The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by atriyanti75, 2021-07-19 09:20:20

BAHAN AJAR BAHASA JAWA KELAS XII

SEMESTER GASAL

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Kompetensi Dasar Menelaah teks serat wedhatama Pupuh Kinanthi
Indikator
1. Menganalisis teks Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi dari segi sejarah dan
eksistensinya di jaman sekarang

2. Menanggapi isi teks sesuai dengan makna Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi secara lisan/ tulis dengan bahasa sendiri

3. Menyajikan secara tertulis dengan bahasa sendiri Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi dengan cakepan tembang dan sesuai dengan ajaran Serat
Wedhatama pupuh Pangkur

4. Menyajikan secara lisan Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi sesuai
dengan paugeran tembang macapat

Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama. Serat wedhatama
asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung
''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo saka tembung
''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathokaning putra tegese
pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya(KGPAA)
Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat punika ana 100 pupuh kang dibagi 5 tembang,:

1. Pangkur ana 14 Pada (1 – 14)
2. Sinom ana 18 Pada ( 15 -32)
3. Pucung ana 15 Pada ( 33 – 47)
4. Gambuh ana 35 Pada (48-82)
5. Kinanthi ana 18 Pada (83-100)

Isi saking serat Wedhatama inggih punika falsafah kauripan tuladhanipun tepa salira marang sapadha,
manunggaling kawula gusti, lan dadi manungsa kang duweni watak unggul.
Isi serat wedhatama kaperang dados 4 bab :
1. Nggambaraken solah bawa pra mudha kang duweni solah bawa kang ala (goroh/ sombong) amarga dados putra

bangsawan lan piandelipun ing ibadah namung mawi lahiriah mawon.
2. Ngaturi piwulangan babagan tata laku pra mudha ingkang anuladhani panembahan senopati, raja kapisan

mataram. Manungsa kedah saged ngirangi anggenipun dhahar lan sare sarta hawa nepsu. Ing bab kasebat ugi
dipun andharaken, supados mantep ing ati anggenipun gesang kedah mangertosi lan mumpuni ing tigang
perkawis inggih punika : arta – wirya –winasis : (harta – kedudukan – pengetahuan).
3. Negasake yen anggone golek kawruh, kedah nglampahi tata laku susila kanthi ngupaya supados saged
ngilangake angkara murka. Ing padinan ugi kedah anggadhahi sikap sila trima (legawa) : sila narima (serah
diri).
4. Dudutan nrapake 4 cara ibadah tumuju sampurnaning badan yaiku sembah raga, kalbu, jiwa lan rasa. Sikap
kasebat ingkang badhe nuduhaken kita kagem Manunggaling Kawula – Gusti

1

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Makna tembang Kinanthi
Salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan.
Pupuh kinanthi asale sangka tembung “kanthi” kang nduweni arti nggandeng utawa nuntun. Tegese minangka
kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya kabeh tumindake ora nalisir saka
bebener.

Wataking Tembang Kinanthi : seneng, tresna asih, mituturi, nuladani
Paugeran tembang macapat yaiku :
1. Guru gatra : cacahe larik/gatra saben pada (bait).
2. Guru wilangan : cacahe wanda (suku kata) saben gatra.
3. Guru lagu : tibane swara wanda pungkasan ing saben gatra.
4. Pada : sami kaliyan bait ing dalem satembang
5. Pupuh : kumpulane pirang-pirang pada ingkang nunggal tembang
6. Laras : rasa thithiane swara cendhak nganti swara dhuwur
7. Titi laras : angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur)
8. Pathet : ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang
9. Cakepan : syair, tetembungan kang dienggo ing tembang
10. Cengkok : gaya nembang umpamane Semarangan, Surakartan, Banyumasan

Paugerane Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi
1. Guru Gatra : 6
2. Guru Lagu : u, i, a, i, a, i
3. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

Wos kang kamot/ajaran ing tembang kinanthi (wedhatama):
1. Ngajarake babagan tuntunan moral saka pendidikan karakter / etika pribadi,
2. Supaya ngolah lanteping rasa lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang duweni budi

luhur.
3. Supaya antuk ngelmu sejati kanthi prihatin.
4. ora kena iri lan dengki, ora getapan/atine gampang panas, ora ngganggu wong liya
5. Tansah eling lan waspada. Eling kang dimaksud yaiku eling marang tuladha saka mobah mosiking alam

(perubahan ataupun kondisi alam). Waspada tegese ngerti pepalang urip. Supaya ora sembrana, ngilangake
rasa kang mangu-mangu (ragu-ragu)
6. Manungsa ora kulina tumindak nistha, ati-ati marang pepalang urip.
7. Wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya ning ngendi wae papane.

SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

PADA TEMBANG JARWA/ARTI ARTI DALAM BHS INDONESIA

83 1. Mangka kanthining tumuwuh, 1. Kamangka panuntune urip 1. Padahal bekal hidup,
2. selawase mung waspada lan eling 2. selamanya waspada dan ingat,
2. Salami mung awas eling, 3. eling marang pratandhaning alam 3. Ingat akan pertanda yang ada di alam ini,
4. dadi kamulyaning urip 4. Menjadi kekuatannya asal-usul,
3. Eling lukitaning alam, 5. supaya bisa adoh saka kasangsaran 5. supaya lepas dari sengsara.
6. yaiku cara kanggo njaga urip 6. Begitulah memelihara hidup.
4. Dadi wiryaning dumadi, 1. Dadi anak iku kudu sregep
2. sinau ngasah ati 1. Maka rajinlah anak-anakku,
5. Supadi nir ing sangsaya, 3. awan bengi kudu ngupaya 2. Belajar menajamkan hati,
4. mlebu ing njero ati 3. Siang malam berusaha,
6. Yeku pangreksaning urip. 5. musnahake nafsune awak 4. merasuk ke dalam sanubari,
6. supaya dadi menungso sing utama 5. melenyapkan nafsu pribadi,
84 1. Marma den taberi kulup, 1. Ngasahe ing donya sing sepi 6. Agar menjadi (manusia) utama.
2. aja nganti mandhek selawase
2. Angulah lantiping ati, 3. naliko wes katon 1. Mengasahnya di alam sepi
2. Jangan berhenti selamanya,
3. Rina wengi den anedya, 2 3. Apabila sudah kelihatan,

