The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by donapangesti18, 2022-10-13 05:03:07

Bahan Ajar_Busana Adat Jawa

Bahan Ajar_Busana Adat Jawa

Kelas XII/Semester Gasal

dening: Dona Agnes Pangesti, S. Pd.
D

SMK NEGERI KEBASEN
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Satuan Pendidikan : SMK Negeri Kebasen
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XII / Gasal
Materi Pokok : Busana Adat Jawa

Kompetensi Inti

KI-3 Memahami, menerapkan, menganalisis, dan mengevaluasi pengetahuan faktual,
konseptual, prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan
bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.

KI-4 Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranahkonkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, serta
bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah
keilmuan.

Kompetensi Dasar dan Indikator

No. Kompetensi Dasar No. Indikator

3.3. Menganalisis artikel 3.3.1. Menganalisis wacana tentang busana adat

tentang busana adat Jawa. Jawa dengan penuh tanggung jawab. (C4)

3.3.2. Mengkritisi hasil analisis tentang busana

adat Jawa dari kelompok lain (P5)

4.3. Bercerita busana adat 4.3.1. Membuat wacana tentang busana adat Jawa

Jawa sesuai daerahnya. daerah Banyumas dengan penuh tanggung

jawab. (C5)

4.3.2. Mempraktikan bercerita tentang busana

adat daerah Banyumas dengan santun. (P4)

Tujuan Pembelajaran

KI 3: Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran menggunakan pendekatan scientifik,
model pembelajaran problem based learning, diskusi, presentasi, dan tanya jawab,
peserta didik dapat:
a. menganalisis wacana tentang busana adat Jawa dengan penuh tanggung jawab.
(C4)
b. mengkritisi hasil analisis tentang busana adat Jawa dari kelompok lain (P5)

KI 4: Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran menggunakan pendekatan scientifik,
model pembelajaran problem based learning, diskusi, presentasi, dan tanya jawab,
peserta didik dapat:
a. membuat wacana tentang busana adat Jawa daerah Banyumas dengan penuh
tanggung jawab. (C5)
b. mempraktikan bercerita tentang busana adat daerah Banyumas dengan santun.
(P4)

Materi Pelajaran

TAHAP 1: STIMULUS

MATERI FAKTUAL

Asil budaya Jawi menika cacahipun wonten kathah sanget, kados ta sistem sosial, gagasan,
arsitektur, saha sapanunggalanipun. Busana Jawi minangka salah sawijining bukti sugihing
pamikiran tiyang Jawi. Tiyang Jawi anggenipun ngagem busana boten namung saksake. Wonten
paugeran ingingkang kedah dipunmangretosi. Paugeran-paugeran ingingkang gumathok wonten
ing panganggoning busana Jawa ugi gadhah teges filosofi. Sedaya ingingkang dipunagem
masarakat Jawa menika gadhah teges utawi maksud ingingkang wonten gegayutanipun kaliyan
pagesangan manungsa.

Gambar busana adat Surakarta dipunpundhut saking: https://cdnwpedutorenews.gramedia.net/wp-
content/uploads/2021/10/13132137/pakaian-adat-jawa-tengah-1.jpg

Gambar busana adat Surakarta dipunpundhut saking: https://2.bp.blogspot.com/-
TCHDFYqmNpY/WctSwNKuc2I/AAAAAAAAZnw/WQEkAVp0bB8GyEtfBoXjxuABcZ-
A9eWbwCLcBGAs/s1600/39811-upacara-dengan-menggunakan-pakaian-adat-kejawen-lengkap-
002.jpg

Gambar busana adat Banyumas dipunpundhut saking: https://metrorakyat.com/wp-
content/uploads/2019/02/IMG-20190217-WA0337-1024x683.jpg

Gambar busana adat Banyumas dipunpundhut saking: https://jatengprov.go.id/wp-
content/uploads/2019/02/85b70dea-ffad-462a-90bd-5b8f2dd56ec2.jpg

Gambar busana adat Kebumen dipunpundhut saking:
https://statik.tempo.co/data/2019/08/22/id_866191/866191_720.jpg

