TEKS DESKRIPTIF
Wacana deskriptif yaiku wacana
kang nggambarake kanthi cetha
salah sawijining kahanan (objek),
objek mau kaya-kaya ana ngarepe
wong kang maca.
Ciri – ciri paragraf deskripsi:
1. Menehi gegambaran sawijining barang panggonan lan swasana
2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra
3. Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya
bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing
dedeskripsikna dening panulis
4. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna,
bisa awjud warna, ukuran sipat lan liya- liyane.
Jenis – jenis karangan deskripsi
1. Deskripsi Ekspositori
Deskripsi ekspositori minangka karangan sing logis,
biasane
minangka daftar rincian utawa bab-bab penting sing disusun
miturut sistem lan urut-urutan logis objek sing deteliti.
2. Deskripsi Impresioatis
Karangan deskripsi impresionatis minangka karangan kang
nggambarna impresi panulise utawa kanggo netralaken
pamacane. Deskripsi impresionistis kiye lewug munjeraken
marang
impresi utawa pamireng bias ngrasakna dhewek utawa nglakokna
observasi.
Kenduren
Wektu iku aku didhawuhi bapak supaya nekani adicara kenduren ing daleme Pak
Daryanto, sesepuh ing kampungku. Ing daleme Pak Daryanto, bapak-bapak ing RT- ku wis
padha kumpul kanthi lenggah ing klasa. Klasa kang dilenggahi bapak-bapak iku mau
digelar ing ruwang tengah daleme Pak Daryanto. Anggone lenggah mau tumata rapi,
lenggah jejer pesagi ngupengi ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku
diwadhahi baskom. Ana ing baskom plastik, ana uga sing baskom seng. Ambeng-ambeng
iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh maneka warna. Kanggo misahake
sega lan lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek. Ana sing nganggo lemek kertas,
godhong gedhang, utawa plastik. Lawuh-lawuh sing tumumpang ing dhuwur sega mau
ditata kanthi rapi. Ana sing wujud jangan ana sing diwadhahi takir, sudhi utawa lepek,
dene lawuh gorengan tempe, gereh, peyek,entho-entho (rempah) cukup ditata kanthi
rapi mubeng manut wujude lemek. Ing dhuwur lawuh isih diwenehi tutup. Godhong
gedhang, serbet, lan koran dadi tutup ambeng-ambeng iku.
Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi sing lenggah ing pojok
adoh karo lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing
mimpin donga ing kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut kaum. Lumrahe kaum iku
wasis ing bab ilmu agama. Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kenduren
dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan dianakake
kendurenan. Maksude ora liya nyuwun keslametan, karukunan tumrap warga lan
kulawargane sing padha ngumpul.
Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibukak. Kanthi mardika warga kang kumpul
padha ngedhap ambeng sing ana ngarepe. Bisa milih ambenge tanggane. Rampung
ngedhapi ambenge sing cedhak karo lenggahe lajeng padha kondur.