The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dwisafitri.2022, 2022-10-26 16:41:39

2 BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH DWI SAFITRI

2 BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH DWI SAFITRI

1

Kompetensi Inti

3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, procedural, dan metakognitif) berdasarkan
rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomenal
dan kejadian tampak mata.

4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak ( menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolahdan
sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori.

Kompetensi Dasar dan Indikator

KOMPETENSI DASAR INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI

3.2 Memahami simulasi berbahasa 3.2.1 Menganalisis ragam undha-usuk basa yang
Jawa dalam keluarga, sekolah, digunakan dalam simulasi berbahasa Jawa
dan masyarakat dengan dalam masyarakat dari video (C4)
unggah-ungguh yang tepat.
3.2.2 Membuat teks pawicantenan yang digunakan
4.2. Simulasi berbahasa Jawa dalam simulasi berbahasa Jawa dalam
dalam keluarga, sekolah, dan sekolah (C6)
masyarakat dengan unggah-
ungguh yang tepat. 4.2.1 Melengkapi kalimat rumpang dalam teks
pawicantenan yang digunakan dalam simulasi
berbahasa Jawa dalam masyarakat (P3)

4.2.2 Mempresentasikan hasil temuan diskusi
dalam melengkapi kalimat rumpang dalam teks
pawicantenan (P3)

4.2.3 Mempraktekkan teks pawicantenan yang
digunakan dalam simulasi berbahasa Jawa
dalam sekolah yang telah dibuat (P3)

2

Tujuan Pembelajaran

Pertemuan 1
Melalui kegiatan pembelajaran pendekatan saintifik, model Problem Based Learning, dengan
metode diskusi, tanya jawab, dan presentasi peserta didik dapat:

1. Menganalisis ragam undha-usuk basa yang digunakan dalam simulasi berbahasa Jawa
dalam masyarakat dari video dengan teliti. (C4)

2. Melengkapi kalimat rumpang dalam teks pawicantenan yang digunakan dalam simulais
berbahasa Jawa dalam masyarakat dengan cermat. (P3)

3. Mempresentasikan hasil temuan diskusi dalam melengkapi kalimat rumpang dalam teks
pawicantenan dengan santun. (P3)

Pertemuan 2

Melalui kegiatan pembelajaran pendekatan saintifik, model Problem Based Learning, dengan
metode diskusi, ceramah, tanya jawab, dan role playing peserta didik dapat:, peserta didik dapat:
1. Membuat teks pawicantenan yang digunakan dalam simulasi berbahasa Jawa dalam sekolah

dengan cermat (C6)
2. Mempraktekkan teks pawicantenan yang digunakan dalam simulasi berbahasa Jawa dalam

sekolah yang telah dibuat dengan penuh percaya diri. (P3)

Materi Pembelajaran

Faktual : Video simulasi berbahasa Jawa dalam masyarakat
Konseptual : Pengertian undha-usuk basa, ragam undha-usuk basa
Prosedural : Cara menentukan kata yang tepat untuk mengisi kalimat rumpang
Metakognitif : Menganalisis ajaran moral yang ditemukan dalam simulasi berbahasa Jawa
dalam masyarakat

3

Fase 1: Orientasi Peserta Didik

❖ Materi Faktual

Para siswa sumangga dipunsemak tuladha video pawicantenan basa Jawi wonten ing masarakat
wonten ing link ngandhap menika https://www.youtube.com/watch?v=-Diz8KIRAUg.

Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik

Para siswa ing pamulangan menika para siswa badhe mangertosi pangertosan, ragam undha-
usuk, saha cak-cakanipun nalika dipunginakaken kangge pawicantenan. Samangke para siswa
badhe nemtokaken tembung-tembung ingkang jumbuh kaliyan undha-usuk basa kangge ngisi teks
ingkang rumpang. Wondene para siswa anggenipun nggarap kanthi diskusi kelompok. Saben
kelompok gunggungipun 6 siswa. Sumangga gabung kaliyan kelompok ingkang sampun kula
damel. Ananging saderengipun nggarap mangga dipunwaos materi menika!

❖ Materi Konseptual

UNGGAH-UNGGUH

➢ Pangertosan
Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama

(Poerwadarminta, 1939:443). Andharan kasebut gadhah makna bilih tiyang ingkang ngginakaken
unggah-ungguh basa, menawi wicanten utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes, basanipun temtu
badhe dipunarah-arah, dipuntata kanthi netepi pranataning subasita, paugeraning tata susila murih
saged damel reseping manah lan minangka tandha ngajeni dhateng tiyang sanes. Awit saking menika
unggah-ungguh basa raket sanget gegayutanipun kaliyan tata krama. Kejawi saking menika, unggah-
ungguh basa ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun
ngginakaken).

Cak-cakanipun tiyang ingkang badhe wicantenan supados saged trep kaliyan unggah-ungguh,
kedah nggatosaken perkawis ngandhap menika.
a. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
b. Sinten ingkang dipunajak gineman.
c. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
d. Wekdalipun rikala gineman
e. Papanipun rikala gineman
f. Swasana rikala gineman.

