The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by donapangesti18, 2022-09-30 03:47:29

BAHAN AJAR BUSANA_DONA

BAHAN AJAR BUSANA_DONA

Kelas XII/Semester Gasal

dening: Dona Agnes Pangesti, S. Pd.
D

SMK NEGERI KEBASEN
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

Satuan Pendidikan : SMK Negeri Kebasen

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

\ Kelas/Semester : XII / Gasal

Materi Pokok : Busana Adat Jawa

Kompetensi Inti

KI-3 Memahami, menerapkan, menganalisis, dan mengevaluasi pengetahuan faktual,
konseptual, prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan
bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.

KI-4 Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranahkonkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, serta
bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah
keilmuan.

Kompetensi Dasar dan Indikator

No. Kompetensi Dasar No. Indikator

3.3. Menganalisis artikel 3.3.1. Menganalisis wacana tentang busana adat

tentang busana adat Jawa. Jawa dengan penuh tanggung jawab. (C4)

3.3.2. Membandingkan busana adat Jawa Gagrag

Surakarta dengan busana adat di daerahnya

(Banyumas). (C4)

4.3. Bercerita busana adat 4.3.1. Memroduksi wacana tentang busana adat

Jawa sesuai daerahnya. Jawa daerah Banyumas dengan penuh

tanggung jawab. (P4)

4.3.2. Mempraktekan bercerita tentang busana

adat daerah Banyumas dengan santun. (P4)

Tujuan Pembelajaran

KI 3: Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran menggunakan pendekatan scientifik,
model pembelajaran problem based learning, diskusi, presentasi, dan tanya jawab,
peserta didik dapat:
a. menganalisis wacana tentang busana adat Jawa dengan penuh tanggung jawab.
(C4)
b. membandingkan busana adat Jawa Gagrag Surakarta dengan busana adat di
daerahnya (Banyumas). (C4)

KI 4: Setelah melaksanakan kegiatan pembelajaran menggunakan pendekatan scientifik,
model pembelajaran problem based learning, diskusi, presentasi, dan tanya jawab,
peserta didik dapat:
a. memroduksi wacana tentang busana adat Jawa daerah Banyumas dengan penuh
tanggung jawab. (P4)
b. mempraktekan bercerita tentang busana adat daerah Banyumas dengan santun.
(P4)

Materi Pelajaran

TAHAP 1: STIMULUS

MATERI FAKTUAL

Asil budaya Jawi menika cacahipun wonten kathah sanget, kados ta sistem sosial, gagasan,
arsitektur, saha sapanunggalanipun. Busana Jawi minangka salah sawijining bukti sugihing
pamikiran tiyang Jawi. Tiyang Jawi anggenipun ngagem busana boten namung saksake. Wonten
paugeran ingkang kedah dipunmangretosi. Paugeran-paugeran ingkang gumathok wonten ing
panganggoning busana Jawa ugi gadhah teges filosofi. Sedaya ingkang dipunagem masarakat Jawa
menika gadhah teges utawi maksud ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pagesangan manungsa.

Gambar busana adat Surakarta dipunpundhut saking: https://cdnwpedutorenews.gramedia.net/wp-
content/uploads/2021/10/13132137/pakaian-adat-jawa-tengah-1.jpg

Gambar busana adat Surakarta dipunpundhut saking: https://2.bp.blogspot.com/-
TCHDFYqmNpY/WctSwNKuc2I/AAAAAAAAZnw/WQEkAVp0bB8GyEtfBoXjxuABcZ-
A9eWbwCLcBGAs/s1600/39811-upacara-dengan-menggunakan-pakaian-adat-kejawen-lengkap-
002.jpg

Gambar busana adat Banyumas dipunpundhut saking: https://metrorakyat.com/wp-
content/uploads/2019/02/IMG-20190217-WA0337-1024x683.jpg

Gambar busana adat Banyumas dipunpundhut saking: https://jatengprov.go.id/wp-
content/uploads/2019/02/85b70dea-ffad-462a-90bd-5b8f2dd56ec2.jpg

Gambar busana adat Kebumen dipunpundhut saking:
https://statik.tempo.co/data/2019/08/22/id_866191/866191_720.jpg

Sesampunipun ningali gambar-gambar busana adat daerah wonten ing Surakarta, Banyumas, saha
Kebumen. Sumangga salajengipun sami ningali video busana adat Jawi. Video saged dipunbikak
wonten ing link: https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o

Tahap 2: Orientasi Peserta Didik Pada Masalah
Menapa ingkan sampun dipunmangertosi babagan busana adat Jawa? Kados pundi cara kangge
ngagem busana adat Jawa? Menapa busana adat saben daerah menika sami? Kangge mangsuli
pitakenan menika sumangga siswa sinau babagan busana adat Jawa. Para siswa sumangga
gatekna peta konsep wonten ing ngandhap menika. Salajengipun sinau materi babagan busana
adat Jawa.

MATERI KONSEPTUAL
Saderengipun sinau babagan busana adat Jawa, para peserta didik sinaun babagan artikel rumiyin.
Pangertosan artikel
Artikel inggih menika karangan ingkang nyata saha jangkep kanthi dawa tinamtu ingkang
dipundamel kangge dipun sebaraken lumantar ariwarti (koran), kalawarti (majalah), buletin saha
sapiturutipun.
Jinis-jinis artikel
1. Artikel dheskripsi,
2. Artikel eksposisi,
3. Artikel argumentasi,
4. Artikel narasi,
5. Artikel persuasi, lsp.

Artikel Dheskripsi
Artikel dheskripsi inggih menika seratan ingkang suraosipun nggambaraken sawijining objek
kados ta papan/panggenan, barang, manungsa, kewan, saha kahanan satemah tiyang ingkang maos
kados ningali babagan menapa ingkang sampun dipun serat.

BUSANA ADAT JAWA
Busana yaiku klambi kang dinggo nutupi awak. Kanthi luwih cetha Noerhadi (2012: 9)
ngandharakre “menawa manungsa iku nganggo busana bisa ditampa kanthi wiyar, sanajan apa
kang sinebut busana iku akeh banget variasine, nutupi kabeh awak utawa ana sing mung tambahan
kanggo riasan awak”. Saka andharan iku bisa dipethil menawa busana ora amung kain kang nutupi
awak, ananing kabeh kang digunakake ana ing awak sanajan ancase kanggo hiasan kayata blangkon
lan keris. Sanajan blangkon lan keris ora digunakake kanthi ancas nutupi awak, ananging bisa
kalebu ana ing busana kang anggone nggunakake wis sepaket karo barang-barang liyane.
Busana Adat Jawa Laki-Laki Dan Perempuan

https://www.fordiasi.com/2021/10/busana-adat-jawa-pengertian-jenis-wujud.html

BUSANA ADAT YOGYAKARTA SAHA SURAKARTA
Ing tlatah Jawa, pusat kabudayan kang digunakake kiblat yaiku keraton Surakarta lan Yogyakarta.
Mula anggone sinau diwatesi ana ing loro iku mau. Sanajan kraton Surakarta lan Yogyakarta iku
panggonane cerak, ananging busana kang digunakake duwe titikane dhewe-dhewe. Supaya luwih
cetha modul iki bakal mbabar bedane busana Jawa khas Surakarta lan Yogyakarta.
1. Bagian- Bagian Busana Tradisional Yogyakarta

a. Blangkon
Blangkon iku perangane busana Jawa kang mapan ana ing sirah. Kanthi luwih jangkep
Cisara (2018:164) ngandharake menawa blangkon iku tutup sirah sing digawe saka batik
lan dinggo dening wong lanang minangka jangkepe busana trasisional Jawa. Carane
nganggo blangkon kayanede nganggo topi. Blangkon iku busana kang digunakake dening
wong lanang.
Blangkon Yogyakarta iku mburine ana plenthukan sing rada gedhe, adate diceluk mondhol.
Anane mondhol ing sisih buri amarga wong lanang Yogyakarta jaman semana duwe rambut
sing dawa saengga butuh papan kanggo nyimpen rambut kasebut.

