The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by wahyudesantyo.2021, 2022-12-01 20:33:39

Media Cerita Wayang Dewa Ruci + Soal

Media Cerita Wayang Dewa Ruci + Soal

Media Pembelajaran Cariyos Ringgit Dewa
Ruci Kelas X Semester Genap

Oleh :
1. Wahyu Desantyo (21205241036)
2. Hieronimus Dicky F. L. (21205244009)
3. Aldian Reva V. (21205244062)

Daftar Isi

01 Elemen
02 Capaian Pembelajaran
03 Indikator
04 Materi
05 Gladhen Soal
06 Kapustakan
07 Glosarium
08 Biodata

01

Elemen

Fase E

Fase E Peserta didik mampu
menyintesis gagasan dan
Pada akhir fase E, peserta didik pendapat dari berbagai sumber.
memiliki kemampuan
berbahasa untuk berkomunikasi Peserta didik mampu
dan bernalar sesuai dengan berpartisipasi aktif dalam
tujuan, konteks sosial, diskusi dan debat. Peserta didik
akademis, dan dunia kerja. mampu menulis berbagai teks
Peserta didik mampu untuk menyampaikan pendapat
memahami, mengolah, dan mempresentasikan serta
menginterpretasi, dan menanggapi informasi nonfiksi
mengevaluasi informasi dari dan fiksi secara kritis dan etis.
berbagai tipe teks tentang topik
yang beragam.

02

Capaian Pembelajaran

Membaca dan Memirsa

Membaca & Memirsa

Peserta didik mengevaluasi informasi berupa
gagasan,pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari informasi
materi wacana beraksara Jawa, unggah-ungguh basa, berita
berbahasa Jawa, tembang macapat Asmaradana, Megatruh,
Geguritan, Cerita Pengalaman, Sesorah dan Cerita Wayang.

03

Indikator

Indikator Pembelajaran

Indikator Pembelajaran

• Memahami ajaran • Menjelaskan isi dari
moral cerita wayang cerita wayang Dewa
Dewa Ruci. Ruci.

04

Materi

Cariyos Ringgit Dewa Ruci

Dewa Ruci

Raden Werkudara inggih Bima,
putra Pandhu ingkang nomer kalih, sanget
anggenipun ngaosi lan bektos dhumateng
Resi Durna gurunipun. Sedaya pangandikan
lan dhawuh saking Sang Resi enggal badhe
kaleksana dening Bima. Kalebet nalika Bima
pingin ngudi ngelmu kasampurnaning gesang,
Resi Durna dhawuh supados Bima ngumbara
madosi kayu gung susuhing angin.

Kamangka estunipun kajeng menika boten wonten, lan Durna mbatos bilih
sedaya menika boten cetha lan boten wonten maknanipun. Dhawuh menika ancasipun
namung kangge ndamel Bima cilaka, minangka perangan saking skenario Kurawa.
Nanging Bima ingkang nggadhahi watak polos, tetep ngestokaken dhawuhipun Sang
Resi.

Sampun dangu Bima ngumbara wonten wana saprelu madosi kayu gung
susuhing angin kanthi niat ingkang tulus lan teguh. Nanging menapa ingkang
dipunpadosi dereng kepanggih, usahanipun dereng kasil. Tumuju ing sawijining
dinten, Bima kepanggih buta cacah kalih ingkang nyegat Bima lan ndadosaken Bima
tedhan. Perang rame antawisipun Bima lan raksesa kekalih dumados.

Ngantos ing pungkasaning cariyos, Bima kasil ngasoraken raksesa kekalih
kasebat. Dumadakan denawa kekalih kasebat malih wujud dados Dewa Indra lan
Dewa Bayu. Niatipun Bima ingkang tulus saha bektos dhumateng Sang Guru kasil
nguwalaken Dewa Indra lan Dewa Bayu saking ukuman sapata dados denawa. Awit
saking menika, Bima dipunparingi pusaka Mustika Manik Candrama, ingkang
samangke migunani kangge ambegan wonten ing seganten. Kajawi saking menika,
Bima ugi dipunparingi pitutur bilih kayu gung susuhing angin menika sejatosipun
mboten wonten.

Bima lajeng tumuju marak sowan dhateng Sang Guru, inggih Resi Drona.
Bima matur yen piyambakipun boten saged manggihaken kayu gung susuhing
angin.Resi Durna gugup, nampi duginipun Bima. Sejatosipun manahipun boten tegel,
nanging panjenenganipun boten kuwawa nampik dhawuhipun Kurawa supados mejahi
Bima. Bima matur yen kayu gung susuhing angin menika mboten wonten. Bima ugi
matur bilih piyambakipun kepanggih kalih denawa ingkang sampun saged
dipunkawonaken.

Bima tetep nyuwun supados piyambakipun dipunwarahi ngelmu
sampurnaning gesang, lajeng Resi Durna dhawuh supados Bima pados toya suci Perwita
Sari ingkang papanipun wonten ing telenging samudra. Sepisan malih Resi Durna goroh,
paring dhawuh ingkang boten temtu wonten. Nanging awit saking bektosipun Bima
dhumateng Sang Guru, sepisan malih Bima ngestokaken dhawuhipun Sang Guru.

