The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by diankurniawati03, 2022-03-14 02:55:26

ramayana kidang kencana

ramayana kidang kencana

Begitu antuk kabar manawa Rama bakal dinobatake dadi
raja Ayodya, Dewi Kekeyi diparani pembantune. Dheweke
diojok-ojoki supaya Barata wae sing dadi raja ing Ayodya
nggantekake Prabu Dasarata.
Dewi Kekeyi awale ora gelem amarga ngrumangsani yen
dheweke amung garwa selir. Nanging sejatine dheweke
uga kepengin putrane yaiku Barata sing dadi raja. Piye-
piyea Barata iku rak ya putrane putrane Prabu Dasarata.

Ananging, pembantune Dewi Kekeyi terus mbujuk.
Dheweke ngandhani cara ben Prabu Dasarata gelem
ngabulke panjaluke Dewi Kekeyi. Sidane Dewi Kekeyi
kebujuk hasutane pembantune mau.

#flash back
Nalika iku, Prabu Dasarata awake luka parah amarga
perang. Dheweke berhasil mlayu saka musuhe. Banjur
ditemu Dewi Kekeyi trus digawa bali menyang omahe lan
diobati nganti mari. Kanggo males kabecikane iku, Prabu
Dasarata banjur ngepek garwa Dewi Kekeyi dadi selire lan
diparingi hadhiah awujud 2 permintaan (nanging nalika iku
Dewi Kekeyi ora gelem nyuwun hadhiahe mau amarga
anggone nulungi pancen niate apik).

#flash back off

Dewi Kekeyi banjur ngadhep Prabu Dasarata. Dewi Kekeyi
ngelingake janjine Prabu Dasarata biyen marang dheweke,
yaiku Prabu Dasarata bakal maringi hadhiah awujud 2
permintaan. Prabu Dasarata nyaguhi lan takon apa
panjaluke Dewi Kekeyi iku?

Dewi Kekeyi nyuwun 2 permintaan, yaiku: 1) Sing bakal dadi
ratu ing Ayodya yaiku Barata, dudu Rama. 2) Rama kudu
dibuang ing alas 15 taun suwene, ora kena diwenehi
fasilitas apa wae. Kudu urip kaya rakyat jelata. Kaya ngapa
kagete Prabu Dasarata mangerteni apa kang disuwun
Dewi Kekeyi. Mireng panyuwune Dewi Kekeyi mau, Prabu
Dasarata duka. Dewi Kekeyi arep dipateni.

Ananging, Dewi Kekeyi ngelingke maneh manawa iku mau
wis dadi janjine Prabu Dasarata biyen. Prabu Dasarata ora
bisa selak maneh (ingkar janji). Prabu Dasarata mung bisa
meneng. Atine sedhih amarga panjaluke Dewi Kekeyi kuwi
abot banget. Amarga ora kuwat nandhang sedhihe, akhire
Prabu Dasarata gerah.

Nalika wis bali menyang kerajaane bareng karo garwa lan
adhine, Raden Rama ora nemoni bapake (Prabu Dasarata).
Rama nggoleki bapake kang jebule gerah ana ing kamare.
Raden Rama banjur takon, apa kang jalari bapake bisa
gerah kaya ngono kamangka sedhelok maneh bakal ana
acara penobatan raja ing Ayodya. Asale Prabu Dasarata
ora gelem ngaku. Amarga terus didhesak, sidane Prabu
Dasarata crita apa kang dadi jalarane dheweke gerah.

Ngrumangsani bapakne gerah amarga dheweke, Raden
Rama banjur nyuwun ijin supaya dheweke netepi janjine
bapake mau. Rama iklas dibuwang neng alas, kaya
panjaluke ibune kuwalon.

Krungu keputusane kangmase kang gelem dibuwang neng
alas, Laksmana nesu. Dheweke ora trima. Ananging Rama
tetep bersikeras bakal netepi janjine bapake.

Dewi Sinta minangka garwa kang setia, mangerteni
garwane (Raden Rama) arep netepi janjine bapake yaiku
gelem dibuwang ing alas; Dewi Sinta kaget. Dheweke ora
pengin yen garwane netepi janji dhewekan. Dewi Sinta
banjur matur menyang Raden Rama yen dheweke bakal
ngancani. Kalorone banjur sowan ing ngarepe Prabu
Dasarata yen iklas nglakoni paukuman kaya kang
dikarepake Dewi Kekeyi.

Kanthi gegandhengan tangan, Raden Rama lan garwane
Dewi Sinta lumaku ninggalake Kraton Ayodya. Rakyat
Ayodya nunggu ing jaba kraton saperlu menehi
penghoratan terakhir kanggo putra raja kang banget den
tresnani.

Sapeninggale Rama lan Dewi Sinta, Raden Laksmana
langsung nututi metu. Raden Laksmana mbengok-bengok,
ngundang jenenge kangmase. Raden Rama lan Dewi Sinta
ngendheg jangkahe. Raden Laksmana langsung matur
karo kangmase yen dheweke uga kepengin melu. Raden
Rama menging (melarang). Nanging Raden Laksmana
keukeuh tetep pengin melu. Raden Rama ora bisa nolak.

