BA HAN AJAR
Kangge kelas X /
FASE E
CARIYOS WAYANG
BIMA BUNGKUS
Khikmatul Fuadhiyah, S.Pd
B1 / 22223299041
BAHAN AJAR
MATERI CARIYOS WAYANG
Satuan Pendidikan : SMA N 1 KUTOWINANGUN
Kelas / Fase : X / FASE E
Materi Pokok : Cariyos Wayang Mahabarata ( Bima Bungkus)
ELEMEN CP : MENYIMAK
Peserta didik mampu mengapresiasi dan
memahami informasi berupa arahan atau
pesan yang akurat dari menyimak teks
sastra dalam bentukcerita wayang
mahabharata (Bima Bungkus)
INDIKATOR PENCAPAIN TUJUAN
PEMBELAJARAN
Peserta didik mampu Peserta didik
manganalisis unsur menentukan nilai luhur
pembangun cerita
wayang Bima Bungkus yang terdapat dalam
cerita wayang Bima
(C4)
Bungkus (P5)
TUJUAN
PEMBELAJARAN
Melalui model pembelajaran
Problem Base Learning, Setelah
menyimak video, flipbook dan
model pembelajaran CIRS, peserta
didik mampu : MATERI AJAR
1. Menganalisis unsur 1.Faktual
Video contoh cerita wayang
pembangun cerita wayang Bima Bungkus, dan gambar
tokoh wayang bima Bungkus
Bima Bungkus dengan tepat
(C4) 2.Konseptual
Pengertian wayang dan jenis-
2.Menentukan pitutur luhur
jenis wayang
yang terdapat dalam cerita
wayang Bima Bungkus dengan 3.Prosedural
Unsur - unsur pambangun crita
baik dan benar (P5)
wayang Bima bungkus,
Pertanyaan
Pemantik tatacara penulisan sinopsis
1. Sapa sing durung nate maos crita wayang.
cariyos wayang?
2. sapa sing durung nate nonton 4.Metakognitif
Penerapan nilai luhur cerita
wayang ? wayang Bima Bungkus dalam
3. Menapa siswa kedah nyinaoni
kehidupan sehari hari.
bab cariyos wayang?
PETA MATERI
CERITA WAYANG
Para siswa sumangga dipunsin
au saha
dipunrembag materi ing ngandhap
menika!
Tuladha cariyos Wayang
Tegese Wayang
Negesi tembung angel
Unsur Pambangun Crita
Pitutur Luhur
Sinopsis
Fase 1 : Identifikasi
Masalah
Materi Faktual
Para siswa samenika saperangan gambar ingkang wonten ing
salebeting cariyos wayang Bima Bungkus.
Gambar dalang kaliyan tokoh
gajah sena
Sumber : https://www.youtube.com/watch?v=lefvfpHyCxM
Gambar tokoh wayang Bima Bungkus, ingkang
dados lakon utama wonten ing cariyos wayang
Bima Bungkus.
Wonten ngandhap punika wonten tuladha
cariyos wayang bima bungkus, sumangga
para siswa kasuwun mriksani video punika
kanthi pratitis, saklajengipun para siswa
saged ngrantam pitakenan.p geguyan
kaliyan video punika.
Sumber : https://youtu.be/SlclPO_iw6w
Fase 2 Mengkoordinasi
Peserta Didik
Wonten ing pasinaon punika samangke siswa badhe nyinaoni bab
unsur cariyos wayang, saha tatacaranipun damel sinopsis cariyos wayang
Bima Bungkus.
A. Pangertosan Wayang
Cariyos Wayang inggih punika salah satunggaling jinis
sastra tradisional ingkang tasih kawentar ing masarakat.
Cariyos kasebut sinebat dados sastra utawi cariyos
tradisional amargi wekdalipun ingkang dangu, gadhahipun
bangsa saha warisan kanthi turun-temurun. Wayang saged
dipunsebat wiracarita ingkang cariyosaken kepahlawanan
para tokok ingkang gadhahi watak sae, kiat ngicalaken tokok
ingkang watak elek. Seni ingkang kaandhut salebeting
pertunjukan inggih punika: seni swara, seni sastra, seni
musik, seni tutur, seni lukis, lan sanesipun.
Wayang kathah sanget jinisipun minangka kesenian
rakyat utawa kraton, wonten wayang golek ingkang
kadamel saking kayu, wonten wayang ingkang
dipundamel saking kulit, wayang klithik dipundamel
saking, wayang beber dipungambar wonten ing kertas
utawi kulit.Sumberipun cariyos saking Ramayana lan
Mahabarata.
Mahabarata punika salah satunggaling cariyos wayang
ingkang kawentar ngantos samenika. Wonten
salebeting cariyos punika ngandhut piwulang becik.
Cariyos Bima Bungkus punika salah satunggaling cariyos
ingkang kalebet Mahabarata.
