BAHAN AJAR GEGURITAN Fase E / X https://images.app.goo.gl/3Q22VHhfUViq3xSB7 Dani Kartika Hapsari, S.Pd 22100860020 PPG Basa Jawa UNY.2023 SMKN 1 MAGELANG
BAHAN AJAR Capaian Pembelajaran Peserta didik dapat memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat Tujuan Pembelajaran a. Peserta didik dapat menemukan tema teks geguritan dengan benar. (C4) b. Peserta didik dapat menafsirkan isi teks geguritan dengan benar. (C5) c. Peserta didik dapat menjelaskan amanat teks geguritan baik secara lisan dan tulisan dengan benar. (P4) Fase 1 : Identifikasi Masalah ❖ Materi Faktual Tuladha Geguritan Ing ngandhap menika wonten tuladha geguritan, sumangga parasiswa ningali video geguritan menika kanthi patitis! salajengipun siswa saged ngrantam pitakenan kangge mangretosi geguritan kasebut. Tuladha geguritan saged dipuntingali wonten ing: LINK https://www.youtube.com/watch?v=TpELqYshtuM
Unsur Geguritan Unsur Fisik Unsur Batin Tema Rasa Pangrasa Amanat Para siswa, dinten menika badhe sinau babagan Geguritan.Sumangga para siswa saged maos materi lan nyimak video geguritan wonten ngandhap menika! Link : https://youtu.be/87dhwn482xY Fase 2: Mengorganisasikan Peserta Didik Materi Konseptual Peserta didik sumangga materi ing ngandhap menika dipunpirsani sesarengan kaliyan klompokipun. Peta Konsep a. Diksi b. Majas c. Bunyi d. Citraan
Pangertosan Geguritan Geguritan menika iketaning basa ingkang awujud syair. Mila wonten ingkang masatani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asalipun saaking tembung gurita, tembung gurita owah -owahanipun saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun Gita, tegesipun tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, samenika mujudataken wohing kasusastran puisi ingkang warni-warni wujud dhapukanipun (Subalidinata, 1994 : 45) ❖ unsur Geguritan Geguritan punika kaperang dados kalih unsur inggih punika unsur fisik saha unsur batin ➢ unsur fisik: 1. Diksi inggih menika nggatekaken saha paring tekanan basa utamanipun babagan tembung -tembung utama ing geguritan 2. Tipografi inggih menika wujud geguritan menika saged narik kawigatos. 3. Majas (lelawaning basa) inggih menika wujud ukara ingkang saged narik kawigaten 4. Citraan inggih menika andharan saking pangangit supados damel sengsem para pamaosipun. 5. Bunyi inggih menika nemtokaken tembung- tembung ingkang dipunginakaken saged narik kawigatosan pramila kedah gadhah nilai sastra nanging komunikatif. ➢ unsur batin: 1. Tema inggih menika gagasan pokok ingkang dipunandharaken dening panganggit lumantar geguritanipun. 2. Raosa pangrasa inggih menika rasa pangrasa ingkang ngandharaken dening pangripta. Nemtokaken nolak, nayrujuki, menapa nyengkung tumrap raos menika. 3. Nada inggih menika kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehaken sikep pangripta marang riptanipun. 4. Amanat inggih menika lumantar seratan, pangripta saged ngandharaken pesen ingkang dipunjlentrehaken. 5. Suwasana inggih menika kahanan batin ingkang bakal dipunrasakaken sesampunipun maos geguritan. Unsur fisik ingkang mbangun Geguritan 1. Perangan Basa Tembung-tembung ingkang ndhapuk geguritan menika ngginakaken basa rinengga. Menika jumbuh kaliyan panemunipun Sutardjo (2014: 19) ingkang ngandharaken menawi ancasipun ngginakaken basa ingkang endah ing salebetipun tembang saha puisi Jawa inggih supados saged damel remen saha nikmat tumrap sinten kemawon ingkang maos saha mirengaken. Basa rinengga inggih punika basa ingkang edi peni utawi basa ingkang endah saha nresep ing manah Subalidinata (1994: 4) ngandharaken menawi edi penining basa warna-warni, saha katingal menawi dipuncapaken. Padmosoekotjo (1956) (Mulyana, 2014: 68) kados pundi ndhapuken basa rinengga saged ngginakaken pirantos susastra
