The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by DWI NOVITA SARI, 2023-11-07 02:30:00

Bahan Ajar Tembang Macapat

Bahan Ajar Tembang Macapat

BAHAN AJAR TEMBANG MACAPAT Dening: Dwi Novita Sari Kangge Kelas X SMA/SMK/MA Mahasiswa PPG Prajabatan 2023


A. Identitas Kelas/Semester : X/Gasal Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Tembang Macapat B. Capaian Pembelajaran 1. Elemen Membaca Peserta didik mampu mengevaluasi, menginterpretasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari berbagai teks dalam bentuk visual untuk menemukan makna tersurat dan tersirat dari tembang macapat Asmaradana. 2. Elemen Berbicara Peserta didik mampu menggunakan Bahasa Jawa sesuai kaidah kebahasaan dan unggah-ungguh untuk menyampaikan informasi secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan dari tembang Macapat Asmaradana. C. Tujuan Pembelajaran Peserta didik dapat mengartikan kata-kata sukar yang terdapat dalam tembang macapat Asmaradana dengan benar. (C2) Peserta didik dapat menentukan paugeran tembang macapat Asmaradana dengan tepat. (C3) Peserta didik dapat memparafrasekan cakepan tembang macapat Asmaradana dengan baik. (C5) Peserta didik dapat menganalisis pesan moral tembang macapat Asmaradana dengan baik. (C4) Peserta didik dapat melagukan tembang macapat Asmaradana sesuai dengan notasi. (P3) 1. 2. 3. 4. 5.


Tembang Macapat Pangertosan Jinising Tembang Paugeran Jinising Tembang Tembang Asmaradana Maos cakepan Negesi tembung Parafrase Manggihi piwulang Peta Kompetensi


A. Pangertosan Tembang Macapat Padmosoekotjo wonten ing Triwik Damarjati (2017: 31) ngandharaken bilih tembang macapat inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu(gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten. Wondene panggertosan tembang macapat miturut Suwarna (2008: 4-7) inggih menika anggenipun maca sekawan-sekawan wanda. Menawi boten jangkep sekawan wanda, urut saking wiwitan gatra kawaos sekawan wanda kalajengaken tirahanipun wanda.Upaminipun Tembang pocung Bapak pocung / dudu watu/ dudu gunung = 4-4-4 Asal saka/ plembang/ = 4-2 Ngon-ingone/ sang bupati/ = 4-4 Yen lumampah/ si pocung lam/ beyan grana = 4-4-4 Miurut Poewadarminto (1939: 298) tembang macapat kaperang saking tembung “maca” kaliyam “pat”. “Maca” tegesipun maos utawi nembang, dene “pat” ewah dados “mat” sakingtembung “nikmat”, tegesipun eca utawi kraos sanget. Dados, macapat tegesipun maos kanthi raos endah saha nikmat


B. Jinising Tembang Macapat Maskumambang, gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhuta nibunipun, dèrèng kawru hanjaler utawi èstri.Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan ibunipun. Mijil, tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri. Sinom, tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kanggénipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. Kinanthi, saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang tegesipun dipuntuntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya. Asmaradana, ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jaler saha estri saha kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Illahi. Gambuh, saking tembung jumbuh/ sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/ sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha èstri ingkang sami-sami gadah raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan. Tembang macapat menika cacahipun wonten 11. Wondene urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah antawisipun (Damarjati, Triwik: 2017). 1. 2. 3. 4. 5. 6.


7. Dhandhanggula, nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, punapa ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/kulawarga, gadhahputra, gesang cekap kangge sakulawarga. Pramila menika tiyang ingkang saweg bungah/ bombing penggalihipun, saged dipunwastani sekar dhandhanggula. 8. Durma, saking tembung darma/weweh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/weweh marang sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun manungsa. 11. Pocung, bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunwungkus mori putih utawi dipocong sadèrèngipun kasarekaken. 9. Pangkur, saking tembung mungkuring kang tegesipun nyingkiri hawa nepsu angkara murka, ingkang dipunpénggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha. 10. Megatruh, saking tembung megat ruh utawi pegat ruhipun/nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.


C. Paugeran Tembang Macapat Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris saben sapada (bait) tembang. Guru lagu inggih menika tibaning swara (huruf vokal) ing pungkasaning gatra. Guru wilangan inggih menika cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. Tembang macapat menika wonten paugeranipun utawi aturanipun. Konvensi (aturan) metrum inggih menika guru gatra, guru lagu saha guru wilangan. 1. 2. 3. Supados gampil anggenipun ngapalaken paugeran tembang macapat saged dipuncekak Guru Ga LaW (guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan).


D. Tembang Macapat Asmaradana Saben tembang macapat menika gadhah paugeran ingkang gumathok. Ing ngandhap menika dipunandharaken babagan tembang macapat Asmaradana. Paugeran: Guru gatra wonten 7 gatra Guru wilangan saha guru lagunipun: 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a Watak: awatak sedhih, sengsem, prihatin (kapethik saking Triwik, 2017: 38) Sasmita: kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung (kapethik saking Triwik, 2017: 39) Filofofis: Asmaradana mengku teges asmara saha dahana ingkang tegesipun api asmara. Tembang menika nggambaraken kahanan tiyang anem ingkang nandang asmara. Kapethik saking Roni Han Wasisto (2020: 87)


D. Tembang Macapat Asmaradana Wonten ing salebetipun cakepan tembang macapat Asmaradana menika ngewrat piwulang ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Anggenipun mangretosi piwulang saking teks sekar macapat Asmaradana kedah kanthi cara tartamtu, inggih menika: 1. Madosi paugeran sekaripun, Madosi bab guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu saking sekar macapat Asmaradana kanthi tliti. 2.Negesi tetembungan ingkang angel, Tetembungan ingkang angel wonten ing cakepan dipunpadosi langkung rumiyin tegesipun menapa, supados gampil anggenipun madosi wosing tembang macapat Asmaradana. 3. Damel parafrase, Parafrase tegesipun ngewahi tembang ingkang wujudipun pupuh/pada, dados gancaran utawi prosa. Tembang macapat ingkang ngginakaken paugeran guru lagu, guru wilangan, guru lagu saha basa-basa ingkang endah lan mentes mila kedah dipungancaraken supados langkung gampil nalika badhe mendhet piwulang saking saklebetipun sekar menika. 4. Manggihaken piwulang Damel dudutan piwulang saking tembang macapat Asmaradana ingkang saged kangge tuladha ing pagesangan.


D. Tembang Macapat Asmaradana Wonten ing salebetipun cakepan tembang macapat Asmaradana menika ngewrat piwulang ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Anggenipun mangretosi piwulang saking teks sekar macapat Asmaradana kedah kanthi cara tartamtu, inggih menika: 1. Madosi paugeran sekaripun, Madosi bab guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu saking sekar macapat Asmaradana kanthi tliti. 2.Negesi tetembungan ingkang angel, Tetembungan ingkang angel wonten ing cakepan dipunpadosi langkung rumiyin tegesipun menapa, supados gampil anggenipun madosi wosing tembang macapat Asmaradana. 3. Damel parafrase, Parafrase tegesipun ngewahi tembang ingkang wujudipun pupuh/pada, dados gancaran utawi prosa. Tembang macapat ingkang ngginakaken paugeran guru lagu, guru wilangan, guru lagu saha basa-basa ingkang endah lan mentes mila kedah dipungancaraken supados langkung gampil nalika badhe mendhet piwulang saking saklebetipun sekar menika. 4. Manggihaken piwulang Damel dudutan piwulang saking tembang macapat Asmaradana ingkang saged kangge tuladha ing pagesangan.


A. Analisis Paugeran Tembang Macapat Asmaradana Gatra 1: po-ma-po-ma we-kas ma-mi Gatra 2: a-nak pu-tu a-ja le-na Gatra 3: a-ja ka-tung-kul u-rip-e Gatra 4: lan a-ja du-we ka-rem-an Gatra 5: ma-rang pe-pa-es do-nya Gatra 6: si-yang da-lu di-pun e-mut Gatra 7: yen u-rip mang-gih an-ta-ka Guru wilangan 8, guru lagu i Guru wilangan 8, guru lagu a Guru wilangan 8, guru lagu e Guru wilangan 8, guru lagu a Guru wilangan 7, guru lagu a Guru wilangan 8, guru lagu u Guru wilangan 8, guru lagu a


B. Negesi Tetembungan Cakepan Tembang Macapat Asmaradana Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar Bausastra Jawa ingkang awujud cithak utawi online. Bausastra cithak ingkang asring dipunginakaken angggitanipun Poerwadarminta, dene ingkang online saged mawi alamat https://www.sastra.org/leksikon utawi https://budiarto.id/bausastra/. Dene tegesing tetembungan saking tembang macapat Asmaradana kados ing ngandhap menika:


C. Parafrase/Gancaran Tembang Macapat Asmaradana Gancaran saking tembang macapat Asmaradana: Pitutur saking tiyang sepuh dhumateng putra wayahipun supados pagesangan menika boten lena saha katungkul, ampun namung nguyak gebyaring donya kemawon ngantos nglirwakaken kuwajibanipun minangka titah ing alam dunya punika. Punapa kemawon ingkang dipunpikantuk, kadosta jabatan, pedamelan, bandha menika boten bakal dibeta mati. Tiyang gesang menika kedah ngemut-emut, bilih samangke bakal nemahi pejah, satemah kedah nyawisaken sangu ing alam salajengipun ingkang arupi ibadah saha amal kesaenan Kedah ngugemi piweling tiyang sepuh amrih kabecikanipun kangge kita. Manungsa gesang minangka titah ingkang kedah ngibadah marang Gusti. Tiyang gesang ampun ngantos lena marang gebyaring donya. Tiyang gesang kedah dados tuladha ingkang sae dhateng sesaminipun Manungsa bakal nemahi pejah, pramila kedah nyawisaken sangu arupi amal ibadah. Piwulang saking tembang macapat inggih menika: D. Piwulang Tembang Macapat Asmaradana


DUDUTAN Tembang macapat minangka salah satunggaling karya sastra Jawi ingkang ngginakaken paugeran ingkang gumathok, ingkang awujud guru gatra, guru wilangan, saha guru gatra.Tembang macapat wonten 11 jinis, inggih menika: maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh saha pocung. Tembang macapat Asmaradana nggambaraken kahanan tiyang anem ingkang nandang asmara. Wonten ing salebeting cakepan menika ngewrat piwulang luhur kangge gesangipun manungsa. Supados saged mendhet piwulang saking sekar punika kedah saged negesi tetembungan ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting cakepan sekar. Sasampunipun dipunpadosi tegesipun saking tetembungan ingkang dipunginakaken, lajeng dipundamel gancaran supados langkung gampil anggenipun madosi piwulang wonten ing salebeting sekar punika Kedah ngugemi piweling tiyang sepuh amrih kabecikanipun kangge kita. Manungsa gesang minangka titah ingkang kedah ngibadah marang Gusti. Tiyang gesang ampun ngantos lena marang gebyaring donya. Tiyang gesang kedah dados tuladha ingkang sae dhateng sesaminipun Manungsa bakal nemahi pejah, pramila kedah nyawisaken sangu arupi amal ibadah. Piwulang saking tembang macapat inggih menika:


RELEVANSI Tembang macapat menika dipunuri-uri wonten ing masarakat awit ngewrat piwulang luhur ingkang saged dipuncakaken saha dipuntuladha dening masarakat. Piwulang tembang Asmaradana ngandharaken bilih manungsa kedah emut dhumateng Gustinipun, boten namung ketungkul anggenipun pados babagan kadonyanipun. Sedaya ingkang dipunpikantuk punika awit saking kersaning Gusti minangka amanat, titipan ingkang kedah dipuntindakaken. Saking andharan materi sekar macapat Asmaradana saha nafsiraken piwulang ing sekar,ingkang taksih relevankaliyan kawontenan jaman menika: 1. 2. KAPUSTAKAN WJS. Poerwadarminta, Baoesastra Djawa, Batavia. B. Wolters Uitgevers Maatschappij Groningen Kamus Bausastra Djawa. 1939 Damarjati, Triwik dan Sinar Indra Krisnawan. 2020. Wibawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga DIY. https://www.sastra.org/leksikon https://budiarto.id/bausastra/


Click to View FlipBook Version