Sesampunipun ningali gambar-gambar busana adat daerah wonten ing Surakarta, Banyumas, saha
Kebumen. Sumangga salajengipun sami ningali video busana adat Jawi. Video saged dipunbikak
wonten ing link: https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o

Tahap 2: Orientasi Peserta Didik Pada Masalah
Menapa ingingkang sampun dipunmangertosi babagan busana adat Jawa? Kados pundi cara
ingkangge ngagem busana adat Jawa? Menapa busana adat saben daerah menika sami? Ingkangge
mangsuli pitakenan menika sumangga peserta didik sinau babagan busana adat Jawa. Para peserta
didik sumangga gatekna peta konsep wonten ing ngandhap menika. Salajengipun sinau materi
babagan busana adat Jawa.

MATERI KONSEPTUAL
Saderengipun sinau babagan busana adat Jawa, para peserta didik sinau babagan artikel rumiyin.
Pangertosan artikel
Artikel inggih menika karangan ingingkang nyata saha jangkep kanthi dawa tinamtu ingingkang
dipundamel ingkangge dipun sebaraken lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin
saha sapiturutipun.
Jinis-jinis artikel
1. Artikel dheskripsi,
2. Artikel eksposisi,
3. Artikel argumentasi,
4. Artikel narasi,
5. Artikel persuasi, lsp.

Artikel Dheskripsi
Artikel dheskripsi inggih menika seratan ingingkang suraosipun nggambaraken sawijining objek
kados ta papan/panggenan, barang, manungsa, kewan, saha kahanan satemah tiyang ingingkang
maos kados ningali babagan menapa ingingkang sampun dipun serat.

BUSANA ADAT JAWA

Busana inggih menika rasukan ingkang dipunagem kangge nutupi badan/awak. Kanthi langkung
cetha Noerhadi (2012: 9) ngandharake “menawa manungsa menika nganggo busana bisa ditampa
kanthi wiyar, sanajan apa ingkang sinebut busana menika akeh banget variasine, nutupi kabeh awak
utawa ana sing mung tambahan ingkanggo riasan awak”. Saking andharan menika saged
dipunpendhet menawi busana boten namung kain ingkang nutupi badan/awak, nanging sedaya
ingkang dipunginakaken wonten ing badan/awak sanajan ancasipun kangge hiasan kados ta
blangkon saha keris. Sanajan blangkon saha keris boten dipunginakaken kanthi ancas nutupi
badan/awak, nanging bisa kalebet wonten ing busana iingkang anggenipun ngginakaken sampun
sepaket kaliyan barang-barang sanesipun.

Busana Adat Jawa Priyayi Kakung saha Priyayi Putri

Busana Adat Jawa

Priyayi Kakung Priyayi Putri

Blangkon Ungkel

Klambi/rasukan Kebaya

Sabuk utawi stagen Kemben utawi semeken

Epek saha timang Jarik utawi nyamping

Wangkingan utawa keris Stagen

Nyamping utawi jarik Cundhuk Mentul

Selop Cenelo utawa selop

BUSANA ADAT YOGYAKARTA SAHA SURAKARTA

Ing tlatah Jawa, pusat kabudayan ingkang kangge kiblat inggih menika keraton Surakarta saha
Yogyakarta. Mila anggenipun sinau dipunwatesi wonten ing kalih menika wau. Sanajan kraton
Surakarta saha Yogyakarta menika panggonane caket, ananging busana ingkang dipunginakaken
gadhah titikanipun piyambak-piyambak. Supados langkung cetha menika bakal mbabar bedane
busana Jawa khas Surakarta saha Yogyakarta.

1. Perangan-Perangan Busana Tradisional Yogyakarta
a. Blangkon
Blangkon menika peranganipun busana Jawa ingkang mapan wonten ing sirah. Kanthi
langkung jangkep Cisara (2018:164) ngandharake menawa blangkon menika tutup sirah
ingkang dipundamel saking batik saha dipunagem dening priyayi lanang minangka
jangkepe busana trasisional Jawa. Carane nganggo blangkon kayanede nganggo topi.
Blangkon menika busana ingkang digunakake dening wong lanang.

