Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu menulis teks beraksara Jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara
Jawa untuk menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan tertulis untuk berbagai
tujuan secara logis, kritis, dan kreatif.
Indikator Pencapaian Kompetensi
Pertemuan 1:
1. Menganalisis isi wacana beraksara Jawa (C4)
2. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa yang mengandung ajaran moral ke dalam aksara
latin. (P4)
Pertemuan 2:
1. Menafsirkan nilai moral yang terkandung dalam wacana beraksara Jawa (C5)
2. Menulis wacana beraksara jawa yang mengandung ajaran moral (P5)
Tujuan Pembelajaran
Pertemuan 1:
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan saintifik, model pembelajaran Problem Based
Learning (PBL), dengan metode diskusi, tanya jawab, dan penugasan peserta didik dapat:
1. Menganalisis isi wacana beraksara Jawa dengan teliti (C4)
2. Mengalihaksarakan wacana beraksara Jawa yang mengandung ajaran moral ke dalam
aksara latin dengan jujur (P4)
Pertemuan 2:
1. Menafsirkan nilai moral yang terkandung dalam wacana beraksara Jawa dengan teliti (C5)
2. Menulis wacana beraksara jawa yang mengandung ajaran moral dengan jujur (P5)
Fase 1: Orientasi Peserta Didik
➢ Materi Faktual
Sumber: Dokumen pribadi
Salah satunggalipun waosan ingkang sinerat mawi aksara Jawa inggih menika ing papan slogan
kados tuladha ing nginggil menika. Ing papan menika seratan aksara Jawa ngewrat piwulang ingkang
luhur. Wonten ing pamulangan menika para siswa badhe sinau kadospundi lampahipun kangge
mengretosi wosipun waosan ingkang sinerat mawi aksara Jawa ingkang ngewrat ajaran moral.
Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik
Para siswa ing pamulangan menika materi ingkang badhe dipunsinau inggih menika materi
Aksara Jawa. Wondene ingkang badhe dipunrembang ngengingi damel alih aksara saking aksara jawa
dhateng aksara latin saha madosi wosipun waosan ingkang kaserat mawi aksara Jawa. Para siswa
kadhawuhan nggarap kanthi diskusi kelompok. Saben kelompok gunggungipun 6 siswa. Mangga
gabung kaliyan kelompok ingkang sampun kadamel. Salajengipun saderengipun para siswa nggarap
tugas, mangga dipunwaos materi menika!
➢ Materi Konseptual
Mila Bukanipun Aksara Jawa
(sumber : https://travel.okezone.com/read)
1. Adhedasar Tradhisional
Miturut saking cariyos Ajisaka, aksara Jawa dumadi saking labuh labetipun abdi Dora saha
Sembada utawi ing versi sanes kacariyosaken Setya saha Setuhu. Kekalihipun sami pejah awit
ngugemi dhawuhipun Ajisaka. Pramila awit saking menika Ajisaka lajeng ngripta tembung
hanacaraka datasawala padhajayanya magabathanga. Ukara menika ingkang dados urutaning
aksara Jawa samenika. Cariyosipun Ajisaka kados mekaten.
Ajisaka
Jaman biyen ana pawongan sing jenenge ki Kures karo bojone sing uripe mlarat. Ki Kures lan
bojone ora duwe gawean kanggo nguripi kulawargane, saben dina gaweane mung nglumpuke
gegodhongan lan suket saka tengahing alas, lan kanthi cara mangkono kuwi ki Kures ngopeni anak
lanange. Ing sawijing dina satengahing alas ki Kures mlebu sajroning guwa kang amba, dheweke
kaget nalika tanpa dinyana ketemu karo ula naga sing gedhene saglugu sing jenenge Antaboga.
Ula naga kuwi banjur tata jalma, “Ki Kures yen kita arsa urip kepenak lan katurutan apa kang
dadi sedya kita, besuk seje dina mreneya lan gawakna ulun susu sabumbung.” Krungu omonge si
naga, Ki Kures banjur mulih menyang omahe. Seje dina, Ki Kures nekani naga kuwi kanthi nggawa
susu sabumbung, banjur disunthak sajroning cangkem naga sing mangap. Si Naga awèh sasmitha
karo Ki Kures supaya nggoleki emas inten ing sajroning cangkeme. Wiwit dina kuwi, Ki Kures dadia
sugih.
Ki Kures duwe anak lanang sing jenenge bambang Dursila, sawijining nom-noman sing nakal
lan ndugal. Bambang Dursila kaget karo kahanan wong tuwane sing ora kanyana dadi wong sugih.
Banjur sawijining dina dheweke ngetutke lakune Ki Kures. Seje dina, Bambang Dursila marani
papan dununge naga kanthi niyat kang ora becik, nanging niate Bambang Dursila bisa dimangerteni
dening naga Antaboga. Nalika bambang Dursila nyedhak banjur disabet pethit nganthi tumekaning
pati.
Ki Kures banjur teka manèh lan nyumurupi kahanané kang putra, “Kados pundi menika saged
kalampahan pukulun?.” Antaboga paring wangsulan, “Kita boya sumelang, anak kita tumekaning
pati marga duwe niyat mateni marang ulun.” Iba kingkin rasaning ati Ki Kures nyumurupi putrane
tiwas kaya mangkono. Banjur dheweke matur, “Pukulun, semah anak kula nembe nggarbini.”Naga
Antaboga mangsuli, “Mbésuk yen jabang bayi kuwi mijil pawestri wenehana aran sakarsa kita,
nanging yen mijil jalu gawanen mrene kareben ulun pribadi kang paring peparab.”
Jabang bayi lair lanang, karo Ki Kures jabang bayi kuwi digawa sowan sang naga. Banjur dipek
anak siswa karo sang Antaboga digladhi sakehing ngelmu kasantikan, aji panglimunan lan
sapanunggalane. Bocah kuwi dijenengi Aji, awit saka baguse rupane. Weruh putu lanange Ki Kures
banjur ngucap, “Sajagipun dereng nate kula ningali lare ingkang bagusipun pindha wayah kula
menika, pukulun.” Antaboga mangsuli, “Ah, nanging meksa ana sing luwih bagus, sing asmane nabi
Muhammad. Putu kita saiki kudu ngangsu kawruh karo panjenengane.”
Aji lunga ing Mekah lan ngangsu kawruh karo sakabat rasul, Abubakar, Usman, Umar, lan Ali.
Sawijining dina nabi Muhammad marani para sakabat, lan paring dhawuh karo Aji, “Aji, dina iki uga
jenengsira kudu lunga naliti pageblug, jenengsira kudu bisa naliti apa sebabe ana pageblug kuwi,
budhala lan titi priksanen banyu jam-jam, yen sira nyumurupi bening banyune kuwi teges pageblug
bakal sirna nanging yen buthek ateges pageblug bakal dumadi sateruse.”
Kanjeng nabi banjur mirsani salah sawijining saka guru lan pirsa menawa Aji ndhelik saburine
saka. Sabanjure Aji kaparingan jeneng Ajisaka. Kanjeng nabi banjur ngendika maneh, “Wiwit dina iki
jeneng sira ingsun paring jeneng Ajisaka. Yen aku dadi lanang sira wadone, yen ingsun tindhak
wayah ratri sira mlaku wayah rahina, pitung dina sajroning seminggu kuwi kagunganingsun, limang
dina sajroning seminggu dadi darbenira.” Kanjeng nabi banjur paring jeneng pitung dina sajroning
seminggu; senen, selasa, rebo, kemis, jemuwah, setu, lan akad. Ajisaka uga njenengi limang dina
sajroning seminggu; legi, pahing, pon, wage, kliwon. Uga Ajisaka isih duwe pamanggih kang beda
bab jeneng dina kang ana pitu kuwi; dite, soma, anggara, budha, respati, sukra lan tumpak.
Ana pawongan loro siji saka keblat kulon banjur dijenengi Setia sateruse dadi abdine kanjeng
nabi, lan sing siji saka keblat wetan katelah Setuhu banjur dadi abdine Ajisaka. Kanjeng nabi paring
dhawuh marang Ajisaka, “Aji, saiki jenensira kudu lumarab ing nagri Medangkamulan, siring kidul
wetan, gawanen kitab primbon lan almanak kanggo nemtokake pananggalan. Ing praja Medhang
durung ana ngelmu kang titis. Rajane seneng mangan daging manungsa jejuluk prabu
Dewatacengkar.”
Ajisaka banjur budhal, satengahing laku dheweke kelingan yen keris pusakane ketinggal.
