BAHAN AJAR BAHASA JAWA Serat Wedhatama Pupuh Pocung Oleh: Narto, S.Pd MA MIFTAHUL ‘ULUM MATESIH Tahun Ajaran 2022/2023
Serat Wedhatama Pupuh Pocung Bahan ajar iki ngrembug babagan tembang macapat khususe tembang Pocung serat widhatama. Tembang macapat iku salah sawijine kagunan seni kang awujud kaprigelan lisan. Ing piwulang pasinaon kawasisan tembang macapat, bisa kaperang dadi 4 (papat); yaiku ngertiteori lan mumpuni praktek nembang, kanthi sangu: a. Ngerti lan paham laras (Slendro apa Pelog) b. Wasis lan paham titilaras (nada) kanthi bener ora blero; c. Bisa nglagokake kanthi bener, becik, lan nyenengake; d. Prigel lan trampil nganggit tembang macapat kanthi tema kang maneka warna, ditulis lan dicakake kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padha ngrungokake. Tembang macapat uga kaperang dadi telung materi, yaiku tegese tembang macapat, paugeran, piwulang luhur saka tembang macapat lan bab praktek/ nglagokake tembang macapat. Kanthi urut-urutan mengkono kaajab para siswa luwih gampang anggone nampa informasi babagan tembang macapat sing wusanane nduwe kabisan nembangake tembang macapat. No Kompetensi Dasar Indokator Pencapaian 4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung, menulis dan menyajikan syair tembang Pocung. 4.1.1 Peserta didik mampu menulis syair tembang Pocung dengan bahasa sendiri sesuai pedoman yang tepat (C6) 4.1.2 Peserta didik mampu mengoreksi pedoman tembang macapat Pocung karya teman dengan tepat (C4) 4.1.3 Peserta didik mampu menyajikan/mempraktikkan (nembang) tembang macapat Pocung Serat Wedhatama dengan baik (C3) 1. Deskripsi 2. KOMPETENSI DASAR
Ngilmu iku kalakone kanthi laku Lekase klawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese durhangkara Tembang Pocung nduweni paugeran dhewe kang kaperang saka guru gatra, guru lagu languru wilangan. 1. Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapada 2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra 3. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra Paugeran tembang Pocung Guru Gatra Guru Lagu Guru Wilangan 4 u 12 a 6 i 8 a 12 Tuladha: 6 6 5 3, 1 1 1 2 6 6 5 3 ngil- mu i- ku, ka- la- ko- ne kan- thi la- ku 1 2 6 3 2 1 le – ka – se kla- wan kas 1 2 1 3 2 1 2 6 te – ge – se kas nyan- to sa – ni 6 1 2 3, 2 2 1 6 3 56 3 2 se- tya bu – dya, pa – nge– ke – se dur – hang - ka – ra 1. Paugerane Tembang Pocung Uraian Materi
Marang ibu nyuwun berkah Ian pangestu, Muga den parengna, Samubarang kang kaesthi, Teguh mulya urip tentrem Ian raharja Urut-urutaning nulis tembang macapat kaya ing ngisor iki a. Nemtokake tema b. Nemtokake jinising tembang, umpamane mijil, Pocung, sinom lan sapanunggalane c. Nulis paugeran tembang (guru gatra, guru lagu lan guru wilangan) d. Milih tembung lan ukara kang edi peni e. Nggawe ukara kang jumbuh karo paugeram tembang f. Niliti maneh tembung lan ukara kang wis digawe, kudu jumbuh karo paugeran kang wisditulis mau Tuladha: Tema : Kewajiban muridTembang : Pocung Paugeran : 12u, 6a, 8i, 12a Tembang 2. Nulis Tembang Macapat
Teknik dalam menyajikan (nembang) Tembang Pocung diantaranya: a. Mangertosi laras inggih menika raosing swanten thinthinganing gangsa. Laras kaperang wonten kalih Slendro kaliyan Pelog. b. Mangertosi titi laras inggih menika angka-angka ingkang minangka lelintunipun utawi gantosipun wilahan gangsa. Ugi wonten kalih inggih menika Slendro kaliyan Pelog. Titi laras Slendro : 1 2 3 5 6 1 Titi laras Pelog : 1 2 3 4 5 6 7 c. Mangertosi Pathet inggih menika panganggening titi laras utawi andhap inggilipun swanten kangge lelagoning gendhing. 1) Pathet ing laras Slendro kaperang dados tiga: a) Pathet Manyura : 6 1 2 3 5 6 1 2 3 (dhasaring swanten inggihmenika 6/nem) b) Pathet Sanga : 5 6 1 2 3 5 6 1 2 (dhasaring swanten inggihmenika 5/lima) c) Pathet Nem : 2 3 5 6 1 2 3 5 6 (dhasaring swanten inggihmenika 2/loro) 2) Pathet ing laras Pelog kaperang dados tiga: a) Pathet Barang : 6 7 2 3 5 6 7 2 3 (dhasaring swanten inggihmenika 6/nem) b) Pathet Lima : 5 6 1 2 3 5 6 1 2 (dhasaring swanten inggihmenika 5/lima) c) Pathet Nem : 2 3 5 6 1 2 3 5 6 (dhasaring swanten inggihmenika 2/loro) d. Mangertosi cengkok inggih menika gaya/model/warna lagu. e. Mangertosi pedhotan inggih menika pedhotan ing pungkasan tembung sahapedhotan ing tengah tembung f. Mangertosi andhegan, ing tengahing gatra kendel sakedhap, ing pungkasaninggatra radi dangu, saha ing pungkasaning pada langkung dangu. g. Mangertosi watakipun tembang. h. Mangertosi gregel inggih menika membat mentuling swanten, ginanipun kanggememaes sekar supados langkung sekeca saha laras dipunmidhangetaken. i. Mangertosi Luk inggih menika minggah-mandhapipun utawi ombaking swanten. j. Mangertosi kedal inggih menika pangucaping jumbuh kaliyan widyasara. A. Teknik Menyajikan Tembang Macapat Pocung Penyajian Tembang
6 6 5 3, 1 1 1 2 6 6 5 3 ngèl- mu i- ku, ka- la- kon- e kan- thi la- ku 1 2 6 3 2 1 lê- kas- e la- wan- kas 1 2 1 3 2 1 2 6 tê- gês- e kas nyan- to- sa- ni 6 1 2 3, 2 2 1 6 3 56 3 2 sê- tya bu- dya, pa- ngê- kês- e dur ang- ka- ra B. Contoh Teks Tembang Macapat Pocung Beserta Notasinya
Rangkuman Materi 1. Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: “gatra, wilangan/ wanda, lagu/ dhong-dhing; pedhotan”. 2. Serat Wedhatama ngemot babagan unggah – ungguh. Bakune piwulang kasebut kanggo kamulyaning uripe manungsa 3. Tembang macapat migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan (hiburan), kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa sinandi, pralambang saha pasemon ‘bahasa kias’; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati. Penutup
DAFTAR PUSTAKA Gandung Widaryatmo. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga Heri Setiawan. 2014. Mumpuni Basa Jawa. Surakarta: Tiga Serangkai Imam Sutardjo. 2011. Tembang Jawa. Surakarta: FSSR UNS Lucia Yuyun Dian Susanti. Mandiri Basa Jawa. Jakarta: Erlangga Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka. Mawardi, Muh dan Marwanto. 1989. Tuntunan Sekar Macapat Jilid II. Solo: Tiga Warsena, Tentrem. 2006. Tuntunan Sekar Macapat. Sukoharjo: Cenderawasih. Yayasan Mangadeg. 1979. Terjemahan Wedhatama Karya K.G.P.A.A. Mangkunegara IV Surakarta Hadiningrat. Jakarta : Pradnya Paramita