Pawarta bahasa jawa
Pawarta / Berita / News bahasa jAwA
¤Pengertian
Pawarta yaiku informasi anyar kang diandharake ana ing tulisan, lisan liwat media elektronik kang
nduweni sifat aktual, narik kawigaten / perhatian khalayak (masyarakat umum).
¤Jenis :
Fakta : bener - bener kedadeyan nyata
Opini. : pinemu, pemikir.
¤Pawarta kudu kritis lan kreatif, kritis tegese yaiku selektif / ora gampang percaya kudu dianalisis, kreatif
tegese yaiku ndadekake informasi dadi pawarta.
¤Unsur pawarta : : berita apa
5W + 1H + 1S : sapa bae ana ing pawarta
What. : apa.
Who. : sapa.
Where. : nangngendi : papan panggonan kedadeyan ing pawarta
When. : kapan. : titi wanci / wektu pawarta
Why. : kenangapa. : apa sebabe ana pawarta
How. : keprimen. : keprime kedadean sebab + akibat
Security. : aman apa ora kejadian kasebut
¤Ciri - ciri pawarta :
Tinemu ing akal / nalar / logika
Pepek 5W + 1H
Basane nyenengake
Narik kawigaten
Struktur ukara trep
Diksine trep
¤Nilai pawarta :
Cepet
Nyata
Penting
Menarik
¤Sifat pawarta :
Aktual : anyar
Jarak : paling cepak
Penting
Akibat : duwe akibat
Congkrah : gawe konflik
Tintrim : gawe tegang / khawatir
Kemajuan jaman / kemajuan teknologi
Emosi : gawe rasa
Humor : gawe ngguyu
¤Perangan pawarta :
Headline : judul / irah - irahan
Deadline : batas waktu,(nyebutake jeneng media massa, papan, lan tanggal kedadeyan.
Lead. : teras pawarta, paragraf kapisan perangan paing wigati
Body laguage : surasa pawarta / isi pawarta.
¤Etika nulis pawarta :
Objektif : nulis kanthi apa anane adhedhasar fakta
Cover both side : ora mihak salah siji
¤Teknik nulis pawarta :
Pengorganisasian / ngumpulake fakta utawa data (wawan rembug, kedadean langsung, data - data
tinulis)
Nentokake irah - irahan kang wigati
Nentokake lead / teras berita
Milih tembung kang jumbuh karo pawarta lan migunakake alur runtut
Miwiti nulis kanthi temenan
¤Nalika maca pawarta, sing kudu digatekake antarane :
Pangucap kang trep
Pamedho frasa kang trep
Intonasi, nada lan tekanan kang trep
Ngreteni tanda wacan
Suara cetha
Ekspresi kang trep
Ngatur alon cepete maca
Ngolah maca
Mahami wacan
PD (Percaya Diri)
Contoh pawarta :
Tuku Mobil Nganggo Galon.
SMK Negeri 1 Bawang nembe bae tumbas Mobil nganggo dhuwit kasil adol galon. Miturut Suhardi,
ketua Bisnis Center Selasa (3,10) bisnis galon diwiwiti Agustus 2017. Galon - galon kasebut disediakaken
saben kelas. Toya unjukan aman dikonsumsi, amargi sampun diuji kandungane, logam berate 17%.
Tujuan utamanipun kanggo nyicil Mobil lan keuntungan liyane kanggo ngurangi limbah plastik lan ngirit
dhuwit siswa. Saben siswa mbayar 1000 nek mundhut toya galon, nguntungake siswa 1.500.
Pawarta iku bisa wujud:
1. Lesan, kang biyasane kababar lumantar medhia elektronik.
Tuladhane: TV, Radio, lan sapanunggalane.
2. Tulisan, kang biyasane kababar lumantar medhia cethak.
Tuladhane: Ariwarti (Koran), Kalawarti (Majalah), lan sapanunggalane.
Ngandharake Informasi Saka Pawarta
Pawarta iku kaperang dadi papat yaiku headline, deadline, lead, lan body
language. Gatekna katrangan saben perangan ing ngisor iki!
1. Headline (Judul/Irah-irahan)
Headline yaiku irah-irahan kanggo:
1) Nggampangake pamaca mangerteni pawarta kang bakal diwaca, lan
2) Nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.
2. Deadline (Wates Wektu)
Ancase deadline yaiku nuduhake papan kadadean lan jeneng medhia massa. Mula
perangan iki nyebut jeneng medhia massa, papan, lan tanggal kadadean.
3. Lead (Teras Pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iki tinulis amarga
minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake ing pawarta, lan nggambarake
sakabehe pawarta.
4. Body Language (Surasane Pawarta/Bahasa Tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan
cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.
Ing pawarta sing apik iku kudu ngandhut unsur 5W + IH. Andharane 5W + IH
kaya ing ngisor iki, coba digathekake kanthi permati.
1. What (Apa), yaiku njlentrehake babagan apa kang ana ing pawarta.
2. Who (Sapa), yaiku njlentrehake babagan sapa utawa paraga kang ana ing pawarta mau. Unsur
sapa iki biyasane dijlentrehake kanthi jangkep, kaya ta babagan ciri-cirine, titel, umum, lan
sapanunggalane.
3. When (Kapan), yaiku unsur kang njlentrehake kapan prastawa ing pawarta iku dumadi utawa
wektu kedadean prastawa. Unsur iki bisa menehi nreti babagan wayah, jam, lan kahanan.
Tuladha: mau isuk, wingi sore, lan sapanunggalane.
4. Where (Ana Ngendi), yaiku njlentrehake babagan panggonan kedadean prastawa ing pawarta
iku.
5. Why (Kena Apa), yaiku nudhuhake sebab musabab kena apa prastawa iku bisa kedadean.
Lumrahe bisa ditiliki saka tembung “asale, sababe, mulane”.
6. How (Kepiye), yaiku njlentrehake babagan kepiye prastawa iku kedadean. Bisa uga nuduhake
kepiye swasana ing prastawa iku.
Maca Pawarta Nganggo Basa Krama
Maca prastawa uga diarani maca teknik. Maca teknik yaiku maca kanthi
pocapan kang cetha, bisa keprungu endah lan cetha dening wong liya. Supaya bisa
maca teknik, gathekna babagan-babagan ing ngisor iki!
1. Pocapan utawa lafal kudu vetha antarane vokal lan konsonan.
2. Lagu ukara, yaiku munggah medune swara.
3. Kawijangan pocapan, yaiku gamblang dirungokake lan bener tumrape ature basa.
4. Pandeleng mripat tumuju marang pamirsa, tajem, lan mrebawani.
5. Sikep maca kudu sopan lan bener.
Maca pawarta kudu seru, nanging tetep nggathekake teknik-teknik maca
pawarta, yaiku.
1. Pamaca pawarta kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca. Sadurunge maca, pamaca
pawarta kudu maca naskah luwih dhisik lan nliti umpamane ana sing kleru.
2. Pelafalan (pocapan) uga wigati. Konsonan utawa vokal kudu cetha supaya ora dadi samar
karepe amarga ana tembung sing meh padha pangucapane.
3. Unjal napas (jeda) kudu bener. Dawa cendhake jeda kudu digathekake. Biyasane pamaca pawarta
migunakake:
a. Tandha (/) : kanggo mandheg sedhela.
b. Tandha (//) : kanggo mandheg suwe.
c. Tandha (_) : kanggo pungkasan baris sing ora kena mandheg.
4. Ing wirama (dhuwur cendhake swara) kudu diselang seling supaya gampang mbedakake
antarane bagean sing wigati lan ora.
5. Anggone maca ora kena cupet banget utawa rendhet banget. Tempo sing cepet banget angel
ditampa pamiarsa. Suwalike yen rendhet banget bakal mboseni sing ngrungokake.
6. Bantere swara kudu cukup saengga gampang ditampa.
7. Menawa pamaca pawarta dipajang (di-shooting), sikep pamaca pawarta kudu wajar, aja kaku lan
sakarepe dhewe, pandeleng/netra aja ngasi naskah terus.
Pamaca luwih becik uga mangerteni sipat-sipate pawarta, yaiku.
1. Aktual (Anyar), yaiku pawarta kang luwih anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
2. Jarak (Adoh/Cedake), yaiku pamaca luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ing
sakiwatengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
3. Wigati, yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang wigati amarga
bisa ngendaleni panguripan ing bebrayan wong agung.
4. Akibat, yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ngowahi kahanan.
5. Congkrah/Konflik, yaiku pamaca luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane congkrahan.
6. Tintrim, tuladhane : nalika nulungi wong ing kacilakaan.
7. Kemajuwane, yaiku inovasi utawa owah-owahane teknologi. Pawarta kang anyar luwih narik
kawigaten pamiarsa.
8. Emosi, yaiku sawijining pawarta kang bisa ndadekake nesu, susah, nangis, lan gela. Tuladha:
nemokake bayi ing pinggir kali.
9. Humor, yaiku gawe sengsem, mesem, lan guyu.
Nulis Pawarta
Nulis pawarta nduweni cara dhewe kang kudu digathekake, yaiku:
1. Objektif
Ing babagan iki penulis ora kena martekake pawarta dikantheni kepentingan pribadi
lan sponsor. Pawarta kang tinulis kudu adhedhasar fakta utawa data kang sanyatane
dumadi.
2. Cover Both Side
Pawarta iku kudu imbang, aja abot sisih. Luwih-luwih nyebutake pehak-pehak kang
ana gegayutane langsung karo pawarta kasebut.
Dene nulis pawarta kudu ana tahap-tahapane, yaiku.
1. Nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene bisa awujud wawancara (wawanrembug),
kedadean langsung, utawa data-data tulis.
2. Nemtokake teras berita (lead).
3. Mulih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang lurus aja molak-
malik utawa dienjah-enjah.
4. Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.
Dening
꧁ ꦡꦶ ꦫ ꦢ ꧂
“ Titik Rahayu D.A “