The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Bahan ajar materi cerita wayang Mahabharata lakon Bima Bungkus

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Saeful Yunianto, 2023-08-14 21:02:49

Bahan Ajar Bima Bungkus

Bahan ajar materi cerita wayang Mahabharata lakon Bima Bungkus

Keywords: Bima Bungkus

B A H A S A J A W A BAHAN AJAR 2023 Materi Cerita Wayang Mahabharata Lakon Bima Bungkus S M K N 1 R E M B A N G D E N I N G : S A E F U L Y U N I A N T O , S . P D


Asesmen diagnostik. Orientasi terhadap masalah. Mengorganisasi peserta didik untuk belajar. Membimbing penyelidikan. Mengembangkan dan menyajikan. Menganalisis dan mengevaluasi. B A H A N A J A R C E R I T A W A Y A N G A . I D E N T I T A S B . P R O F I L P A N C A S I L A C . C A P A I A N P E M B E L A J A R A N Kelas/Fase Mata Pelajaran Materi : X/E : Bahasa Jawa : Cerita Wayang Mahabharata Lakon Bima Bungkus Beriman, bertakwa kepada TuhanYang Maha Esa, dan berahlak mulia Berbineka global Bergotong royong Mandiri Bernalar kritis Kreatif Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks fiksi dalam bentuk cerita wayang Mahabharata lakon Bima Bungkus. D . T U J U A N P E M B E L A J A R A N Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif dapat menentukan unsur pembangun dalam cerita wayang Mahabharata lakon Bima Bungkus. C1 HOTS Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif dapat menganalisis pesan yang terkandung dalam teks sastra cerita wayang Mahabharata Bima Bungkus. C4 Melalui kegiatan pembelajaran dengan model pembelajaran Problem Based Learning, diskusi, tanya jawab, presentasi dengan bernalar kritis, bergotong royong dan kreatif memproduksi Sinopsis dari crita mahabarata. P5 1. 2. 3. E . P E R T A N Y A A N P E M A N T I K Peserta didik diajak berdiskusi tentang cerita wayang Mahabharata Bima Bungkus kemudian diberi pertanyaan pemantik. 1. Apa para peserta didik ngerti apa kang diarani unsur-unsur crita? 2. Kepriye carane golek nile saka crita? 3. Kepiye carane gawe synopsis?? F . K E G I A T A N P E M B E L A J A R A N G . M O D E L P E M B E L A J A R A N Problem Based Learning (PBL) Hal 1. Bahasa Jawa Cerita wayang


H . P E N I L A I A N I . G L O S A R I U M C . P E T A K O N S E P Sikap Pengetahuan Ketrampilan Cerita wayang adalah: cerita runtut yang menceritakan berbagai aspek kehidupan tokoh wayang menggambarkan kehidupan manusia. Mahabharata adalah: epos cerita wayang yang menceritakan kehidupan keluarga Pandawa dan Kurawa Hal 2. Bahasa Jawa Cerita wayang Wayang Pengertian Unsur pembangun Mahabharata Bima Bungkus


Hal 3. Bahasa Jawa Cerita wayang F A S E 1 O R I E N T A S I M A S A L A H M A T E R I F A K T U A L Para peserta didik, dinten menika badhe sinau babagan cariyos wayang Mahabharata Bima Bungkus. Sinten ingkang mangertosi wayang menika napa? Menapa kemawon unsur pembangun wonten ing cerita wayang menika? Kados pundi caranipun ndamel sinopsis cerita wayang menika? Sumangga para peserta didik saged maos materi lan nyimak video cariyos Bima Bungkus wonten ngandhap menika! Link: https://www.youtube.com/watch?v=poG8sDeXSf0 Saged ugi kantun dipunscan wonten ing barcode punika:


Hal 4. Bahasa Jawa Cerita wayang F A S E 2 M E N G O R G A N I S A S I P E S E R T A D I D I K M A T E R I F A K T U A L Para peserta didik saged maos materi wayang menika Pengertian Wayang Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung "wewayangan", ananging mboten nganggé rerimbagan dwipurwa lan panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadhi manungsa. Wayang punika pagelaran ngagem bonéka ingkang limrahipun katingalan éndah wonten wewayanganipun saha dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged awujud 2 dhimènsi utawi wujudipun 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi limrahipun dipundamel saking kulit (walulang), ingkang asring kulit lembu utawi ménda. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, limrahipun dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar watak wayang wau. Nanging wonten sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket saha kerdhus. Ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipunpanggihi. Miturut owah gingsiripun jaman, sampun tinatah saha sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang ingkang tinatah saha sinungging kanthi média digital dipunwastani é-wayang. Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten dipunwastani Wayang Ménak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa. Sajeroning pagelaran punika wayang ditancepaken wonten debog (wit gedhang), wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. wonten tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar. Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kémawon, nanging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng kalihan warisan ingkang paring aji sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika. Adegan ing Pewayangan Jejer : adegan ratu, dladhep ing patih, putra sentana lan punggawa, gunem apa sing dadi sedyane. Kedhatonan : sang prabu jegkar, mlebu ing kedhaton, dipethukaken prameswari. Paseban njaba : patih ngundhakake sedya timbalaning nata, banjur budhalan ngestokaken dhawuh, lakune padha jejaranan. Jejer sabrangan : sing mesthi adegan ratu buta, dewa sedya ngemperi utawa padha karo ratu adegan sepisanan, uga banjur mbudhalna wadyabala. Prang gagal : wadya balane ratu ing adegan sepisan, tempik karo wadyabala sabrangan, dadi prang rame, nanging ora ana sing kalah, ora ana sing menang, banjur padha simpangan. Jejer pandhita : pandhita diadhep cantrik, dhayoh satriya sapunakawane. Rembuge. Satriya golet pituduh, winejang dening pandhita. Gara-gara : adegan para Punakawan kang saweg ngelipur dhiri lan nglelipur bendaranipun. Perang kembang : satriya ambek utama kasengguh mudhun sekang padhepokane pandhita linuwih, andon laku nasak alas, munggah gunung, mudhun gunung, temurun jurang, ngunggahi pereng. Sanepane, satriya anggayuh utama, ora wedi kangelan lan rekasa, prihatin dadya pangasahing budi, tetep ayem, jenjem, tentrem, mamrih santisaning karsa. Panglipure punakawan papat. Lakune kepapag bala ing adegan 4 lan 5 dadi prang rame . bala nomer 4 kalah. Ing pagelaran wayang nggadahi adegan-adegan baku ingkang kedah wonten ing pagelaran jangkep (sawengi natas), inggih menika: 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8.


Hal 5. Bahasa Jawa Cerita wayang Uborampe Wayang Struktur Cerita Wayang Layar/Geber: Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng. Panjangipun 12 meter. Wiyaripun 1,5-2 meter. Blencong: suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sakpunika blencong dipun gantos mawi lampu bohlam (200 W). Wayang/Ringgit wacucal: piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun. Gedebog piranti kanggr nanjebaken wayang. Cempurit piranti ingkang kangge nggapit wayang kadamel saking sungu kebo. Simpingan kiwa lan tengen: wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jejer-jejer minangka paes. Ingkang siring tengen Bratasena (wayang ageng) ngantos dumugi satriyan (wayang ingkang alit). Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan. Kothak wadhah wayang: kotha kadamel saking kajeng; Panjang 190 cm/170 cm, wilyar: 85 cm, Kandel: 12-15 cm/12 cm. Cempala asta (saka kayu) : kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal (Kilan). Ginanipun kangge ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga. Cempala suku: wesi gligen binubut endah panjang 102 kilan (jengkal) jinepit ing jempol suku kangge nuthuk keprak. Keprak (saking wesi) Niyaga lan pasindhen: tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12-15 tiyang utawi langkung ndherk kabetahanipun. Pesindhen/waranggana ingkang nglaras tetembangan. Gamelan: gamelan ugi dipun wastani gangsa, punika piranti ingkang kangge ngiring lampahanipun ringgit. Wondene gamelan punika wonten kalih warnanipun: gamelan slendro lan gamelan pelog. Ubarampe ing salebeting wayang purwa, punika wigatos sanget awit lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipun babar lan tingali, wondene ubarampenipun antawisipun: 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 11. 12. 1). Jejer/pambuka (orientasi) : Yaiku perangan crita kang nepangake para paraga ing crita kasebut, watak wantune, latar papan lan wektu dumadine crita minangka wiwitane mlebu ing sajroning crita. 2). Pasulayan (komplikasi) : Yaiku perangan crita kang ngandharake paraga utawa ing crita lagi ngalami prakarya kang ruwet. 3). Pangudhare prakara (resolusi) : Yaiku perangan crita kang isine minangka pamecahing prakarya. Ing perangan Iki, keruwetan prakara kang dialami paraga utawa wiwit ana pangudhare prakara. 4). Koda (Penutup) Koda kuwe simpulane/dudutan crita. Kelir Cempala asta Kotak wayang Blencong Keprak Cempurit


Hal 6. Bahasa Jawa Cerita wayang Unsur Pembangun Cerita Wayang Cerita Wayang Bima Bungkus Tema / underaning cerita Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang. Tema minangka dhasar lumakune cerita wayang. Setting / latar Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita wayang. Setting ana 3, yaiku setting wayah, setting papan lan setting swasana. Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas. Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita. Ing unsur iki, panulis bisa mapan ing 2 sudut pandang, yaiku: sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku. sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane. Alur / plot / lumakuning cerita Alur yaiku rerangken kedadean sing dumadi sajerone cerita wayang. Alur diperang dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran. Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju). Alur mundur nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak, kadang maju lan kadang mundur. Tokoh penokohan / paraga lan watak Paraga lan watak iku unsur sing ora bisa dipisahke. Paraga yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga. Paraga ana 3, yaiku protagonis (tokoh apikan) tokoh antagonis (tokoh penentang protagonis) lan tokoh netral (tritagonis). Gaya Bahasa / Lelewaning Basa Lelewaning Basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita wayang yaiku majas sarkasme (basa kasar) lan eufisme (basa alus) ing basa krama alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metafora lan sapanunggalane. Amanat/ Piwulang/ Pitutur Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. Amanat iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita. Kaya karya sastra liyane, cerita wayang uga nduweni unsur-unsur pambangun. Unsur-unsur kasebut yaiku tema, latar/setting, paraga lan watak, alur, amanat, lan punjering cerita/sudut pandang. 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. Unsur Intrinsik Unsur Ekstrinsik Sosial Internal (latar belakang penulis) Sosial Eksternal (Zaman, Politik, sosial, budaya) Unsur ekstrinsik uga bisa sinebut unsur lair, watara ne yakuwe: Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…” Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat. Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka. Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Praptene Betara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?” “Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…” Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.


Hal 7. Bahasa Jawa Cerita wayang F A S E 3 M E M B I M B I N G P E N Y E L I D I K A N M A T E R I P R O S E D U R A L Tema Amanat Alur Penokohan Setting Gaya Bahasa Sudut Pandang Unsur Cerita Wayang Maca teks kanthi wutuh. Cathetan poin-poin penting kanthi wujud gagasan pokok ing saben paragraf. Tulis kabeh gagasan utama kanthi sedhela tanpa ngilangi unsur kasebut. Dilampirake sawetara dialog penting. Cara Ndamel Sinopsis Analisis Unsur Cerita Wayang Ndamel Sinopsis


Hal 8. Bahasa Jawa Cerita wayang F A S E 4 M E N G E M B A N G K A N M E N Y A J I K A N M A T E R I M E T A K O G N I T I F Sumangga para peserta didik kanthi kelompok, dhiskusi nganalisis babagan unsur cerita wayang bima bungkus. Menawi sampun lajeng perwakilan kelompok majeng saha kelompok lintunipun paring panyaruwe saha pamrayogi. Analisis Cerita Wayang Para siswa dipundawuhi nyimak video youtube Link : https://www.youtube.com/watch? v=poG8sDeXSf0 Para siswa kasuwun damel sinopsis cerita wayang Bima Bungkus adhedasar Sinopsis saged kaserat wonten ing lembar folio Ndamel Sinopsis Kegiatan 1 Kegiatan 2


Hal 9. Bahasa Jawa Cerita wayang F A S E 5 M E N G A N A L I S I S D A N M E N G E V A L U A S I Rubrik Evaluasi Diri Samenika para peserta didik kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan siswa piyambak kanthi tandha centhang (√) wonten ing google forms


Click to View FlipBook Version