Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 1
KOMPETENSI INTI (KI)
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi
pengetahuan faktual, konseptual, prosedural, dan metakognitif
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait
penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan
prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat
dan minatnya untuk memecahkan masalah
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret dan
ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya
di sekolah secara mandiri serta bertindak secara efektif dan kreatif,
dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 2
Kompetensi Dasar Dan Indikator
KOMPETENSI INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI
DASAR
3.1 Menelaah teks 3.1.1 Menganalisis struktur sekar Pocung Serat Wedhatama
Serat Wedhatama pada 2 (C4)
pupuh Pocung 3.1.2 Memparafrasekan sekar Pocung Serat Wedhatama pada 2
(C4)
3.1.3 Menyimpulkan isi sekar Pocung Serat Wedhatama pada 2
(C5)
4.1 Menanggapi isi 4.1.1 Menyusun kembali syair tembang Pocung yang sudah
Serat Wedhatama disediakan (P6)
pupuh Pocung 4.1.2 Melagukan sekar Pocung Serat Wedhatama pada 2 (P5)
dan menulis,
serta menyajikan
cakepan tembang
Pocung dengan
bahasa sendiri
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 3
TAHAP 1 : Stimulus
➢ MATERI FAKTUAL
Para siswa sumangga cakepanipun sekar macapat Pocung ing ngandhap menika
dipuntiti, kangge ndamel pitakenan bab mangertosi teks sekar macapat Pocung.
Para siswa ugi saged ningali video nyekar macapat Pocung ingkang sampun
dipunsamektakaken!
Sekar Macapat Pocung
Laras Slendro Pathet Sanga
5 53 2 6 6 6! 5 5 3 2
Ngel- mu i- ku ka- la- ko- ne kan- thi la- ku
6!52 1y
Le- ka- se la- wan kas
yY 1 y 21 y 1f y t
Te- ge- se sa- ni
kas nyan- to-
ty 1 211y t 12 y1
Set- ya bud- ya pa- nge- ke- se dur ang- ka- ra
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 4
TAHAP 2 : Orientasi terhadap masalah
➢ MATERI KONSEPTUAL
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan kanthi kelompok materi ing ngadhap
menika!
PETA KONSEP
Wonten ing pepanggihan menika, siswa badhe nyinau bab paugeran
sekar macapat, caranipun damel parafrase sekar macapat Pocung, caranipun
modifikasi cakepan sekar macapat Pocung ngginakaken basanipun kiyambak,
saha caranipun nyekaraken. Sumangga dipunwaos kanthi tliti andharaning
materi ing ngandhap menika!
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 5
Pangretosan saha Watakipun Sekar Macapat Pocung
Miturut maknanipun, sekar Pocung menika nggambaraken manungsa nalika
sampun dipunpocong utawi seda. watakipuniku nggambarake mangsa nalika kang wis
dipocong utawa mati. Watakipun sembrana, sasekecanipun. Manungsa ingkang sampun
seda badhe supe dhateng sadayanipun, lajeng dados sakarsanipun. Sadaya gumantung
dhateng sanak sadulur ingkang ngrukti. Ing mriku gadhah pangretosan lamun sekar
Pocung menika nggambaraken manungsa lamun sampun titi wanci tinimbalan dening
Gusti Kang Maha Kuwaos boten saged menapa-menapa malih, wontenipun namung
sumarah utawi manut, pramila lajeng dipunwastani sasekecanipun.
Serat Wedhatama menika anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya
(KGPAA) Mangkunagara IV. Serat Wedhatama menika isinipun wedha (panuntun) dhateng
kautamen. Ing Serat Wedhatama menika ngewrat pupuh saha pada kados ingkang
dipunsebataken ing ngandhap menika:
a. Pupuh pangkur : 14 pada
b. Pupuh sinom : 18 pada
c. Pupuh pocung : 15 pada
d. Pupuh gambuh : 35 pada
e. Pupuh Kinanthi : 18 pada
Paugeranipun Sekar Macapat Pocung
Paugeranipun sekar macapat inggih menika paugeran panyeratipun sekar macapat
ingkang trep saha leres. Paugeran sekar macapat menika wonten 3 guru kados andharan
ing ngandhap menika:
a. Guru gatra : cacahipun larik utawi gatra saben satunggal pada
b. Guru lagu : tibaning swara ing saben pungkasing gatra
c. Guru wilangan : cacahipun wanda saben sagatra
Tabel 1. Paugeranipun Sekar Macapat Pocung Serat Wedhatama Pada 1
POCUNG
CAKEPANIPUN Guru Guru Guru gatra
wilangan
Ngelmu iku kalakone kanthi laku lagu
Lekase lawan kas 12
Tegese kas nyantosani 6 U
Setya budya pangekese dur angkara 8
12 A
4
I
A
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 6
TAHAP 3 : Mengorganisasikan Peserta Didik
➢ MATERI PROSEDURAL
Para siswa, sasampunipun mangretosi materi bab pangretosan, watakipun,
saha paugeranipun sekar macapat Pocung, sumangga dipunsinau
sesarengan kaliyan kelompok materi ing ngandhap menika ingkang badhe
ngandharaken bab caranipun mendhet dudutan isinipun cakepan sekar
macapat Pocung
Mendhet dudutan isi/wosing sekar macapat Pocung
Ing salebeting cakepan sekar macapat Pocung menika temtu kemawon ngewrat
makna utawi piwulang ingkang migunani. Anggenipun badhe mangretosi makna utawi
piwulang menika boten saged dipunlampahi kanthi langsung utawi ujug-ujug, nanging
kedah mawi langkah-langkah tartamtu. Wondene langkah-langkah utawi cara-caranipun
mangretosi isinipun sekar macapat Pocung kados ing ngandhap menika:
1. Negesi tembung-tembung angel ➔ tetembungan ingkang angel ing salebetipun
teks cakepan sekar macapat Pocung serat Wedhatama pada 2 prelu dipunpadosi
rumiyin, supados gampil anggenipun badhe mangretosi gegambaran wosing
cakepan sekar macapat Pocung serat Wedhatama;
2. Damel parafrase ➔ parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur
gancaran/prosa. Amargi teks sekar macapat menika ngginakaken basa ingkang
endah, utawi kathah makna konotatif-ipun pramila kedah dipunudhari rumiyin
supados langkung gampil dipunmangretosi maknanipun.
3. Mendhet dudutan wos utawi piwulangipun sekar macapat ➔ sasampunipun teks
sekar macapat dipundadosaken parafrase utawi wujud prosa badhe langkung
gampil anggenipun manggihaken isinipun.
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 7
TAHAP 4 : Mengembangkan dan Menyajikan hasil Karya
➢ MATERI METAKOGNITIF
Para siswa sasampunipun maos saha mangretosi caranipun madosi piwulang
utawi wosing cakepan sekar macapat Pocung serat Wedhatama, sumangga
dipuncakaken langkah-langkah kangge madosi piwulang utawi wosing cakepan
sekar macapat Pocung serat Wedhatama menika!
a. Negesi tetembungan
Anggenipun negesi tetembungan ingkang angel menika kanthi adhedhasar
Bausastra Jawa online. Bausastra Jawa online ingkang dipunginakaken
saged saking web https://www.sastra.org/leksikon utawi
https://budiarto.id/bausastra/.
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 8
Dene tegesipun tetembungan saking sekar macapat Pocung pada 1 kados ing
ngandhap menika:
No Tetembungan ing sekar Teges
macapat Pocung pada 1
Ilmu utawi kawruh
1 Ngelmu Kadadosan
2 Kalakone Tumindak utawi kupiya
3 Laku Wiwitane
4 Lekase Karo
5 Lawan Kuwat
6 Kas Nguwataken, nyembadani
7 Nyantosani Kanthi manteb
8 Setya Budi, nurani
9 Budya Papan kangge nyimpen utawi ndhelikake
10 Pangekese Tumindak ala
11 Dur angkara
b. Damel parafrase
Parafrase inggih menika ngewahi struktur puisi dados struktur gancaran.
Anggenipun parafrase saged kanthi ngudhari ukara ingkang iketanipun baliswara, ukara
mawi basa Kawi utawi Jawi Kina, saha tembung garba, mbuwang utawi nambahi
tembung, ater-ater, seselan, saha panambang. Menawi sampun dipunudhari sadaya
lajeng dipunewahi strukturipun dados struktur ukara (ngewrat JWLK)
Dene wujudipun parafrase saking sekar macapat Pocung serat Wedhatama
pada satunggal kados ing ngandhap menika:
Cakepan sekar macapat Pocung Parafrase
Ngelmu iku kalakone kanthi laku Ngelmu menika kedah dipunlampahi boten
Lekase lawan kas namung dipunsinau kemawon. Anggenipun
Tegese kas nyantosani nglampahi kedah dipunlambari niyat, tegese
Setya budya pangekese dur angkara niyat ingkang mempeng. Tansah mempeng
anggenipun ngendhalekaken watak utawi
tumindak awon.
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 9
c. Manggihaken dudutan isi utawi piwulang sekar macapat Pocung Serat Wedhatama
Sasampunipun sekar macapat Pocung Serat Wedhatama pada 1
dipungancaraken, kanthi maos gancaranipun pupuh Pocung kasebut, saged
dipunmangretosi wosipun pupuh menika. Kanthi mangretosi isinipun pupuh menika,
saged dipuntemtokaken piwulang-piwulang ingkang kinandhut ing pada pupuh
Pocung kasebut. Dene wos utawi piwulangipun pupuh Pocung pada 1 serat
Wedhatama kados ing ngandhap menika:
Cakepan sekar macapat Pocung Wos utawi piwulang
Ngelmu iku kalakone kanthi laku Ngelmu menika kedah dipunlampahi.
Lekas lawan kas Kedah teguh saha niyat mempeng
Tegese kas nyantosani anggenipun ngendhalekaken saha nebihi
Setya budya pangekese dur angkara tumindak awon
Menyusun kembali cakepan sekar macapat Pocung
Menawi badhe menyusun kembali satunggaling sekar macapat, kita kedah mangretosi
paugeran utawi aturan ingkang sampun gumathok utawi mesthi. Dene paugeran utawi aturan
ingkang mesthi kados ingkang kasebut ing ngandhap menika:
a. Guru gatra : cacahipun larik utawi gatra saben satunggal pada
b. Guru lagu : tibaning swara ing saben pungkasing gatra
c. Guru wilangan : cacahipun wanda saben sagatra
d. Watakipun sekar macapat Pocung : sekar macapat Pocung menika suraosipun
sembrana, parikena, sasekecanipun
e. Pigunanipun sekar macapat Pocung : kangge sembranan, cangkriman, saha damel
seneng. Ananging sekar macapat Pocung menika ugi asring dipunginakaken
kangge paring piweling luhur ingkang saenipun dipuntindakaken dening para
pamaos.
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 10
Ing ngandhap menika tuladhanipun menyusun kembali sekar macapat Pocung kanthi
ngginakaken basa ingkang gampil dipunmangretosi:
Tembung acak ingkang sampun dipunsamaptakaken
Kekarone Dhateng Becik Dadya
Tuhu Siswa Wong Ingkang
Nggugu Dhawuhing Guru Wani
Tuwa Aja Mulya Urip
Sira Nuntun
Ing ngandhap menika asilipun menyusun kembali sekar macapat Pocung ngginakaken
tembung-tembung acak ingkang sampun dipunsamaptakaken.
Becik tuhu dadya siswa ingkang nggugu
Dhawuhing wong tuwa
Dhateng guru aja wani
Kekarone nuntun sira urip mulya
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 11
Nyekaraken pupuh Pocung
Para siswa saged nyemak video nyekar macapat ingkang sampun
dipunsamektakaken dening guru. Kanthi gladhen nyekar macapat pocung menika, siswa
dipunkulinakaken sikap kendel, tanggung jawab saha pitados marang dhiri pribadi menawi
majeng ing sangajengipun kanca-kanca sakelas. Kejawi menika, solah bawanipun siswa
kedah sopan. Dene kangge titilaras saha cakepanipun kados ing ngandhap menika:
Sekar Macapat Pocung
Laras Slendro Pathet Sanga
5 53 2 6 6 6! 5 5 3 2
Ngel- mu i- ku ka- la- ko- ne kan- thi la- ku
6!52 1y
Le- ka- se la- wan kas
yY 1 y 21 y f1y t
Te- ge- se sa- ni
kas nyan- to-
ty 1 211y t 12 y1
Set- ya bud- ya pa- nge- ke- se dur ang- ka- ra
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 12
TAHAP 5: Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan
Masalah
Para siswa sasampunipun manggihaken struktur sekar macapat Pocung,
manggihaken tembung-tembung angel, damel parafrase, manggihaken piwulang,
saha nyekaraken sekar Macapat Pocung, pramila sumangga dipunanalisis saha
dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken sadaya unsur kalawau!
Menapa kemawon bab angel ingkang kapanggihaken saking manggihaken struktur sekar
macapat Pocung, manggihaken tembung-tembung angel, damel parafrase, manggihaken
dudutan isi, dumugi nyekaraken sekar Macapat Pocung menika?
1. Anggenipun manggihaken struktur sekar macapat Pocung kedah trep.
2. Anggenipun madosi tembung kedah milih teges ingkang jumbuh kaliyan konteks-ipun
3. Anggenipun damel parafrase kedah kajumbuhaken kaliyan konteks-ipun
4. Anggenipun manggihaken wosing/piwulang sekar macapat Pocung kedah jumbuh
kaliyan konteks-ipun
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 13
DUDUTAN SAHA RELEVANSI
Dudutan
Dudutan saking pupuh Pocung pada satunggal serat Wedhatama inggih menika
manungsa gesang ing alam donya minangka titahing Gusti ingkang sampun dipunparingi akal.
Akal menika kaginakaken kangge ngudi kawruh. Kawruh utawi ngelmu ingkang sampun
dipunudi, kedah dipunlampahi utawi dipuncakaken kanthi tumemen. Kajawi menika, awakipun
piyambak kedah mempeng anggenipun ngendhalekaken saha nebihaken dhiri pribadi saking
tumindak ingkang awon.
Relevansi
Piwulang ingkang kawrat ing pupuh Pocung pada satunggal serat Wedhatama menika
magepokan sanget dhateng kawontenanipun jaman menika. Kathah tiyang ingkang ngudi
ngelmu ngantos tataran inggil, nanging kadhang kala taksih lira-liru anggenipun tumindak.
Ngelmu ingkang inggil kedahipun imbang kaliyan tindak-tanduk utawi solah bawanipun
ingkang nengsemaken. Kados ing paribasan Indonesia “bagai ilmu padi, makin berisi makin
merunduk”, kedahipun tiyang ingkang kagungan gelar pendidikan ingkang inggil boten dados
umuk, nanging kawontenan samenika estu damel kuwatos, amargi boten sekedhik tiyang
ingkang kagungan gelar pendidikan inggil nanging solah bawanipun kirang sae. Pramila dados
pangemut-emut tumrap para siswa sadaya supados anggenipun ngudi ngelmu ing sekolah
menika boten namung winates ing kulitipun (pados biji) kemawon nanging dumugi ewah-
ewahanipun karakter ingkang dados sae saha nengsemaken.
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 14
DAFTAR PUSTAKA
Mangkunagara iv. 1975. Terjemahan wedhatama. Surakarta: yayasan mangadeg surakarta.
Herawati, nanik saha widodo aribowo. Baud basa jawa xi. Klaten: intan pariwara.
https://www.sastra.org/leksikon
https://budiarto.id/bausastra/
Ilustrasi cover sindhen https://hal-sacchi.artstation.com/projects/xb982d
Video nyekar macapat pocung https://bit.ly/videonembangpocung
Bahan Ajar Sekar Macapat Pocung Kelas XI Semester Ganjil 15