BAHASA JAWA
LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK(LKPD)
PRANATACARA
KELAS XI/SEMESTER 1
NAMA :
KELAS :
KELOMPOK :
LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD)
SMK N 1 PANJATAN
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari dan Tanggal Pelaksanaan :
Materi Pokok : Pranatacara
……………………………………..
Kelompok : ……
Nama Kelompok :
1. …………….
2. …………….
3. …………….
4. …………….
Pitedah Pasinaonan:
Pasinaonan ingkang kedah dipungatosaken!
1. Ndamel kelompok kangge rembagan/dhiskusi, saben kelompok cacahipun 4 siswa.
2. Maos materi pranatacara
• Link materi pranatacara https://anyflip.com/tkmem/zeff/
3. Sumangga saged pirembagan lajeng dipunserat gladhen wonten LKPD menika.
4. Menawi wonten materi ingkang dereng dipunmangertosi, saged nyuwun pirsa dhateng guru.
5. Sasampunipun mangsuli pitakenan, lkpd menika saged dipunaturaken dhumateng guru.
A. Identifikasi Masalah
Materi Faktual
Para siswa, dinten menika badhe sinau babagan pranatacara. Sinten ingkang mangertosi
tegesipun pranatacara menika? Menapa kemawon jinisipun lan sipat-sipatipun saking
pranatacara menika? Kados pundi cengkorongan saking pranatacara menika? Sumangga
para siswa saged maos materi lan nyimak video pranatacara wonten ngandhap menika!
Link : https://www.youtube.com/watch?v=Raf23WL5LBY
B. Mengorganisasikan peserta didik
Materi Konseptual
Para siswa sumangga dipunsinauni sesarengan materi ing ngandhap punika.
a. Pangertosan Pranatacara
Pranatacara utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan,
pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten
sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet
ewoning tiyang Pranatacara, ananging beda jejibahan.
b. Jinisipun Pranatacara
• Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin lajeng dipun-
apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan teks kala wau. Dados,
ayahanipun boten mawi pamanggih-pamanggih enggal amargi sampun kapurba dening teks
(cathetan). Adhakanipun, menawi apalanipun wonten ingkang supe, lajeng saged ndadosaken supe
sanesipun. Pramila cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen
utawi ajar.
• Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta naskah
pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Pranatacara kanthi cara menika
gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu saha wekdalipun
winates.
• Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana saderengipun.
Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi dadakan ing sawijining
acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah
ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda. Sangunipun cara Pranatacara dadakan
menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.
• Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit minangka
gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken. Cathetan wau
namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-aturaken. Ing salajengipun
salebeting Pranatacara dipunrembakakaken kanthi pamanggih-pamanggih enggal ingkang salaras
kaliyan swasana utawi keperluan.
C. Sipat-sipating Pranatacara miturut ancasipun.
• Pranatacara pambagyaharja
• Pranatacara mamitaken jenazah
• Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
• Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
• Pranatacara pamedhar sabda
• Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
D. Sipat-sipating Pranatacara miturut isi lan basa
• Pranatacara ringkes lan prasaja
• Pranatacara rowa lan rinengga
• Pranatacara popular
• Pranatacara ilmiah
• Pranatacara mligi/umum
E. Cengkorongan Pranatacara
• Salam pambuka
• Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
• Atur kasugengan, kairing atur panuwun
• Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
• Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
• Panutuping atur/ salam.
Link materi jangkep wonten : Watch my Powtoon: Media Ajar Pranatacara
Kagiyatan Pasinaon
A. Aspek Pengetahuan
3.2.1 Menyimpulkan pengertian, tujuan, dan isi teks pranatacara.
1. Sumangga para siswa kasumanggakaken maos materi pranatacara wonten
link https://anyflip.com/tkmem/zeff/
2.Sasampunipun maos, para siswa pirembagan kelompok ngengingi
pangertosan, ancasipun, jinis-jinising pranatacara. Pirembagan menika
lajeng dipunserat ing kolom ingkang sampun dipunsamaptakaken,
Pitakenan Wangsulan
Menapa ingkang kasebat pranatacara
menika?