Makna Filosofi
Mondol iku digawe kanthi ancas nyimpen rambut kang dawa iku mau. Sanajan saiki
rambute wong lanang Yogyakarta akeh sing cepak, ananging mondol ana ing blangkon
kudu tetep ana. Ana ing sisih buri blangkon Yogyakarta uga ana sliwiran sing rada gedhe
kaya swiwi. Sliwiran iku mau adate diarani jebehan. Menawa ing sisih ngarep blangkon
Yogyakarta, ana lipitan kanthi cacah pitulas. Bab iki minangka pralambang cacahe sholat
fardlu ing sadina. Bab iki kanggo ngelingake masarakat marang kwajibane marang Gusti,
yaiku nindakake sholat.

b. Surjan
Surjan minangka busana adat kanggo wong lanang ing tlatah Yogyakarta. Busana surjan
mula bukane didamel dening Sunan Kalijaga nalika jaman Mataram. Tembung surjan iku
sejatine karakit saka tembung garba suraksa lan janma. Tembung suraksa duwe teges
“ngreksa/njaga” banjur tembung janma duwe teges “manungsa” saengga menawa
digandheng tembung surjan iku sejatine duwe teges kang njaga manungsa.

Makna Filosofi
Sunan Kalijaga minangka panyebar agama islam damel busana kanthi teges filosofis kang
ana gandheng cenenge karo agama islam. Busana surjan digawe kanthi nggatekake cacahe
benik lan wujude busana. Ana ing sisih ngarep busana surjan katon ana benik cacahe loro.
Benik iki nuduhake loro kalimat syahadat ana ing agama islam kang unine Asyhadu an-laa
ilaaha illallaah (‫ (هللا إال إله ال أن شهد ا‬syahadat Kalimat). ‫ )و اشهد أن محمد ر سو ل هللا‬rasuulullaah
Muhammadan anna asyhadu Wa lan kang kapisan tegese “aku nyekseni menawa ora ana
Gusti kajaba Gusti Allah”, banjur teges kang kapindo “aku nyekseni menawa Nabi
Muhammad minangka utusanning Gusti Allah”. Benik ing sisih ngarep uga ana sing mapan
ing gulu cacahe telung pasang (enam wiji) kang nggambarake rukun iman, yaiku iman
marang Gusti Allah, iman marang malaikat, iman marang kitab-kitab, iman marang rasul-
rasul, iman marang dina akhir, iman marang Qada lan Qadhar. Bab iki nuduhake menawa
wong Jawa kudu percaya marang Gusti Allah lan tansah kelingan marang dhawuhe Gusti.
Ing busana surjan uga ana benik cacahe telu sing mapan ana ing jero dadi ora ketok saka
jaba, mapan ana ing dhadha cerake weteng. Benik sing ora katon iku mau nuduhake telung
hawa napsu manungsa kang kudu dilawan lan didhelikake, yaiku nafsu bahimah (hewani),
lawwamah (nafsu makan dan minum), lan syaitoniah (nafsu setan). Amarga busana surjan
iku duwe teges filosofis kang kaya mangkana, mula busana surjan uga bisa diceluk busana
taqwa, yaiku busana kang ngelingake sing nganggo supaya manut dhawuhe Gusti Allah. 58
Busana surjan iku jenise ana loro, yaiku surjan antakusuma lan lurik. Surjan-surjan kuwi
mau ijik ngrembaka ana ing masarakat, sanajan ora kabeh uwong nganggo surjan kanggo

