BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
KELAS VIII / SEMESTER GASAL
SMP NEGERI 3 BULUKERTO
Dwi Rahayu Retno Wulan, S.Pd.
Ayo sinau unggah-ungguh!!!
Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar:
4.4. Menyampaikan pesan secara lisan.
Indikator Pencapaian Kompetensi:
Mengintegrasikan penggunaan ragam basa (ngoko lugu, ngoko alus,
krama, krama alus). (P4)
Melakukan praktik menyampaikan teks pesan (atur-atur/ijeman). (P5)
Tujuan Pembelajaran
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning,
setelah menyimak flipbook, lagu, dan permainan ular
tangga berbantuan wordwall, peserta didik mampu
mengintegrasikan penggunaan ragam basa (ngoko lugu,
ngoko alus, krama, krama alus) dengan berpikir kritis dan
mampu melakukan praktik menyampaikan pesan (atur-
atur/ijeman) dengan santun dan percaya diri.
Materi Faktual
Basa Jawa duweni unggah-ungguh utawa tingkat tutur
minangka ciri khas kang bedakake basa Jawa karo basa
dhaerah liyane. Unggah-ungguh basa Jawa minangka
kaidah kang ana ing masyarakat Jawa sajroning micara
utawa solah bawa kanthi nggatekake sapa kang micara
lan sapa kang diajak micara, sarta ningali
kahanan/situwasi kanthi ancas njaga sopan santun
kanggo padha-padha ngurmati lan ngajeni wong liya.
Wujud Unggah-Ungguh
TATA KRAMA
ADAT SOPAN SANTUN TATA SUSILA
MATERI KONSEPTUAL
Apa wae jinising ragam basa iku?
RAGAM NGOKO LUGU
Ngoko lugu yaiku unggah-ungguh basa
Jawa sing tetembungane awujud
ngoko lan netral (leksikon ngoko lan
netral) tanpa ana campuran krama,
krama inggil.
RAGAM NGOKO ALUS
Basa kang migunakake campuran
antarane basa ngoko lan krama alus.
Awalan (ater-ater) lan akhiran
(panambang) migunakake ragam basa
ngoko.
RAGAM KRAMA
Basa kang migunakake basa krama kabeh
ananging ora kacampur karo krama
alus/krama inggil. Krama lugu duweni kadar
kehalusan paling endhek, nanging luwih alus
tinimbang ngoko alus. Awalan (ater-ater) lan
akhiran (panambang) migunakake ragam basa
krama.
RAGAM KRAMA ALUS
Basa kang paling apik kanggo ngurmati.
Migunakake ragam basa krama lan krama
inggil. Krama alus kanggo dhuwurake utawa
ngurmati wong kang diajak micara. Awalan
(ater-ater) lan akhiran (panambang)
migunakake ragam basa krama.
MATERI
PROSEDURAL
Banjur kepiye panganggone ragam basa iku?
NGOKO LUGU
Wong tuwa marang anak.
Guru marang siswa.
Kanca karo kanca kang wis akrab.
Pejabat marang andhahane.
Micara sajroning ati.
NGOKO LUGU
Tuladha ukara:
Aku lagi maca bausastra.
Wahyu sinau basa Jawa.
Adhiku lagi mangan bakso.
NGOKO ALUS
Wong tuwa marang wong kang luwih muda
kang perlu dihormati.
Wong muda marang wong kang luwih tuwa.
Ngurmati wong kang diomongke (orang ketiga).
NGOKO ALUS
Tuladha ukara:
Mas Hendi lagi sare.
Daleme Pak Camat adoh banget.
Bukune diasta Mbak Rara.
KRAMA
Basakke awake dhewe.
Wong tuwa marang wong muda kang pangkate
luwih dhuwur.
Wong kang nembe kenal.
Andhahan marang pimpinane.
KRAMA
Tuladha ukara:
Bu Mawar nembe sakit.
Pak Warno sampun tilem.
Pak Indra nembe nedha.
KRAMA ALUS
Kanggo ngurmati wong liya.
Wong muda marang wong kang luwih tuwa.
Andhahan marang pimpinane.
Murid marang gurune.
Rewang marang juragane.
Kanca kang durung akrab.
KRAMA ALUS
Tuladha ukara:
Simbah nembe gerah.
Budhe Indah sampun sare.
Ibu nembe dhahar.
Daftar Pustaka
Said, Dewi Pangestu. 2022. Modul 1:
Paramasastra. Jakarta: Kementerian
Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi.
Sasangka, Sry Satriya Catur. 2013.
Paramasastra Gagrak Anyar Basa Jawa.
Jakarta: Paramalingua.
Maturnuwun :)