MEDIA PEMBELAJARAN
CRITA WAYANG
ANOMAN DUTA
MATERI KELAS IX
SEMESTER GASAL
SMPN 3 BULUKERTO
Dwi Rahayu Retno Wulan, S.Pd.
KD DAN IPK
KD
3.1 Memahami teks cerita
Ramayana (Anoman Duta)
IPK
Menelaah unsur intrinsik
cerita Ramayana lakon Anoman
Duta. (C4)
Membuat ringkasan cerita
wayang Ramayana lakon
Anoman Duta menggunakan
bahasa sehari-hari. (C6)
Tujuan
Pembelajaran
Melalui model pembelajaran Problem Based
Learning, setelah menyimak flipbook dan video
cerita wayang Anoman Duta, peserta didik mampu
menelaah unsur intrinsik cerita Ramayana lakon
Anoman Duta dengan berpikir kritis.
Melalui model pembelajaran Problem Based
Learning, setelah menyimak flipbook dan video
cerita wayang Anoman Duta, peserta didik mampu
membuat ringkasan cerita wayang Ramayana
lakon Anoman Duta menggunakan bahasa sehari-
hari dengan kreatif dan kolaboratif.
Sapa sing nate nonton wayang?
RAMAYANA??
MAHABHARATA??
AKTIVITAS
BELAJAR
APA KOWE NGERTI???
Sumber crita pokok wayang kulit iku asale
saka kitab Ramayana lan Mahabharata. Kitab
Ramayana diripta dening empu Walmiki. Isine
crita ana ing kitab Ramayana dibagi dadi pitu
lan sabanjure digubah dadi wujud syair kang
cacahe 24.000 seloka. bagian crita ing
Ramayana yaiku:
Bala Kandha (Sayembara Manthili)
b. Ayodya Kandha (Rama Tundhung)
c. Aranya Kandha (Rama Gandrung)
d. Sundara Kandha (Anoman Duta)
e. Kiskendha Kandha (Rama Tambak)
f. Yudha Kandha (Brubuh Alengka)
g. Uttara Kandha
UNSUR INTRINSIK
TEMA ALUR
LATAR/ TOKOH
SETTING
SUDUT
AMANAT
PANDANG
KEPIYE CARANE
NGRINGKES CRITA
IKU?
Maca wacan sacara makaping-
kaping.
Nyathet idhe pokok saben
saparagraf.
Gawe peta konsep supaya
nggampangake anggone
ngringkes crita.
Materi ingkang jangkep saged
dipunakses lumantar link utawi
scan barcode nggih...
https://heyzine.com/flip-
book/5c44389f14.html
WACANEN CRITA
ANOMAN DUTA ING
NGISOR IKI!
Anoman punika jejering rewanda (kethek) ingkang awarna
seta (putih), pramila Anoman ugi winastan Rewanda
Seta.Piyambakipun putranipun Bathara Bayu ingkang patutan
kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman, inggih Dewi Anjani
punika sadherekipun Subali saha Sugriwa. Nalika kautus
dening Raden Ramawijaya, lampahipun Anoman nemahi
pambengan ingkang matumpa-tumpa.Tanpa kanyana
saderengipun, Anoman dipunracun dening satunggaling dewi
ingkang suwaunipun kaanggep mitulungi ngantos
piyambakipun nemahi wuta.Begja dene wutanipun Anoman
kenging kausadani dening garudha satemah waluya jati.
Anoman nglajengaken lampah.Dereng dumugi panggenan
ingkang dipuntuju, piyambakipun bandayuda kaliyan Wil
Kathaksini, raseksa ingkang nguwaosi samodra ingkang tumuju
dhateng nagari Ngalengkadiraja.Uwal saking regemaning ditya
samodra, Anoman kasil tumuju Taman Asoka ing nagari
Ngalengkadiraja, papanipun Dewi Sinta kasingidaken. Ing
taman punika Anoman kepanggih kaliyan Trijatha, putrinipun
Raden Gunawan Wibisana. Raden Gunawan Wibisana punika
rayinipun Prabu Dasamuka.Sumerep kaelokanipun Sang
Rewanda Seta, Trijatha wuyung, kesengsem dhumateng Sang
Rewanda Seta.
WACANEN CRITA
ANOMAN DUTA ING
NGISOR IKI!
Lantaran Trijatha, Anoman kasembadan pinanggih kaliyan
Dewi Sinta. Anoman lajeng nyaosaken kalpika, inggih ali-ali
kagunganipun Raden Rama katur Sang Dewi.Pepanggihan
punika kasumerepan dening Indrajit, putranipun Prabu
Dasamuka.Anoman lajeng kapikut, kasowanaken ing
ngarsanipun Prabu Dasamuka.Nata Ngalengkadiraja murka,
Anoman kapidana besmi.Keplasipun Anoman kaobong.Eloking
kadadosan, latu kaobat-abitaken ngantos waradin
sanagari.Ngalengkadiraja dados karang abang, kajawi Taman
Asoka.Paripurna anggenipun ngawuningani Dewi Sinta,
Anoman arsa mundur, matur Raden Ramawijaya.Raden
Anoman sembada ngentasi karya, dinuta dening Raden
Ramawijaya.Dumugi ing tepis-wiringing praja, Anoman
kepanggih Raden Gunawan Wibisana ingkang kapidhara
(semaput).
Sumber :Sarno, dkk. 2022. Baut Basa Jawa Kelas IX. Wonogiri:
Giri Aneka Usaha.
Wis mudheng
critane?
https://www.canva.com/design/DAFNbFuNs7M/
O-P27bNuBkH8y8ii-oAwTg/edit?
utm_content=DAFNbFuNs7M&utm_campaign=de
signshare&utm_medium=link2&utm_source=shar
ebutton
Ayo tetep tumuju menyang
kelompoke dhewe-dhewe!
GLADHEN 1 : Saben kelompok kasuwun madosi unsur
intrinsik sajroning crita wayang Anoman Duta!
Ayo tetep tumuju menyang
kelompoke dhewe-dhewe!
GLADHEN 2 : Saben kelompok kasuwun nyerat ringkesan
crita wayang Anoman Duta, minimal 2 paragraf!
Ayo saben
anggota padha
dhiskusi amrih
jawaban
kelompokmu
bener kabeh!!
Saben kelompok maju
maparake asiling dhiskusi
ing ngarep kelas!
Saben kelompok suka
pamanggih lan
panyaruwe !
Nge-game dhisik
yaa
REFLEKSI
Sawise siswa nyinaoni materi crita wayang Anoman Duta,
ayo wangualana pitakonan ing ngisor iki kanggo nyiapake
materi candhake!
Apa kang wis kosinaoni?
Apa wae kabisanmu sawise sinau materi iki?
Apa kang kosenengi nalika sinau materi iki?
Apa kang ora kosenengi nalika sinau materi iki?
Perangan endi kang durung komangerteni ngenani
materi iki?
UMPAN BALIK
Para siswa, pranyata sinau babagan materi crita
wayang iku akeh banget pigunane. Kita bisa
ndhudhah piwulang kang ana ing sajroning crita.
Piwulang kang becik pantes banget kanggo
patuladhan ing urip bebrayan. Para siswa, ayo
tansah nguri-uri budaya!!!
DAFTAR
PUSTAKA
Sarno, dkk. 2022. Baut Basa
Jawa Kelas IX. Wonogiri: Giri
Aneka Usaha.
Sulaksono, Djoko. 2015. Diktat
Budaya Jawa. Surakarta: Pendidikan
Bahasa Jawa FKIP UNS.
MATUR
NUWUN