4. Pandak panduking pambudi,
5. Bengkas kahardaning driya,

6. Supaya dadya utami.`

85 1. Pangasahe sepi samun,

2. Aywa esah ing salami,

3. Samangsa wis kawistara,

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

4. Lalandhepe mingis mingis, 4. landhepe ora bisa kebayang 4. tajamnya luar biasa,
5. Pasah wukir reksamuka, 5. iso ngiris gunung sing ngalangi 5. mampu mengiris gunung penghalang,
6. Kekes srabedaning budi. 6. ilang kabeh pangalange ati 6. Lenyap semua penghalang budi

86 1. Dene awas tegesipun, 1. Ngati-ngati iku tegese 1. Awas itu artinya,
2. Weruh warananing urip, 2. ngerti alangane urip 2. tahu penghalang kehidupan,
3. Miwah wisesaning tunggal, 3. lan uga kekuasaan yang tunggal 3. serta kekuasaan yang tunggal,
4. Kang atunggil rina wengi, 4. sing nyatu marang awan bengi 4. yang bersatu siang malam,
5. Kang mukitan ing sakarsa, 5. sing ngabulake kabeh kapinginan 5. Yang mengabulkan segala kehendak,
6. Gumelar ngalam sakalir. 6. kang nyebar ing alam donya 6. terhampar alam semesta.

87 1. Aywa sembrana ing kalbu, 1. Ati aja nganti lengah, 1. Hati jangan lengah,
2. Wawasen wuwus sireki, 2. jaganen omonganmu, 2. Waspadailah kata-katamu,
3. Ing kono yekti karasa, 3. mengko kowe mesti krasa, 3. Di situ tentu terasa,
4. Dudu ucape pribadi, 4. dudu omongan pribadi, 4. bukan ucapan pribadi,
5. Marma den sembadeng sedya, 5. mulane tanggung jawabo, 5. Maka tanggungjawablah, perhatikan semuanya
6. Wewesen praptaning uwis 6. perhatikake kabeh kanthi tuntas
sampai tuntas
88 1. Sirnakna semanging kalbu, 1. Ngilangaki rasa mamang ing ati,
2. Den waspada ing pangeksi, 2. Den waspada marang pandelengmu, 1. Hilangkan keragu-raguan hati.
3. Yeku dalaning dalaning kasidan, 3. Mengkono kui dalan kang apik, 2. Waspadalah terhadap pandanganmu,
4. Sinuda saka sathithik, 4. Sudanen sangka sithik-sithik, 3. Itulah jalan yang baik,
5. Pamotahing nafsu hawa, 5. Kepenginane hawa nafsu, 4. Kurangilah dari sedikit,
6. Linantih mamrih titih 6. den latiha supaya sempurna 5. Permintaan hawa nafsu,
6. latihlah agar sempurna.
89 1. Aywa mematuh nalutuh, 1. Aja kulina tumindak ala,
2. Tanpa tuwas tanpa kasil, 2. Tanpa guna tanpa kasil, 1. Jangan membiasakan diri berbuat aib,
3. Kasalibuk ing srabeda, 3. Kena marang gangguan, 2. tidak ada gunanya tidak ada hasilnya.
4. Marma dipun ngati ati, 4. Mula diati-ati, 3. Terjerat oleh rintangan/gangguan.
5. Urip keh rencananira, 5. Urip kui akeh panggodane. 4. Oleh karena itu berhati-hatilah,
6. Sambekala den kaliling. 6. Panggoda kudu diperhatikna 5. Hidup banyak rintangannya,
6. Godaan harus diperhatikan.
90 1. Upamane wong lumaku, 1. Saumpama wong melaku,
2. Marga gawat den liwati, 2. Dalan kang bebaya dilewati, 1. Seumpama orang berjalan,
3. Lamun kurang ing pangarah, 3. Yen kurang ati ati, 2. Jalan yang berbahaya dilalui.
4. Sayekti karendhet ing ri, 4. Bisa kena ri(pepalang), 3. Apabila kurang perhitungan,
5. Apese kasandhung padhas, 5. Apese kya kesandung watu, 4. tentulah tertusuk duri,
6. Babak bundhas anemahi. 6. pungkasane kelara-lara. 5. paling tidak terantuk batu,
6. akhirnya terluka.
91 1. Lumrah bae yen kadyaku, 1. Lumrah wae yen mangkono,
2. Atetamba yen wus becik, 2. Golek tombo yen bablak, 1. Yang demikian itu biasa,
3. Duwey kawruh sabodhag, 3. Sanadyan duwe ilmu akeh, 2. berobat setelah terluka,
4. Yen tan nartani ing kapti, 4. Yen ora padha karo tujuan, 3. walaupun punya pengetahuan banyak,
5. Dadi kawruhe kinarya, 5. Kawruh mung dienggo, 4. apabila tidak ada gunanya,
6. Ngupaya kasil lan melik. 6. Ngupaya kasil lan pamrih. 5. sehingga pengetahuannya hanya dipakai,
6. mencari nafkah dan pamrih.

