BAHAN AJAR
TEKS
PAWARTA
RETNO WULANDARI, S.S
2601022147
MAHASISWA PPG DALAM JABATAN KATEGORI 1 GELOMBANG 2
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
Pawarta Yaiku Informasi anyar
utawa informasi ngenani
sawijining prastawa kang
dumadi, diwartakake lumantar
wujud cetak, siaran, internet,
utawa pirembugan marang
wong liya
TITIKANE PAWARTA
Nggunakake basa kang gampang dimangerteni
Kudu ngemot 6 perangan (5W+1H)
Ora mojokake utawa mihak salah sijine golongan
utawa pawongan
Katulis utawa kawartakake kanthi bener lan apa
anane, lan
Ngabarake kedadeyan kang isih anyar
sipat-sipate pawarta, yaiku :
1.kudu adhedasar
kasunyatan/kenyataan (faktual)
2.kudu nyata-nyata kadadeyan
(obyektif)
3.kudu kapisah karo panemu (non-
opini), lan
4.kudu timbang (seimbang), ora
mihak sapa wae
wujud pawarta
Pawarta nduweni 2 wujud, yaiku:
1.Lesan, kang biyasane kababar
lumantar medhia elektronik. Tuladhane
: TV, Radio lan sapanunggalane
2.Tulisan, kang biyasane kababar
lumantar medhia cetak. Tuladhane:
Ariwarti (koran0, Kalawarti (majalah),
lan sapanunggalane
jenis pawarta
1.pawarta dadakan : yaiku pawarta kang wektu lan
panggonan kedadeyanne ora kena dipesthekake.
Tuladhane: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran,
lan liya-liyane.
2.pawarta Ndinan: pawarta kang wektu lan panggonan
kedadeyanne wis dimangerteni sadurunge. Tuladhane :
pembukaan sekolah anyar, kunjungan Presiden ing
Batang, lan liya-liyane
3.pawarta crita : yaiku pawarta kang ora dibatesi
deningwektu lan panggonan, nggambarake objek kang
nengsemake/human interest. pawarta iki mung kanggo
hiburan utawa selingan. Tuladha: crita obyek wisata,lsp
unsur pawarta
Ana ing Pawarta utawa Berita duweni unsur 5W+1H, yaiku :
1. What (Apa) tegese Pawarta kuwi martakake kedadean apa ? (Peristiwa apa yang
terjadi)
2. Where (Ana Ngendi) tegese kedadean kang ana ing pawarta kasebut kedadeane ana
ing ngendi. (Tempat Terjadinya Peristiwa).
3. When (Kapan) Tegese Kapan prastawa/kedadean kasebut dumadi. (Kapan, waktu
terjadinya peristiwa).
4. Why (Kenangapa) Tegese Kenangapa kedadeyan kasebut bisa dumadi, sebabe apa.
(Sebab Terjadinya Peristiwa).
5. Who (Sapa) Sapa bae paraga/wong kang ana ing kedadeyan kasebut. (Siapa saja
orang yang terlibat dalam kejadian tersebut).