The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by shofiafarida78, 2022-12-25 22:08:35

TEMBANG MACAPAT SINOM

TEMBANG MACAPAT SINOM

TE M BAN G
MACA PA T
S I N 0M

Shofia Farida, M.Pd

TEG ES:

Tembang : tetembungan ingkang rinonce
kadya dene kembang (Yudoyono,
1983:131).

JINISING TEMBANG

Wewaton buku Mbombong Manah anggitanipun R. Tedjohadisumarto, tembang jawa kaperang gangsal inggih
punika:
1.Sekar Ageng (Kakawin) : Kusumawicitra, Sudiradraka, Candrakusuma, Pamularsih, lsp
2. Sekar Tengahan (Kidung): Balabak, Wirangrong, Juru Demung, Kuswaraga.
3.Sekar Alit (Macapat) : Maskumambang, Mijil, lsp.
4. Lagu Dolanan : Lir-ilir, Jaranan, Gundhul-Gundhul Pacul, lsp.
5.Sekar Gendhing : Sekar Tanjung, Sekar Laras, lsp.

TEMBANG
MACAPAT

Tembang macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan
kawiwitan angsal pangaribawa saking Walisanga,
tuladhanipun ing naskah saking Bali utawi Jawa Timur
ingkang asesirah Kidung Ranggalawé ingkang kaserating
tahun 1334.
Karya sastra ingkang kaserat ngangge tembang macapat
tuladhanipun
-Serat Wedhatama / Mangkunegara IV
-Serat Wulangreh / Pakubuwana IV
-Serat Kalatidha / R.N. Ranggawarsita

TEMBANG TEGESIPUN INGGIH PUNIKA SAWIJINING TEMBANG
MACAPAT ANGGENIPUN MAOS, NYEKARAKEN UTAWI
NGLAGOKAKEN KAPEDHOT SEKAWAN-SEKAWAN.

SEKAR MACAPAT NGGAMBARAKEN CAKRA
MANGGILINGAN MANUNGSA SAKING LAIR NGANTOS
SEDA.

PAUGERAN TEMBANG
MACAPAT

01 02 03 04

Guru watak Guru Gatra Guru Lagu Guru
Guru Gatra Guru lagu Wilangan
Guru watak yaiku sifat saka yaiku yaiku Guru
tembang macapat. Macapat Tibaning wilangan
duwe teges ora bisa sekarepe cacahing larik swara saben yaiku
dewe anggone mratandhani saben sapada. pungkasane cacahing
panganggone pupuhing gatra. wanda saben
tembang. Watak macapat siji sagatra.
lan liyane ora padha,amarga
saben tembangduwe titikane
dhewe-dhewe.



1.Pada (pupuh): cacahing tembang

macapat saben salagu, saking

wiwitandumugi pungkasan.

2.Laras: rasa thingthingane swara

cendhak nganti swara dhuwur, ana

loro yaiku laras slendro ( 1 2 3 4 5 6 )

TEMBANG
lan laras pelog (1 2 3 4 5 6 7 ). MACAPAT

3.Pathet : cendhak dhuwure

swara kanggo nglagokaketembang.

4.Cengkok : luk-luking swara nalika

nembang.

5.Srambahan : antarane pathet-

pathet kang ana urutan titi laras sing

wis gumathok

SRAMBAHAN

Cacahing 1. MASKUMAMBANG
tembang 2. MIJIL
macapat 3. SINOM

4. KINANTHI
5. ASMARADANA

6. GAMBUH
7. DHANDHANGGULA

8. DURMA
9. PANGKUR
10. MEGATRUH
11. POCUNG

1.MASKUMAMBANG, bayi kang dereng ketara jaler menapa estri,
taksih kambang- kambang ing kandhutan.
2. MIJIL, bayi kang nembe lair.
3.SINOM, lare ingkangdados remaja.
4.KINANTHI, dilatih mlampah.
5.ASMARADANA, lare mudha ingkang nandhangasmara.
6.GAMBUH, asmara ingkang nyawiji lan mbangunkaluwarga.
7.DHANDHANGGULA, asmaraingkang endah, manis,lan
nyengsemaken, sedayagegayuhan kasembadan.
8.DURMA, penggalihcondhong dhateng akhirat.
9.PANGKUR, yuswa sampun sepuh lan ngungkuraken kadonyan.
10.MEGATRUH, tiyangseda punika pegat (pedhot) ruhipun.
11.POCUNG, layon dipunbuntel dados pocong.

Serat wedhatama punika salah SERAT WEDHATAMA
satunggaling seratan anggitanipun
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya

(KGPAA) Sri Mangkunegara IV, Raja ing
Kraton Mangkunegaran Surakarta
taun1853-1881.
Serat wedhatama ngandhut piwucal
luhur kangge mbangun budi pekerti
lan tumindak utama para mudha
Wedhatama asalipun sakingtembung
sansekerta
'‘Wedha'‘: ilmu pangertosan,
pathokan,pakem
''Tama'‘ : becik, sae, utama, putra.
Wedhatama:Ilmu pangertosan
ingkang utama ingkang dados
pathokanutawi pedoman kangge putra
lan putri.

ISINE SERAT
WEDHATAMA

SERAT WEDHATAMA PUNIKA AWUJUD TEMBANG
INGKANG KADHAPUK SAKING 100 PADA TEMBANG
MACAPAT, INGKANG KABAGI ING GANGSAL
TEMBANG, INGGIH PUNIKA:
1. PANGKUR (14 PUPUH,1 – 14)
2. SINOM (18 PUPUH, 15 -32)
3. PUCUNG (15 PUPUH, 33 – 47)
4. GAMBUH (35 PUPUH, 48-82)
5. KINANTHI (18 PUPUH, 83-100)
ISI SERAT WÉDHATAMA INGGIH PUNIKA
FALSAFAH PAGESANGAN, KADOS DENE
TENGGANG RASA, TEPA SALIRA, KADOS PUNDI
DADOS JANMA INGKANG SAMPURNA,
NGLAMPAHAKEN AGAMI KANTHI BIJAK, LAN
DADOS TIYANG INGKANG GADHAH WATAK
KSATRIA.

SINOM (18 PADA)

PUPUH SINOM ISINIPUN
BABAGANGANJARAN SAKING TUMINDAK
INGKANG NGATOS-ATOS.
TULADHANIPUN : NATA MATARAM SENOPATI
INGKANG GADHAH GELAR TIYANG AGUNG
ING NGEKSIGONDO, TEGESIPUN SALAH
SATUNGGALING PEMIMPIN TELADAN, SUMEH
LAN TRESNA MARANGKAWULANIPUNLAN
ASRING NGLAKONIPASA, ANANGING ORA
NEBIHI MARANGKAWULANE.



MATUR
NUWUN


Click to View FlipBook Version