TEKS CARIYOS WAYANG BIMA
BUNGKUS
Wacanen teks Cariyos wayang menika kangge
garap LKPD !
Prabu Pandu lan Dewi Kunthi sedhih amarga jabang Bayi kang lair awujud
ora lumrah bayi,ananging awujud wungkus. Kabeh wong ngupaya kanggo
mbedah si bungkus kabeh uga ora sinf kasil, kabeh gegana lan senjata kang bisa
mecah si bungkus kanthi sawetara warsa. Si bungkus banjur dibuang ing Alas
Krendhawahana alas iki kondhang. Akeh kewan galak lan raksasa kang
manggon ing Alas kasebut.
Ancase dibuwang ing alas kasebut yaiku supaya kewan galak utawa
raksasa sing manggon ing kana bisa bukak si bungkus. sawetra minggu si
bungkus tasih ajeg ora ana sing bisa mecah, Raden permadi bingung amarga
kakange yaiku si bungkus ora bisa dibedah, dheweke sowan menyang Eyang e
yaiku Begawan Abiyasa ing pertapan Mugerretawung. Sowane Raden Permadi
kadhereake papat punakawan sak tekane Pertapan Begawan abiyasa wis pirsa
apa kang ana ing pikirane Raden Permadi.
Putuku..Nger Permadi ora usah sedhih lan ora usah bingung sejathine
kakangmu si bungkus lagi nglakoni karmane ing tembe kakangmu bakal dadi
Satriya utama lan oleh wahyu Jati, Mula ayo padha nyenyuwun marang Dewa,
supaya si Bungkus enggal purna saka karmane. suralaya geger ndadekaken bumi
gonjang-ganjing langit kelap-kelap, Bathara Guru nimbali putrane kang awujud
gajah kang aran Gajah SSna, Gajah Sena di utus mbedah si Bungkus supaya dadi
manusa sejati. Bathara uga ngutus Dewi Umayi supaya gladhi kawruh babagan
kautaman marang si Bungkus.
Cariyos saklajengipun ....
Purna anggenipun paring ajaran Dewi Umayi uga nyiapake busana, sumping,
porong lan kuku pancanaka, sawise kabeh kang tinata gajah sena mbedah
bungkus, pecahe bungkus gawe kagete sak kloron. kekarono padha gelutan
gajah sena kalah ragane Sirna lan daya kekuatane nyawiji maring anggane si
bungkus, Bathara Narandra maringi tetenger Bratasena marang si bungkus.
Bratasena takon aku iki sapa? "Bathara Narandha mangsuli "sejatine kowe kui
putra kapindo Ratu ing Amarta, yaiku prabu pandu dhewanata. Ngger...lan
kersane dewa kowe kudu dadi satriya utama
Prabu Gandha sena Ratu ing Tasik Madu nyuwun pitulungan marang Bratasena
ngutus kanggo nyernaaken Ratu Raksasa kang aran kaladhahana,Patih
Kalabanthala, Kala maruta lan kala Ranu, Raksasa papat mau sirna roh lan
kekuwatane nyawiji marang anggane Bratasena, si bungkus wis berubah dadi
Bratasena, Bratasena nalika micara nggunakake basa ngoko, nadyan to sing
diajak micara Dewa. Dheweke micara basa krama karo dewa Raja, nadyan
micarane ora alus ananging athine alus lan seneng tetulung marang
pepadhane, Bratasena pribadi kang kuwat lan wicaksana
B. Negesi tembung angel
Sakderengipun para siswa mangertosi wosing cariyos wayang
siswa kedah mangertosi tegesipun tembung tembung ingkang
sangel wonten cariyos. kangge negesi tetembungan saged
ngginakaken kamus Bausastra online anggitanipun
Poerwadarminta utawi kamus online sanesipun kadasta
https://www.sastra.org/leksikal.
Sumber : https://www.apkmonk.com/app/id/com.kamusjawa/
Sumber : http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-gratis-android/
UNSUR PEMBANGUN
CRITA
UNSUR INSTRINSIK
1. Tema ALUR / Plot
2. Lampahan
3. Paraga/Watak Alur punika
njlentrehaken
4. Latar / Setting lakuning cariyos
panggonan saking wiwitan
waktu nganti pungkasan.
Swasana
Sudut Pandang
Nedahaken caranipun
pangripta nglakokaken
paraga ing crita.
Amanat / Pitutur Luhur
Amanat menika ngandhut piwulang becik
lan pesen saking pangripta marang
pamaos
Unsur Pembangun
Crita Wayang
Unsur instrinsik unsur-unsur ingkang kanthi langsung
damel karya sastra piyambak, unsur kanthi factual saged
dipunpanggihaken dening pamaos. Dene unsur ekstrinisk inggih
punika unsur -unsur saking njawi ananging kantho boten
langsung saged damel cariyos salah satunggaling karya sastra.
Unsur ekstrinsi ingkang damel mlampahipun cariyos, nanging
boten saged jumeneng piyambak
Unsur Intrinsik :
1. Wosing pamanggih yaiku gagasan pokok sing dadi lajering
crita.
2. Lattar yaiku katrangan bab wektu, suasana, lan papan
dumadine crita.
3. Penokohan yaiku paraga lan karaktere.
4. Alur yaiku reroncening crita utawa urutaning crita.
5. Amanat yaiku pesen utawa pitutur luhur sajroning crita.
6. Sudut pandang yaiku kahanane pangripta ing sajroning crita.
Unsur ekstrinsik :
Kahanane pangripta ing babagan pendhidhikan lan
psikologi.
Kahanane bebrayan/masarakat ing babagan sosial
budayan, politik lan ekonomi
Fase 3 : Membimbing
Penyelidikan
Cara anggenipun damel sinopsis kedah mangertosi cak-cakipun
damel sinopsis. Supados gampil migatosaken urut-urutanipun cara
nyerat sinopsis.
Sinopsis
Sinopsis inggih punika ringkesan saking cariyos.
Sinopsis punika karangan wutuh ingkang
dipunringkes dados kinten-kinten seperempat
nanging boten ical saking wosipun
Urutanipun damel sinopsis
1. Maos cariyos wayang nganthi dipunambali ngantos
paham kaliyan panyeratanipun.
2. wekdal maos kaliyan nyerat pokok-pokok
pamanggih utawi tema
3. seratan wau dipunngrembakake kanthi basanipun
piyambak.
4. menawi wonten seratan ingkang sami antawis
paragraf satunggal kaliyan sanesipun kedah nyerat
malih supados boten tumpang tindih.
5. Sanajan ringkesan pokok pikiran tetep taksih
wonten boten ical saking wosipun cariyos
Nilai Luhur
Sajroning Crita
Wayang Bima Bungkus
Wonten ing saklebeting cariyos wayang " Bima
Bungkus" ngandhut nilai-nilai luhur. Nilai luhur ing
sajroning cariyos wayang punika "nilai Religius".
Nilai religius saged katingal nalikane Bima lair
awujud wungkus, bab punika wonten gegayutan
kaliyan takdir Gusti Alloh, bilih Bima lair awujud
wungkus nganti wolung taun.
Pitutur luhur ingkang wonten sing
cariyos wayang menawi dipungayutaken
kaliyan jaman sakmenika tumrap tiyang
nom ing masarakat jaman saniki inggih
punika :
Nilai Religius :
Para generasi mudha kedah gadhah sipat
sabar kadasta Bima nalika lair. Bab
punika saged gayut tumrap pepesthene
Gusti Alloh kanthi sabar narima lan sregep
anggenipun sinau supados saged nggayuh
punapa ingkang dipunkajengaken.
Fase 4 : Mengembangkan
dan menyajikan hasil
A. Nganalisis wosipun cariyos wayang Bima Bungkus
Sasampunipun para siswa mangertosi bab unsur cariyos wayang.
wonten ing pasinaon punika siswa pirembagan kaliyan
kelompokipun nganalisis wosing cariyos wayang punika :
https://docs.google.com/document/d/1JRQOMY6PAXYMPQ5pST3vFto
B0lF6lO-DY3l_30Wegi0/edit
Tabel kangge garap ayahan punika :
Papan kangge garap wonten ing
ngandhap punika, kanthi identitas
ingkang jelas !
PAPAN KANGGO GARAP !
SINOPSIS PIWULANG LUHUR
Assesment :
1. Penilaian keaktifan
2. penilaian ketepatan jawaban
3. penilaian sumatif
Fase 5 :
Menganalisis dan
Pemecahan masalah
Relevansi babagan materi crita wayang
Bima Bungkus inggih punika para generasi
mudha kedah saged mundhut piwulang
saking crita punika kadasta kedah sabar
saha tansah sregep sinau supados punapa
ingkang dados gagayuhan saged kajangkah.
Relevansi sanesipun babagan materi crita
wayang Bima Bungkus inggih punika kedah
nguri-uri kabudayan Jawa ingkang ngandhut
piwulang becik saking para leluhur. kadasta
asring maos-maos cariyos wayang.
KAScPhoUolSSTuAppKlieAs NList
Agustina, Yunika Tri, 2022. Modul Pengayaan Bahasa Jawa.
Surakarta. CV Grahadi
Poerwadarminta, W.J.S. (1939). Baoesastra Djawa. Batavia: J.B
Wolters Uitcevers Maatschappij N.V Groningen.
Setiadi, Dwi Bambang Putut. 2015.Baud Basa Jawa.Klaten. Intan
Pariwara
Widaryatmo, Gandung, dkk. (2014). Prigel Basa Jawa kanggo
SMA/SMK/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit Erlangga
Sumber Belajar
h t t p s : / / w w w . s a s t r a . o r g / l e k s i k o n
https://youtu.be/poG8sDeXSf0