Blangkon Yogyakarta menika mburine ana plenthukan sing rada gedhe, adate diceluk
mondhol. Anane mondhol ing sisih buri amarga wong lanang Yogyakarta jaman semana
duwe rambut sing dawa saengga butuh papan ingkanggo nyimpen rambut kasebut.

Makna Filosofi
Mondol menika digawe kanthi ancas nyimpen rambut ingkang dawa menika mau. Sanajan
saiki rambute wong lanang Yogyakarta akeh sing cepak, ananging mondol ana ing
blangkon kudu tetep ana. Ana ing sisih buri blangkon Yogyakarta uga ana sliwiran sing
rada gedhe kaya swiwi. Sliwiran menika mau adate diarani jebehan. Menawa ing sisih
ngarep blangkon Yogyakarta, ana lipitan kanthi cacah pitulas. Bab iki minangka
pralambang cacahe sholat fardlu ing sadina. Bab iki ingkanggo ngelingake masarakat
marang kwajibane marang Gusti, yamenika nindakake sholat.

b. Surjan
Surjan minangka busana adat kangge tiyang jaler ing tlatah Yogyakarta. Busana surjan
mula bukane didamel dening Sunan Kalijaga nalika jaman Mataram. Tembung surjan
menika sejatine karakit saka tembung garba suraksa lan janma. Tembung suraksa duwe
teges “ngreksa/njaga” banjur tembung janma duwe teges “manungsa” saengga menawa
digandheng tembung surjan menika sejatine duwe teges ingkang njaga manungsa.

Makna Filosofi
Sunan Kalijaga minangka panyebar agama islam damel busana kanthi teges filosofis
ingkang ana gandheng cenenge karo agama islam. Busana surjan dipundamel kanthi
nggatekake cacahe benik lan wujude busana. Ana ing sisih ngarep busana surjan katon ana
benik cacahe loro. Benik iki nuduhake loro kalimat syahadat ana ing agama islam ingkang
unine Asyhadu an-laa ilaaha illallaah (‫ (هللا إال إله ال أن شهد ا‬syahadat Kalimat). ‫و اشهد أن محمد‬
‫ )ر سو ل هللا‬rasuulullaah Muhammadan anna asyhadu Wa lan ingkang kapisan tegese “aku
nyekseni menawa ora ana Gusti kajaba Gusti Allah”, banjur teges ingkang kapindo “aku
nyekseni menawa Nabi Muhammad minangka utusanning Gusti Allah”. Benik ing sisih
ngarep uga ana sing mapan ing gulu cacahe telung pasang (enam wiji) ingkang
nggambarake rukun iman, yamenika iman marang Gusti Allah, iman marang malaikat,
iman marang kitab-kitab, iman marang rasul-rasul, iman marang dina akhir, iman marang
Qada lan Qadhar. Bab iki nuduhake menawa wong Jawa kudu percaya marang Gusti Allah
lan tansah kelingan marang dhawuhe Gusti. Ing busana surjan uga ana benik cacahe telu
sing mapan ana ing jero dadi ora ketok saka jaba, mapan ana ing dhadha cerake weteng.
Benik sing ora katon menika mau nuduhake telung hawa napsu manungsa ingkang kudu