92 1. Meloke yen arsa muluk, 1. Omongane muluk-muluk 1. Terlihat bila berkomentar,
2. Muluk ujare lir wali, 2. Omongane kaya wali, 2. bicaranya muluk-muluk biar dianggap wali,
3. Wola wali nora nyata, 3. Bola-bali ora ana asile, 3. berkali-kali tidak terbukti.
4. Anggepe pandhita luwih, 4. Anggepe dheweke nduwe, 4. Menganggap dirinya pandita hebat,
5. Kaluwihane tan ana, 5. Kaluwihane ora ana, 5. kehebatannya tidak ada,
6. Kabeh tandha-tandha sepi, 6. Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang. 6. bukti-bukti tidak nampak.

93 1. Kawruhe mung ana wuwus, 1. Ngelmune mung omongan thok, 1. Pengetahuannya hanya ada didalam mulut.
2. Wuwuse gumaib-gaib, 2. Omongane digawe-gawe, 2. Kata-katanya digaib-gaibkan,
3. Kasliring thithik tan kena, 3. Disenggol sitik ora kena, 3. Dibantah sedikit saja tidak mau.
4. Mancereng alise gathik, 4. Muring-muring alise gathik, 4. Mata membelalak alisnya menjadi satu (marah),
5. Apa pandita antiga, 5. Apa kuwi kang diarani pandhita palsu, 5. apa itu pandita palsu,
6. Kang mangkono iku kaki. 6. Kang kaya kuwi anakku. 6. yang seperti itu anakku.

94 1. Mangka ta kang aran laku, 1. Mangka ta sing diarani laku, 1. Padahal yang disebut laku (sarat)
2. Lakune ngelmu sejati, 2. Lakune ngelmu sejati, 2. saratnya menjalankan ilmu sejati,
3. Tan dahwen pati openan, 3. Ora kena iri/ngurusi liya, 3. Tidak iri dan dengki,
4. Tan panasten nora jail, 4. Ora kena panas ati lan jail, 4. tidak mudah marah dan jail,

5. Tan njurungi ing kahardan, 5. Ora ngelampiasake amung nafsu, 5. tidak melampiaskan hawa nafsu.
6. Amung eneng mamrih ening. 6. Kang ditindhakake amung anteng. 6. Hanyalah diam agar dapat tenang.

95 1. Kaunanging budi luhung, 1. Luhure budi pekerti, 1. Biasanya budi yang baik itu,
2. Bangkit ajer ajur kaki, 2. Gampang srawung sapa wae, 2. pandai bergaul dengan siapapun anakku,

3

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

3. Yen mangkono bakal cikal, 3. Yeku bakal thukul ilmu, 3. bila demikian akan tumbuh,
4. Thukul wijining utami, 4. Tukul ilmu kang utama, 4. tumbuh benih utama.
5. Nadyan bener kawruhira, 5. Nadyan bener ilmune, 5. Walaupun pengetahuannya benar,
6. Yen ana kang nyulayani, 6. Kadang ora ana sing bedha. 6. bila ada yang berbeda pendapat

96 1. Tur kang nyulayani iku, 1. Kang ngulayani/ngelmu, 1. Lebih-lebih yang berbeda pendapat itu,
2. Wus wruh yen kawruhe nempil, 2. Biasane ilmune cethek, 2. kita ketahui bukan pengetahuannya sendiri,
3. Nanging laire angalah, 3. Nanging uripe sing rukun, 3. tetapi diluar mengalah,
4. Katingala angemori 4. Katingala sing becik, 4. agar terlihat sesuai.
5. Mung ngenaki tyasing lisan, 5. Mung bisa kepenak atine liya, 5. Hanya menyenangkan hati orang lain,
6. Jangan sakit hati dan dendam.
6. Aywa esak aywa serik. 6. Aja lara ati lan serik.

97 1. Yeku ilapating wahyu, 1. Yaiku perantarane yen arep entuk wahyu, 1. Demikianlah saratnnya wahyu,
2. Yen yuwan ing salami,
3. Marga wimbuh ing nugraha, 2. Yen lega salawase, 2. bila demikian selamanya,
4. Saking heb Kang Maha Suci,
5. Cinancang pucuking cipta, 3. Mula iso entuk anugrah, 3. itu jalan menambah pahala,
6. Nora ucul-ucul kaki.
4. Saking sabda Gusti, 4. dari Sabda Tuhan,
98 1. Mangkono ingkang tinamtu,
2. Tanpa nugrahing widhi, 5. Ditali ing pucuke cipta, 5. diikat diujung cipta,
3. Mamrih ta kulup den bisa,
4. Mbusuki ujaring janmi, 6. Ora ngarah ucul anakku. 6. tidak akan lepas anakku,
5. Pakoleh lair batinnya.
6. Lir leluhur nguni uni, 1. Kaya kuwi siasane wong urip, 1. Begitulah biasanya,
2. Entuk anugrahe Gusti, 2. mendapat anugrah Tuhan.
99 1. Pantes tinulad tinurut 3. Mula sinau sak bisa-bisane, 3. Oleh karena itu agar anakku agar kau bisa,
2. Laladane mrih utami, 4. Etok-etok ujare manungsa, 4. pura-pura menjadi orang bodoh terhada orang lain,
3. Utama kembanging mulya, 5. Supaya entuk katentreman, 5. hasilnya lahir batin,
4. Kamulyaning jiwa dhiri, 6. Kaya ngono kuwi budine sing becik. 6. iyalah budi yang baik.
5. Ora ta yen ngeplekana,
6. Lir leluhur nguni uni. 1. Pantes dadi tuladha lan ditiru, 1. Pantas jadi tauladan dan diikuti,
2. Saranane dadi wong kang utama, 2. cara-cara mencapai kebaikan,
100 1. Ananging ta kudu-kudu, 3. Iku kembang kamulyan, 3. Itu permulaan dari kemuliaan.
2. Sakadarira pribadi, 4. Kamulyane jiwa raga, 4. Kemulyaan jiwa jiwa raga,
3. Aywa tinggal tutuladhan, 5. Masio ora persis, 5. walaupun tidak persis,
4. Lamun tan mangkono kaki, 6. Kayata leluhur biyen. 6. seperti nenek moyang dahulu
5. Yekti tuna ing tumitah,
6. Poma kaestokna kaki. 1. Ananging sira kudu ngupaya, 1. Tetapi harus iktiar,
2. Miturut kemampuane awake dhewe, 2. sekedarnya saja,
3. Aja ninggal patuladan, 3. jangan melupakan tauladan/contoh,
4. Yen sira ora nglakoni, 4. Apabila tidak demikian anakku,
5. Mati bakal dadi kang rugi, 5. itu berarti rugi hidup ini.

