E – BOOK KUMPULAN DONGENG JAWA
BANGO KARO YUYU
KANCIL LAN BAYA
BRAMBANG BAWANG
KENANGAN PANDEMI HAN NING RUM “ KUMPULAN DONGENG JAWA “
Bango Karo Yuyu
Mangsa ketiga kali – kali asat banyune. Iwak – iwak bingung nasibe. Dipindhahake ing kedhung iwak – iwak
kapusan. Dimangsa bango ing paran. Yuyu ngerti bango dicapit gulune. Dikon bali apa mati. Bango pilih bali.
Dheweke kapok saiki.
Kancil lan Baya
Kancil ngadeg ing pinggir kali.
Arep nyabrang ora wani.
Dumadakan ana Baya,
Kancil arep dimangsa.
Baya ditakoni kancane ana pira.
Baya pirang – pirang banjur baris.
Kancil lumaku ing gegere Baya karo ngetung.
Ji ro lu pat nganti tamat banjur mlumpat.
Kancil kalis saka bebayaning Baya.
Brambang Bawang
Brambang Bawang sasedulur. Bawang adhine Brambang.
Brambang lumuh nyambut gawe. Bawang wekel ing gawe.
Bawang duwe semangka emas. Brambang serik atine.
Semangka direbut banjur dibencah isine ula klabang pirang
– pirang. Brambag nadhang wirang mati kena upase ula lan
klabang.
E – BOOK KUMPULAN DONGENG JAWA SEMOGA BERMANFAAT BAGI PARA PEMBACA
“ SEBUAH DONGENG BANYAK MENGAJARKAN BANYAK HAL DALAM KEHIDUPAN “
Kenangan “ Pandemi “ 16 Maret 2021 Han Ning Rum