing
koran. Walah,pira- piraa sing ditampa kudu tetep disokuri, Dhik.
Awake dhewe iki wong angguran isih dipikirake dening pamarentah rak
wis pira-pira."
Bandono katon kuciwa. Batine ngijir, kira-kira pira sing bakal ditampa.
Cukup apa ora kanggo nukokake putune sepedha polygon. Sawise
jagongan sedhela, Bandono pamitan. Ora bablas mulih, nanging ndadak
mampir toko sepedha.
“Sepedha polygon iki regane pira, Tong?” pitakone Wimbadi marang
Cuwi Lan Tong sing bukak toko sepedha.
“Ndelok-ndelok barange, Pak. Sing rega telung yuta ya ana,"
wangsulane Cuwi Lan Tong.
“Sing paling murah pira?”
“Sakjuta seprapat. Iki lho, modhel barange,” ujare Cina sithip iku karo
nuding sepedha

polygon rupa klawu. Bandono nyedhak, nyetitekake. Batine, dakkira iki
bae Ardi wis dhemen. Nuli, “Dhuwite diutang entuk Tong?" pitakone
Bandono karo rada ingah-ingih.Cuwi Lan Tong ngguyu.
“Jane ya ora entuk, Pak. Yen karo sampeyan ya wis lah, nanging aja
suwe-suwe nyaure, bisa rugi aku."
“Gak suwe. Kuwi lho ngenteni caire gaji keempat belas."
Dina kuwi uga sepedha polygon rupa klawu sida digawa. Kaya petheke,
Ardi bungah banget. Sepedha utangan iku banjur ditumpaki mubeng-
mubeng. Karo krang-kring ngunekake bel. Bandono melu seneng,
nanging campur trenyuh. Riyaya kurang seminggu Bandono ketemu
Wimbadi ing apotik. Sajak gita-gita Wimbadi nyaketi, nuli Bandono dijak
nyisih.
“Dhik, wis entuk kabar?” pitakone Wimbadi klesik-klesik.
“Kabar apa,Mas?”
“Slirane kesusu ora? Yen ora kesusu ayo pinarak nggonku. Mengko
dakcritani."
Sidane Bandono katut menyang omahe Wimbadi. Gaji patbelas sing
istilahe ganti te ha er batal cair Dhik, ujare Wimbadi sawise lungguh.

"B a n d o n o n j i n g k a t .
Ha? Ora sida cair? Geneya?” anut katrangan, dhanane ora ana. Tur
secara hukum, pensiunan ora hak nampa te-ha-er. Ora ana dhasare.
Ngono ngendikane Pak Mentri." Pandono banjur nyritakake anggone
utang sepedhe menyang tokone Cuwi Lan Tong. Ketang tresnane marang

"p u t u l a n a n g s i n g o r a d i o p e n i b a p a k i b u n e .
Aku Kudu panjenengan tulungi,Mas.Aku panjenengan utangi. Ora usah
akeh-akeh,karo tengah yuta wae. Aku yakin panjenengan ora kabotan."
Dina iku ulihe saka omahe Wimbadi kanthi langkah sigrak. Najan batal
ora sida entuk te-ha-er, nanging ing sake wis ana dhuwit cumawis.
Mulihe mampir toko Cuwi Lan Tong, utange dilunasi. Tekan omah, kaya
padatan bojone lagi senggar-senggur. Obat anggone tuku ing apotik mau
diseleh kenap. Nuli nyandhak radhio, digawa menyang teras. Radhio
cilik iku diputer, digoleki cenel sing disenengi. Ketemu pas siaran
ludruk saka stasiun radhio komunitas. Keprungu dhagelane lagi
ngidung. Riyaya gak nggoreng kopi ngadhep meja gak ana jajane Jok
percaya kabar sing durung mesthi yen rung ana bukti nyatane.
“Ngono iku salah pena dhewe, Wak Gus. Ketela digethuk jemek, wong

"w i s t u w a d i b l i t h u k k e n e k . ”
Dhagelan ngawur! Sapa kandha aku ora nggoreng kopi? Sapå kandha
mejaku gak ana jajane? iki...sakku isi dhuwit!"
Ceklek, radhio dipateni.


Click to View FlipBook Version