6. Mangka lakonana anakku. 6. Oleh karena itu jalankanlah anakku.

TULADHA PADA 83
Sekar Tembang Kinanthi

5 66 6 6 1’ 2’ 2’
Mang- wuh 6’
2’ ka kan- thi- ning tu- mu- 61’
Sa- 5 1
2’ 1’ 1’ 6 61’ ling 5
5 1’ 5
A- la- mi- mung a- was e- pah

5 6 1 1’ 1’ 1’ 32
E- di
was sa- jro- ning lu- mam-
1 5
Su- 55 5 52 ya
ling lu- ki- ta du- ma-
3 3
Ye- 235 55 rip

pa- di nir ing sang- sa-

222 2 32

ku- pang- rek- sa- ning u-

Pitutur tembang pada 83 : wong urip kudu eling lan waspada ,eling asal usule supaya bisa adoh saka
kasangsaran cara kanggo njaga urip

4

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Tuladha carane gawe tembang Kinanthi tema tuntunan

Sing kuwat gelem tetulung (8u)
Gelem linanting sing ringkih (8i)
Kuwat ringkih nunggal tekad (8a)
Mlarat sugih wus sawiji (8i)
Bisa ana katentreman (8a)
Bebarengan lan nyawiji (8i)

Pitutur Tembang :Wong urip kudu seneng tetulung marang sapepadhane sanajan urip pas-pasan ora keduman bandha
donya kanthi prayoga kudu bisa gawe bagya mulyaneng wong liya.

A. Gladhèn angka 1.

Wangsulana pitakenan ing ngandhap punika kanthi leres!
1. Menapa makna lan isinipun serat Wedhatama menika ?

Wangsulan:
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

2. Watakipun tembang Kinanthi inggih punika ?
Wangsulan :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
3. Sebataken guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang Kinanthi ?
Wangsulan :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
4. Tembang Kinanthi punika nggambaraken?
Wangsulan :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

5. Menapa Piwulang wonten Serat Wedahatama Pupuh Kinanthi?
Wangsulan :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

6. Damelaken 1 pada cakepan/lirik tembang Kinanthi kanthi tema tuntunan ngagem basanipun
piyambak!

Wangsulan :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................

5

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

B. Gladhèn angka 2.
1. Damelaken gancaran/arti cakepan tembang kinanthi ing ngandhap!
2. Pitutur punapa ingkang saged kapethik saking tembang kasebut!

Tembang pada 84 Tembang pada 88

Marma den taberi kulup, Sirnakna semanging kalbu,
Angulah lantiping ati, Den waspada ing pangeksi,
Rina wengi den aneda, Yeku dalaning dalaning kasidan,
Pandak-panduking pambudi, Sinuda saka sathithik,
Bengkas kahadaning driya, Pamotahing nafsu hawa,
Supaya dadya utami Linantih mamrih titih.
.

C. Gladhèn angka 3.

Dhamel Video tembang Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

Langkah-Langkah produksinipun :
1. Dhamel Video tembang ngaggem HP tuladhanipun aplikasi HP inggih punika Filmora Go, Power
Director, Kinemaster, Viva Video, Crop & Trim Video, Action Director, lsp.
2. Wonten video tembang kinanthi kanthi ngrakit cakepan/syair piyambak kanthi bahasa jawa ingkang
trep.
3. Tuladha tembang ingkang dipun damel saged milih salah satunggaling tema inggih punika Pedhidhikan,
Kabudayaan, Pitutur lan Pasrawungan, tuntunan.
4. Panulisanipun tembung kedah nggatekaken guru gatra, guru wilangan ugi guru lagu
5. Wonten sesambunganipun kaliyan ukara saben larik wonten sapada
6. Tembang ingkang dipun dhamel kanthi artikulasi/wicara ingkang jelas, wirama kanthi
luk/gregel/cengkok ingkang trep lan ekspresi/wirasa.

:

6

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gerita. Tembung
gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung gita, tegese tembang utawa
syair.

Geguritan iku dibedakna dadi 2, yakuwe :
1. Geguritan kuna/lawas nduwe pathokan :
a) Diwiti tembung sun gegurit
b) Gatra-gatra ing saben padane padha
c) Cacahe wanda ing saben gatrane padha
d) Minggunaake purwakanti guru swara
2. Geguritan anyar duwe pathokan
a) Ora nggunakake tembung sun nggegurit
b) Cacahe gatra bebas
c) Cacahe wanda saben gatra ora ditemtokake
d) Tibane swara ing pungkasane gatra bebas

Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, geguritan bisa kaperang dadi:
1) Syair rong gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra utawa larik. (Gita

Dwigatra)
2) Syair telung gatra sapada yaiku geguritan kang saben sapadane kasusun saka telung gatra utawa

telung larik. (Gita Trigatra)
3) Syair patang gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka patang gatra utawa patang

larik. (Gita Catur Gatra)
4) Syair limang gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka limang gatra utawa limang

larik. (Gita Panca Gatra)
5) Syair nem gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane kasusun saka nem gatra utawa nem

larik. (Gita Sadgatra)
6) Syair pitung gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane kasusun saka pitu gatra utawa

pitung larik. (Gita Sapta Gatra)
7) Syair wolung gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane kasusun saka wolung gatra utawa

wolung larik. (Gita Hastha Gatra)
8) Syair sangang gatra sapada yaiku geguritan kang kang saben padane kasusun saka sangang gatra utawa

sangang larik. (Gita Nawa Gatra)

 Purwakanthi
Purwakanthi : gandhenge swara kang mburi karo swara kang wis kasebutake ing ngarepe.

1) Purwakanthi guru swara yaiku runtuting swara vokal
Tuladha: Aja dumeh menang, banjur sewenang-wenang, Tiwas sayah, ora faedah

2) Purwakanthi guru sastra yaiku runtuting swara konsonan

7

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Tuladha: laras lurus leres laris, Sluman slumun slamet , Sapa sing salah bakal seleh
3) Purwakanthi Lumaksita / Basa yaiku runtuting swara tembung

Tuladha: Witing tresna, tresnane mung sawetara, Mangan ati, atine sing kelara-lara
 Struktur geguritan.

Struktur geguritan kaperang dadi loro; yaiku:
1. Struktur fisik
a. Diksi. Yaiku pamilihing tembung. Tembung ing geguritan biyasane nduweni teges konotatif
b. Majas (lelewaning basa)
c. Purwakanthi
d. Tipografi. Yaiku gatraning geguritan kang tinulis mawa pada ing sawijining geguritan
2. Struktur batin
a. Bakuning gagasan (tema)
b. Pangrasane penyair. Yaiku tembung-tembung ing sajroning geguritan kang nduwe teges
kanggo manjilmakake rasa.
c. Nada/sikap penyair marang pamaos. Yaiku patrap ing sajroning geguritan.
d. Amanat. Yaiku pesen kang diwedharake penyair marang pamaos.
e. Suasana. Yaiku kahanan batin sawise maca geguritan kang dirasakake pamaos

Unsur intrinsik ing geguritan yaiku : Tema, Citraan, Diksi, Gaya bahasa, Latar,Alur

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem jenise inggih punika :
1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran

Jenis-Jenis Geguritan/ Puisi Jawa

1. ode : yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang wong liyo,

negara, lan apa dene kang dianggep luhur.

2. Hymne : yaiku geguritan kang surasane babagan pangalembono marang Gusti.

3. Elegi : yaiku geguritan kang surasane babagan panalongso.

4. Epigram : yaiku geguritan kang surasane babagan piwulang-piwulang moral, nilai hidup

kang becil lan bener.

5. Satire : yaik geguritan kang surasane ngenyek utawa ngece kanthi kasar lan landhep.

6. Romansa : yaiku geguritan kang surasane babagan katresnan.

7. Balada : yaiku geguritan kang surasane babagan cerita utawa lakn kang nyotowang

lamunane pujangga.

Cara nulis geguritan

1) Nemokake Tema Geguritan. Tema luwih jembar momotane tinimbang topik.

2) Mantha-mantha Tema dadi Topik kang Luwih Mligi. Topik iku perangan kang luwih mligi saka tema.

3) Nemtokake Irah-irahane Geguritan (judul) geguritan.

Wong moco geguritan ugo duweni syarat yaiku :
1. Wirama --> Cendek duwure nada utawa keras lemahe swara.
2. Wirasa --> Perasaan utawa penghayatan ketika moco geguritan
3. Wiraga --> Polah utawa gerake ketika moco geguritan
4. Wicara --> lancar orak e moco geguritan

8

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

PIWULANG 3
TEKS DESKRIPSI PAKAIAN ADAT

A. Mangerteni Teks Deskriptif Bab Busana Adat Jawa
Deskriptif Yaiku karangan kang isine menehi gambaran kahanan samubarang
apa bae. Olehe nggambarake nganti satliti-tlitine supaya kang padha maca
kaya-kaya meruhi dhewe, ngrungokake dhewe lan ngrasakake dhewe kaya
apa kang dialami pengarang mau. Dadi apa kang katon, apa kang dirungu, lan
apa wae kang dirasakake pengarang dicitakake kanthi cetha.
Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulls
utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci
tegese gambarake perkara tartamtu.
Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan.
Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang; prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan,
alam, lsp.
Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki
mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lsp. Bisa digambarake/dirinci kanthi
trep kaya kahanan sing saknyatane.
Tuladha;

 Deskripsi barang upamane tas bisa dirinci/digambarakengenani bahane, wernane, modele, lsp.
 Deskripsi pawongan (manungsa) bisa dirinci/digambarake dedege, watake, kesenengane,

gaweyane,lsp.
 Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake. Saka

ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat radhio siswa bias nulis wacan
deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan.

