BAHAN AJAR SESORAH BASA JAWI https://images.app.goo.gl/sasML9z9FAGcngyU9 KANGGE KELAS XI SEMESTER GASAL Dening: Mas Amri Ardhana, S.Pd MAHASISWA PPG DALJAB ANGAKATAN 2 UNY 2023
BAHAN AJAR SEKOLAH Miturut Jatirahayu, (2010: 55) “Sesorah ing basa Indonesia diarani pidato, yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani medharsabda, medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan”. Sesorah utawa tanggap wacana inggih menika ngandharaken gagasan utawi penggalih kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged nuwuhaken sae lan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembe kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saestu. Miturut ancasipun sesorah saged kagolongaken : 1. Wursitawara, ular-ular, wasita wara, tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun. 2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan menika kangge mastani ingkang sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah. 3. Atur pambagyaharja, tetembungan kangge mastani sesorang ingknag ancas lan isinipun nampi rawuhipun para tamu. 4. Tanggap wacana, tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun nanggapi aturing pambagyaharja. 5. Atur pawarta, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp. 6. Atur panglipur, umpaminipun ing adicara sripah, atur saking pambela sungkawa, sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembe nampi musibah bebendu alam, lsp. Miturut Winarti, (2010: 1) wonten pinten-pinten ancas sesorah : 1. Paring pawarta/informasi inggih menika paring kawruh utawi pangertosan babagan sambubarang. 2. Ngajak yaitu mbudidaya nyajinaken lan ngajak para pamiarsa nindakaken samubarang. TEGESIPUN SESORAH ANCASIPUN SESORAH
3. Panglipur inggih menika ancasipun kangge paring lelipur dhateng tiyang sanes ingkang mirengaken. 4. Ndhidhik inggih menika arupi mbudidaya kangge ngindakaken pangertosan tiyang sanes gayut kaliyan pendhidhikan. Cengkorongan/ kerangka sesorah : 1. Salam pambuka. 2. Purwaka ( pambuka ) a. Atur pakurmatan b. Atur puji syujur c. Atur panuwun 3. Isi ( surasa ) 4. Dudutan / wigati / ringkesan 5. Pangarep-arep 6. Panutup ( wusana ) 7. Salam panutup Miturut Winarti, (2010: 9) Tata caraning ( metode ) sesorah saged katindakaken kanthi maneka warna, ing antawisipun : 1. Kanthi maos naskah. Sesorah ingkang kanthi maos naskah punika gadhah kekrinagan utawi cacad, inggih punika badhe ketingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah naming tansah ningali dhateng naskah ingkang kawaos. 2. Kanthi cara apalan Cara punika asring katindakaken dening tiyang ingkang nembe sinau/gladhen sesorah, inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng dipunapalaken. PERANGANIPUN SESORAH METODE SESORAH
3. Kanthi cara impromptu Cara punika asring katindakaken dening tiyang ingkakng sampun kulina sesorah lan sampun prigel anggenipun sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi ingkang badhe kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi sae. 4. Kanthi cara ekstemporan Cara punika tiyang ingkang badhe sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhe dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng dipunrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak. Miturut Jatirahayu, (2010: 56), sanguinng sesorah ingkang kedah dipungatosaken: 1. Wicara/basa. Basa kedah dipunoilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta suwasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang saged utawi gampil dipuntampi tiyang sanes. Prayoginipun ngginakaken basa ingkang prasaja. Wicara utawai ucapanipun kedah cetha. Umpaminipun anggenipun ngucap a, i, u, e, o, tuwin saged mbedakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da la dha. 2. Wirasa. Wirasa tegesipun saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saestu punapa ingkang dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. 3. Wirama. Wirama tegesipun saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun, alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasinipun swanten. 4. Wiraga Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ebahing sarira kaliyan punapa ingkang nembe diwedharaken. Nalika sesorah pratoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku. SANGUNING SESORAH
5. Busana. Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara ingkang nembe lumampah. Wonten pamanggih sanes igkang mratelakaken babagan sanguning tiyang ingkang badhe sesorah. Tumraping tiyang ingkang badhe sesorah prayogi menawi nindakaken ingkang kawastana SAPTAMA, inggih punika: 1. Magatra Nggladhi dhateng bleger, wewujudan, anggenipun ngadi busana la ngadi sarira trep, pantes lan jangkep. 2. Malaksana. Nggladhi cara-caranipun anggenipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha tinata runtut, luwe, mrabawa, boten ingah-ingih. 3. Mawastha. Nggaldhi anggenipun jumeneng. Anggenipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong mangiwa punapa manengen. Antawisipun suku kanan lan kering boten pareng keciyuten utawi kewiyaren. 4. Maraga. Anteng, boten gumeter. Ebah ewahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining sesorah. 5. Malagawa. Trampil lan treng ginas. Boten ngleler ugi boten kesesa. 6. Matanggap.. Tanggap dhateng sadaya swasana. 7. Mawwat. Tatag tangguh tanggon tanggung jawab prapteng ngendhon. Tanggal jawab dhateng sadaya ingkang sampun kangendikakaken. Tiyang ingkag badhe sesorah prayogi sanget menawi ngginakaken cecepengan ingkag kacekak TOP, inggih punika :
Ingkang kedah dipunsingkiri sampun ngantos gadhah raos : 1. Rikuh , isinan, menawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot pawadan boten gadhah klambi, dedeging kirang pas, malah nawakaken tiyang sanes. 2. Keguh, gampil kenging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedherekipun, wonten pangingilipun, ajrih menawi dipungegujeng, lsp. 3. Jiguh, tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang ingkang boten siyaga ing gati, mlampah mrika-mriki ngantos umpetan. 1. Tuladha Sesorah ing Adicara Perpisahan Kelas XII Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh Nuwun bapa utawi ibu kepala sekolah ingkang kula hurmati, undangan bapak utawi ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan. Jalan ada dikelas turunnya rencang ingkang kula tresnani kulo banggaaken. Monggo kito panjataken dalemipun gusti allah ingkang maha agung. Awit ing wekdal menika kita taksih diparingi pinaringan sehat sahinggo ing dalem punika kita saged makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat. Kula minangka wakil saking kelas 6 agungin panuwun tanpa umpami kagem bapak lan ibu guru sedaya. Ahmad jaya katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan konco-konco saengga kula lan konco-konco saged ngrampungaken kewajiban wonten ing pawitan menika. T – Titen Saben wonten adicara/ upacara, purun nggatosaken. Boten remen tampikan, lajenhg purun mbiji punika sae lan botenipun. O – Open Menawi ningali sesorah lajeng dipun cathet, menawi manggihaken tembung-tembung ingkang karaosaken menjila. P – Panen Dipuntata dados ukara lan cecawis ingkang prasaja nanging tetep murakabi. TULADHA SESORAH
Kula kaliyan konco-konco naming saged memuji, supados sedaya amal lan kesaenan bapak lan ibu guru pikantuk pinwales saking gusti allah ingkang maha kuasa. Saha tansah pinaringan kasarasan kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya. Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten. Dalam menikah pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya. Dumateng bapak utawi ibu guru serta adi-adi sedaya, sapisan malih kula ndedonga kagem gusti ingkang boten aringan rahmat saha barokahing gusti allah. Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten. Wassamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. https://berita.99.co/pidato-bahasa-jawa/ 2. Tuladha Sesorah ing Pengetan Dinten Pendidikan Nasional Assalamu alaikum warahmatullahi wabarokatuh Para bapak ibu serta secara sedaya ingkang kinormatan. Ten dalem dinten ingkang dan iki monggo kita sareng-sareng ngaturaken raos syukur dhumateng gusti ingkang maha agung. Maringi nikmat lan rahmat sahinggo ing wekdal punika kita sedaya saget kempal ten meriki panggenan kaperlu ngengeti pendidikan nasional. Sanget perlu kito sedoyo sumerapi pemerintah kita bangsa indonesia dan dalam kitabipun undang-undang dasar 1945 sampun wonten program pajak belajar kagem sedoyo wargo milahi umur pitung tahun. Uga meniko kito sumerap ing dalem agami kita islam ingkang sampun lami ngantos pinten pinten 4 meniko.
Wekdal nabi tasih gesang nempel wonten program utawi perintah wajib belajar kagem umatipun. Perkara niku dipa sepatu sedaya umat beliau saged dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan di sepatu mobilio ingkang apa kang sedya. Boten dados umat ingkang bodoh. Menika uga kado pengendakane nabi dalam riwayat ibnu abdil barr. Golek ilmu iku senajan ing negeri cina. Samen terne golek ilmu menika lampu di wajibno ingatasi saben-saben umat islam. Lan sak meter malaikat bakal merendah sayap kagem para umat ingkang golek ilmu sebab arti marang penggawean iku. Poro hadirin ingkang kinurmatan. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika, monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu. Nopo niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat. Cukup sementen ingkang saged kula aturaken, bokbilih wonten kalepatan kula nyuwun agungeng pangapura. Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu. https://berita.99.co/pidato-bahasa-jawa/ https://youtu.be/aICaD-K0yQ8?si=u6A0r5Py7y7XlY7X
KAPUSTAKAN Jatirahayu, W., Sugiharjo, Marsono. 2010. Kaloka Basa. Surakarta: Bios Offset. Winarti, Sri. 2010. Pendamping Materi Sembada. Klaten: Kurnia Jaya Mandiri https://berita.99.co/pidato-bahasa-jawa/ https://youtu.be/aICaD-K0yQ8?si=u6A0r5Py7y7XlY7X