kaya tunjung tuwuh ing sela (watu).
Tunjung: kêmbang tarate. Uripe ing banyu.
16. Tidha-tidha. Têgêse: kurang-kurang, kaya ta: pitêmbungan, kang tidha-tidha eba bisa-bisa,
têgêse: kurang-kurang sabarange ora bisa.
17. Têmbang rawat-rawat.
18. Ngibarat: pawarta kang durung têtela.
Têmbang: têmbange layang: gitik: tabuh.
Rawat-rawat: lamat-lamat.
19. Sukua jaja, têkêna janggut.
Ngibarat: wong nglakoni pagawean marang panggonan kang adoh, awit saka pêrlu, aja kang
mlaku nganggo sikil ora ditêmaha, sanajan lumakua nglungsar iya dilakoni (ditekadi).
20. Satru munggèng cangklakan.
Ngibarat: sadulur utawa sanak kang mursal, isih nunggal, anduwèni pangarêp-arêp ala.
21. Sêmbur-sêmbur adas.
Iku padha karo siram-siram bayêm. Nanging karaton kang ora ambawahake karaton liyane,
iku iya dibasakake: karaton sêmbur adas.
22. Wêlas wêkasan lalis. Kêlanturing basa: wêlas tanpa alis.
Ngibarat: wong gawe bêcik marang wong, wêkasan andadèkake bilaine kang dibêciki mau,
utawa wong kang ora korup ing pangemane.
23. Lidhah sinambung.
Ngibarat, tumimbale ing pacalathon.
24. Jênang salayah.
Ngibarat: wong golong pikir.
25. Nyaru wuwus.
Ambasakake: wong nyêlani utawa ambarêngi calathu.
26. Nyidhêm pramanêm.
Nyidhêm: nyamar: nyirêp.
Pramanêm: ambungkêm. Bênêre: nyidhêm mramanêm. Wong nyidhêm rajatatu utawa
rajapati.
27. Nyăngga krama.
Ngibarat: wong ngenaki ati nanging mêsthi goroh.
28. Mirăng kêkampuh jingga.
Mulane digawe upama kampuh jingga, awit jingga utawa abang iku digawe pratăndha wani,
putih kagawe pratăndha wêdi, rukuna utawa padhami.
Ngibarat: wong mogok marang parentahing ratu, sumêdya wani mêmungsuhan.
29. Madal pasilan.
Ambasakake: wong ninggal pajagongan, ora nganggo ekral. Nanging akèh kang kliru anggone
ngêtrapake, wong ana ing pajagongan utawa mara dhayoh, arêp mulih têmbunge marang
kang duwe omah: manawi kaparêng kula badhe madal pasilan.
30. Glundhung suling.
Ngibarat: wong miskin kang kari kathok bae, utawa wong lanang rabi ora anggawa
dandanan.
31. Glundhung sêmprong.
Ngibarat: wong miskin ora bisa nutupi kawirangane. Utawa wong wadon laki ora anggawa
dandanan.
32. Ngrapêtake ing arênggang.
Ngibarat: wong bisa ngrukunake wong rêrêngatan.
33. Ngumpulake balung pisah.
Ngibarat: wong bêbesanan, kang kaupamakake balung iku, bocah lanang karo bocah wadon,
dadi karêpe ngumpulake bocah lanang lan bocah wadon sarana pikraman.
34. Ambanyu mili.
Ambasakake: wong mantu sabên taun.
35. Nitipake daging saêrêb.
B. Wong duwe anak wadon dirabi ing uwong.
Êrêb: iris.
Saêrêb : sairis.
Dadi anak wadon mau kaupamakake daging sairis, karêpe: ngaubake anak wadon, wondene
wong bêbesanan, kang duwe anak lanang, katir ing samubarang gawe, bêbasane marang
besan,kang duwe anak wadon, iya mangkono.
36. Katali măngsa.
Ngibarat: samubarang kang kasèp ing wayah, kaya ta: wangêne wong said mung patang dina,
măngka anggone said luwih saka wangên patang dina, iku aran katali măngsa, kaya
kabandhang ing măngsa.