Bab-bab kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan deskripsi yaiku,
 Nemtokake bab kang arep ditulis
 Ngumplake katrangan kanthi njinggleni bab kanga rep ditulis.
 Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
 Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung kang

trep.
 Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

Titikan/ciri-ciri karangan deskripsi kang becik yaiku,
 Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa
 Nggunakake pancaindriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap)
 Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu

dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe.
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi
ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:

9

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

1. Udheng
Udheng dienggo neng mustaka kaya cara nganggo topi. Nek wis dienggo neng dhuwur mustaka, iket
dadi angel dibedake karo udheng amarga ujudnya padha. Udheng asale saka tembung mudheng artine
ngerti karo gamblang. Maknane manusia nduweni pikiran sing kukuh nek wis mudheng utawa mahami
tujuan uripe. Manusia nduweni fitrah kanggo senantiasa nggoleki kesejaten urip dadi sangkan paraning
dumadi.

2. Iket
Iket yaiku tali mustaka sing dibentuk angrupa kupluk dadine bentuke bisa nutupi mustaka manusia.

Kanggo wong Jawa artine iket yaiku manusia nduweni pamikiran sing kenceng, ora gampang

terombang – ambing mung amarga factor situasi utawa wong liya tanpa pertimbangan sing matang
3. Rasukan
Dadi ciptaan Yang Maha Kuasa, arepa manusia ngrasuk utawa nganut salah siji dhalan utowo agama tetep

karo kelingan nyembah Tuhan Yang Maha Esa.
4. Benik
Klambi Jawa kaya beskap mesti dipepaki karo benik neng sebelah kiwa lan tengen. Lambang saka
benik yaiku menawa manusia nek tumindak kudu dipikir, ojo grusa-grusu. Opo wae sing di tindake ojo

nganti ngrugeke wong liya, iso jaga antarane kepentingan dewe lan kepentingan liyan.
5. Sabuk
Sabuk dienggo melingkar neng awak utawa tepate neng bangkekan. Sabuk artine impas wae, ora
untung & ora tuna. Makna sabuk yaiku ben manusia nggunakne awake kanggo nyanbut gawe

sing tenan , aja nganti kerjone ora ngasilke.
6. Epek
Persamaan Epek yaiku apek; golek; nggoleki. artine jero urip iki, awake dhewe kudu
nggunakne dheweke karo nggoleki kawruh sing ngguna

7. Timang

Timang yaiku pralambang menawa elmu sing ditempuh kudu dipahami seng gamblang,

ben ora gampang utawa nimbulke rasa kuatir. (samang – samang; asale saka tembung

timang )

8. Jarik
Jarik yaiku jarit sing dienggo kanggo nutupi awak tekan sikil. Jarik artine wae serik. Aja gampang iri karo
wong liya, amarga lara ati mung arep nimbulke rasa nesu, grusa - grusu nganggepi kabeh masalah.
9. Wiru
Nganggo jarik utawa bebed kudhu nganggo diwiru ndisik. Wiru artine wiwiren ojo nganti kleru. Olah
samubarang hal samangkana rupa dadine nuwuhake rasa nyenengne lan harmonis, aja nganti dadi
kekleron lan disharmoni.
10. Bebed
Bebed yaiku bebed utawa jarik sing dienggo wong lanang. Bebed artine manusia kudu ubed ,tlaten lan
sregep lan nyambut gawe golek pangan.

11. Canela
Canela dijabarke saka canthelna jroning nala, utawa cekelan sing kuwat sajroning atimu .
Canela padha karo selop utawa sandhal. Canela dienggo neng sikil supoyo ben awake
dhewe nyembah lan batin mung ning sikil-Nya.

12. Curiga lan warangka

10

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI
Curiga utowa keris dadi wilahan, bilahan lan ana neng jero warangka utawa wadahe. Curiga dienggo
neng buri awak. Keris iki nduweni pralambang menawa keris sak warangkane padha karo manusia dadi
ciptaan lan penciptane yaiku Allah Yang Maha Kuasa, manunggaling kawula Gusti. Amarga didokokake
neng mburi awak, keris nduweni arti dewe menawa nek nyembah Tuhan Yang Maha Kuasa. Supaya
manusia iso ngungkurake godhaning setan sing seneng nganggu manungsa pas arep tumindak
kebecikan.

Kawruh Kagunan Basa :
1. Paribasan

Paribasan iku unen-unen kang wis gumathokracikane. Teges kang kinandhut uga wis tartamtu
mulane ora kena diowahi. Lumrahe paribasan iku ngemu teges kang entas (kiasan). Tegesing tembung
lumereg (Ind: bergeser), gumantung ing surasane lan karepe kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan
iku ngemu teges tetandhingan, pepindhan utawa pepiridan, saemper pasemon. Lumrahe, sing disemoni
iku manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesmbunganing manungsa lan alam uripe.

Paribasan ana kang ingaran bebasan lan saloka. Paribasan diarani bebasan yen lereging teges
ngenani sesipatan utawa kaanan kang gegayutan karo ulah kridhaning manungsa. Tuladhane, yen ana
wong kang ngumukake kekuwatane, gumedhe, lan kuminter, dibebasakake: adigang, adigung, adiguna.
Paribasan diarani saloka yen lereging teges ngenani sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
Tuladhane, yen ana wong tuwa njaluk wulang karo anak disalokake: kebo nusu gudel
2. Isbat
Kang duiarani isbat iku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud
racikaning tembung kang dhapuk ukara kang ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Tembung isbat
tegese katetepan, saemper paribasan. Tegese lumereg marang kawruh pilsapat lan pasemon, kayata: golek
banyu apikulan warih, golek geni adedamar, nggoleki wekasing langit, lsp.
3. Sanepa
Sanepa iku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa tetendhingan, lan nduweni teges
mbangetake kanthi nyurasa kosokbaline. Tuladhane, yen arep ngandhakake tatu sing kerep banget,
disanepakkake: tatune arang kranjang.

