BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH
BAHASA JAWA KELAS X / SEMESTER GASAL
TIARA MIRZETTA A
BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH
A. Identitas : X/ Gasal
Kelas : Bahasa Jawa
Mata Pelajaran : Unggah-Ungguh
Materi
B. Kompetensi Dasar
3.2 Memahami simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat
dengan unggah-ungguh yang tepat.
4.2 Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga, sekolah, dan masyarakat dengan
unggah-ungguh yang tepat.
C. Indikator
3.2.1 Mendeskripsikan penerapan unggah-ungguh bahasa Jawa yang sesuai dengan
konteks (C2)
3.2.2 Mengklasifikasi unggah-ungguh dalam bahasa Jawa (C4)
3.2.3 Menelaah undha usuk basa yang digunakan dalam sandiwara berbahasa
Jawa dari berbagai media (C6)
4.2.1 Membuat teks sandiwara berbahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh (P5)
4.2.2 Mendemonstrasikan dialog berbahasa Jawa dalam keluarga atau masyarakat
sesuai dengan unggah-ungguh (P5)
D. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui model pembelajaran problem based learning, peserta didik selama dan
setelah proses pembelajaran, dapat menunjukkan perilaku tanggung jawab dan
proaktif dalam mendeskripsikan penerapan unggah-ungguh bahasa Jawa yang sesuai
dengan konteks. (C2)
2. Melalui model pembelajaran problem based learning, peserta didik selama dan
setelah proses pembelajaran, dapat mengklasifikasi unggah-ungguh dalam bahasa
Jawa dengan cermat dan kritis. (C4)
3. Melalui model pembelajaran problem based learning, peserta didik selama dan setelah
proses pembelajaran, dapat menelaah undha-usuk basa yang digunakan dalam sandiwara
berbahasa Jawa dari berbagai media dengan cermat dan kritis. (C6)
4. Melalui model pembelajaran problem based learning, peserta didik juga dapat Membuat
teks sandiwara berbahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dengan kreatif. (P5)
5. Melalui model pembelajaran problem based learning, peserta didik juga dapat menunjukkan
praktik simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga atau masyarakat sesuai dengan unggah-
ungguh dengan penuh tanggung jawab dan percaya diri. (P5)
E. Dimensi Pengetahuan
Faktual : Pengertian dan pengunaan unggah-ungguh dan penerapan tata krama pada
generasi jaman sekarang.
Konseptual : Hakikat unggah-ungguh bahasa Jawa.
Prosedural : Langkah-langkah dalam menyusun teks dialog berbahasa Jawa dengan
menerapkan unggah-ungguh bahasa Jawa sesuai dengan konteks.
Metakognitif : Keterkaitan nilai unggah-ungguh dalam kehidupan sehari-hari saat ini;
menyusun naskah teks dialog menggunakan unggah-ungguh yang sesuai konteks
Pitedah Pasinaon
1.Kawaosa kanthi premati materi unggah-ungguh ing bahan ajar
menika.
2.Kadamela ringkesan materi/gladhen ing LKPD saking andharan
materi unggah-ungguh menika.
3.Para siswa nindhakaken dhawuh guru gegayutanipun kaliyan
tugas.
FASE 1
ORIENTASI PADA PESERTA DIDIK
Materi Faktual
Para siswa, ing pepanggihan menika badhe karembag pasinaonan bab Unggah-Ungguh Basa.
Sinten ingkang mangertos, menapa ingkang dipunwastani unggah-ungguh basa lan undha-usuk
basa? Unggah-ungguh basa menika wigati sanget ing gesang padintenan, pramila mangga
sareng-sareng dipunsinau. Cobi samenika tuladha film pendek ingkang ngandhut unggah-ungguh
dipunsemak sesarengan ing link
https://www.youtube.com/watch?v=E717D4WLifY
FASE 2
MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK
Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan bab unggah-ungguh menika
Pangertosan Unggah-Ungguh
Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama.
Unggah-ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar
anggenipun ngginakaken).
Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun kedah
nggatosaken:
1.Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadin
ipun ingkang gineman)
2.Sinten ingkang dipunajak gineman.
3.Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
4.Wekdalipun rikala gineman
5.Papanipun rikala gineman
6.Swasana rikala gineman.