busana saben dina. Bedane surjan antakusuma karo lurik iku mapan ana ing bahan lan motif
kang digunakake. Motif kang digunakake ana ing surjan antakusuma iku kembang, bab iki
trep karo tegese tembung antrakusuma yaiku “kembang mawarna-warna”. Tembung lurik
duwe teges corak lirik-lirik, mula wujude surjan lurik uga garis-garis. Surjan anatakusuma
minangka busana penggedhene Mataram, mula kain kang digunakake dudu kain sing
padatane dinggo masarakat. Kain kanggo gawe busana surjan antakusuma yaiku kain sutra
sing kepenak digunakake. Surjan kang digunakake prawira karo prajurit mesthi wae beda
karo sing digunakake para penggede. Surjan kang digunakake yaiku surjan lurik. Prajurit
lan prawira ana ing keraton iku cacache akeh banget, surjan lurik sing digunakake iso
nuduhake status sosial abdi dalem ana ing kraton. Status sosial iku bisa disawang saka
gedhe cilike garis ana ing lurik. Surjan lurik kang garise gedhe nuduhake golongan sosial
kang luwih dhuwur tinimbang sing garise cilik.

c. Keris

Keris yaiku salah sawijining gaman kang digunakake ana ing Jawa, minangka tosan aji
sing penting ana ing jaman biyen lan bisa nuduhake kawibawan panganggone. Bab iki
jumbuh karo andharane Endrawati (2015: 138) menawa keris sering dijumbuhake
minangka pralambang, wiwit saka pralambang kawibawan, kawicaksanan, nganti kauripan.
“Pangeran Hadiwidjojo, panggedhe ana ing Keraton Surakarta, ngandharake menawa
tembung “keris” asale saka basa Jawa kuno sing dijlentrehake saka tembung ‘kris’, sing
neng basa Sanskrit tegese “nuncepake” (Siswanto, 2012: 75). Keris Surakarta wujude luwih
gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Wujude keris ana loro, keris sing lurus lan keris sing
ana luke.

d. Kebaya
Busana tradisional kanggo wong wedok Jawa yaiku kebaya. Yogyakarta digawe nganggo
kain brokat. Kain brokat iku minangka kain sulaman kang ana motife, nanging amarga
sulamane sing rada arang-arang kain iki semrawang menawa dinggo mula sadurunge
nganggo kebaya kudu nganggo kemben dhisik. Kebaya Yogyakarta bisa dinggo kanthi
polosan ngono wae, ananging uga bisa ditambahi payet lan bordiran supaya katon luwih
endah.

e. Jarit
Jarit yaiku kain batik kang dawa. Menawa batik iku minangka kain tradisional Jawa kang
digambari nganggo malam, yaiku salah sawijining jinis lilin kang mligi kanggo mbatik.
Corak batik iku maneka warna. Panganggone corak batik iku mau duwe pathokan kang

kudu diugemi. Warna kang dadi dhasare batik Yogyakarta adate putih, ananging ana uga
sing nganggo coklat karo ireng sanajan ora akeh. Motif batik Yogyakarta ana maneka warna
kayata naga, manuk, ilat geni, lan sapiturute kayata naga, manuk, ilat geni, lan sapiturute.
Jarit ing jaman biyen digunakake minangka busana ngisor. Panganggone batik ing jaman
saiki luwih fleksibel, kena digawe busana dhuwuran barang. Ananging, panganggone jarit
kanggo busana ngisoran isih sering digunakake nganti saiki, mligine ana ing kratonkraton
lan ing acara-acara tertamtu. Nganggo jarit iku ana paugeran kang kudu dinut. Sadurunge
dinggo, jarit iku kudune diwiru dhisik. Wiru yaiku tekukan-tekuan ing pucukane jarit kang
cacahe kudu ganjil. Gedhene wiron iku ya ana aturane. Wiru kanggo wong wedok gedhene
rong driji, kanggo wong lanang gedhene telung driji. Menawa ing Yogyakarta garis putih
ing pucuke jarit kudu diketokake, mapan ana ing tengah utawa pinggir lipitan. Carane
nnganggo jarit ing Yogyakarta diukel miring saka kiwa dhuwur marang tengen ngisor.

2. Busana Tradisional Surakarta
a. Blangkon
Blangkon Surakarta lan Yogyakarta iku menawa disawang kaya-kaya wujude padha,
ananging sejatine ana bedane. Bedane blangkon Surakarta karo Yogyakarta sing paling
ketok iku ana ing sisih buri. Blangkon Surakarta iku burine trepes ora kaya blangkon
Yogyakarta. Bab iku bisa kadadean amarga wong lanang Surakara jaman semana ora duwe
rambut sing dawa saengga ora butuh papan kanggo nyimpen rambut. Masarakat Surakarta
jaman biyen wis kena pengaruh Landa saengga gaya rambute okeh sing cepak.
b. Ageman Kakung
Busana ana ing Surakarta lan Yogyakarta ana sing beda sanajan biyen-biyene saka sumber
budaya sing padha yaiku budaya Mataram. Bab iki diwiwiti saka anane prajanjen Giyanti
nalika taun 1755. Isi prajanjen iku mau yaiku Pakubuwana III lan kompeni kang ngakoni
menawa Pangeran Mangkubumi duwe hak marang separo kekuasaane Sunan Pakubuwana
III (Hendro, 2017: 44). Kuwasa kang dibagi loro iku mau ora mung babagan wilayah,
ananging uga asil budaya kayata busana. Kasunanan Surakarta sing rumangsa sedulur tuwa
menehake kabeh busana adate kanggo Kasultanan Yogyakarta banjur gawe meneh busana
sing anyar. Busana anyar kang digawe Kasunanan Surakarta ana maneka warna, mligine
busana kanggo wong lanang. Ing Surakarta busana kanggo wong lanang cacahe ana lima,
yaiku beskap, atela, sikepan, langenharjan, lan takwa. Busana beskap iku modele minangka
campuran antarane budaya Jawa lan Landa. Busana beskap di desain lan dijenengi dening
wong Landa. Tembung beskap dhewe minangka tembung kang kajupuk saka tembung
‘beschaaf’ (Landa) kang tegese “berkebudayaan”. Beskap iku ana rong macem, yaiku
beskap cekak lan landung. Beskap cekak iku mburine krowak, nganggo keris, ananging
beskap landung iku anggone nganggo tanpa keris amarga mburine buntet utawa tanpa

krowak. Atela meh padha karo beskap, sing marai beda amung mapane benik. Benik kang
ana ing beskap mapan ana ing tengen kiwa. Ananging, menawa atela, benik mapan ana ing
tengah wiwit saka gulu tekan ngisor. Busana sikepan iku kaya atela, ananging benike
dibuka, njerone nganggo rompi lan busana benikan (kemeja).

Busana langenharjan iku wujude kaya campuran antarane beskap lan jas saka Eropa.
Busana iki sing damel Mangkunegara IV nalika kondur saka Landa banjur diutus sowan
ana ing Pasanggrahan Langenharjo. Adate menawa sowan ing Pasanggrahan Langenharjo
kudu nganggo jarik, keris, lan sapiturute. Amarga lagi wae kondur saka Eropa,
Mangkunegara IV banjur nggabung busana Eropa karo busana Surakarta. Busana
Langenharjan iku kaya jas Eropa nanging krowak mburine, nganggo dasi kaya kupu, lan
nganggo busana benikan (kemeja). Menawa busana takwa wujude kaya surjan, burine
krowak.

c. Keris

Keris Yogyakarta karo Surakarta wujude meh padha, mung bedane keris Surakarta luwih
gedhe tinimbang keris Yogyakarta. Ukiran ana ing keris Surakarta adate luwih alus saengga
menawa disawang ketok luwih mewah. Keris Yogyakarta menawa disawang katon luwih
prasaja lan klasik tinimbang keris Surakarta. Amarga ukurane sing luwih gedhe, godhongan
ana ing keris Surakarta bisa nganti rada mlungker ing pucuke lan rada munggah ing pucuk
sijine.