11

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

PIWULANG 4

TEKS EKSPOSISI GAMELAN

Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing
tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.
Ciri-ciri wacan eksposisi:

 Arupa wacan informasi.
 Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
 Wasananing wacan ana penjelasan.
 Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-

cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.
Tuladha Wacan Eksposisi:
Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, dll.
Jenis Wacan eksposisi:

1. Wacan sing nuduhake proses.
2. Wacan sing nuduhake tuladha.
3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.
Carane nulis wacan eksposisi:
1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
2. Nemtokake tujuwan.
3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Jenis Paragraf eksposisi:
1. Eksposisi Definisi
2. Eksposisi Klasifikasi
3. Eksposisi ilustrasi
4. Eksposisi Perbandingan
5. Eksposisi Laporan

Nanggapi Teks Eksposisi Bab Gamelan
Budaya jawa

Gamelan Jawa iku nduweni nada-nada pentatonis. Gamelan Jawa iku
nduweni 2 laras yaiku: Laras Slendro lan Laras pelog, Laras Slendro nduweni
urutan nada-nada 123567, menawi Laras Pelog nduweni nada-nada 1234567.

Wonten ing jaman modern iki, Gamelan menika kadang kala mboten
dados remenipun para mudha. Kathah para mudha ingkang mboten mangertos
babagan gamelan amargi para mudha wonten ing kasunyatan luwih kulina weruh utawa nyekel alat
musik modern kayata Gitar, Bass, Piano, Drum, Biola lan sakpanunggalanipun, tinimbang nyekel utawa
main alat musik Gamelan.

12

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Makna Filosofi Gamelan
1. Bonang barung ugi bonang panglajeng (bonang penerus)

nggadahi oktaf madya ngantos inggil ingkang menawi kula panjenengan sedaya midhanget mungel “n
ang” kala bonang menika ditabuh. Tembung”nang” menika kagem priyantun Jawa dipun
artosaken emut ingkang kagungan
makna filosofis, saksampunipun manungsa miyos, kedah saged nggagas kaliyan penggalih ingkang beni
ng dadosipunkeputusan ingkang dipunpundhut kaliyan kemutan.
2. Kethuk
Kethuk ngrupikaken instrumen gamelan ingkang mungel “thuk” kala ditabuh. tembung “thuk” menika
kagem priyantun Jawa dipunartosaken dados manthuk ingkang artosipun setuju, ingkang dipunpangang
kahaken kersanipun manugsa kedah setuju kaliyan sedaya utus ugi awisan Gusti Allah.
3. Kendhang
tembung kendang dipunpundhut saking ungel pirantos musik menika kala dipunamengaken yaiku mun
gel “dang”. menggah ing filosofi saking ”ndang” ngrupikaken tembung nyambut damel ingkang ngagun
gani artos ngenggala lebet ibadah dhateng Gusti Allah.
4. Kempul
Biasanipun kempul menika ditabuh kaping pinten-
pinten ingkang lajeng disusul kaliyan tabuhan gong. Lebet bahasa Jawa, kempul dipunartosaken kempal, te
mbung menika ngrupikaken tembung ngajakaken kagem jama’ah lebet ngibadah.
5. Saron
Saron menika ngagungani gangsal warna miturut oktaf adhedhasare. Tembung saron menika lebet bahasa
Jawa kaasman sero.
6. Gender
Gender asalipun saking tembung gendera, gendera ugi ngrupikaken simbol parmulaan. Gender menika dip
unamengaken ngrumiyini piranti musik bentenipun.
7. Rebab
filosofis saking rebab menika yaiku tujuan utawi kekajengan saking mukawis tindakan.
8. Gambang
Gambang asalipun saking tembung gamblang ingkang nduwe artos imbang ugi pertela utawi cetha, ingka
ng nunjukaken wontenipun kasaimbangan antawis kesugengan dunia ugi kesugengan jaman kailangan.
9. Suling
filosofis suling yaiku eling ingkang artosipun enget, artosipun kersanipun manungsa salajeng enget badh
e kewajibanipun.
10. Siter
Siter ngrupikaken pirantos gamelan ingkang asalipun saking tembung siteran. Siter menika ngrupikaken
pirantos musik petik.
11. Gong
Gong ngrupikaken pirantos gamelan ingkang paling pertela swan

Bonang

Saron

Kenong
13

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI Rebab
Kethuk Kempyang Gong
Siter
Kempul Kendhang
Gambang

Kawruh kagunan basa
1. Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda
utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing
ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.

Purwakanthi ana werna telu yaiku :
a. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:
Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obah bakal mamah
b. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha:
Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
Sluman slumun slamet.

14

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

c. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing
tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese
paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

2. Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.

Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara
(vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang
basa Indonesia parikan iku diarani pantun.
Ciri-cirine :
a. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).
c. Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
d. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
e. Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben

Sagatra.
Tuladhane :
1. Parikan kedadeyan saka rong gatra.

Wajik klethik, gula jawa.
Kalah dhisik, ora papa.

Kutha Kendhal, kali wungu.
Ajar kenal, karo aku
Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.

2. Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.
Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.