Bima tumuju ing segara lajeng ambyur, amargi sampun gadhah mustika
manik candrama. Bima mboten kuwatos mboten saget ambegan. Sadumuginipun ing
telenging samudra, dumadakan wonten naga raksesa ingkang badhe mengsah Sang Bima.
Prang tandhing dumados kanthi gayeng, amargi sami kuwatipun, sami sektinipun.
Nanging ing pungkasaning Bima saged mejahi naga kasebat.

Sasampunipun sawer menika pejah, dumadakan wonten janma alit ingkang
pasuryanipun memper Bima. Janma menika inggih Dewa Ruci. Dewa Ruci tanglet
dhumateng Bima, menapa ingkang dipunpadosi wonten ing telenging samudra menika.
Bima caos wangsulan bilih piyambakipun madosi toya Perwita Sari. Dewa Ruci ngendika
bilih sejatosipun toya perwita sari menika mapainpun wonten ing telenging manahipun
Bima piyambak. Tegesipun manah ingkang merdika, boten kaiket dening hawa nepsu.

05

Gladhen Soal

Cariyos Ringgit Dewa Ruci

1. Raden Werkudara menika putranipun…
A. Buriswara
B. Suwanda
C. Pandhu dewanata
D. Wisrama
E. Bambang tetuka

2. Anggenipun ngudi ngelmu kasampurnan Raden Werkudara di dawuhi ngumbara madosi…
A. Kayu gung susuhing angin
B. Kayu cendana
C. Kurawa
D. Dewa Ruci
E. Krincing wesi

3. Watakipun Resi Durna inggih menika…
A. Suci
B. Culiko
C. Sabar
D. Setyo Bekti
E. Sumeleh

4. “Bima ugi matur bilih piyambakipun kepanggih kalih denawa ingkang sampun saged dipunkawonaken.
Tegesipun denawa inggih menika…

A. Garudha
B. Buta
C. Manuk
D. Munyuk
E. Manungsa

5. Ingkang kalebet sebatanipun Raden Werkudara inggih menika…
A. Kacanegara
B. Senaputra
C. Permadi
D. Bima
E. Bambang Atmaja

6. Asmanipun guru Raden Werkudara wonten ing lakon Dewa Ruci inggih menika…
A. Semar
B. Togog
C. Bilung
D. Durna
E. Limbuk

7. Dhawuh ingkang ndamel Raden Werkudara menika minangka perangan saking…
A. skenario Rahwana
B. skenario Punakawan
C. skenario Kurawa
D. skenario Pandawa
E. skenario Ndarawati

8. Bima dipunparingi pusaka…saking Dewa Indra lan Dewa Bayu
A. Mustika Manik
B. Nenggala
C. Jamus Kalimasada
D. Gada Rujak Polo
E. Mustika Kotang Antakusuma

9. Resi Durna dhawuh supados Bima pados toya suci Perwita Sari ingkang papanipun wonten ing…
A. Alas purwa
B. Pucuking Harga
C. Alas Dandaka
D. Alas Kurusetra
E. Telenging Samudra

10. Piwulang budi pekerti saking paraga Werkudara inggih menika…
A. Kedah setya marang garwa
B. Kedah mblenjani tumindak sae
C. Kedah tumindak grusa-grusu
D. Kedah bekti marang tiyang sepuh
E. Kedah ngestu padha dawuhipun sang guru

06

Kapustakan

Cariyos Ringgit Dewa Ruci

Kapustakan

Referensi ingkang dipunginakaken
kagem nyerat Cariyos Ringgit Dewa Ruci
inggih menika saking LKS Basa Jawa
Semester II Kelas X.

07

Glosarium

Cerita Wayang Dewa Ruci

Glosarium

• Janma : manungsa • Kuwatos : kuwatir
• Pungkasan : rampung
• Ancas : tujuan • Ngumbara : mengembara
• Kajeng : karep
• Ngestokaken : melaksanakan perintah • Wana : alas
• Manah : ati
• Pasuryan : rai/wajah • Tedhan : panganan
• Denawa : buta
• Seganten : laut • Dipunkawonaken : dikalahake

• Gesang : urip

• Goroh : ngapusi

• Sawer : naga

• Toya : banyu

08

Biodata

Penganggit 1

Nama : Wahyu Desantyo
T.T.L : Wonogiri, 7 April 2003
Motto : Selesaikanlah apa yang kamu mulai

Penganggit 2

Nama : Hieronimus Dicky Febriano Laisena
T.T.L : Sleman, 24 Juli 2003
Motto : Innallaha ma’ashobirin

Penganggit 3

Nama : Aldian Reva Valentino
T.T.L : Sleman, 14 Februari 2001
Motto : Aja rumangsa bisa, ning bisa’a rumangsa

Matur Nuwun!


Click to View FlipBook Version