dilawan lan didhelikake, yamenika nafsu bahimah (hewani), lawwamah (nafsu makan dan
minum), lan syaitoniah (nafsu setan). Amarga busana surjan menika duwe teges filosofis
ingkang kaya mangkana, mula busana surjan uga bisa diceluk busana taqwa, yamenika
busana ingkang ngelingake sing nganggo supaya manut dhawuhe Gusti Allah. 58 Busana
surjan menika jenise ana loro, yamenika surjan antakusuma lan lurik. Surjan-surjan kuwi
mau ijik ngrembaka ana ing masarakat, sanajan ora kabeh uwong nganggo surjan
ingkanggo busana saben dina. Bedane surjan antakusuma karo lurik menika mapan ana ing
bahan lan motif ingkang digunakake. Motif ingkang digunakake ana ing surjan antakusuma
menika kembang, bab iki trep karo tegese tembung antrakusuma yamenika “kembang
mawarna-warna”. Tembung lurik duwe teges corak lirik-lirik, mula wujude surjan lurik uga
garis-garis. Surjan anatakusuma minangka busana penggedhene Mataram, mula kain
ingkang digunakake dudu kain sing padatane dinggo masarakat. Kain ingkanggo gawe
busana surjan antakusuma yamenika kain sutra sing kepenak digunakake. Surjan ingkang
digunakake prawira karo prajurit mesthi wae beda karo sing digunakake para penggede.
Surjan ingkang digunakake yamenika surjan lurik. Prajurit lan prawira ana ing keraton
menika cacache akeh banget, surjan lurik sing digunakake iso nuduhake status sosial abdi
dalem ana ing kraton. Status sosial menika bisa disawang saka gedhe cilike garis ana ing
lurik. Surjan lurik ingkang garise gedhe nuduhake golongan sosial ingkang langkung
dhuwur tinimbang sing garise cilik.

c. Keris

Keris yamenika salah sawijining gaman ingkang digunakake ana ing Jawa, minangka tosan
aji sing penting ana ing jaman biyen lan bisa nuduhake kawibawan panganggone. Bab iki
jumbuh karo andharane Endrawati (2015: 138) menawa keris sering dijumbuhake
minangka pralambang, wiwit saka pralambang kawibawan, kawicaksanan, nganti kauripan.
“Pangeran Hadiwidjojo, panggedhe ana ing Keraton Surakarta, ngandharake menawa
tembung “keris” asale saka basa Jawa kuno sing dijlentrehake saka tembung ‘kris’, sing
neng basa Sanskrit tegese “nuncepake” (Siswanto, 2012: 75). Keris Surakarta wujude
langkung gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Wujude keris ana loro, keris sing lurus lan
keris sing ana luke.

d. Kebaya
Busana tradisional ingkanggo wong wedok Jawa yamenika kebaya. Yogyakarta digawe
nganggo kain brokat. Kain brokat menika minangka kain sulaman ingkang ana motife,
nanging amarga sulamane sing rada arang-arang kain iki semrawang menawa dinggo mula
sadurunge nganggo kebaya kudu nganggo kemben dhisik. Kebaya Yogyakarta bisa dinggo

kanthi polosan ngono wae, ananging uga bisa ditambahi payet lan bordiran supaya katon
langkung endah.

e. Jarit
Jarit yamenika kain batik ingkang dawa. Menawa batik menika minangka kain tradisional
Jawa ingkang digambari nganggo malam, yamenika salah sawijining jinis lilin ingkang
mligi ingkanggo mbatik. Corak batik menika maneka warna. Panganggone corak batik
menika mau duwe pathokan ingkang kudu diugemi. Warna ingkang dadi dhasare batik
Yogyakarta adate putih, ananging ana uga sing nganggo coklat karo ireng sanajan ora akeh.
Motif batik Yogyakarta ana maneka warna kayata naga, manuk, ilat geni, lan sapiturute
kayata naga, manuk, ilat geni, lan sapiturute. Jarit ing jaman biyen digunakake minangka
busana ngisor. Panganggone batik ing jaman saiki langkung fleksibel, kena digawe busana
dhuwuran barang. Ananging, panganggone jarit ingkanggo busana ngisoran isih sering
digunakake nganti saiki, mligine ana ing kratonkraton lan ing acara-acara tertamtu.
Nganggo jarit menika ana paugeran ingkang kudu dinut. Sadurunge dinggo, jarit menika
kudune diwiru dhisik. Wiru yamenika tekukan-tekuan ing pucukane jarit ingkang cacahe
kudu ganjil. Gedhene wiron menika ya ana aturane. Wiru ingkanggo wong wedok gedhene
rong driji, ingkanggo wong lanang gedhene telung driji. Menawa ing Yogyakarta garis
putih ing pucuke jarit kudu diketokake, mapan ana ing tengah utawa pinggir lipitan. Carane
nnganggo jarit ing Yogyakarta diukel miring saka kiwa dhuwur marang tengen ngisor.

2. Busana Tradisional Surakarta
a. Blangkon
Blangkon Surakarta lan Yogyakarta menika menawa disawang kaya-kaya wujude padha,
ananging sejatine ana bedane. Bedane blangkon Surakarta karo Yogyakarta sing paling
ketok menika ana ing sisih buri. Blangkon Surakarta menika burine trepes ora kaya
blangkon Yogyakarta. Bab menika bisa kadadean amarga wong lanang Surakara jaman
semana ora duwe rambut sing dawa saengga ora butuh papan ingkanggo nyimpen rambut.
Masarakat Surakarta jaman biyen wis kena pengaruh Landa saengga gaya rambute okeh
sing cepak.
b. Ageman Kakung
Busana ana ing Surakarta lan Yogyakarta ana sing beda sanajan biyen-biyene saka sumber
budaya sing padha yamenika budaya Mataram. Bab iki diwiwiti saka anane prajanjen
Giyanti nalika taun 1755. Isi prajanjen menika mau yamenika Pakubuwana III lan kompeni
ingkang ngakoni menawa Pangeran Mangkubumi duwe hak marang separo kekuasaane
Sunan Pakubuwana III (Hendro, 2017: 44). Kuwasa ingkang dibagi loro menika mau ora
mung babagan wilayah, ananging uga asil budaya kayata busana. Kasunanan Surakarta sing

rumangsa sedulur tuwa menehake kabeh busana adate ingkanggo Kasultanan Yogyakarta
banjur gawe meneh busana sing anyar. Busana anyar ingkang digawe Kasunanan Surakarta
ana maneka warna, mligine busana ingkanggo wong lanang. Ing Surakarta busana
ingkanggo wong lanang cacahe ana lima, yamenika beskap, atela, sikepan, langenharjan,
lan takwa. Busana beskap menika modele minangka campuran antarane budaya Jawa lan
Landa. Busana beskap di desain lan dijenengi dening wong Landa. Tembung beskap dhewe
minangka tembung ingkang kajupuk saka tembung ‘beschaaf’ (Landa) ingkang tegese
“berkebudayaan”. Beskap menika ana rong macem, yamenika beskap cekak lan landung.
Beskap cekak menika mburine krowak, nganggo keris, ananging beskap landung menika
anggone nganggo tanpa keris amarga mburine buntet utawa tanpa krowak. Atela meh padha
karo beskap, sing marai beda amung mapane benik. Benik ingkang ana ing beskap mapan
ana ing tengen kiwa. Ananging, menawa atela, benik mapan ana ing tengah wiwit saka gulu
tekan ngisor. Busana sikepan menika kaya atela, ananging benike dibuka, njerone nganggo
rompi lan busana benikan (kemeja).

Busana langenharjan menika wujude kaya campuran antarane beskap lan jas saka Eropa.
Busana iki sing damel Mangkunegara IV nalika kondur saka Landa banjur diutus sowan
ana ing Pasanggrahan Langenharjo. Adate menawa sowan ing Pasanggrahan Langenharjo
kudu nganggo jarik, keris, lan sapiturute. Amarga lagi wae kondur saka Eropa,
Mangkunegara IV banjur nggabung busana Eropa karo busana Surakarta. Busana
Langenharjan menika kaya jas Eropa nanging krowak mburine, nganggo dasi kaya kupu,
lan nganggo busana benikan (kemeja). Menawa busana takwa wujude kaya surjan, burine
krowak.

c. Keris

Keris Yogyakarta karo Surakarta wujude meh padha, mung bedane keris Surakarta
langkung gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Ukiran ana ing keris Surakarta adate langkung
alus saengga menawa disawang ketok langkung mewah. Keris Yogyakarta menawa
disawang katon langkung prasaja lan klasik tinimbang keris Surakarta. Amarga ukurane
sing langkung gedhe, godhongan ana ing keris Surakarta bisa nganti rada mlungker ing
pucuke lan rada munggah ing pucuk sijine.