4

➢ Ragam Undha-usuk Basa

Dening sagung warga masarakat Jawi, sesarengan kaliyan para ahli tuwin para sutresna basa
Jawi, undha usuk basa menika lajeng dipungarap lan dipuncundhukaken kaliyan swasana lan
kawontenan ing jaman samenika. Pramila undha usuk basa ing jaman samenika dipunprinci dados
4 (sekawan) inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus.

Undha-usuk
Basa

Basa Ngoko Basa Krama

Basa Ngoko Basa Ngoko Alus Basa Krama Basa Krama Alus
Lugu Lugu

Wondene andharan ngengingi ragam undha-usuk basa Jawi inggih menika:
1. Basa Ngoko Lugu

Basa ingkang dipunginakaken sedaya basa ngoko.
Ginanipun kangge gineman:
a. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, menapa dene dhateng lare anem sanesipun.
b. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun.
c. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
d. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).

Tuladhanipun Ngoko Lugu:
Ginemanipun lare kaliyan kancanipun.
Sekar : “Don, kowe wis mangan durung? Yen durung, ayo tuku panganan ning kantin!”
Doni : “ya ayo, Kar. Aku durung mangan esuk mau, saiki wetengku ya wis krasa ngelih.”

2. Basa Ngoko Alus
Basa ingkang dipunginakaken ngoko nanging wonten perangan ingkang ngginakaken krama.

Ginanipun kangge gineman:
a. Tiyang ingkang sampun raket supeket nanging taksih gadhah raos ngurmati dhateng ingkang

dipunajak gineman. Umpaminipun antawis sesaminipun kanca nyambut damel, sesaminipun kanca
sekolah, lsp.
b. Tiyang ingkang sampun raket supeket nanging ingkang dipunginem menika tiyang ingkang perlu
dipunurmati.

5

Tuladhanipun Ngoko Alus

Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.

Pak Sastra : Pak Jaya, nuwun sewu. Panjenengan arep kondur kapan? Wis sore lho iki.

Pak Jaya : Aku ta, lha yen aku ya sedhela maneh. Panjenengan yen arep kondur sikik,

mangga....

3. Basa Krama Lugu
Ginanipun kangge gineman:

a. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket.
b. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak gineman wau

sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
c. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan (drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun, ananging

andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
d. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah ingkang sampun

sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.

Tuladhanipun Krama Lugu
Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan pemuda)
“Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturake panuwun dhateng sampeyan sedaya, dene sampun
purun dugi ing pepanggihan menika.”

4. Basa Krama Alus:
Ginanipun kangge gineman:

a. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak
gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat inggil.

b. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak gineman, lan
ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.

c. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang dipunajak
gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.

Tuladhanipun Krama Alus
Ginemanipun wayah(putu) dhateng eyangipun:
Wisnu : “Kados pundi Pak gerahipun, sampun dhangan menapa dereng?” (Krama Alus)
Bapak : “Rasane kok durung iki. Kepriye ya le, supayane bapak cepet mari?”

(Ngoko Lugu)
Wisnu : “Makaten kemawon, ing mangke bapak kula dherekaken tindak dhateng

Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter.” (Krama Alus)

6

Fase 3: Membimbing Penyelidikan

❖ Materi Prosedural

Sasampunipun para siswa sampun mangertosi babagan pangertosan saha jinisipun undha-
usuk basa, sumangga dipunjangkepi pawicantenan ingkang sampun kasamaptakaken
ngginakaken undha-usuking basa ingkang jumbuh. Wondene lampahipun nemtokaken tembung
ingkang jumbuh kangge njangkepi ukara ingkang rumpang inggih menika:
1. Nggatosaken cak-cakanipun tiyang ingkang badhe wicantenan, ingkang kedah nggatosakaen:

a. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
b. Sinten ingkang dipunajak gineman
c. Sinten utawi menapa ingkang dipunginemaken
d. Wekdalipun rikala gineman
e. Papanipun rikala gineman
f. Swasana rikala gineman
2. Nalika wonten tetembungan ingkang angel saha dereng dipunmangretosi tegesipun, saged
ngginakaken kamus. Wondene kamus ingkang dipunginakaken saged saking aplikasi
Bausastra saha saking kamus online ing https://www.sastra.org/leksikon. Wondene
lampahipun:
a. Mbikak browser ing komputer/laptop/handphone
b. Ketik sastra.org
c. Pilih leksikon
d. Ketik tembung ingkang dipunpadosi
e. Pilih tombol cari

Tuladha nalika mbikak kamus online wonten ing https://www.sastra.org/leksikon

7

Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil
Karya

❖ Materi Metakognitif

Sasampunipun para siswa rampung anggenipun njangkepi ukara wonten ing salebeting
teks pawicantenan, pramila lampah salejengipun inggih menika manggihaken piwulang ingkang
kawrat ing salebeting pawicantenan. Wondene lampahipun inggih menika kanthi mangertosi
wosipun teks, lajeng dipunpadosi nilai budi pekerti/piwulangipun inggkang saged dipunginakaken
ing gesang padintenan.