Banjur aweh sasmitha marang Setuhu, “Setuhu, budhala jupuken keris pusakaku lan kandhakna
yen sira anthuk palilah saka aku pribadhi. Ing Mekah kanjeng nabi manggihi kerise Ajisaka banjur
utusan abdine, “Gawanen keris iki, poma dipoma aja bokwenehke kejaba mung karo Ajisaka.” Abdi
sakloron banjur budhal lan ketemu satengahing dalan. Setuhu ngucap, “Aku utusan gustiku sing
kagungan keris.” Setia mangsuli, “Aku ora bakal menehke keris iki kejaba mung karo gustimu
Ajisaka.” Suwe-suwene wawan rembug sanalika dadi padudon lan njalari bandayudha tumrap
sakarone nganthi tumekaning pati. Tumibaning awak Setia mujur lor lan Setuhu mujur ngidul, kuwi
sebabe wong Islam ngubur kanthi mujur lor lan wong Budha kanthi mujur ngidul.
Suwe ora ana kabar, Ajisaka lan Muhammad sumelang banjur nututi, ketemu satengahing
dalan lan nyumurupi abdine wis padha dadi layon. Banjur Muhammad lan Ajisaka paring tetenger
minangka ganjaran tumrap abdine sakloron. Muhammad ngripta aksara Arab cacah telungpuluh,
Ajisaka ngripta aksara Jawa cacah rongpuluh. Telungpuluh lan rongpuluh digunggung dadi seket,
kanthi lima pungkasane nol, kaya keblat papat sapancere. Kanggo ngurmati abdi sakloron, aksara
Jawa duweni teges: hanacaraka ‘ana utusan’; datasawala ‘padha regejegan’; padhajayanya ‘padha
digdayané’; magabathanga ‘padha dadi bathang’.
Satekane Medhangkamulan, Ajisaka banjur madeg pandhita mbangun bale pamujan lan
medhar sakehing ngelmune. Wong-wong Medang diwejang kalimah loro lambang rasa iman.
Kalimah loro kuwi duwe teges, ”Yen ana lanang mesti ana wadon, yen ana kulon mesti ana wetan”.
Kawula Medhang ngaku guru kabeh karo Ajisaka awit saka pamedharing ngelmu kasantikan
lan kasampurnan. Ajisaka manggon karo mbok randha. Sawijining dina abdi ratu Medhang golek
daharan manungsa kanggo ratune. Ngerti mangkono Ajisaka kanthi lila gelem kapundhut dadi
dhaharane sang prabu. Ajisaka banjur kasowanaken kedhaton. Ajisaka gelem dipangan watone
sang prabu gelem nyembadani apa sing dadi pamundhute yaiku lemah sing dawan sadawane ikete.
Iket banjur kaudal dening prabu Dewatacengkar nganthi tekan gisiking samudra sanalika iket
dikebutke lan sang Dewatacengkar ambyur Samudra lan salah kedaden dadi baya putih.
(Kapethik saking cariyos Ajisaka versi Tengger ingkang kaserat salebeting buku ”Hindu
Javanese.Tengger Tradition and Islam--Culture Challenge and Culture Hero: The Tale of Ajisaka
and Mohammad”. Robert W Hefner.)
2. Adhedasar Ilmiah
Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, kawontenan aksara Jawa kanthi dhasar ilmiah dipunwiwiti
saking rawuhipun saudagar India ing tlatah Jawa. Nalika semanten tiyang Jawa dereng gadhah
aksara. Basa ing padintenan namung awujud lesan kemawon. Kanthi aksara ingkang dipunbekta
dening tiyang India, mbaka sekedhik tiyang Jawa wiwit migunakaken basa tulis. Bab menika
nuwuhaken bilih aksara, kejawi dados piranti komunikasi sarana tulisan, ugi saged dados ukuraning
kemajengan budaya lan bangsa. Ngginakaken basa tulisan kanyata langkung majeng tinimbang
ingkang boten utawi dereng gadhah aksara.
Wondene miturut Casparis, sajroning sujarah peradaban suku Jawa, manggihaken seratan
awujud prasasti kanthi migunakaken aksara Pallawa ingkang nedahaken wekdal saderengipun taun
700 Masehi. Panaliten salajengipun ingkang dipuntindakaken dening para ahli Paleografi (ngelmu
aksara-aksara Kuna) nemtokaken limang (5) periode aksara Jawa, nanging dening Bapak Atmodjo,
periode kapisan (aksara Pallawa) dipunperang dados kalih, satemah sadaya wonten enem (6).
1. Aksara Pallawa wiwitan, dipunginakaken saderengipun taun 700 Masehi, tuladha tinemu ing
Prasasti Tugu Bogor.
2. Aksara Pallawa pungkasan, dipunginaaken abad VII lan samadyaning abad VIII, tuladha tinemu
ing Prasasti Canggal ing Kedu Magelang.
3. Aksara Kawi utawi Jawa Kuna wiwitan, dipunginakaken taun 750-925, tuladha tinemu ing Prasasti
Polengan ing Kalasan Yogyakarta.
4. Aksara Kawi utawi Jawa Kuna pungkasan, dipunginaaken taun 925-1250, tuladha tinemu ing
Prasasti Airlangga.
5. Aksara Majapahit, dipunginaaken taun 1250-1450, tuladha tinemu ing Prasasti Singasari lan
Malang, saha Lontar Kunjarakarna.
6. Aksara Jawa Enggal, dipunginaaken taun 1950 dumugi wekdal samenika, tuladha tinemu ing
Kitab Bonang, lan buku-buku sanesipun.
Fase 3: Membimbing Penyelidikan
Sasampunipun para siswa mangertos babagan mila bukanipun aksara Jawa, mangga dipunwaos
materi babagan tata panyerating aksara Jawa wonten ing ngandhap menika!
➢ Materi Prosedural
Kawaosa kanthi permati!
A. Wujud Lan Tata Panyeratipun Aksara Jawa
1. Aksara Jawa Nglegena saha Pasangan
ꦲ ꦲꦲ ꦤ ꦲ꧀ꦤ ꦕ ꦕꦕ ꦫ ꦤꦫ ꦏ ꦏꦏ
ha na ca ra Ka
ꦢ ꦢꦢ ꦠ ꦠꦠ ꦱ ꦱꦱ ꦮ ꦮꦮ ꦭ ꦭꦭ
da ta sa wa La
ꦥ ꦥꦥ ꦝ ꦝꦝ ꦗ ꦗꦗ ꦪ ꦪꦪ ꦚ ꦚꦚ
pa dha ja ya nya
ꦩ ꦩꦩ ꦒ ꦒꦒ ꦧ ꦧꦧ ꦛ ꦛꦛ ꦔ ꦔꦔ
ma ga ba tha nga
2. Sandhangan
Sandhangan inggih menika tandha ingkang kaginakaken kangge ngewahi swantenipun
aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan menika kaperang dados tiga inggih menika :
a. Sandhangan swara, kangge ngewahi swanten aksara miturut ungelipun vokal
1) Sandhangan wulu ( ꦶ), dipunginakaken kangge pralambang vokal i ing satunggaling
wanda
ꦕꦭꦶ ꦶꦏ꧀ cilik
ꦥꦠꦶ ꦏꦶ ꧀ pitik
2) Sandhangan pepet (ꦼ), dipunginakaken kangge pralambang vokal ê ing
satunggaling wanda
ꦥꦕꦭ꧀ pecel
metu
ꦩꦠꦸ
3) Sandhangan suku ( ꦼꦸ ), dipunginakaken kangge pralambang vokal u ing
satunggaling wanda
ꦢꦸꦏꦸ duku
ꦒꦸꦫꦸ guru
4) Sandhangan taling ( ꦺꦼ), dipunginakaken kangge pralambang vokal è lan é ing
satunggaling wanda
ꦺꦧꦺꦧꦏ꧀ bebek
ꦺꦩꦒ mega
5) Sandhangan taling tarung (ꦺꦼꦼ ), dipunginakaken kangge pralambang vokal o ing
satunggaling wanda
ꦺꦱ ꦺꦠ soto
ꦺꦠ ꦪ toya
b. Sandhangan Sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lan nga nalika
angsal pasangan utawi pangkon
1) Sandhangan Wignyan (ꦼ ), minangka gantosipun sigegan ha dipunginakaken
kangge pralambang h ing pungkasaning wanda.
ꦏꦭ kalah
2) Sandhangan layar (ꦼ), minangka gantosipun sigegan ra dipunginakaken kangge
pralambang r ing pungkasaning wanda.
ꦭꦪ layar
3) Sandhangan cecak (ꦼ), minangka gantosipun sigegan nga dipunginakaken kangge
pralambang ng ing pungkasaning wanda.
ꦮꦪ wayang
4) Sandhangan Pangkon (ꦼ꧀), dipunginakaken kangge pralambang bilih aksara
ingkang pikantuk sandhangan pangkon, ateges mati
ꦢꦭꦤ꧀ dalan
c. Sandhangan Wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re sahaya nalika madeg dados
pasangan ing aksara menika gadhah sipat lebur kaliyan tembung ingkang dipunpasangi
1) cakra (ꦼ), minangka tandha ing satunggaling wanda ingkang unsur pungkasanipun
awujud konsonan r praja
ꦥꦿꦗ
2) ceret (ꦽ), minangka tandha ing satunggaling wanda ingkang unsur pungkasanipun
awujud konsonan re
ꦏꦠꦽ ꦒ꧀ kreteg
3) pengkal (ꦼ ), minangka tandha ing satunggaling wanda ingkang unsur
pungkasanipun awujud konsonan ya
ꦏ ꦪꦶ kyai
3. Aksara Murda
Ginanipun aksara murda inggih menika kaginakaken namung kangge tata prungu utawi
pakurmatan.
ꦟ ꦤ ꦟ ꦑ ꦤꦑ ꦡ ꦠꦡ ꦯ ꦱ ꦯ ꦦ ꦥꦦ ꦓ ꦒꦓ ꦨ ꦧꦨ
Na Ka Ta Sa Pa Ga Ba
Tuladha : dolan ing Temanggung.
------------ꦺꦢ ꦭꦤꦲꦁꦡꦩꦒꦸ꧉
4. Aksara Swara
Ginanipun aksara swara inggih menika kangge nyerat aksara menga/ vokal ingkang dados
wanda (suku kata ) saking basa manca supados cetha anggenipun mocapaken
ꦄꦌ ꦆ ꦎ ꦈ
AE I OU
Tuladha : kemah siswa ing sasi April
----------- ꦺꦏꦩ ꦱꦱꦶ ꦮꦲꦱꦁ ꦱꦶꦄ ꦥꦶꦿꦭ꧀
5. Aksara Rekan
Ginanipun aksara rekan inggih menika kangge nyerat aksara konsonan saking basa manca
ingkang taksih kaginakaken kados aslinipun
ꦢ꦳ ꦏꦢ꦳ ꦥ꦳ ꦏꦥ꦳ ꦗ꦳ ꦏꦗ꦳ ꦒ꦳ ꦏꦒ꦳ ꦏ꦳ ꦏ꦳ꦏ
Dza Fa/Va Ja Gha Kha
Tuladha : Zakat Fitrah iku wajib
----------- ꦗ꦳ꦏꦠꦥꦶ ꦠꦿ ꦲꦶꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀
6. Aksara Angka
Ginanipun aksara Angka inggih menika kangge nerangaken lambang mawi nomer.
꧑꧒꧓ ꧔ ꧕ ꧖ ꧗ ꧘ ꧙ ꧐
1234567890
Tuladha : Tuku lenga 15 liter
----------- ꦠꦸꦏꦸꦊꦔ꧇꧑꧕꧇ꦭꦶꦠꦂ
B. KAWRUH WIGATI BAB AKSARA JAWA
Wonten sapérangan ingkang wigatos kedah dipunsumerepi salebeting tata panyeratan
aksara Jawa, kados tuladha ing ngandhap;
1. Wonten tigang aksara ingkang boten pareng kapanjingan pasangan utawi kasandhangan
pangkon.
a. Aksara ha, aksara menika boten pareng kapanjingan pasangan utawi pangkon,
minangka sulihipun kaginakaken sandhangan wigyan.
Tuladha : omah » ꦺꦲ ꦩ boten ꦺꦲ ꦩꦲ꧀
b. Aksara ra, aksara menika boten pareng kapanjingan pasangan utawi pangkon,
minangka sulihipun kaginakaken sandhangan layar.
Tuladha : kasur » ꦏꦱꦸ boten ꦏꦱꦸꦫ꧀
c. Aksara nga, aksara menika boten pareng kapanjingan pasangan utawi pangkon,
minangka sulihipun kaginakaken sandhangan cecak.