d. Kebaya

Kebaya ana ing Surakarta padha karo Yogyakarta yamenika kanthi bahan kain brokat.
Ananging kebaya liya sing ngrembaka ana ing Surakarta, yamenika kebaya ingkang digawe
saka bludru utawa blenggen. Supaya langkung apik adate diwenehi bordir kanthi warna
emas, ditambahi bef utawa kutu baru. Menawa ditandhingake karo kebaya Yogyakarta,
kebaya Surakarta katon langkung tinutup lan prasaja.

e. Jarik

Batik Surakarta adate ngaggo kain kanthi warna sogan yamenika campuran antarane warna
coklat enom, coklat tua, coklat semu kuning, coklat semu ireng, lan coklat semu abang.
Corak batik duwe teges filosofis dhewe-dhewe, mula ngaggo batik ora kena sasake, ana
paugeran ingkang kudu diugemi.
Cara Madosi Tembung Menawi Angel Mahami Tembung-Tembung Mawi Basa Jawa
Ingkangge madosi tembung-tembung ingingkang dipunanggep angel, siswa saged madosi tegese
tembung kanthi cara online wujud aplikasi android kamus basa Jawa ingkang jumbuh TPACK
(Technological Knowledge Pedagogy and Content Knowledge) saged wonten ing laman
http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-gratis-android/. Menika tuladhanipun aplikasi android
kamus basa Jawa:
1. Pepak Belajar Bahasa Jawa

2. Translator Jawa

3. Siswa ugi saged madosi tegesipun tembung migunakaken kamus online ing link:
https://www.sastra.org/leksikon

Tahap 3: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Prosedural

Cara Ngagem Batik

Cara ngagem batik wonten ing busana adat Jawa antawisipun priyayi kakung saha priyayi estri
menika dipunbedakaken wonten ing arahipun. Menawa priyayi kakung jarik dipunagem saking
tengen muter dhateng kiwa, ananing menawa priyayi estri kosok balenipun. Supados kenceng jarik
ingingkang sampun dipunagem diblebet ngangge stagen wonten ing bangkean. Sesampunipun
distageni, ditutup ngangge lontong, banjur pungkasan dipunparingi kamus sing wujude kados setut.
Supados langkung cetha kados pundi caranipun ngagem jarik, saged ningali video tutorial ingkang
wis dipuncawisaken wonten ing link https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o.

Cara ngangge Keris

Carane nganggo keris bisa kathi cara ingkang maneka warna. Adate masarakat Jawa ngnggo keris
ana ing sisih buri, diselipke ana ing lontong supaya ora tiba. Ananging sejatine keris bisa dinggo
ana ing buri, samping, bisa uga ana ing ngarep. Keris sing diselehake ana ing sisih buri iso dinggo
kanthih cara klabang pinipit, ngewal, satriya keplayu lele sinundukan, lan munyuk ngilo.
Panganggone keris kanthi cara klabang pinipit yamenika nyelipake keris ana ing jero lontong sisih
buri, anggone nyelehke keris rada miring, gandar ana ing sisih kiwa, banjur wrangkane ndemok
lontong. Cara nganggo keris klabang pinipit iki adate dinggo ana ing Yogyakarta. Menawa ing
Surakarta cara nganggo keris ingkang kaya mengkene diarani ngogleng. Cara ngenggo keris kanthi

ngewal arep padha karo klabang pinipit, bedane anggo keris model iki keris e rada munggah sithik
saengga wrangkane ora ndemok lontong. Cara nganggo keris satriya keplayu yamenika keris
diselehake jejeg ana ing tengah-tengah sisih buri. Panganggone keris sing ora dimiringke kaya
mangkono supaya anggone obah langkung kepenak, adate cara iki digunakake nalika sing nganggo
akeh gawean. Cara nganggo keris model munyuk ngilo meh padha karo ngewal, bedane yamenika
ana ing madhepe keris. Keris sing dinggo kanthi cara iki gandare ana ing sisih tengen. Cara
nganggo keris nganggar yamenika nyelehake keris ana ilat-ilatan wadhah keris sing ditrap ing
bangkean. Cara ingkang kaya mangkene adate dinggo nalika lelungan lan menawa arep gawa keris
langkung saka siji. Cara ngganggo keris nyothe yamenika nggawa keris kanthi nylesepake ana
lontong ing bangkean ngiringan (nyothe A). Ananging nyothe uga bisa kanthi cara nggawa keris
ana ing sisih ngarep (nyothe B).

Tahap 4: Membimbing Penyelidikan

Materi Metakognitif

Makna Filosofi

Blangkon
Wujude blangkon ana ing buri yamenika kataline pucuk tengen lan kiwa, bab iki minangka
pralambang ketemune jagad alit lan jagad ageng. Sanajan mangkono, kataline pucuk tengen lan
kiwa menika uga bisa nggambarake loro kalimat sahadat ing agama islam yamenika Asyhadu an-
laa ilaaha illallaah (‫( هللا إال إله ال أن شهد ا‬lan Wa asyhadu anna .(‫ )و اشهد أن محمد ر سو ل هللا‬rasuulullaah
Muhammadan Nganggo blangkon menika ana aturane, ora kaya nganggo topi biasa. Nganggo
blangkon menika carane pucuk ngarep diselehke bathuk banjur ditarik memburi. Cara nganggo
ingkang kaya mengkene duweni ancas supaya rambut sing nganggo blangkon bisa disilakke
saengga katon tumata lan kepenak disaawang. Menawa nganggo blangkon mung diselehke ngono
wae saka ndhuwur, rambut sing nganggo blangkon bisa wae ora tumata, dadi semrawut lan kurang
tumata.

Batik

Sarmini (2009: 675) ngandharake menawa batik minangka ngemu gambaran sing isine pralambang
sing ana gandheng cenenge karo bab filosofis sing jumbuh karo cara urip (way of life). Batik
menika minangka asil budaya ingkang bisa nuduhake status ing masarakat Jawa. Ana batik ingkang
bisa digunakake kabeh masarakat Jawa lan ana batik ingkang mung bisa digunakake panggedhe
kraton. Motif batik ingkang mung oleh digunakake ingkanggo kaluarga kraton kayata motif parang.
Batik motif karang menika ana maneka warna jenise. Batik parang ingkang kerep digunakake ana
ing keraton yamenika batik motif barong, glendreh, lan klitik. Corak parang menika duwe teges

filosofis kudu teteg anggone ngupaya. Tembung parang dijupuk saka tembung pereng utawa lereng
lan nggambarake ombak ana ing segara, mula motif ana ing batik parang wujude kaya ombak
ingkang digambar miring mengisor.
Batik parang barong adate dinggo minangka “pengageman dalem”. Motif parang barong nuduhake
menawa raja kudu ngati-ati nalika nglampahi kwajibane. Motif parang barong menika langkung
gedhe tinimbang gendreh lan klitik. Gedhe cilike motif mau bisa nuduhake posisine sing nganggo.
Parang gendreh adate minangka ageman permaisuri/garwanipun raja wujude langkung cilik
mbangane motif parang barong, ananging langkung gedhe tinimbang parang klitik. Saka telu motif
parang menika mau pancen parang klitik sing paling cilik, amarga parang klitik mligi dinggo putra
putri raja.

Keris
Jenis keris loro menika mau duwe teges filosofis ingkang luhur. Keris sing lurus duwe teges
menawa manungsaa menika kudu teteg. Wong Jawa ora kena mencla-mencle apa ingkang wus
duwe karep kudu dilakoni kanthi karepe menika mau bisa kasembadan. Bab iki rada beda karo
teges filosofis 60 saka keris sing ana luke, yamenika nuduhake kawicaksanan. Wong Jawa nalika
nemoni perkara kudu dipikir kathi permati lan ngati-ati. Kawicaksanan lan teteging karep menika
mau kudu mlaku bebaregan tumuju marang Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Bab iki mau
ginambar ana ing pucuke keris ingkang lincip. Mbabar babagan keris mesthi wae ora jangkep
menawa ora ngomongke warangkane. Warangka bisa dibedakake dadi loro, yamenika ladrang lan
gayaman. Ladrang menika rangka keris sing wujude kaya godhong lan lancip. Rangka keris jenis
iki kena dinggo sapa wae, adate dinggo masarakat lan para abdi dalem. Warangka gayaman rada
beda karo warangka sijine, warangka iki wujude bujel. Warangka gayaman adate digunakake
dening para pangeran, sentana dalem, bupati, lan para panggedhe.

Tahap 5: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Sesampunipun siswa sinau mahami cara maca geguritan saha sinau langkah-langkah anggenipun
nyerat geguritan. Pramila, saged dipunanalisis saha saged dipunevaluasi sedaya ingingkang
sampun kantindakaken. Ingingkang dipunanggep angel menawi mahami isi geguritan kaliyan
langkah-langkah anggenipun nyerat geguritan inggih menika:

1. Anggenipun ingkangge mahami isi artikel busana adat Jawa menika kedah maos wacana kanthi
bolan-balen, pratitis saha tliti.

2. Pados pokok-pokok utamane salajengipun padosi saha serat tembung-tembung ingingkang
dipun angegep angel salajengipun saged dipadosi tegesipun wonten ing kamus online.

3. Anggenipun badhe nyerat artikel busana adat Jawa kedah milih tembung ingingkang trep
kaliyan kaidah undha-usuk basa.

4. Saderengipun nyerat artikel saged pados seserepan babagan busana adat Jawa wonten ing
internet.

DUDUTAN SAHA RELEVANSI

DUDUTAN
Dudutan saking materi ingingkang sampun dipunandharaken babagan busana adat Jawa

inggih menika kita minangka tiyang Jawi menika kedah sinau babaagan busana adat Jawa. Pramila,
kita menawi tiyang Jawi gadhah seserepan babagan busana adat Jawa amargi saben daerah menika
gadhah busana adat ingingkang beda-beda. Saben busana perangan-perangan busana adat Jawa
menika gadhah filosofinipun.

RELEVANSI
Busana adat Jawa menika taksih relevan kaliyan kahanan ing pagesangan jaman menika. Boten
namung ing pawiyatan, nanging ugi ing gesang padintenan. Padatanipun busana adat Jawa menika
dipunagem wonten ing adicara-adicara tartamtu. Kita minangka tiyang Jawi kedah nguri-uri
budaya busana adat Jawa..

GAMBAR-GAMBAR BUSANA ADAT JAWA

Gambar surjan saking https://cf.shopee.co.id/file/ef7dff2c06e57f74fd861ba34572630e_tn

Gambar blangkon Surakarta saking https://cf.shopee.co.id/file/63c01e745bf05eba75eadf9a1d4f4f5d

Gambar sikepan saking:

https://2.bp.blogspot.com/-iyjOl56wI7w/WTDNPg8qRBI/AAAAAAAAApE/Tvg0gIIZEA4P_nkS4xzMo2-
Y7m2EHgz-wCLcB/s1600/beskap.jpg

Kebaya putri gagrag Surakarta saking: https://s3.theasianparent.com/cdn-
cgi/image/width=450,quality=90/tap-assets-prod/wp-content/uploads/sites/24/2021/11/Jawa.jpg

Kebaya putri gagrag Surakarta saking: https://cdn.keepo.me/images/post/lists/2019/11/08/main-
list-image-3e6a0097-fbea-47db-a904-fecacb83c5c6-2.jpg

KAPUSTAKAN

1. Kurwirdaria, Favorita. 2022. Pendalaman Materi Bahasa Jawa Modul 5 Sastra Klasik dan
Modern. (PDF)

2. Widaryatmo, Gandung; dkk. 2014. Prigel Basa Jawa ingkanggo SMA/SMK/MA kelas XII.
Jakarta: Erlangga.

3. Yatmana, Sudi. 2016. Kabeh Bisa Basa Jawa 3 Kelas XII. Jakarta: Yudhistira.
4. Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon
5. Video busana adat Jawa : https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o


Click to View FlipBook Version