37. Durung ilang pupuk lêmpuyange.
Ambasakake: wong dipadhakake bocah cilik.
Pupuk: gêgodhongan utawa oyod-oyodan kapipis, kapupukake ing êmbun-êmbunane bocah
cilik, minăngka tămba.
38. Saubêng kandhange.
Ambasakake: sajêro utawa sawêwêngkone desa.
39. Sadulur sinorohwadi.
Ngibarat: wong têtêpungan kang wis ora nganggo sigèn-sinigenan.
Sinoroh: sinarah, binarangake, diwènèhake.
Soroh: sarah, ambêbarang pawèwèh.
Sigi: wêweka, êlêr.
Karêpe: mitra kang diwènèhi ing wêwadi, yaiku kang dipitayani wadi, dadi wis ora ana
simpên wadi.
40. Satindak sapêcak.
Ngibarat: doh cêdhaking sanak sadulur, kaya ta sadulur nak-sanak karo sadulur têmênan.
Satindak ngibarat sadulur nak-sanak, sapêcak ngibarat sadulur tunggal bapa biyung.
41. Sumêngka pangawak braja.
Ambasakake: wong munggah marang suralaya saalus wadhage.
Sumêngka: munggah.
Pangawak braja: pangawak gêgaman. Dadi kaya gêgaman sawrangkane. Gêgaman iku
ngibarat nyawa. Wrangkane ngibarat badan. Yèn ing jaman saiki kang kabasakake:
sumêngka pangawak braja, wong duwe tekad anggayuh samubarang kang elok.
42. Lahang karoban manis.
Ngibarat: wong bagus kawuwuhan bêcik atine.
Lahang: lêgèn.
43. Lir sarkara lan manis.
Sarkara: lêgi: madu.
Ngibarat: samubarang kang nunggal, ora kêna pisah, utawa ngibarat: loro-loroning atunggal,
kaupamakake kaya madu karo lêgine, masthi ora bisa pisah.
44. Pandhan isi pandhoga.
Iku sêsamunaning têmbung: ngarani băngsa luhur wawrat.
Pandhoga: woh pandhan. Dadi pandhan ngibarat: wadon, pandhoga ngibarat: wawratane.
45. Murwa sarira.
Ambasakake: wong rêrêsik banjur manganggo sarwa anyar, padhane ngadi-adi sarira.
46. Gêndhon rêrukon.
Ngibarat: wong kang lakirabi kang atut aruntut.
Gêndhon: ungkêr panjalin.
Rêrukon: rêrukunan.
47. Bèr budi bawa laksana.
Ambasakake: wong gêdhe atine, samubarang kang wis dicalathokake masthi dilakoni.
Bawa: mukti, wiwit, mêdhar swara, labêt.
Laksana: laku, luwih.
Wondene kang gêdhe atine mangkono, wong kang ambêke ngungkuli sapadha-padha, yèn
wèwèh ora mawa eram owêl, utawa etung-etungan.
Babagan Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara
ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa
tembung ing saburine.
Purwakanthi guru swara titikane: unine aksara menga padha (huruf
vokalnya sama).
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kretasana.
Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku
swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan
swara “ an”.
Ing ukara nomer telu lan papat sing runtut aksarane (tulisane) utawa sastrane. (ka
lan la )
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa
tulisane.
3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku
purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara
candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi
guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
PURWAKANTHI GURU SWARA
1. Ana catur mungkur, ana bapang nyimpang.
2. Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon. Aja banter-banter mundhak
keblinger.
3. Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
4. Yen gelem obah bakal mamah.
5. Anak polah bapa kepradhah (paribasan)
6. Apik kemripik nancang kirik (paribasan).
7. Ati bengkong oleh oncong (paribasan)
8. Bacin-bacin iwak, ala – ala sanak (paribasan).
9. Bandhol ngrompol (paribasan).
10. Buntel kadut ora nginang ora udut (paribasan).
11. Calak cangkol, kendhali bol, cemethi tai (paribasan).
12. Ciri wanci lelai ginawa mati (paribasan).
13. Gajah ngidak rapah (paribasan).
14. Gemblung jinurung, edan kuwarisan (Paribasan).
15. Keplok ora tombok.
16. Kumenthus ora pecus (paribasan).
17. Mengkak – mengkok ora wurung ngumbah popok. (paribasan).
18. Opor bebek mentas awake dhewek.
19. Londho – londho walang sangit nggendhong kebo (paribasan).
20. Sadawa – dawane lurung isih dawa gurung (paribasan).
21. Tuna satak bathi sanak (paribasan).
22. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
23. Wastra bedhah kayu pokah (paribasan).
24. Anut grubyug ora ngerti ing rembug (paribasan).
25. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger.(paribasan).
26. gumarenggeng anggereng anggeng gumrunggung (Wedhatama)
PURWAKANTHI GURU SASTRA
Purwakanthi guru sastra: aksara mati/mingkeme padha (huruf konsonan
yang sama)
1. Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
2. Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
3. Sing sapa salah bakale seleh.
4. Durung acundhuk acandhak (paribasan).
5. Garang nanging garing (paribasan).
6. Sanajan ora keris yen keras (paribasan).
7. Sluman slumun slamet.
8. Yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun (Wedhatama).
9. Saya elok alangka longkanganipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang si
pingging (Wedhatama).
10. Kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta, (Wedhatama).
PURWAKANTHI LUMAKSITA
Lumaksita darbe teges lumaku, kanthi mangkono Purwakanthi guru lumaksita iku
darbe titikan dibalenine maneh tembung skang wus di sebut ana ing ukara
sadurunge.
1. Lela lela linali saya kadriya, driyasmara marang risang kadi Ratih, Ratih ratu
ratuning wong Cakrakembang, kembang wijayakusuma asih mring kula.
2. Bung – bung pait bung pait kuwihe maha, maha-maha lintrik cah cilik
digondhol kirik, kirik-kirik belang nyang pawon kesiram wedang, wedang – wedang
bubuk kemriyuk gulane remuk.
3. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam
donya. (wangsalan).
4. Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
(wangsalan).
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana. Mari anteng besuse saya ketara
(wangsalan).
6. Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada (Kalatidha).
Katrangan :
Laksita = laku, kalakuan.
Lumaksita = lumaku.
Bapang = blabag njepapang dipaku ing cagak (dianggo tetenger nuduhake dalan,
katrangan jenenge desa lsp.
Kepradhah = diukum
Oncong = urubing obor.
Bandhol = gegedhuge wong ala, maling lsp.
Kadut = karung
Rapah = pasangan, jebakan.
Wastra = jarit
Garang = gagah, sugih
Pingging = bodho
Sirung = peteng singup
Driya = tuking pangrasa, ati
Wreksa = kayu
Wilis = ijo
Patra = lenga
Arda = pangangsa-angsa, hawa nepsu, murka
imbå Bausastra wêngkêlan
pênggalih riwé
salirå muståkå kênåkå
tosan tapak astå talingan
pamêkan (bangkèkan ) pêngkêran lathi
palarapan ukêl waspå
bocong rah paningal, socå
gumbålå, rawis julukan pangarasan
tutuk jangga pamidhangan
griwå ibíng wêntís
jåjå kêcoh pasuryan
jengku unusan (igå) rémå, ríkmå
samparan lidhah jlagrå
racikan grana ampéyan
pasundhulan kèthèkan, adhêgan prêmbayún
(janggút)
gumbala
swantên wåjå padharan
astå turas tuntunan
gadhíng
Tembung Kriya
abrít
rayi
jumênêng
tebíh
siram
ambêng
kawulå, dalêm
aras
kulånuwun,
putrå
peputrå
agêm
asmå
kêrså
pêmbajêng
sêgawon
maringi
sumanggå