Tuladha : abang » ꦲꦧ boten ꦲꦧꦔ꧀
2. Pasangan ka, ta, la ( ꦏꦏ , ꦠꦠ , ꦭꦭ) ewah dhateng asalipun utawi wetah kados
aksara aslinipun menawi kapanjingan sandangan suku, cakra, ceret, lan péngkal.
Tuladha : wis tuku » ꦮꦶ ꦱ ꦸꦠ ꦏꦸ
arep lunga » ꦲꦉ ꦥ ꦭꦸꦔ
3. Aksara ra lan la boten pareng kapasangan pepet, menawi wonten panyeratan aksara
ingkang ungelipun le lan re, mila panyerata re lan le kaserat mawi pa cerek lan nga
leled.
a. Sedaya swara {rê}boten dipunserat ꦫ nanging dipungantos pa ceret ꦉ
Tuladha : resik » ꦉꦱꦶꦏ꧀ boten ꦫꦱꦶꦏ꧀
Aksra ꦉ saged dipundadosaken pasangan, pasangan ꦉꦉ
b. Sedaya swara {lê}boten dipunserat ꦭ nanging dipungantos nga leled ꦊ
Tuladha : lemah »ꦊꦩ boten ꦭꦩ
Aksara ꧒ boten saged dados pasangan, bilih dados pasangan wangsul malih ꦗꦭ
꧉
Tuladha : awak lemu » ꦲꦮꦏꦩꦭ ꦸ ꧉
꧉
꧉
꧉
4. Menawi nunggil tembung pasangan ꦕ lan ꦗ boten kènging wonten
sangandhapipun sigeg ꦤ owah dados ꦚ.
Tuladha : pancing » ꦥꦚꦁꦕ , kanji » ꦏꦚꦗꦶ
5. Tembung andhahan (‘kata turunan’) ingkang karimbag saking tembung andhahan
saderengipun utawi saking tembung lingga ingkang kapungkasi konsonan, menawi
dipunwuwuhi panambang swara (vokal) konsonan kalawau kaserat rangkep.
Tuladha : omahe » omah + e = ꦺꦲ ꦩ ꦺꦲ
panganen » pangan + en = ꦥꦔꦤꦤꦤ꧀
6. Sandhangan pangkon saged dipunginakaken kangge :
a. Minangka pada lungsi (koma )
Tuladha :
tuku ketan, kolak, lan apem = ꦠꦸꦏꦸꦏꦠꦺꦤꦏ ꦭꦏꦤꦭ ꦲꦥꦩ꧀
b. Kangge panyeratan konsonan sungsun ( 3 konsonan utawi langkung )
Tuladha : bakul klasa »ꦧꦏꦸꦭ꧀ꦏꦭꦱ
Fase 4: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Sasampunipun rampung anggenipun diskusi kangge damel alih aksara waosan ingkang kaserat
mawi aksara Jawa saha manggihaken wosipun waosan kasebut, salajengipun asiling diskusi kasebut
dipunandharaken wonten ing ngajeng kelas. Wondene kanca sanesipun saged nyuwun pirsa, suka
panyaruwe, saha pamrayogi kanthi basa ingkang santun.
Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Para siswa, sasampunipun manggihaken wosipun waosan ingkang kaserat mawi aksara Jawa,
pramila mangga sami dipun-analisis saha dipun-evalusi anggenipun manggihaken sedaya unsur
kalawau.
Bab ingkang ndadosaken siswa angel kangge manggihaken wosipun waosan ingkang kaserat
mawi aksara Jawa, inggih menika:
1. Siswa dereng apal kaliyan aksara Jawa
2. Siswa taksih dereng mangertos tata panyeratanipun aksara Jawa
KAPUSTAKAN
1. Prasaja, Setya Amrih & Umi Kuntari. 2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas XII. Yogyakarta:
Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta
2. Hamzah, Lukman dkk. 2022. SARITA: Sarining Tata basa Jawa Diktat Basa Jawa Kelas X.
Yogyakarta: Sarita.
3. Mulyani, Hesti. 2013. Komprehensi Tulis. Yogyakarta: Astungkara Media.
4. Kamus Bausastra Jawa online: https://www.sastra.org/leksikon