Kejawi bab menika, para siswa saged ningali video youtube babagan unggah-ungguh
https://www.youtube.com/watch?v=KDJCOZdm8HI
FASE 3
MEMBIMBING PENYELIDIKAN
INDIVIDU MAUPUN KELOMPOK
Materi Prosedural
Para siswa sasampunipun mangertosi bab pangertosan unggah-ungguh, sumangga dipunsinau
kanthi kelompok materi ing ngandhap punika ingkang badhe ngandharaken bab cak-cakaning
unggah-ungguh.
Wondene caranipun prayogi saged nglenggahaken dhiri pribadi, lembah-manah, andhap-asor, saha
pinter ngurmati tiyang sanes. Tumrap unggah-ungguh basa, prakawis ingkang kalebet wigatos
inggih menika cak-tumindakipun ngurmati tiyang sanes, amargi kanthi tansah mulat sawatawis
pepenget inggih antawisipun :
Faktor umur
Faktor peprenahan
Faktor drajat pangkat
Faktor drajat semat
Faktor trah
FASE 4
MENGEMBANGKAN &
MENYAJIKAN HASIL KARYA
Materi Metakognitif
Kawaosna tuladha teks pacelathon ing ngandhap iki kanthi premati!
A. Tuladha teks pacelathon 1
B. Tuladha teks pacelathon 2
A. Analisis ragam basa lan undha-usuk basa ing teks pacelathon
Sasampunipun para siswa maos tuladha teks pacelathon wonten nginggil,
sumangga saged pirembagan wonten ing kelompok babagan ragam basa lan
undha-usuk basa menapa kemawon ingkang dipunangge dening paraganipun.
Pirembagan menika lajeng dipunserat wonten LKPD Gladhen 1
B. Damel teks pacelathon kanthi cak-cakaning undha-usuk ingkang trep
Para siswa kaliyan kelompok-ipun damel teks pacelathon kanthi ngecakaken
unggah-ungguh ingkang trep. Ing saben kelompok sedaya siswa dados paraga
ing teks pacelathon ingkang dipundamel.
C. Presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk ingkang trep
Kelompok ingkang sampun damel teks pacelathon kedah majeng kangge
presentasi teks pacelathon kanthi undha-usuk ingkang trep, para siswa saged
ngangge properti kangge presentasi menika.
FASE 5
MENGANALISIS &
MENGEVALUASI PEMECAHAN
MASALAH
Para siswa sasampunipun nganalisis ragam basa, cak-cakanipun ingkang
leres, damel pacelathon, saha simulasi pramila sumangga dipunalisis saha
dipunevaluasi proses anggenipun mangihaken sedaya unsur kalawau!
Saking teks pacelathon 1 kaliyan 2 menika saged dipunalisis saha dipunevaluasi:
1.Ragam basa ingkang dipunginakaken inggih menika ngoko lugu (pacelathon
1), krama inggil (pacelathon 2). Para siswa kedah tliti anggenipun maos
ukaranipun sadereng nemtoaken ragam basa saha undha-usuk ingkang
dipunginakaken.
2. Damel teks pacelathon menawi saged mendhet tema bab ing padintenan
ingkang asring dipunpranggui dening siswa, kedah dipungatosaken basa
nalika micara
DUDUTAN
Unggah-ungguh inggih punika tata pranataning basa miturut lenggahing tata krama
Wosing gati sinau unggah-ungguh inggih meinika saged ngecakaken solah basa saha
undha-usuk kanthi trep.
Unggah-ungguh basa menika wonten kalih, inggih menika undha-usuk lan solah bawa.
Undha-usuk basa inggih menika basa ngoko lan basa krama ingkang ngetrepi
wewaton utawi paugeraning undha-usuk basa. Tuladhanipun undha-usuk basa
ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan-pawiyatan, lsp.
Solah bawa inggih menika tindak tandhuk, trapsila nalika wonten ing pasrawungan.
KAPUSTAKAN
a. Wibawa , Bahan ajar Bahasa Jawa SMA/SMK/MA DIY halaman 21.
b. Rinaldi, I. M. (2020). Peningkatan kemampuan menulis dialog sederhana sesuai unggah-ungguh Bahasa Jawa dengan
menggunakan metode role playing. Jurnal Review Pendidikan Dasar: Jurnal Kajian Pendidikan dan Hasil Penelitian, 6(2), 98-
105.
c. Pratiwi, N. A. (2018). Kesantunan Berbahasa pada Dialog dalam Cerkak Panjebar Semangat dan Relevansinya dengan
Materi Ajar Unggah-Ungguh Bahasa Jawa di SMA.
d. https://www.youtube.com/watch?v=JxzgfDujAF4