d. Kebaya

Kebaya ana ing Surakarta padha karo Yogyakarta yaiku kanthi bahan kain brokat.
Ananging kebaya liya sing ngrembaka ana ing Surakarta, yaiku kebaya kang digawe saka
bludru utawa blenggen. Supaya luwih apik adate diwenehi bordir kanthi warna emas,
ditambahi bef utawa kutu baru. Menawa ditandhingake karo kebaya Yogyakarta, kebaya
Surakarta katon luwih tinutup lan prasaja.

e. Jarik

Batik Surakarta adate ngaggo kain kanthi warna sogan yaiku campuran antarane warna
coklat enom, coklat tua, coklat semu kuning, coklat semu ireng, lan coklat semu abang.
Corak batik duwe teges filosofis dhewe-dhewe, mula ngaggo batik ora kena sasake, ana
paugeran kang kudu diugemi.

Cara Madosi Tembung Menawi Angel Mahami Tembung-Tembung Mawi Basa Jawa

Kangge madosi tembung-tembung ingkang dipunanggep angel, siswa saged madosi tegese
tembung kanthi cara online wujud aplikasi android kamus basa Jawa kang jumbuh TPACK
(Technological Knowledge Pedagogy and Content Knowledge) saged wonten ing laman

http://futureloka.com/aplikasi-bahasa-jawa-gratis-android/. Menika tuladhanipun aplikasi android
kamus basa Jawa:
1. Pepak Belajar Bahasa Jawa

2. Translator Jawa

3. Siswa ugi saged madosi tegesipun tembung migunakaken kamus online ing link:
https://www.sastra.org/leksikon

Tahap 3: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Prosedural

Cara Ngagem Batik

Cara ngagem batik wonten ing busana adat Jawa antawisipun priyayi kakung saha priyayi estri
menika dipunbedakaken wonten ing arahipun. Menawa priyayi kakung jarik dipunagem saking
tengen muter dhateng kiwa, ananing menawa priyayi estri kosok balenipun. Supados kenceng jarik
ingkang sampun dipunagem diblebet ngangge stagen wonten ing bangkean. Sesampunipun
distageni, ditutup ngangge lontong, banjur pungkasan dipunparingi kamus sing wujude kados setut.
Supados langkung cetha kados pundi caranipun ngagem jarik, saged ningali video tutorial kang
wis dipuncawisaken wonten ing link https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o.

Cara ngangge Keris

Carane nganggo keris bisa kathi cara kang maneka warna. Adate masarakat Jawa ngnggo keris ana
ing sisih buri, diselipke ana ing lontong supaya ora tiba. Ananging sejatine keris bisa dinggo ana
ing buri, samping, bisa uga ana ing ngarep. Keris sing diselehake ana ing sisih buri iso dinggo
kanthih cara klabang pinipit, ngewal, satriya keplayu lele sinundukan, lan munyuk ngilo.
Panganggone keris kanthi cara klabang pinipit yaiku nyelipake keris ana ing jero lontong sisih buri,
anggone nyelehke keris rada miring, gandar ana ing sisih kiwa, banjur wrangkane ndemok lontong.
Cara nganggo keris klabang pinipit iki adate dinggo ana ing Yogyakarta. Menawa ing Surakarta
cara nganggo keris kang kaya mengkene diarani ngogleng. Cara ngenggo keris kanthi ngewal arep
padha karo klabang pinipit, bedane anggo keris model iki keris e rada munggah sithik saengga
wrangkane ora ndemok lontong. Cara nganggo keris satriya keplayu yaiku keris diselehake jejeg
ana ing tengah-tengah sisih buri. Panganggone keris sing ora dimiringke kaya mangkono supaya
anggone obah luwih kepenak, adate cara iki digunakake nalika sing nganggo akeh gawean. Cara
nganggo keris model munyuk ngilo meh padha karo ngewal, bedane yaiku ana ing madhepe keris.
Keris sing dinggo kanthi cara iki gandare ana ing sisih tengen. Cara nganggo keris nganggar yaiku
nyelehake keris ana ilat-ilatan wadhah keris sing ditrap ing bangkean. Cara kang kaya mangkene
adate dinggo nalika lelungan lan menawa arep gawa keris luwih saka siji. Cara ngganggo keris
nyothe yaiku nggawa keris kanthi nylesepake ana lontong ing bangkean ngiringan (nyothe A).
Ananging nyothe uga bisa kanthi cara nggawa keris ana ing sisih ngarep (nyothe B).