Jangan kacang jangan kara,
Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra mudha,
Aja wedi ing rekasa.

3. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane

(wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha,
nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana
kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Tuladhane :

(1). Jenang gula, kowe aja lali
(2). Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh
(3). Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake

15

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Pratelan ing ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan tumrap
cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali, (2) janur
gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembungkadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula bisa
dadi tembung judheg.
4. Basa rinengga

Basa Rinengga Basa Rinengga, rinengga menika tegesipun dipun pacaki, pinajang, dipun paesi kang
kabeh mau perlune supaya luwih endah, bergas, ngengreng, lan katon ngresepake mula basa Rinengga
bisa ditegesi basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan kang nggambarake kaendahan lan
kawibawan. Basa Rinengga mesthi wae ngemu surasa kaendahan, karepe kaendahaning basa. basa kang
endah ora ateges basa kang angel, sanajan mesthi wae ana akeh kosa kata basa endah kang angel disurasa
tegese.
Basa Rinengga bisa kaperang dadi loro:
1. Basa Rinengga kang migunakake ing Pepindhan yaiku tetembungan utawa ukara kang nyebutake apa

wae kang dipadhakake utawa ditandhingake karo liyane. Lumrahe nganggo tembung "kaya", "kadi",
"kadya", "lir", "pendah", lsp.
a). Pepindhan kanggo ing paguneman saben dina.
tuladha:
- kaya orong-orong kapidhak.
- kaya banyu karo lenga.
b). Pepindhan kanggo ing Pedalangan
tuladha:
- Hening sesanti niskala, Dhedhep sidhem perbawaning ratri.
c). Pepindhan kanggo panyandra
tuladha:
- lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
d). Pepindhan kanggo sanepa
tuladha:
- tatune arang kranjang
- ulate bening leri
2. Basa Rinengga ing tembung ateges Entar
tuladhane:
- Dhuh jembataning atiku, manik netra ya mung sira nyawaku. keneng apa sliramu tansah kumanthil

saben aku ngedhepake netra.
Carane Ngrengga basa, yaiku:
1) Sarana dikandhakake utawa ditulis nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bergas.

- basa lumrah "teluk", basa rinengga "pasrah bongkokan"
- basa lumrah "sadhela banget", basa rinengga " sakedheping netra"
- basa lumrah "kekasihku", basa rinengga "jantung atiku"
2) Diganti tetembungan sawetara, umpama prelu dilironi tembung kawi
tuladha:
- Tandhange kaya banteng ketaton
- Swarane gumlegar kaya bedhug.

16

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

PIWULANG 5
Aksara Swara

Aksara swara yaiku salah sawijining aksara ing aksara jawa, kalng luwih dikenal HaNaCaRaKa utawa
Carakan. Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangaké vokal bébas. Ing Hanacaraka aksara iki
yaiku: a, i, u, é, lan o. Banjur re (diarani pa cerek) lan le (diarani nga lelet) uga diarani aksara swara.
Alesané amarga ing basa Sangskreta “re” lan “le” sing tinulis ṛ lan ḷ, kaanggep aksara swara. Mulané ora
ana aksara swara sing nglambangaké pepet amerga ing basa Sanskreta ora ana pepet.

Fungsi aksara swara antarane:
a. Digunakake kanggo nulis vokal kang dadi suku kata ing struktur kalimat, utamané istilah saka basa
manca supaya luwih cetha
b. Kanggo nambah utawa nguatake pelafalan
c. Kanggo nulisake pangkat, sesebutan, lan asmane wong sing dikurmati
d. Kanggo nulis jenenge daerah, tuladhane jeneng desa, kutha, utawa negara

TATA CARA NULIS AKSARA SWARA
1. Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg (mati) ing ngarepe mula kudu
dipangkon
2. Aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara (wulu. suku, pepet, taling, taling tarung)
3. Aksara swara uga bisa dianggep aksara gedhe (kapital), dadi bisa digunakake kanggo nulis jenenge
kutha, desa, nagara utawa wong.
4. Yen aksara swara ketemu sigegan (konsonan ing pungkasan suku kata sakdurunge), sigegan iku
kudu dipateni karo pangkon.

BENTUK AKSARA SWARA
Ing sawetara sumber, nyataake yen a, i, u, le, re, e, lan o kuwi mlebu ing aksara swara. Dene bentuke kuwi
kaya mangkene.

Dene sumber liyane nyataake yen aksawar swara mung a, e, i, o lan u. Dene bentuke kuwi kaya
mangkene.
Ananging aksara: Pa dicerek, dadi lelirune re, Nga dilelet, dadi lelirune le
Kalebu aksara swara, mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. Bab iku salaras
karo kawruh sangkalan, tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu.
Panganggone aksara swara pa cerek antarane:
rega,rena,resik,marem,aremarem,marem,sarem,karep,pambarep,sareng,wulan Rejeb,angsal rejeki,katon
regeng,sanget remen,dipun remet,damel rempeyek,
Panganggone aksara swara nga lelet antarane: gelem,pelem,lembut,lemah,adol lenga,pelem legi,boten
lenggah

17

GURU MAPEL : ARI TRIYANTI

Aksara swara

Tuladha :

. Aksara Swara

Aksara swara yaiku aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca. Yen perlu kacethakake
pakecapane. aksara swara cache ana 5, yaiku:

1. A : , tuladha Ali Mansur :

2. I : , tuladha Ismail Marzuki:

3. U : , tuladha Usman :

4. E : , tuladha Erlangga :

5. O : , tuladha Oktober :

18


Click to View FlipBook Version