Tuladhanipun kados makaten:

Satriya : “Jeng Kencana! Sliramu aja nglokro, senajan raga dikunjara, nanging jiwa iku tetep
mardika.”
Kencana
: “Mas Satriya bisa ngendika kaya ngono kuwi amarga panjenengan ora nglakoni kaya
Satriya apa sing dak lakoni iki, Mas!”

Kencana : (unjal ambegan) “Nuwun sewu, Jeng! Coba aku tak nyuwun pirsa, ning dak suwun
Satriya aja nganti dadi pinggeting atimu.”
Kencana
: “Nyuwun pirsa bab apa ta Mas?”
Satriya
: “(unjal ambegan). Kena apa sliramu kok nganti bisa mlebu ana kunjara iki Jeng?”

: “Mas Satriya ki tindak mrene ming arep ngobak-obak tatuning atiku ta? yeng ngono,
mas Satriya tak aturi kondur wae!”

: “Mengko dhisik ta! Sabar... Sabar ya Jeng, aja kleru tampa. Karepku ki ya ora ngono
kuwi Jeng. Ya wis, yen ngono aku njaluk ngapura.

(Kumpulan naskah sandiwara Radio, 2015:27 )

Saking pawicantenan kasebut pranyata Kencana nembe dipunkunjara, dene Satriya nakyinaken
kenging menapa sababipun kencana dipunkunjara. Ananging Kencana boten remen menawi ngrembag
babagan menika, pramila Satriya nyuwun pangapunten awit sampun ndamel kencana sedhih. Saking
andharan menika saged dipunpendhet piwulangipun bilih menawi gadhah kalepatan dhateng tiyang
sanes, prayoginipun kedah nyuwun pangapunten.

Sasampunipun rampung anggenipun diskusi kangge nemtokaken piwulang ingkang saged
dipunpendhet ing salebeting teks pawicantenan, salajengipun asiling diskusi kasebut dipunandharaken
wonten ngajeng. Wondene kanca sanesipun saged nyuwun pirsa, suka panyaruwe, saha pamrayogi.

8

Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi

Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang jumbuh kangge njangkepi
ukara ingkang rumpang, mangertosi wosipun pawicantenan, saha manggihaken piwulang ing
salebeting pawicantenan, pramila sumangga para siswa damel analisis saha evalusi dhateng sedaya
proses anggenipun manggihaken sedaya unsur kalawau.

Bab ingkang njalari siswa angel anggenipun madosi tembung ingakang jumbuh kaliyan undha-
usukipun inggih menika siswa dereng mangertos jinis tembungipun, ngoko, utawa krama. Kangge
ngudhari pambengan menika pramila siswa prelu mbikak kamus. Salajengipun supados saged basa
ingkang sae, kedah asring dipunginakaken/kulina dipunginakaken, pramila para siswa prayoginipun
ngecakaken undha-usuk basa ingkang jumbuh nalika pawicantenan.

Dudutan

Wondene lampahipun nemtokaken tembung ingkang jumbuh kangge njangkepi ukara ingkang
rumpang inggih menika:
1. Nggatosaken cak-cakanipun tiyang ingkang badhe wicantenan, ingkang kedah nggatosakaen:

a. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
b. Sinten ingkang dipunajak gineman
c. Sinten utawi menapa ingkang dipunginemaken
d. Wekdalipun rikala gineman
e. Papanipun rikala gineman
f. Swasana rikala gineman
2. Nalika wonten tetembungan ingkang angel saha dereng dipunmangretosi tegesipun, saged
ngginakaken kamus. Wondene kamus ingkang dipunginakaken saged saking aplikasi
Bausastra saha saking kamus online ing https://www.sastra.org/leksikon. Wondene
lampahipun:
a. Mbikak browser ing komputer/laptop/handphone
b. Ketik sastra.org
c. Pilih leksikon
d. Ketik tembung ingkang dipunpadosi
e. Pilih tombol cari
3. Lampahipun kangge madosi piwulang ing teks pawicantenan inggih menika kanthi mangertosi
wosipun teks, lajeng dipunpadosi nilai budi pekerti/piwulangipun inggkang saged
dipunginakaken ing gesang padintenan.

9

Kapustakan

Damarjati, Triwik & Sinar Indra Krisnawan. 2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta:
Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta

Hamzah, Lukman dkk. 2022. SARITA: Sarining Tata basa Jawa Diktat Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta:
Sarita.

Rahmayantis, M. D. Bahan Ajar Pacelathon Undha Usuk Basa Jawa Lokalitas Kediri sebagai
Penguatan Karakter Tata Krama Berbicara Siswa dalam Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa
Daerah. Kembara, 4(1), 264666.
https://ejournal.umm.ac.id/index.php/kembara/article/download/5687/pdf/19084

Video Youtube: https://www.youtube.com/watch?v=-Diz8KIRAUg
Kamus Bausastra Jawa online: https://www.sastra.org/leksikon

10


Click to View FlipBook Version