The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Hesti Nur Cahyo, 2023-05-28 23:11:41

gurit

BAHAN AJAR

BAHAN AJAR GEGURITAN Gambar kapethik saka: https://koropak.co.id/18169/geguritan-semula-bentuk-sindiranpujangga-pada-penguasa HESTI NUR CAHYO, S. Pd PPG DALJAB UNY 2023


A. Identitas Satuan Pendidikan Kelas/Semester Mata Pelajaran Topik Jumlah Pertemuan : SMA Negeri 10 Purworejo : XII/1 : Bahasa Jawa : Geguritan : 2 x 45 Menit B. Kompetensi Inti a. Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan faktual, koseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerakan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah b. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan C. Kompetensi Dasar dan Indikator No 3.2 Kompetensi Dasar Menelaah teks geguritan. No 3.2.1 3.2.2 Indikator Menguraikan geguritan (C4) Menelaah geguritan(C4) struktur jenis-jenis 4.2 Menulis geguritan dan 4.2.1 Membuat teks geguritan (P5) membacanya 4.2.2 Menyajikan teks secara lisan (P3) geguritan


FASE 1 : IDENTIFIKASI MASALAH Ature Simbah Carang-carang kanga king Amarga tanpa tumuruning tirta amerta Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi Sambat tangis anggegirisi sumebar Ing salumahe bawana Jebul bener ature simbah wingi Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi Banjur saiki coba delengen Ijo royone gunung kidul omah kae Kaganti dening jangkar-jangkar Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki Tuladha maos geguritan (https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY) A. Geguritan Basa Jawa iku sugih kasusastraan, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinatho. k kaya tembang, nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut MATERI FAKTUAL Para siswa, mangga dipuntingali gambar ing ngandhap menika, kangge damel pitakenan bab geguritan. Para siswa ugi saged ningali video saking link ingkang dipunsamektakaken!


Subalidinata (1994: 45), geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita, tegese tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasustran puisi kang werna-werna wujudingdhapukane. Fase 2 : Mengorganisasikan Peserta Didik Pangertosan Geguritan Jinising Geguritan Struktur Geguritan MATERI KONSEPTUAL PARA SISWA SUMANGGA DIPUNSINAU SESARENGAN KANTHI KELOMPOK MATERI ING NGANDHAP MENIKA!


Wonten ing pepanggihan menika ingkang badhe dipunsinau namung ingkang werni biru kemawon. Ingkang badhe dipunsinau inggih menika pangertosan busana adat jawi gagrak surakarta, saha wandanipun busana adat jawa gagrak surakarta. Sumangga dipunwaos kanthi tliti andharaning materi ing ngandhap menika! A. Geguritan Basa Jawa iku sugih kasusastraan, salah sijine yakuwi geguritan. Miturut kamus, geguritan iku tembang uran-uran utawa karangan kang pinatho k kaya tembang,nanging guru gatra, guru wulangan, lan guru lagune ora ajeg. Dene miturut Subalidinata (1994: 45), geguritan iku yakuwi iketaning basa kang memper syair. Mulaana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita. Tembung gerita linggane gita, tegese tembang utawi syair. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasustran puisi kang werna-werna wujudingdhapukane. B. Jinis-jinise geguritan Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki. 1. Syair rong gatra sapada = gita dwigatra 2. Syair telung gatra sapada = gita trigatra 3. Syair patang gatra sapada = gita catur gatra 4. Syair limang gatra sapadha = gita panca gatra 5. Syair nem gatra sapada = gita sadgatra 6. Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra 7. Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra 8. Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra 9. Syair-syair dhapur soneta 10. Syair bebas


C. Struktur Geguritan Babagan kang awrat saka geguritan, yakuwi: tema, pamilihane tembung utawa diksi, sarana retorika, lan amanat utawa pesen kanggo pepeling marang wong kang maca. Tema yaiku idhe baku utawa pikiran baku kang dadi dasare geguritan iki. Diksi iku dudu mung pamilihane tembung-tembung kang dianggo ing geguritan iku, nanging uga perkara tembung-tembung ana ing tatanane. Dene gaya bahasa iku bageane saka diksi kang duwe nilai artstik. Gaya bahasa iku perkara kepriye nulis lan nggunakake tembungtembung kanthi endah lan merkarakake cocok orane tembung, frasa, lanklausa kanggo nggambarake kaanan tartamtu. Dene sarana retorika yaiku alat kanggo ngungkapake apa kang arep diandharake ana ing geguritan iku.


Fase 3 : Membimbing Penyelidikan MATERI PROSEDURAL Para siswa, sasampunipun mahami materi bab geguritan, sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngandhap menika ingkang badhe ngandharaken nilai salebeting geguritan! Negesi tetembungan angel → tetembungan ingkang angel ing salebetipun teks geguritan dipunpadosi rumiyin tegesipun, supados gampil anggenipun mangertosi gegambaran busana adat Jawi gagrag Surakarta; Manggihaken isi/ wosing teks geguritan → sasampunipun madosi tembung ingkang angel salabeting teks geguritan supados gampil anggenipun manggihaken isinipun; Damel parafrase → sasampunipun mangretos wosing teks geguritan, salajengipun damel parafrase kangge nyusun tetembungan supados saged dipun mangertosi nilai geguritan kanthi wetah


Fase 4 : Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya MATERI METAKOGNITIF Peserta didik sasampunipun maos lan mengertosi isi/ wosing tetembungan ingkang angel, sumangga dipuncakaken langkah-langkahipun kangge madosi isi/ wosing teks geguritan menika! A. NEGESI TETEMBUNGAN ANGEL Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar Bausastra Jawa ingkang awujud cithak utawi online. Bausastra cithak ingkang asring dipunginakaken angggitanipun Poerwadarminta, dene ingkang online saged mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon


B. DAMEL PARAFRASE Parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur gancaran. Anggenipun parafrase menika kanthi nambahi tetembungan satemah gampil dipunmangertosi isinipun, saha kanthi ngewahi strukturipun dados struktur ukara (Jejer-Wasesa-Lesan-Katrangan). C. Manggihaken Isi/ Wosing Geguritan Sasampunipun damel parafrase, wosipun geguritan sampun langkung ketingal saha gampil dipunmangertosi tinimbang nalika taksih awujud struktur puisi.


Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Para siswa sasampunipun manggihaken tetembungan ingkang angel, damel parafrase kangge mangertosi isi, saha manggihaken nilai moral saking geguritan, pramila mangga sami dipunanalisis & dipunevalusi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur kalawau! Bab angel menapa saking proses negesi tetembungan dumugi manggihaken nilai salebeting geguritan? 1. Anggenipun madosi tembung kedah tliti; 2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan konteksipun; 3. Anggenipun damel parafrase kedah jumbuh kaliyan konteksipun; 4. Anggenipun madosi isi/ wosing geguritan kedah jumbuh kaliyan konteksipun; 5. Anggenipun manggihaken nilai geguritan kedah dipunjuumbuhaken kaliyan ing kasunyatan gesang ing zaman samenika.


Dudutan & Relevansi Dudutan Dudutan saking geguritan inggih menika bilih geguritan menika salah satunggaling karya sastra ingkang boten gampil anggenipun damel. Nalika damel geguritan kedah nguwaosi basa-basa susastra ingkang boten gampil dipunsinau. Damel geguritan betahaken kreatifitas saha pambudidaya ingkang linangkung. Geguritarn dipundamel kanthi underaning prekawis tartamtu. Underaning prekawis dados pokok intinipun geguritan. Wonten kathah jinising geguritan. Geguritan ugi kagungan struktur. Struktur punika ingkang dados paugeran nalika damel cengkoronganing geguritan. Nalika damel geguritan kedah ngginakaken basa ingkang endah supados langkung narik kawigatosan. Relevansi Relevansi geguritan ing jaman samenika saged damel tiyang produktif, kreatif, saha langkung saged maos kahanan ingkang saweg dumadi, punapa sampun kalampahan. Ing jaman samenika, geguritan saged ngasilaken. Geguritan saged damel sarana kangge ngaturaken rasa pangraos ingkang dipunraosaken kaliyan panggurit geguritan. Ing jaman samenika geguritan ugi saged kritik salebeting bab-bab ingkang kirang mranani wonten ing bebrayan umum, kadosta wonten ing politik saha ekonomi. Geguritan dados ajang kreatifitas kangge tiyang ngasah ketrampilan saha anggenipun nata basa salebeting nyerat karya sastra. Geguritan ugi saged dados sarana apresiasi ing satunggaling bab, nalika rumaos bombong utawi mongkok, geguritan saged dados simbol ing atur panuwun marang tiyang sanes.


KAPUSTAKAN Youtube (https://www.youtube.com/watch?v=87dhwn482xY) Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga Triwik Damarjati & Sinar Indra Krisnawan.2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Yuliastuti, Kinasih dan Indrayanto, Bayu. "Peningkatan Hasil Belajar Bahasa Jawa Geguritan Melalui Metode Think Pair Share Padasiswa Kelas XII IPA 2 SMAN 1 Wedi Kabupaten Klaten.". Widya Didaktika Jurnal Ilmiah Kependidikan. Vol.1, No.1 (2020). W. A. Pebriana. 2020. "Pengembangan media pembelajaran menulis geguritan berbasis audio visual untuk pembelajaran bahasa Jawa di SMP" Universitas Negeri Malang. Kapetik saking : http://mulok.library.um.ac.id/index3.php/62232.html Supriyadi, A. Dewi, dan S.W. Wardani " Aktualisasi Dan Penciptaan Geguritan Sebagai Media Pembelajaran Di Pasraman Wisnu Sakti Desa Tambakan, Kecamatan Jogonalan, Kabupaten Klaten." Widya Aksara Jurnal Agama Hindu (2021): Vol. 26 No. 1. Kapetik saking : http://ejournal.sthd-jateng.ac.id/index.php/WidyaAksara/article/view/147 Kamus Bausastra Jawa online link: https://www.sastra.org/leksikon


MATURNUWUN


Click to View FlipBook Version