The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tiaratiari, 2022-08-19 05:41:10

BAHAN AJAR PRANATACARA

BAHAN AJAR PRANATACARA

BAHAN AJAR

PRANATACARA




BAHASA JAWA
KELAS XI /SEMESTER 1
TAHUN PELAJARAN 2022/2023

BAHAN AJAR
PRANATACARA

A. Identitas :

Kelas : Kelas XI/Gasal

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Materi : Pranatacara

B. Kompetensi Dasar
3.2 Memahami pranatacara dari berbagai media
4.2 Praktik pranatacara

C. Indikator
3.2.1 Memahami pengertian, tujuan dan isi teks pranatacara (C1)
3.2.2 Menganalisis struktur pembangun pada teks pranatacara (C4)
3.2.3 Mengkritisi bahasa yang terdapat pada video pranatacara (C4)
4.2.1 Menyusun kerangka teks pranatacara acara ulang tahun sekolah (C6)

D. Ancasipun Pasinaonan
Melalui model pembelajaran problem based learning dengan pendekatan TPACK
selama dan setelah proses pembelajaran, peserta didik dapat
a. Memahami pengertian, tujuan, dan isi teks pranatacara dengan tepat.
b. Menganalisis struktur pembangun pada teks pranatacara dengan penuh tanggung
jawab.
c. Mengkritisi bahasa yang terdapat pada video pranatacara dengan cermat dan
kritis.
d. Menyusun kerangka teks pranatacara acara sumpah pemuda dengan kreatif dan
inovatif

E. Dimensi Pengetahuan

Faktual : Contoh video pembacaan teks pranatacara di berbagai media.

Konseptual : Pengertian pranatacara, unsur-unsur pembangun teks pranatacara

Prosedural : Langkah-langkah dalam menyusun kerangka teks pranatacara.

Metakognitif : Menyusun kerangka teks pranatacara menggunakan unsur-unsur

pembangun sesuai konteks.

Peta Konsep
Tegesipun Cengkorongan

Pranatacara

Jinisipun

Sipat-
Sipat-sipatipun

sipatipun
miturut isi lan

miturut ancas
basa

Pitedah Pasinaon

Kagiyatan pasinaonan wonten bahan ajar menika dipunsusun kanthi
runtut. Pramila, saderengipun mlebet ing materi pasinaon, langkung
sae para siswa mangertosi pandom pasinaon supados langkung
gampil anggenipun sinau. Ing ngandhap menika bab-bab ingkang
kedah dipungatosaken para siswa:
1. Para siswa maos pandom pasinaon ing materi menika, ingkang
arupi kompetensi dasar, indikator pencapaian kompetensi lan ancas
pasinaon.
2. Pahami penjelasan wonten saben kagiyatan sinau.
3. Dipungarap kanthi tliti lan saestu ing saben gladhen, menawi
anggenipun sinau wonten ingkang dereng dipunmangertosi, saged
nyuwun pirsa dhateng guru.
4. Dipunpraktikaken pasinaon ingkang sampun dipunwulangaken
guru.
5. Sinau malih andharan saking guru utaminipun babagan materi
ingkang dereng dipunmangertosi.

Fase 1. Orientasi Masalah

Materi Faktual

Para siswa, dinten menika badhe sinau babagan pranatacara. Sinten
ingkang mangertosi tegesipun pranatacara menika? Menapa kemawon
jinisipun lan sipat-sipatipun saking pranatacara menika? Kados pundi
cengkorongan saking pranatacara menika?
Sumangga para siswa saged maos materi lan nyimak video pranatacara
wonten ngandhap menika!

link video youtube saged dipunakses wonten
https://www.youtube.com/watch?v=YhF3kPHHNHE

Fase 2 : Mengorganisasi Peserta Didik

Materi : Konseptual
Para siswa, sumangga maos materi pranatacara menika.

Pranatacara

Materi

1.Tegesipun Pranatacara 1.Mangertosi bab pranatacara
2.Jinisipun Pranatacara 2.Nyerat cengkorongan teks
3.Ancasipun Pranatacara
4.Pranatacara miturut isi lan pranatacara bab syawalan

basa
5.Cengkorongan Pranatacara

A. Pangertosan Pranatacara

Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih
menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah
sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten
sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi
paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang Pranatacara,
ananging beda jejibahan.

B. Jinisipun Pranatacara

1.Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato
langkung rumiyin lajeng dipun-apalaken tembung-tembungipun
ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados, ayahanipun
boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba
dening teks (cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten
ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe sanesipun. Pramila cara
menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe
gladhen utawi ajar.
2. Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar
sabda saestu mbekta naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun,
boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika gadhah ancas
supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha
wekdalipun winates.
3. Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu

Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten
kanyana-nyana saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe
dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining acara mila
lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang
kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda.
Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil ing
pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.

4. Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda

ngasta cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning
ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos
utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing
salajengipun salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi
pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi
keperluan.

C. Sipat-sipating Pranatacara miturut ancasipun.
1.Pranatacara pambagyaharja
2.Pranatacara mamitaken jenazah
3.Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4.Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan

pangibadahan, tetenger, lsp.)
5.Pranatacara pamedhar sabda
6.Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi

koperasi, lsp.)

D. Sipat-sipating Pranatacara miturut isi lan basa

1.Pranatacara ringkes lan prasaja
2.Pranatacara rowa lan rinengga
3.Pranatacara populer
4.Pranatacara ilmiah
5.Pranatacara mligi/umum

E. Cengkorongan Pranatacara
1.Salam pambuka
2.Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
3.Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4.Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining

Pranatacara)
5.Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan

karsa)
6.Panutuping atur/ salam

http://materipranatacara.blogspot.com/2015/10/pranatacara-a.html
Dwijonagoro, S., & Suparno, S. (2019). Pranatacara Learning: Modeling, Mind Mapping, E-

learning, Or Hybrid Learning?. Jurnal Cakrawala Pendidikan, 38(1), 156-173.

Materi : Prosedural

Caranipun ndamel cengkorongan teks pranatacara inggih menika :
1.Nemtoaken tema acara ingkang badhe dipunlumantaraken.
2.Nemtoaken isi lan basa ingkang badhe dipunginakaken
3.Ngucap salam pambuka
4.Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah
5.Ngaturaken kasugengan
6.Wedharing gati
7.Atur nyuwun pangapunten
8.Panutuping atur/salam

Materi : Metakognitif

Kagiyatan 1

Sumangga para siswa kanthi kelompok, dhiskusi babagan pangertosan,
jinisipun lan sipat-sipating pranatacara kanthi basa piyambak wonten
LKPD menika

Kagiyatan 2

Caranipun ndamel cengkorongan teks pranatacara inggih menika:
1.Para siswa dipundawuhi nyimak video youtube
https://www.youtube.com/watch?v=YhF3kPHHNHE kangge madosi
cengkorongan teks pranatacara
2.Para siswa kasuwun damel cengkorongan teks pranatacara
adhedasar tema saking link wordwall.net
3.Cengkorongan teks pranatacara saged kaserat wonten LKPD

LKPD

Wordwall.net

Fase 5 : Menganalisis dan Mengevaluasi

Pemecahan Masalah

Sumangga para siswa saged nyerat menapa kemawon ingkang

sampun dimangertosi wonten ing piwulangan dinten menika

Rubrik Evaluasi Diri

Samenika para siswa kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan
siswa piyambak kanthi tandha centhang (√)

NO Pitakenan Sampun Dereng

1. Punapa siswa sampun mangertosi



tegesipun pranatacara?





Punapa siswa sampun mangertosi

2. sipat-sipating lan jinising


pranatacara?

3. Para siswa sampun saged damel

cengkorongan teks pranatacara?

KAPUSTAKAN

Abdul, Slamet. 2017. WIBAWA. Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga

DIY. Yogyakarta.
Dwijonagoro, S., & Suparno, S. (2019). Pranatacara Learning: Modeling,

Mind Mapping, E-learning, Or Hybrid Learning?. Jurnal Cakrawala

Pendidikan, 38(1), 156-173.

Kuntari, Umi. 2010. Tuntunan Lengkap Pranatacara. Sleman:

Penerbit Pinus.
http://materipranatacara.blogspot.com/2015/10/pranatacara-a.html

https://vinaretna.wordpress.com/2018/11/05/pranata-adicara-

pranatacara-mc-kelas-xi-semester-1/
https://anyflip.com/stjwo/aifu/basic
https://www.youtube.com/watch?v=BZc2OHtVgDM

Budaya yang beragam akan menjadikan negara
ini menjadi lebih indah dimata dunia
@reallygreatsite
reallygreatsite.com


Click to View FlipBook Version