Tahap 4: Membimbing Penyelidikan

Materi Metakognitif

Makna Filosofi

Blangkon
Wujude blangkon ana ing buri yaiku kataline pucuk tengen lan kiwa, bab iki minangka pralambang
ketemune jagad alit lan jagad ageng. Sanajan mangkono, kataline pucuk tengen lan kiwa iku uga
bisa nggambarake loro kalimat sahadat ing agama islam yaiku Asyhadu an-laa ilaaha illallaah (‫هللا‬
‫( إال إله ال أن شهد ا‬lan Wa asyhadu anna .(‫ )و اشهد أن محمد ر سو ل هللا‬rasuulullaah Muhammadan
Nganggo blangkon iku ana aturane, ora kaya nganggo topi biasa. Nganggo blangkon iku carane
pucuk ngarep diselehke bathuk banjur ditarik memburi. Cara nganggo kang kaya mengkene duweni
ancas supaya rambut sing nganggo blangkon bisa disilakke saengga katon tumata lan kepenak
disaawang. Menawa nganggo blangkon mung diselehke ngono wae saka ndhuwur, rambut sing
nganggo blangkon bisa wae ora tumata, dadi semrawut lan kurang tumata.

Batik

Sarmini (2009: 675) ngandharake menawa batik minangka ngemu gambaran sing isine pralambang
sing ana gandheng cenenge karo bab filosofis sing jumbuh karo cara urip (way of life). Batik iku
minangka asil budaya kang bisa nuduhake status ing masarakat Jawa. Ana batik kang bisa
digunakake kabeh masarakat Jawa lan ana batik kang mung bisa digunakake panggedhe kraton.
Motif batik kang mung oleh digunakake kanggo kaluarga kraton kayata motif parang. Batik motif
karang iku ana maneka warna jenise. Batik parang kang kerep digunakake ana ing keraton yaiku
batik motif barong, glendreh, lan klitik. Corak parang iku duwe teges filosofis kudu teteg anggone
ngupaya. Tembung parang dijupuk saka tembung pereng utawa lereng lan nggambarake ombak
ana ing segara, mula motif ana ing batik parang wujude kaya ombak kang digambar miring
mengisor.

Batik parang barong adate dinggo minangka “pengageman dalem”. Motif parang barong nuduhake
menawa raja kudu ngati-ati nalika nglampahi kwajibane. Motif parang barong iku luwih gedhe
tinimbang gendreh lan klitik. Gedhe cilike motif mau bisa nuduhake posisine sing nganggo. Parang
gendreh adate minangka ageman permaisuri/garwanipun raja wujude luwih cilik mbangane motif
parang barong, ananging luwih gedhe tinimbang parang klitik. Saka telu motif parang iku mau
pancen parang klitik sing paling cilik, amarga parang klitik mligi dinggo putra putri raja.

Keris

Jenis keris loro iku mau duwe teges filosofis kang luhur. Keris sing lurus duwe teges menawa
manungsaa iku kudu teteg. Wong Jawa ora kena mencla-mencle apa kang wus duwe karep kudu
dilakoni kanthi karepe iku mau bisa kasembadan. Bab iki rada beda karo teges filosofis 60 saka
keris sing ana luke, yaiku nuduhake kawicaksanan. Wong Jawa nalika nemoni perkara kudu dipikir
kathi permati lan ngati-ati. Kawicaksanan lan teteging karep iku mau kudu mlaku bebaregan
tumuju marang Gusti kang Murbeng Dumadi. Bab iki mau ginambar ana ing pucuke keris kang
lincip. Mbabar babagan keris mesthi wae ora jangkep menawa ora ngomongke warangkane.
Warangka bisa dibedakake dadi loro, yaiku ladrang lan gayaman. Ladrang iku rangka keris sing
wujude kaya godhong lan lancip. Rangka keris jenis iki kena dinggo sapa wae, adate dinggo
masarakat lan para abdi dalem. Warangka gayaman rada beda karo warangka sijine, warangka iki
wujude bujel. Warangka gayaman adate digunakake dening para pangeran, sentana dalem, bupati,
lan para panggedhe.

Tahap 5: Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Sesampunipun siswa sinau mahami cara maca geguritan saha sinau langkah-langkah anggenipun
nyerat geguritan. Pramila, saged dipunanalisis saha saged dipunevaluasi sedaya ingkang sampun
kantindakaken. Ingkang dipunanggep angel menawi mahami isi geguritan kaliyan langkah-langkah
anggenipun nyerat geguritan inggih menika:

1. Anggenipun kangge mahami isi artikel busana adat Jawa menika kedah maos wacana kanthi
bolan-balen, pratitis saha tliti.

2. Pados pokok-pokok utamane salajengipun padosi saha serat tembung-tembung ingkang dipun
angegep angel salajengipun saged dipadosi tegesipun wonten ing kamus online.

3. Anggenipun badhe nyerat artikel busana adat Jawa kedah milih tembung ingkang trep kaliyan
kaidah undha-usuk basa.

4. Saderengipun nyerat artikel saged pados seserepan babagan busana adat Jawa wonten ing
internet.

DUDUTAN SAHA RELEVANSI

DUDUTAN
Dudutan saking materi ingkang sampun dipunandharaken babagan busana adat Jawa

inggih menika kita minangka tiyang Jawi menika kedah sinau babaagan busana adat Jawa. Pramila,
kita menawi tiyang Jawi gadhah seserepan babagan busana adat Jawa amargi saben daerah menika
gadhah busana adat ingkang beda-beda. Saben busana perangan-perangan busana adat Jawa
menika gadhah filosofinipun.

RELEVANSI
Busana adat Jawa menika taksih relevan kaliyan kahanan ing pagesangan jaman menika. Boten
namung ing pawiyatan, nanging ugi ing gesang padintenan. Padatanipun busana adat Jawa menika
dipunagem wonten ing adicara-adicara tartamtu. Kita minangka tiyang Jawi kedah nguri-uri
budaya busana adat Jawa..

GAMBAR-GAMBAR BUSANA ADAT JAWA
Gambar surjan saking https://cf.shopee.co.id/file/ef7dff2c06e57f74fd861ba34572630e_tn
Gambar blangkon Surakarta saking https://cf.shopee.co.id/file/63c01e745bf05eba75eadf9a1d4f4f5d
Gambar sikepan saking:

https://2.bp.blogspot.com/-iyjOl56wI7w/WTDNPg8qRBI/AAAAAAAAApE/Tvg0gIIZEA4P_nkS4xzMo2-
Y7m2EHgz-wCLcB/s1600/beskap.jpg

Kebaya putri gagrag Surakarta saking: https://s3.theasianparent.com/cdn-
cgi/image/width=450,quality=90/tap-assets-prod/wp-content/uploads/sites/24/2021/11/Jawa.jpg

Kebaya putri gagrag Surakarta saking: https://cdn.keepo.me/images/post/lists/2019/11/08/main-
list-image-3e6a0097-fbea-47db-a904-fecacb83c5c6-2.jpg

KAPUSTAKAN

1. Kurwirdaria, Favorita. 2022. Pendalaman Materi Bahasa Jawa Modul 5 Sastra Klasik dan
Modern. (PDF)

2. Widaryatmo, Gandung; dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/SMK/MA kelas XII.
Jakarta: Erlangga.

3. Yatmana, Sudi. 2016. Kabeh Bisa Basa Jawa 3 Kelas XII. Jakarta: Yudhistira.
4. Kamus online: https://www.sastra.org/leksikon
5. Video busana adat Jawa : https://www.youtube.com/watch?v=1EiGcXLmB3o


Click to View FlipBook Version