Lungane Raden Rama, Dewi Sinta, lan Raden Laksmana
diringi tangise rakyat Ayodya. Rakyat padha sedhih
amarga Raden Rama kang digadhang-gadhang bakal dadi
raja ing Ayodya nggantekne Prabu Dasarata kudu lunga
saka kerajaan tumuju alas, suwene 15 tahun.

Dewi Sukasalya, permaisuri sekaligus ibuke Raden Rama
mung meneng. Mirsane lungane putrane kang banget
ditresnani saka cendhela kamare. Kaya ngapa sedhihe
atine Dewi Sukasalya mirsani lungane putrane iku. Luhe
(air mata) tumiba nelesi pipine. Ora ana kang bisa
dilakokake sakliyane mung nangis. Tangise sedhih ibu
amarga ditinggalke putrane kanggo netepi janjine
bapakne.

Prabu Dasarata ora gelem ngetutne lungane Raden Rama.
Dheweke mung lungguh ana singgasanane. Atine sedhih
banget ditinggalke putra kesayangane. Amarga nandhang
sedhih kaya ngono, Prabu Dasarata sidane seda.

Raden Barata (putrane Dewi Kekeyi) kang mangerteni
manawa Raden Rama lunga saka kerajaan amarga saka
ulahe ibuke, sidane nesu marang ibune kasebut. Dewi
Kekeyi nyoba mbujuk, ananging Raden Barata tetep ora
gelem dadi raja. Dheweke tetep pengin aden rama bali
maneh menyang Ayodya lan dadi raja.

Kanthi ati kang nahan nesu, Raden Barata banjur metu
saka kerajaan Ayodya, nggoleki dununge Raden Rama.

Raden Rama, Dewi Sinta, lan Raden Laksmana banjur
digawa menyang papan kang dikarepake Dewi Kekeyi.
Papan kang dituju adoh banget saka kerajaan. Katelune
diterake salah siji prajurit, nyebrangi kali tumuju papan
kang dikarepake.

Sawijining alas gung lewang lewung. Jenenge Alas
Dandhaka. Ing alas iki, Raden rama, Dewi Sinta, lan Raden
Laksmana kudu nglakoni uripe suwene 15 taun, tanpa
entuk fasilitas saka kerajaan. Katelune kudu urip kaya
rakyat jelata umume.

Ing Alas Dandhaka, katelune urip ngulandara
(mengembara). Pagaweyane ben dinane ngewangi para
wiku (pertapa) kang patapane dirusak/diserang para
raksasa. Ing alas iki uga, katelune ngedegake gubug
kanggo urip dina-dinane.

Sawijining dina, Raden Barata kasil nemokake Raden
Rama. Raden Laksamana mangkel banget meruhi Raden
Barata. Raden Laksmana isih kelingan amarga panjaluke
ibuke Raden Barata, Prabu dasarata sidane seda lan
Raden Rama kudu netepi janjine dibuwang ing alas 15
tahun.

Raden Barata nemoni Raden Rama karo nggawa terompah
(sendal) kebesaran raja. Raden Barata pengin supaya
Raden Rama kondur maneh menyang Ayodya lan dadi raja
ing kana. Ananging Raden Rama nolak. Raden Rama tetep
bakal netepi janjine bapake, dibuwang ing alas 15 tahun.
Raden Rama jaluk supaya Raden Barata gelem ngganteni
dadi raja ing Ayodya sasuwene dheweke dibuwang ing
alas.

Akhire, Raden Barata bali maneh menyang Ayodya. Atine
sedhih amarga Raden rama ora gelem bali lan dadi raja.
Sidane terompah mau sing dadi penggantine Raden Rama.
Terompah mau sengaja diselehke ing singgasana, nunggu
baline Raden Rama saka pengasingan.

Kaya adat ben dinane, uripe Raden rama, Dewi Sinta, lan
Raden Laksmana prasaja banget (sederhana). Mangane
apa anane. Tugase Dewi Sinta masak saka wit-
witan/godhong-godhongan lan who-wohan kang ana ing
alas. Raden Rama lan Raden Laksmana golek kayu.

Tanpa dinyana katelune, jebule ana makluk kang tansah
ngawat-awati perilakune wong telu mau. Makluk kasebut
ngidhik saka rimbunane gegodhongan kang ana ing
cedhake gubug. Makluk iku kepincut amarga ganthenge
Raden Rama.

Makluk mau banjur ngowahi wujude dadi wong wadon.
Ngaku jenenge Sarpaknaka. Dheweke terus nggodha
Raden Rama. Nyoba ngrayu Raden rama supaya gelem
dadi bojone.

Ananging, dirayua kaya ngapa, Raden Rama ora
terpengaruh. Raden rama ngendika yen dheweke wis
kagungan garwa sing banget ditresnani, yaiku Dewi Sinta.

