The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by walidiss40, 2021-12-16 21:36:59

ptk

ptk

Keywords: #ptk

Pakubuwana IV

Sri Susuhunan Pakubuwana IV lair wonten ing kitha Surakarta, 2 September 1768, seda
wonten tanah kelairanipun rikalanipun tanggal 2 Oktober 1820. Panjenenganipun tutup yuswa 52
taun. Kunarpanipun dipunsarekaken wonten ing pasarean para raja Kraton Ngayogyakarta lan
Surakarta. Inggih punika Makam Imogiri. Panjenganipun minangka raja ingkang kaping tiga ing
Kasunanan Surakarta. Winusudha ngasta pusaraning praja rikala tanggal 29 September taun 1788
ngantos dumugi ing taun 1820. Sri Susuhunan Pakubuwana IV katelah kanthi asma Sunan
Bagus. Amargi minggah nglenggahi dhampar minangka raja rikala taksih timur karana ing
wekdal semanten yuswa nembe 20 taun lan pasuryanipun bagus sanget.

Rikalan taksih timur asmanipun Raden Mas Subadya, putra Pakubuwana III ingkang patutan
saking garwa prameswari keturunan Sulatan Demak. Pakubuwana IV menika satunggaling raja
ingkang gagah pideksa lan nggadhahi kekendelan ingkang linangkung. Watakipun ingkang
kados makaten menika beda sanget menawi katandhingaken kaliyan ramanipun.
Panjenenganipun klebet pangrasuk agama Islam ingkang taat sanget lan kathah para ulama
ingkang dipun angkat minangka punggawaning kraton. Kawicaksananipun menika boten
dipunsarujuki dening para punggawa kraton sanesipun ingkang anggadhahi paham mistik
ingkang sampun mapan ing kraton langkung rumiyin.

Pakubuwa klebet pujangga Jawi Kraton Surakarta ingkang nganggit Serat Wulangreh.
Tembung Wulangreh menika manut Bapak Doyosantoso asalipun saking tembung wulang lan
reh. Wulang tegesipun piwulang utawi pelajaran, dene reh tegesipun tindak tanduk utawi
tingkah laku. Wulangreh tegesipun pedhoman tumrap sinten kemawon kangge nindakaken tindak
tanduk ingkang sae ing masyarakat. Pakubuwana IV nganggit Serat Wulangreh sekawit
katujokaken kangge putra wayah ing Kraton Surakarta karana salebetipun ngasta pusaraning
praja kathah tindak tanduk awon ing masyarakat.

Serat Wulangreh ngandhut tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17
pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada,
Wirangrong 27 pada, Pocung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan
Girisa 25 pada.


Click to View FlipBook Version