Notes Date: __________ Basa Rinêngga Pertemuan 3 Kelas VIII semester gasal Paribasan,bebasan,saloka, pêpindhan
Klompok Gedhe Kelompok A: paribasan ngoko lugu Kelompok B: bebasan ngoko alus Kelompok C: saloka krama lugu Kelompok D: pepindhan krama alus Klompok Cilik Kelompok 1-4: paribasan ngoko lugu Kelompok 5-8: bebasan ngoko alus Kelompok 9-12: saloka krama lugu Kelompok 13-16: pepindhan krama alus ing kene nindakake diskusi kanggo milih lan mutusake tuladha ukarane lan maknane slaras karojeneng klompoke (menentukan contoh kalimat sesuai label kelompok) ing kene nindakake diskusi kanggo nggawe teks pacelathon kang ngamot tuladha ukara jinising basa rinengga slaras karo label klompoke
Tuladha pacelathon Teks pacelathon ing ngisor iki wacanen Darmi: Njanur gunung kadingaren mbakyu, ketiban ndaru temen aku. Panjenengan esuk-esuk kok wis tekan kene, gek kok sajak lemes kaya wayang ilang gapite ngono, ana kersa apa? Marni: Iya dhik, mung pengin nggenahake prakara wingi kae lho, aja nganti kriwikan dadi grojogan. Aku kuwatir yen nganti ana salah paham. Darmi: Walah… mbakyu wong prakara sepele bae, panjenengan ora perlu kuwatir, wis beres kabeh kok. Marni: Dadi prakara wingi kae ora ndadekake pinggete atimu ta? Darmi: Ora ….. kanggoku yen dakteruske lara ati, kaya rebutan balung tanpa isi bae, ora ana guna manfaate kanggo awake dhewe. Marni: Matur nuwun ya dhik, apuranen aku, sing mung kaya belo melu seton, mung anut grubyuk. a. Apa ing kene nate ndeleng pawongan guneman karo pawongan liya nganggo basa jawa? b.Apa ing kene nate maca pacelathon basa jawa ing majalah utawa ing liyane? c.Apa jinis basa kang digunakake sajroning pacelathon sing kowe deleng utawa sing kowe waca? d.Apa ing sajrone pacelathon kuwi mau ana unsur basa rinenggane? Apa wae?
Paribasan Bebasan Saloka Pepindhan unen-unen sing ajeg panganggone lan ngemu surasa wantah (nduweni teges sing blaka) unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan,sing dipindhakake kahanan lan ulah kridhane manungsa unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhansing dipindhakake wonge utawa manungsane unen-unen sing duwe teges emper-emperan, diumpamakake kanggo mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, kaya, kadya, pindha, lsp
NOTEBOOK PARIBASAN,BEBASAN,SALOKA, PEPINDHAN
MY NOTES KAYA BANYU KARO LENGA ANAK POLAH BAPAK KEPRADAH NGUYAHI SEGARA MENENG WIDARA ULERAN CAR COR KAYA KURANG JANGANAN tegese paseduluran sing ora bisa rukun wong tuwa nemu reribet amarga saka polahe anake Tegese weweh marang sugih, tiwas tuwas wong sing laire katon anteng nanging ala atine guneman waton metu tanpa dipikir dhisik
MY NOTES KAYA LAHAN KAROBAN MANIS KAKEHAN GLUDHUG KURANG UDAN ORA ANA BANYU MILI MENDHUWUR BATHOK BOLU ISI MADU ANA CATUR MUNGKUR tegese wong ayu sing andhap asor lan jujur akeh omonge nanging ora ana nyatane watake anak mesthi niru wong tuwane wong asor nanging sugih kapinterane Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
MY NOTES BECIK KETITIK ALA KETARA DHEMIT ORA NDULIT SETAN ORA DOYAN KAYA DHAYANG OLEH KEDHUNG KLENTHING WADHAH MASIN ASU GEDHE MENANG KERAHE Becik ala bakal ketara ing tembe mburine tambah ginanjar slamet ora ana reribet nglakoni gaweyan sing cocok karo atine wong sing kulina laku ala senajan dimareni kala mangsane isih nglakoni ala wong sing gedhe pangkate mesthi luwih gedhe panguwasane
MY NOTES KRIWIKAN DADI GROJOGAN LAMBE SATUMANG KARI SAMERANG SUMBARE KAYA BISA MUTUNG WESI GLIGEN LADAK KECANGKLAK JARIT LUWAS ING SAMPIRAN prakara cilik dadi gedhe aweh pitutur bola bali ora digape kaya ora ana sing bisa ngalahake wong angkuh nemahi cilaka amarga polahe dhewe wong duwe kapinteran nanging ora digunakake