Jawa kados dene basa Kawi, purwakanthi, lelewaning basa utawi basa kias saha tembungtembung ingkang awujud mligi (tembung garba, mawa seselan –in-, lan liyaliyane) ingkang bakal kajlentrehaken satunggal mbaka satunggal. 2. Purwakanthi Purwakanthi ing basa Indonesia dipunwastani sajak utawi rima. Jinising purwakanthi, menika purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, saha purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi basa. Jinising purwakanthi kalawau kajlentrehaken kanthi cetha saha gamblang ing andharan ngandhap punika. a. Purwakanthi guru swara, tetembungan ingkang sami swantenipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara vokalipun (menawi aksara latin). Tuladhanipun: • Gemi setiti, ngati-ati • Cabar kesasar mangsa sing sugar (Djaka Lodang no.05 tanggal 5 Juli 2014) • Prenjak sepasang pèncokan pang (Djaka Lodang no.17 tanggal 27 Septembér 2014) b. Purwakanthi guru sastra, tetembungan ingkang sami aksaranipun (menawi aksara Jawa) utawi aksara konsonanipun (menawi aksara latin). Tuladhanipun: • sedya suka semu sengsem sekar seroja • sapa salah sèlèh • lungkrah lesu lèlèt lemot léndhé-léndhé lincak liyer-liyer c. Purwakanthi lumaksita/guru basa, wontenipun tetembungan ingkang dipunambali malih wonten ing pérangan salajengipun (wingking). Tuladhanipun: • wujuding katresnan suci • sucining ati nglilakaké jiwa • jiwa kang wus nglembara • Suwung ijèn tanpa rowang,rowange iblis bekasakan. (Djaka Lodang no.16 tanggal 20 Septembér 2014) 8 3. Lelewaning Basa (Majas) 3. Lelewaning Basa (Majas) Lelewaning basa inggih punika basa ingkang asring kangge ing geguritan. Ancasipun panganggit nginakaken lelewaning basa inggih punika supados geguritan ingkang dipunserat langkung endah utawi gadha efek estetis. Miturut Nurgiyantoro (2014: 62-63), lelewaning basa kaperang dados 4 inggih punika perbandingan, pertautan,repetisi lan pengontrasan. 4. Tembung-tembung ingkang awujud mligi. Tembung garba tembung garba inggih punika kalih tembung ingkang dipungabung dados setunggal. Wonten ing tembung garba menika, wonten kadadosan owahowahipun swanten amargi dipungabung kaliyan tembung sanesipun. Tuladha: waspada + ing = waspadeng Tembung mawa seselan –in Seselan -in- tegesipun sami kaliyan ater-ater di-. Nanging menawi kangge ing geguritan, tembung mawa seselan –in- langkung sae keprungu
tinimbang tembung ingkang ngginakaken ater-ater di- Tuladhanipun: diserat = sinerat disawang = sinawang. Fase 3: Membimbing Penyelidikan ❖ Materi Prosedural Peserta didik sasampunipun jingglengi materi bab pangertosan, unsur- unsur pembangun geguritan, kepareng peserta didik menanganlisis wosing geguritan saha amanatipun sesarengan kaliyan kanca klompokipun. Ananging saderengiupun menganlisis wosing geguritan, peserta didik saged maos bab unsur- unsur geguritan ngingandhap. Unsur- unsur geguritan: unsur fisik: 1. Diksi inggih menika nggatekaken saha paring tekanan basa utamanipun bab tembung - tembung utama ing geguritan 2. Tipografi inggih menika wujud geguritan menika saged narik kawigatos. 3. Majas (lelawaning basa) inggih menika wujud ukara ingkang saged narik kawigatos. 4. Citraan inggih menika andharan saking panganggit supados damel sengsem para pamaosipun 5. Bunyi inggih menika nemtokake tembung- tembung ingkang diginakaken saged narik kawigatos pramila kedah gadhah nilai sastra nanging komunikatif. Unsur Batin 1. Tema inggih menika gagasan pokok ingkang dipunandharaken dening panganggit lumantar geguritanipun. 2. Perasaan inggih menika rasa pangrasa ingkang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake nolak, nayrujuki, menapa nyengkung tumrap raospunika. 3. Nada inggih menika kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep pangripta marang riptanipun. 4. Amanat inggih menika lumantar seratan, pangripta saged ngandharaken pesen ingkang bakal dipunjlentrehaken. 6. Swasana inggih menika kahanan batin ingkang dipunraosaken sesampunipun maos geguritan Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Karya ❖ Materi Metakognitif Pesera didik sasampunipun mangretosi unsur-unsur geguritan , sumangga peserta didik geguritan ngingandhap punika dipunpadosi wosing geguritan tema saha amantipun kanthi klompok!