Sarpaknaka tetep ora patah semangat. Tanpa duwe rasa
isin, dheweke terus ngrayu Raden Rama. Tapi Raden Rama
tetep ora nanggapi. Selot suwe, Sarpaknaka mangkel.
Dheweke cemburu marang Dewi Sinta. Age-age,
Sarpaknaka nyedhaki Dewi Sinta lan arep mateni.

Nanging Raden Laksmana meruhi niat alane Sarpaknaka.
Raden Laksmana ngelindungi Dewi Sinta saka amukane
Sarpaknaka.

Sarpaknaka ora wedi marang Raden Laksmana. Dheweke
terus berusaha mateni Dewi Sinta. Amarga mangkel,
Raden Laksmana banjur mapras (ngiris) irunge
Sarpaknaka.

Sarpaknaka kelaran (kesakitan). Kanthi nggoceki irunge
kang wis gruwung, Sarpaknaka ngomong yen dheweke
bakal ngandhake tumindake Rama lan Laksamana marang
kakange. Raden Rama lan Raden laksmana ora wedi.

Sabanjure ngancam, Sarpaknaka banjur lunga mabur, bali
menyang negarane kangmase. Lapor marang kangmase
prastawa kang nembe wae dialami.

Sarpaknaka mulih menyang kerajaane kangmase, kang
aran Alengka. Nagara/kerajaan Alengka iku negarane
para danawa/raksasa/buta. Kang dadi rajane yaiku Prabu
Rahwana/Dasamuka.

Prabu Rahwana awujud buta kang duweni watak angkara
murka, duwe adhi 3, jenenge: Kumbakarna (wujude buta
nanging duweni ati sing apik), Sarpaknaka (sarpa= ula,
knaka= kuku. Wujude buta wedok kang kukune dawa lan
landhep kaya ula, watake senenge ngetutke hawa
nepsune. Apa wae bakal dilakokne supaya keturutan
pepinginane). Sing terakhir wujude manungsa lan bagus
praupane, jenenge Gunawan Wibisana.

Ana ing ngarepe kangmase lan para punggawane
Sarpaknaka lapor yen dheweke wis dianiaya dening Raden
Rama lan adhine kang saiki ana ing alas Dhandaka.
Sarpaknaka uga crita yen Raden rama kagungan garwa
ayuu banget, jenenge Dewi Sinta. Putri saka kerajaan
Manthili kang sasuwene iki dadi rebutan para pangeran lan
raja-raja. Prabu Rahwana muntab. Dheweke banjur
utusan marang anak buahe kang jenenge Kala Marica
supaya memba-memba dadi kidang kencana lan nyulik
Dewi Sinta.

Kaya kang wis dadi rencanane Prabu Rahwana, Kala
Marica banjur diutus menyang alas Dhandaka. Diutus
supaya memba-memba dadi kidang kencana. Lan supaya
nggodha Dewi Sinta.

Nalika iku Dewi Sinta lagi methik woh-wohan. Meruhi ana
kidang kencana kang endah banget, Dewi Sinta banjur
nyedhaki kidang mau. Nanging saben dicedhaki, kidang
kuwi mesthi mlayu ngadoh. Yen Dewi Sinta meneng, kidang
kuwi nyerak. Katon lulut nek dicekel.

Dewi Sinta banjur matur marang garwane, Raden Rama
supaya dicekelke kidang kasebut. Amarga saking tresnane
marang garwane, Raden rama ngabulake panyuwune Dewi
Sinta kasebut.

Sadurunge ninggalake Dewi Sinta, Raden Rama meling
marang Raden laksmana supaya njaga Dewi Sinta. Aja
pisan-pisan ninggalake Dewi Sinta dhewekan. Raden
laksmana nyaguhi.

Raden Rama banjur mlayu ngoyak kidang kencana mau.
Kidang kuwi mlayu mlebu alas.

Raden Rama terus nggoleki dununge kidang kasebut.
Kala-kala kidang kasebut ngetok. Ananging nalika arep
dicekel, kidang kasebut mlayu. Ngilang ing sela-selaning
godhong.

Raden Rama mulai putus asa. Panjaluke garwane ora bisa
dilulusake amarga kidang kasebut wis ilang tanpa jejak.
Ing sela-selaning rasa putus asa mau, dumadakan kidang
kencana mau ngetok maneh. Raden Rama langsung
ngetokne busure lan manah kidang kasebut. Niat amung
siji, kidang kuwi kudu kecekel, urip utawa mati.

Kidang kuwi mlayu maneh. Ananging anak panah mau
terus ngoyak playune kidang. Ora let suwe, anak panah

mau mlesat ngener jantunge kidang kasebut. Kidang kuwi
mau jerit sak kayange. Ngetoke swara kang miris banget.
Sawise kuwi, kidang mau mati lan wujude oeah dadi
raksasa Kala Marica.


Click to View FlipBook Version