Kaseratna jinis-jinising pranatacara!
Kaseratna pranatacara miturut
ancasipun!
Kasebatna cengkorongan/struktur
teks pranatacara menika!
Rubrik Penilaian
Pitakenan Skor
Menapa ingkang kasebat pranatacara
menika? 2
Kaseratna jinis-jinising pranatacara!
Kaseratna pranatacara miturut 4
ancasipun! 4
Kasebatna cengkorongan/struktur teks
pranatacara menika! 4
Total Skor :
14
Perhitungan skor :
Skor = Perolehan skor X 100
Skor Maksimal
C.Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Kagiyatan Pasinaonan
3.2.2 Menganalisis struktur pembangun pada teks pranatacara.
Caranipun ndamel cengkorongan teks pranatacara inggih menika :
a. Nemtoaken tema acara ingkang badhe dipunlumantaraken.
b. Nemtoaken isi lan basa ingkang badhe dipunginakaken
c. Ngucap salam pambuka
d. Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah
e. Ngaturaken kasugengan
f. Wedharing gati
g. Atur nyuwun pangapunten
h. Panutuping atur/salam
1. Para siswa saged maos teks pranatacara adicara mengeti 10 tahun keistimewaan DIY ingkang sampun kasamaptakaken
wonten ngandhap.
Teks Pranatacara Mengeti 10 Tahun Keistimewaan DIY
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang dhahat kinurmatan Ibu Kepala SMK Negeri 1 Panjatan
Bapak Komite SMK Negeri 1 Panjatan ingkang kula urmati,
Bapak ibu guru saha karyawan SMK Negeri 1 Panjatan ingkang kinurmatan
Saha para kanca siswa SMK Negeri 1 Panjatan ingkang sutresna.
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan satemah ing
titi wanci menika kula saha penjanengan saged nglempak ing papan menika saperlu mengeti 10 tahun keistimewaan DIY kanthi
suka renaning manah.
Boten kesupen shalawat saha salam mugi katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kula panjenengan sami
antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul akhir. Aamiin
Kula minangka pranata adicara ingkang kapatah nglantaraken lampahing adicara, keparenga langkung rumiyin badhe
ngaturaken rantamaning adicara wonten ing wekdal menika.
Adicara ingkang kaping setunggal pambuka
Adicara kaping kalih atur sapala saking ketua panitya pengetan sedasa taun keistimewaan DIY.
Adicara kaping tiga atur pambagya saking Ibu Kepala SMK Negeri 1 Panjatan.
Adicara kaping sekawan atur pangandikan saking Bapak Komite SMK Negeri 1
Adicara kaping gangsal inggih menika gelar budaya
Adicara kaping enem mancawarni
Wondene adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Mekaten wau reroncening adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal menika.
Sumangga adicara ing siyang menika kawiwitan kanthi pandonga miturut agami piyambak-piyambak, kula dherekaken. Sumangga.
--------------ndedonga--------------
Cekap. Matur nuwun. Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur sapala saking ketua panitya pengetan
sedasa taun keistimewaan DIY. Dhumateng Bapak Sarjiyo kula sumanggakaken.
-------atur sapala--------------
Mekaten pangandikan saking ketua panitya, dhumateng Bapak Sarjiyo kula aturaken matur nuwun.
Salajengipun adicara kaping tiga inggih menika atur pambagya saking panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah. Dhumateng Ibu
Suprih kula sumanggakaken.
-----------------atur pambagya--------------
Mekaten pambagyaharja saking Ibu kepala Sekolah, dhumateng Ibu Suprih kula aturaken matur nuwun. Para tamu ingkang
bagya mulya, kalajengaken adicara kaping sekawan inggih menika atur pangandikan saking Ketua Komite SMK Negeri 1
Panjatan. Dhumateng Bapak Suyud, S.Pd. kula sumanggakaken.
----------------atur pangandikan--------
Mekaten atur pangandikan saking Bapak Ketua Komite SMK Negeri 1 Panjatan, dhumateng Bapak Suyud, S.Pd. kula aturaken
matur nuwun.
Adicara salajengipun inggih menika gelar budaya ingkang badhe dipun isi kanthi beksan saking siswa kelas X SMK N 1 Panjatan.
Dhumateng para siswa kula sumanggakaken.
----------------gelar budaya-----------------
Para tamu ingkang kula urmati, gelar budaya sampun paripurna, dhumateng para siswa kelas X kula aturaken matur nuwun.
Kalajengaken adicara ingkang kaping enem inggih menika mancawarni. Sumangga dhumateng para siswa ingkang sampun kajibah
mugi enggal samekta ing gati.
Sinambi mirsani lelangen ingkang badhe kaaturaken, dhumateng para tamu kaaturan ngrahabi unjukan saha dhaharan ingkang
sampun kaaturaken wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sumangga!
-----------mancawarni-----------
Matur nuwun dhumateng para kanca ingkang sampun ngaturaken kaprigelan ing adicara menika.
Minangka pungkasaning adicara inggih menika pandonga ingkang badhe dipunpangarsani dening Bapak Surahmanto. Dhumateng
Bapak Surahmanto kula sumanggakaken.
----------pandonga------------
Kanthi mekaten adicara pengetan sedasa taun keistimewaan DIY sampun paripurna. Kula minangka pranatacara nganturaken
panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing adicara menika. Kathah kalepatn anggen kula
matur saha kirang subasita ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agungi pangapunten.
Pungkasaning atur sugeng siyang, sugeng kondur.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh.
2. Sasampunipun maos, para siswa pirembagan kelompok madosi cengkorongan/struktur saking teks menika.
Ing ngandhap punika, tuladha madosi cengkorongan teks pranatacara
• Tuladha cengkorongan teks pranatacara tema mengeti 10 tahun keistimewaan DIY
No Cengkorongan Pranatacara Paragraf
1 Salam Pambuka Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
2 Pambuka Atur pakurmatan:
Ingkang dhahat kinurmatan Ibu Kepala SMK Negeri 1 Panjatan
Bapak Komite SMK Negeri 1 Panjatan ingkang kula urmati,
Bapak ibu guru saha karyawan SMK Negeri 1 Panjatan ingkang kinurmatan
Atur puji syukur:
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang
sampun paring kanugrahan satemah ing titi wanci menika kula saha penjanengan
saged nglempak ing papan menika saperlu mengeti 10 tahun keistimewaan DIY
kanthi suka renaning manah.
3 Wosing Pranatacara Nglumantaraken rantaming adicara:
Adicara ingkang kaping setunggal pambuka
Adicara kaping kalih atur sapala saking ketua panitya pengetan sedasa taun keistimewaan
DIY.
Adicara kaping tiga atur pambagya saking Ibu Kepala SMK Negeri 1 Panjatan.
Adicara kaping sekawan atur pangandikan saking Bapak Komite SMK Negeri 1
Adicara kaping gangsal inggih menika gelar budaya
Adicara kaping enem mancawarni
Wondene adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
4 Panutup Atur panuwun dhumateng pararawuh:
Kanthi mekaten adicara pengetan sedasa taun keistimewaan DIY sampun
paripurna. Kula minangka pranatacara nganturaken panuwun dhumateng para tamu
ingkang sampun kepareng rawuh wonten ing adicara menika.
Atur pangapunten:
Kathah kalepatn anggen kula matur saha kirang subasita ingkang boten mranani
penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agungi pangapunten.
Pungkasaning atur sugeng siyang, sugeng kondur.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh.
5 Salam Panutup
Dhudutan:
(1)Tema saking teks pranatacara wonten nginggil inggih menika mengeti 10 tahun keistimewaan DIY.
(2) Salam Pambuka minangka Assalamualaikum Wr. Wb menapa saged sugeng enjang.
(3) Pambuka menika ngandhut atur pakurmatan dhumateng sedaya pararawuh lajeng atur puji syukur dhumateng Gusti Allah
Ingkang Maha Agung.
(4) Wosing saking kagiyatan pranatacara menika nglumantaraken rantamaning adicara (a). pambuka, (b). atur sapala saking ketua
panitya pengetan, (c). atur pambagya saking Ibu Kepala SMK N 1 Panjatan, (d). atur pangandikan saking Bapak Komite SMK
Negeri 1 Panjatan, (d). gelar budaya, (e). mancawarni, (f) panutup.
(5) Panutup menika isinipun atur pangapunten menawi wonten kekirangan ugi kalepatan.
(6) Adicara menika dipungkasi kaliyan salam panutup.
3. Para siswa sumangga maos kanthi premati teks pranatacara wonten ngandhap menika, lajeng dipunpadosi cengkorongan
teks sami kaliyan tuladha wonten nginggil!
Teks Pranatacara Sumpah Pemuda
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang dhahat kinurmatan, Kepala SMK 1 Panjatan
Ingkang kula hormati, para dwija, staf karyawan lan komite SMK 1 Panjatan
Ingkang kula tresnani, sedaya siswa SMK 1 Panjatan
Sumangga kula lan panjenengan sedaya ngunjukaken syukur dhumateng Gusti Allah Maha Agung, ingkang sampun angluberaken
nikmat kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara mengeti dinten sumpah pemuda
punika kanthi mboten wonten alangan punapa. Sholawat lan salam mugi-mugi tansah kita sedaya kunjuk dhumateng Nabi Agung
Muhammad SAW, mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya pikantuk safangatipun ing yaumul kiyamah. Aamiin.
Para rawuh ingkang dirahmati Allah,
Keparenga, kula maosaken pranata adicara wonten ing wekdal enjing punika :
1. Ingkang sepisan inggih punika pambuka.
2. Ingkang kaping kalih inggih punika silihan saking kepala sekolah.
3. Ingkang kaping tiga inggih punika silihan saking ketua OSIS.
4. Ingkang kaping sekawan inggih punika silihan saking ketua panitia.
5. Ingkang kaping gangsal inggih punika panutup.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Adicara ingkang sepisan inggih punika pambuka. Kangge mbikak adicara punika, sumangga kula panjenengan sedaya maos
Basmallah sareng-sareng….
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………….
Mugi-mugi waosan Basmallah saged nglancaraken adicara punika.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Adicara ingkang kaping kalih inggih punika sesulih saking kepala sekolah. Dhumateng Dra. Suprih kula sumanggakaken.
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Kula aturaken agungin panuwun dhumateng Ibu Dra. Suprih ingkang sampun kersa paring silihan.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika silihan saking ketua OSIS. Dhumateng Abdul Hakim Al-Ashar,kasumanggakaken.
………………………………………………………………………………………………………………………………………….……………………………………………………………………………………………
Kula aturaken agunging panuwun dhumateng Abdul Hakim ingkang sampun kersa paring silihan.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika palapuran saking ketua panitia. Dhumateng Atika Nurmalitasari,
kasumanggakaken.
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Kula aturaken agunging panuwun dhumateng Atika ingkang sampun kersa paring palapuran kagiyatan sumpah pemuda.
Para rawuh ingkang kula hormati, Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika panutup.
Sedaya rantaman adicara sampun kita lampahi. Kangge mungkasi adicara punika, sumangga kula lan panjenengan sedaya maos
Hamdallah sareng-sareng…. Mugi-mugi, adicara ingkang kula lan panjenengan lampahi wonten ing wekdal enjing punika saged
ditampi kaliyan Gusti Allah. Aamiin.
Minangka pupating atur, mbok bilih anggem kula taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
LK. 2 Cengkorongan Teks Pranatacara
No Cengkorongan Pranatacara Paragraf
1 Salam Pambuka
2 Pambuka
3 Wosing Pranatacara
4 Panutup
5 Salam Panutup
Dhudutan:
..........................................................................................................................................................................................................................................

RUBRIK PENILAIAN Skor
Aspek dan Kriteria
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 4
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung sangat
lengkap 3
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 2
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung lengkap
1
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 10
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung kurang Skor
lengkap 4
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 3
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung 2
tidak lengkap 1
Total Skor 10
Aspek dan Kriteria
Penulisan kerangka teks Pranatacara sangat sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara kurang sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara tidak sesuai dengan EYD
Total Skor
Perhitungan skor :
Skor = Perolehan skor X 100
Skor Maksimal
D. Menyajikan dan Mengembangkan Hasil Karya
Materi Metakognitif
a. Aspek Ketrampilan
4.2.1 Menyusun kerangka teks pranatacara acara di sekolah (P6)
1. Para siswa sumangga nyemak video youtube kangge tuladha struktur teks pranatacara
menika.
Link : https://www.youtube.com/watch?v=Raf23WL5LBY
2. Sasampunipun nyemak video menika, sumangga para siswa saged scan barcode utawi link
https://wordwall.net/resource/34967084/pranatacara kangge kelompok nemtoaken
tema cengkorongan teks pranatacara menika.
3. Kelompok ingkang sampun pikantuk tema menika, saged pirembagan lan asiling
pirembagan dipunserat wonten LK.3
LK. 3 Cengkorongan Teks Pranatacara (Tema Acara Sekolah)
Tema : Paragraf
No Cengkorongan Pranatacara
1
Salam Pambuka
2
Pambuka
3
Wosing Pranatacara
4 Panutup
5 Salam Panutup
Dhudutan:
..........................................................................................................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................................................................................................
..........................................................................................................................................................................................................................................
RUBRIK PENILAIAN Skor
Aspek dan Kriteria 4
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung sangat 3
lengkap
2
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung lengkap 1
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 10
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung kurang Skor
lengkap 4
Struktur teks Pranatacara (Salam pambuka, Pambuka, wosing 3
Pranatacara, panutup, salam panutup) dan data yang mendukung 2
tidak lengkap 1
Total Skor 10
Aspek dan Kriteria
Penulisan kerangka teks Pranatacara sangat sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara kurang sesuai dengan EYD
Penulisan kerangka teks Pranatacara tidak sesuai dengan EYD
Total Skor
Perhitungan skor :
Skor = Perolehan skor X 100
Skor Maksimal
E.Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah
a. Sumangga para siswa saged nyerat menapa kemawon ingkang sampun dimangertosi wonten
piwulangan menika
b. Rubrik Evaluasi Diri
Samenika para siswa kasuwun milih wangsulan ingkang trep kaliyan kawontenan siswa piyambak
kanthi tandha centhang (√)
Pitakenan Sampun Dereng
Punapa siswa sampun mangertosi tegesipun pranatacara?
Punapa siswa sampun mangertosi sipat lan jinising
pranatacara?
Menapa siswa sampun saged damel cengkorongan teks
pranatacara?
c. Tes Formatif
Sumangga peserta didik saged klik link google form kangge tes formatif
https://forms.gle/wAUu4k65d22Rgix96
Menika gegambaran saking google form tes formatif pranatacara.
d. Tindak Lanjut
• Remidial: Apabila peserta didik mendapatkan nilai di bawah KKM (76) maka peserta didik
tersebut diberikan remidi. Peserta didik mengulang materi yang terdapat di video
pembelajaran https://www.youtube.com/watch?v=BZc2OHtVgDM
• Pengayaan: Apabila peserta didik mendapatkan nilai sama atau lebih tinggi dari KKM (76)
maka peserta didik diberikan pengayaan. Peserta didik membuat teks pranatacara acara
sekolah.
Kapustakan
Abdul, Slamet. 2017. WIBAWA. Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga DIY. Yogyakarta.
Dwijonagoro, S., & Suparno, S. (2019). Pranatacara Learning: Modeling, Mind Mapping, E-learning, Or Hybrid Learning?. Jurnal
Cakrawala Pendidikan, 38(1), 156-173.
Kuntari, Umi. 2010. Tuntunan Lengkap Pranatacara. Sleman: Penerbit Pinus.
http://materipranatacara.blogspot.com/2015/10/pranatacara-a.html https://vinaretna.wordpress.com/2018/11/05/pranata-adicara-
pranatacara-mc-kelas-xi-semester-1/
https://anyflip.com/stjwo/aifu/basic
https://www.youtube.com/watch?v=BZc2OHtVgDM