Langkah langkahipun mados wosing geguritan saha amanatipun ing geguritan 1. Maos kanthi tumemen teks geguritan. 2. Negesi tembung ingkang awrat lumantar kamus bausatra. 3. Negesi pralambang ingkang wonten majasipun/lelewaning basa. 4. Nafsirke pralambang ingkang wonten ing geguritan 5. Ngracik ukara ingkang jumbuh kalian wosing geguritan saha amanatipun. Sumber. https://www.ambarisna.com/2020/07/geguritan.html Sumimpen ing Pojok Ati Dening Tatiek Kalingga Kanthi ati kang krasa rinujit Sanajan krasa perih lan sakit Nyangga panandhang kang kudu dilampahi Ngoleki apa maknane sari pati Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani Alam krasa panas bumi uga nangis Lan amarah tan bisa diendhani Nanging aku yakin isih ana sunar suci Sih katresnan rasa tentrem kang sumimpen Ing pojok ati Uga rasa tulus saha luhuring budi pakarti Donga ing tengahing ratri muga bias dadi tamba jampi urip iki Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti. Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Peserta didik sasampunipun madosi wosing , tema , amanatipun geguritan ingkang dipunserat, pramila sumangga sami dipunanalisis saha dipun evaluasi proses anggenipun nggarap sedaya kalawau. ❖ Bab menapa ingkang dipuntindakaken ing pamulangan 5. Anggenipun madosi underan utawi tema kedah leres. 6. Anggenipun nyerat wosing geguritan kedah leres jumbuh kaliyan suraosing geguritan.
7. Anggenipun nyerat amanat teks geguritan kedah leres. 8. Anggenipun paring dudutan gayut kaliyan wosing geguritan saha amanat kedah leres. 9. Nalika presentasi saged paring panyaruwe dhateng klompok sanes. Dudutan & Relevansi 1. Geguritan menika iketaning basa ingkang awujud syair. Mila wonten ingkang mastani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asalipun saking tembung gurita , tembung gurita owah-owahan saking tembung gerita. Tembung gerita lingganipun Gita, tegesipun tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, sapunikai mujudaken wohing kasusastran puisi ingkang warni-warni wujuding dhapukanipun (Subalidinata, 1994 : 45) 2. Langkah langkahipun mados wosing geguritan saha amanatipun ing geguritan 1. Maos kanthi tumemen teks geguritan. 2. Negesi tembung ingkang awrat lumantar kamus bausatra. 3. Negesi pralambang ingkang wonten lelewaning basa. 4. Nafsirke pralambang ingkang wonten ing geguritan 5. Ngracik ukara ingkang jumbuh kalian wosing geguritan saha pitutripun. KAPUSTAKAN Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif (Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa Jawa). Yogyakarta: Tiara Wacana. Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Kasusastraan Jawa. Yogyakarta : Yayasan :Yayasan Pustaka NusantaraSuwardanijaya. Widaryatmo, Gandung. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga