WULANGAN I Kompetensi inti : 3.1 3.2 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung, menulis dan menyajikan syair tembang Pocung.
Indikator : 3.1.1 3.1.2 3.1.3 3.1.4 3.1.5 3.1.6 4.1.1 4.1.2 4.1.3 4.1.4 Membaca contoh teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Mencermati uraian yang berkaitan dengan guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan Serat Wedhatama pupuh Pocung. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun Serat Wedhatama pupuh Pocung. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isl teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menulis syair tembang Pocung dengan bahasa sendiri. Menyunting kesalahan syair tembang Pocung tulisan teman. Menganalisis unsur-unsur pembangun. Menyajikan secara lisan atau tulisan tembang Pocung yang ditulis. Memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri Serat Wedhatama pupuh Pocung
A.PANGERTEN TEMBANG MACAPAT Tembang iku klebu basa jawa ngoko, kramane sekar. Tembung utawa sekar iku wohing kagunan basa kang edi lan endah, arupa ikataning tembung kang kacencang wewaton tartamtu yaiku lagu. Pancen tembang iku mujudake ikataning karangan kanthi lelagon. Jer wewatone tembang kuwi kang baku kudu nggatekake treping tembung murih larasing lagu. Tembang macapat lan geguritan iku ana persamaane yaiku padha padha mujudakebasa iketan, mung wae kang ngiket iku beda. Bedane tembang macapat Ian geguritan ● Tembang macapat nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu Ian guru wilangan, dene ● Geguritan tanpa nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu lan guru wilangan nanging nggunakake pathokan pamilihe tembung kang mentes Ian endah
B. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT 1.Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ing tembang macapat 2.Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vocal) 3.Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra ing tembang macapat No. Tembang Macapat Guru Lagu Guru Wilangan Guru Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Mijil Maskumambang Sinom Durma Asmarandhana Kinanthi Dhandhanggula Gambuh Pangkur Megatruh Pocung i,o,e,i,i,u i,a,i,a a,i,a,i,i,u,a,i,a a,i,a,a,i,a,i i,a,e,a,a,u,a u,i,a,i,a,i i,a,e,u,i,a,u,a,i,a u,u,i,u,o a,i,u,a,u,a,i u,i,u,i,o u,a,i,a 10,6,10,10,6,6 12,6,8,8 8,8,8,8,7,8,7,8,12 12,7,6,7,8,5,7 8,8,8,8,7,8,8 8,8,8,8,8,8 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7 7,10,12,8,8 8,11,8,7,12,8,8 12,8,8,8,8 12,6,8,12 6 4 9 7 7 6 10 5 7 5 4
C. Sasmita Tembang Macapat Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang sinerat tembang macapat iku arang kang menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi cara nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning sekar”. Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh sabanjure. Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku: a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni wanda “cung”. b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-tembung kang awanda “mbuh”. c. Maskumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih. d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh. e. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng. f. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu. g. Pangkur : mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenaka. h. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih. i. Durma : mundur, udur, durcara, duraka. j. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang. k. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa
D. KATRANGAN Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV. Saka pupuh Pucung (15 pada) nuduhake wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa Ian raharja uga ngedohi babagan angkara murka. Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul ragat, cucul tenaga, Ian ngurbanake liyane. Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumemen, ora gampang kaya malik epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni kanthi Was Ian jembar dhadhane kaya segara. Ngelmu kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu, wong bisa oleh gaweyan, banjur oleh dhuwit kang tansah bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelm u uga njalari pangaji Ian pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane. Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku, Ian pitukon. Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tum using batin}, tan kendhat kudu terus dilakoni, tundhane tinem une ngelmu sejati kang asring sinebut uga kasunyatan jati ya sejatine kasunyatan. Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau Ian mahami peranganperangan kang ana sesambungane karo tembang Pocung. Ing antarane yaiku pathokan tembang Ian watak tembang.
a.Pangertene Ian maknane tembang Pocung Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakabehe, turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti. Ing kene duwe pangerten lamun tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku lam un wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake. Ternbang Pocung iku surasane bisa ngemot cangkriman. Cangkriman yaiku unen- unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan.
b. Pathokan tembang Pocung Pocung Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra 12 6 8 12 u a I a 4
c.Watak Tembang Pocung Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, Ian gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius Ian bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyokake)
d. Wos kang kamot ing tembang Pocung (Wedhatama) Pupuh Pocung menika nggambaraken nalika wong wes mangerteni babagan kang apik Ian ala, Ianwus nindakake jejibahane yaiku ngupadi ngilmu. Pupuh Pocung uga nyritakake babagan amalan -amalan utawa ilmu kang wus disinau Ian diamalake ing alam donya iki.
e. isi ajaran pupuh Pocung yaiku: 1. llmu iku bisa digayuh menawa saben dina diamalake, amarga kanthi ilmu iku manungsa bisa ngalahake angkara murka 2. llmu iku kudu ditindakake Ian nggunakake akal sarta pikiran. 3. Ajaran babagan LILA menawa manungsa kelangan barang kang disenengi, nampa kanthi SABAR menawa entuk alangan utawa ujian urip sarta IKHLAS pasrah marang Gusti Allah. 4. Manungsa aja tumindak angkara murka , deksiya marang wong liya, umpamane nabok, nuthuk Ian liya liyane kang tundhone gawe rugine awake dhewe. 5. Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni babai nuwuhake prakara. (angkara gung neng angga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda). Beda maneh karo wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar, iku bakal ndadekake swasana dadi seneng (beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama, sesamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martatama). 6. Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula iku kang kanggo garan para satriya luhur biyen iku ana telung prakara, yaiku ikhlas, sabar, Ian nrima mring Gusti (basa ngelmu mupakate Ian panemu, pasahe Ian tapa, yen satriyatanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara/1lila lamun kelangan nora gegetun, trima yin kataman, sak-sirik sameng dumadi, trilegawa nalongsa srahing bathara).
Sadurunge gawetembang ,gatekna tem bang iki luwih dhisik! Salah siji siswa bisa nyoba nembangake. Tuladha tembang macapat Pocung liyane: Marang ibu nyuwun berkah Ian pangestu, Muga den parengna, Samubarang kang kaesthi, Teguh mulya urip tentrem Ian raharja. Bapa iku pangayoman kang satuhu, Padha bektenana, Agung sawabe sayekti, Sukaharja teguh hayu Ian wibawa.
E. CARANE GAWE SYAIR TEMBANG POCUNG Urut-urutane dameltembang carane mangkene: 1) Netepake tem bang sing arep digawe. 2) Mangerteni paugerane tembang. Paugerane Pocung:12u, 6a, Bi, 12a. 3) Milih tembung sing pas isine. 4) Prayogane yen ngarang tem bang karo dilagokake utawa rengeng-rengeng. 5) Nata tembung kang trep karo guru gatra lanwilangane.Guru gatra yaiku cacahing larik saben pada (bait). Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) ing saben larik. 6) Tembunging pungkasane larik kudu cocok guru lagune (dhong-dhine). Guru lagu yaiku tibaning suwara vokal ing pungkasaning larik.
GLADEN A. Rungokna sawetara tem bang macapat ing ngisor iki kang bakal ditembangake dening kancamu (Bp./ lbu Gurumu)! Tembang Menika salah satunggalipun pethilan karya sastra sekar macapat Pocung wonten ing serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV. 01. 02. 03. 04. 05. Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku Lekasé lawan kas Tegesé kas nyantosani Setya budya pangekesé dur angkara. Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda. Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marte tama. Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira. Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna. Garapan Ing Ngomah Golekno lan catheten tembung-tembung kang angel saka tembang Pocung ing dhuwur! Lan golekana isine! Papan kanggo nggarap : .......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... ..........................................................................................................................................
F. PANGERTOSAN BAB LARAS Ing donyane seni musik, Laras(interval) wonten warni kalih inggih punika: 1. Jinis Musik Diatos Ingkang pinanggih ing alat musik : keyboard, piano, gitar, lsp 2. Jinis Musik Pentatonis Ingkang pinanggih ing alat musik gamelan jawa, kadosta : saron, bonang, kenong, kethuk, gong, gender, lsp. Sambutan rapetipun laras seget pinanggih ing alat musik kaliyan vokal utawi swanten tiyang ingkang nyanyi (ing alat musik diatonis) utawi nembang (ing alat musik pentatonis), tiyang kedah saget nglarasaken/njumbuhaken kaliyan laras alat musik utawi gamelan supados mboten FALS utawi MBLERO. LARAS Ing musik pentatonis utawi galeman laras kaperang dadi 2, inggih menika : 1. Laras Slendro Gamelan laras slendro titi laras saha urut-urutanipun laras ing instrumen gender inggih menika : 6 1 2 3 5 6 1 2 3 Nem ji ro lu mo nem ji ro lu 2. Laras Pelog Namaning titilaras pelog saha pamaosipun inggih menika: 1 2 3 4 5 6 7 Ji ro lu pat mo nem pi G. Pangerten Bab Pathet
Ingkang kawastanan PATHET inggih menika watesnipun swanten(laras) utawi tibaning swanten wiwit saking laras ingkang dumugi ingkang inggil piyambak. Ing gamelan laras Slendro pathet wonten tiga. Inggih menika: 1. Laras Slendro pathet Nem 2. Laras Slendro pathet Sanga 3. Laras Slendro pathet Manyura Wondene ing gamelan laras Pelog ugi kaperang dados tiga, inggih menika: 1. Laras Pelog pathet Lima 2. Laras Pelog pathet Enem 3. Laras Pelog pathet Barang RANGKUMAN 1. Miturut maknane, tembang pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati.
2. Pathokan tembang Pocung :12u, 6a,8i, 12a 3.Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyuake). 4.Wos kang kamot ing tembang Pocung(Wedhatama) Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bias ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora di kendhaleni babal nuwuhake perkara. Ing perangan liyane serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan.